Contoh MC Dalam Bahasa Jawa
Contoh MC Dalam Bahasa Jawa
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha
kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat
kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka
sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan.
Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing
wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara
pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti
Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam
agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika,
saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa
anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya
siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas
wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana
wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang
sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati
ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para
tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing
sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu
nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking
madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.
Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning
penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras
rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun
CONTOH 2
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbilaalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa,
wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha
illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan abduhuu
warasuuluhu laa nabiyya badah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh
ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang
pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam
pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi
wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng
baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja
ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci
wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu
luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung
sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta
sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang
kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka
pinangka jejering
pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang
sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala
kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun
inggih panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar
cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang
hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing
gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi
kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana
tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala
binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri
kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantuwantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri
anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar
cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka
basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul
putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu . Putra putrinipun Bapa A,
ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus putra kakungipun Bapa B
ingkang lenggah wonten ing .. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun
kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng . wanci
tabuh.. mapan ing (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata
adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para
kulawangsa nun inggih :
Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe
kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban
Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Quranul Karim.
Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe
kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha
panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa H
mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing
mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha
saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten
menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri
kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning
panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu
mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga
paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara
ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya
hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten