Anda di halaman 1dari 20

TATACARA SAHA UPACARA

ING BUDAYA JAWI


ASUMBER KARATON SURAKARTA

Dening :
Budayaningrat
Tatacara puniku,
Sejatine adhat kang satuhu,
Adhedhasar metu-manten klawan mati,
Katitik papan lan wektu,
Kang bisa dadi wewaton

Ing Pabrayan agung tasih kathah cawuh utawi wor suh


Panyebating tembung Tatacara kalihan Upacara
Kathah ingkang negesi bilih tembung ing Basa Jawi
“ Upacara “ Sami kalihan tembung “Upacara” ing Bahasa Indonesia
Tegesesipun “UPACARA”

Werdinipun “Upacara”
Uborampe kang dadi wujud yekti,
Minongka jangkeping laku,
Kridhaning Adat nyata,
Mengku makna donga sinandhi baku,
Konjuk ingkang Maha Nasa,
Uwohing budaya Jawi.
TATACARA UPACARA
PENGANTEN GAGRAG SURAKARTA
?wusPinsQiwnitpuniki,ffiwdhwijini=tumith[fnHjiajiwji
[bB,wtkSuw/gnunut\ nunut HikutegesJlri,lmunansuw/g,
[ynTetesSi=luhu/
winsTnHnne/rklmunHmdaia[so/[so/ri=wiji, wiji
a[n=p]p]iy.
Wus pinasthi wanita puniki,
Dadi wadhah wijining tumitah,
Den aji-aji wajibe,
Watak suwarga nunut,
Nunut iku teges njalari,
Lamun ana suwarga,
Yen tetesing luhur,
Winastan ana neraka,
Lamun hamadhahi asor soring wiji,
Wiji haneng pra priya.
Wonten ing Budaya Jawi sampun mboten kirang
gamblang hanggenipun paring wewarah bilih tatacara
mantu punika dipun wontenaken adhedhasar utawi
hapancatan pakarti luhur ing budaya. Kyai Yasadipuro
salah satunggaling Pujangga dalem Karaton Kartosuro
dumugi Karaton Surakarta paring pitedah dasaripun
tiyang punika mantu anak estri lumantar Sekar
Dhandhanggula ing nginggil.
Didalam Budaya Jawa sudah jelas diterangkan didalam
memberikan ajaran bahwa untuk mengawinkan anak
yang disebut manton harus berpedoman pada tahap-
tahap tradisi yang mengedepankan “tatakrama dan tata
susila”.
Dhandhanggula ing nginggil sampun cetha paring gambaran Bilih
wanita punika namung wadhah pramila kedah den aji-aji wajibipun,
hawit winastan swarga nunut punika wanita naming sakdermi nampi
wadhah wiji saking priya Bab sae lan mbotenipun gumantung ingkang
nitisaken.

Ugi pemut trumrap priya, bilih wanita utawi garwa menika kedah
dipun kormati jumbuh tembang ing nginggil “den aji-aji wajibe”.

Kaprah ing pabrayan kathah ingkang namung mendhet saperangan


tembung lan ngringkes dados ukara anyar” Suwarga nunut neraka
katut’ ingkang katujukaken dhumaten wanita utawi garwa. Bab
menika hanama kalentu hawit mboten mirsani ukara kanthi wetah,
satemah pangertosan luhur dados dak siya dhateng garwa
HANJODHOKAKEN ANAK

Manawi wonten lare jaler ingkang sampun dewasa, sampun


gadhah krenteg emah-emah utawi sesemahan lan badhe
ngesir wanita dados semahipun, wonten sawetawis lampah-
lampah (proses) ingkang kedah katindakaken dening lare
jaler kala wau, saking wiwitan ngantos lare jaler kalawau
saget hasesemahan kalihan wanita pilihanipun dene
Tatacaranipun kados ing ngandhap punika:

1. NONTONI
2. PANEMBUNG / PANGLAMAR
3. PASRAH PANINGSET
4. TEMPUKING DAMEL
5. NGUNDHUH MANTUK PENGANTEN
PANGERTOSAN “NONTONI”

Utusan (congkok) dados mboten perlu tiyang


sepuhipun badhe penganten Jaler
Ujubipun maratamu (sanjan limrah)
Saksampunipun wangsul tumuli karembag
Sekeluarga = Sarujuk/mathuk botenipun
Boten nilar wewaton=Bibit, bobot, bebet
PANGERTOSAN “PANEMBUNG”

oLampah kapisan ingkang katindakaken, rembag sumedya


bebesanan kanthi hanjodhokaken anak.
oMara tamu limrah
oIngkang nembung tiyang sepuhipun piyambak utawi
saget kengkenan
oBage binage
oPitepangan
oNelakaken panglamar
PANGERTOSAN “ PASRAH PANINGSET”
Tatacaranipun:

Pirembagan ingkang gumathok (gumolong) ing


antawisipun tiyang sepuhipun lare jaler lan estri.

Haningseti rembag hanjodhokaken anak jaler lan


estri.

Pratanda lare jaler lan estri sampun


pepacangan/bebedhangan
PANGERTOSAN “UBORAMPE PANINGSET”

UPACARA PANINGSET (Uborampe Paningset)


1. Bakuning Paningset
• Stagen/Paningset = hanggadahi werdi donga sinandhi sampun ngantos
kekirangan sandhang.
• Semekan / kemben = tutup teleng tedhaning jabang bayi hanggadahi
werdi samiya hanjagi subosita (sak punika BH)
• Slindhur = awarni abang putih hanggadahi werdi mangertosi
dumadinipun turun.
• Sesupe Seser = pasemon hanggadhahi tresna ingkang tulus (ora ana
bongkot pucuke)
• Sinjang truntum = Pasemon sanadyan nandhang pepeteng kalanipun
wonten pepadhang.
SESUPE = ALI ALI
SETAGEN SEMEKAN = BH

SLINDUR SINJANG TRUNTUM


PANGERTOSAN “ PASRAH PANINGSET”
UBORAMPE ABON ABON PANINGSET
• Jeram Gulung = Gumolonging tekad ingkang sami bebesanan
• Sekul Golong = Sampun gilik manahipun datan sangga runggi/ragu
ragu sami bebesanan (lawuhipun: Sambel Goreng, pitik goreng,
jangan menir, iwak sapi abon lsp)
• Tebu Wulung = hanggadhahi pasemon sumedya hanjodhokaken
anak lumebet ing alam wredha (Wulung lambanging sepuh) ugi
minongka pratanda donga sinandhi mugi pikantuka eca lan
sekecaning gesang (memanising gesang).
• Pisang Ayu lan Suruh Ayu:
Pisang Ayu Satangkep (pisang Raja Jawa) = sajodho; tumindake aja
kumraja/kumratu,hananging wicarane kadya Raja.
• Suruh Ayu (suruh matemu rose), beda lumah lan kurebe yen ginigit
padha rasane; saget ngraosaken bungah, susah sesarengan.
JERAM GULUNG TEBU WULUNG SURUH AYU

PISANG AYU CENGKIR GADHING


PANGERTOSAN “ PASRAH PANINGSET”

UBORAMPE PANGIRING PANINGSET


•Wulu pametuning bumi
•Sandhang Pangangen
•Pirantos kangge dandos
•Mas-masan
•Redono (arta)
•Jadah Wajik
•Pamesing
•Kewan (raja kaya)
•Lss
LAMPAHIPUN TATACARA
“ PASRAH PANINGSET”
LAMPAH LAMPAH TUMINDAKIPUN TATACARA
SRAH TINAMPI PANINGSET

•Pambuka (dening Pambiwara)


•Pasrah (dening utusan badhe penganten kakung)
•Panampi (dening utusan badhe penganten estri)
•Ngrasuk Kalpika Rukmi (saking paraga/pamong badhe
penganten estri)
•Pambageharjo (saking pamong badhe penganten estri)
•Pandonga (saking pamong badhe penganten estri)
•Pamit(dening utusan badhe penganten kakung)
•Nanggapi Pamit(dening pamong badhe penganten estri)
•Panutup (dening Pambiwara)
TATACARA PASRAH PANAMPI PANINGSET
LAMPAHIPUN TATACARA
“ IJAB PANINGKAH”

Ijabipun Panganten : Kasumanggakaken,saget


Nunggil wanci kaliyan Pasrah nampi Paningset
Nunggil wanci Panggih Pados wanci
sanesipun.
Matur nuwun

?awitKwig[tosSnNi pun\

Anda mungkin juga menyukai