Anda di halaman 1dari 5

TUGAS BAHASA JAWA

Semester gasal Tahun pelajaran 2015/2016

SMK NEGERI 2 SURAKARTA


TEDHAK SINTEN

Dibuat oleh :
Nama : Yoni Putra Lambang Pratama
No. : 31
Kelas : XII TKR B

Jl. LU. Adisucipto No. 33 Telp (0271) 714901, Fax. 727003


Surakarta Kode Pos 57139
E-mail : admin@smkn2-solo.net http : www.smkn2-solo.net
TEDHAK SINTEN

Slametan Tedhak Siten utawi upacara Tedhak Siten satuggaling


warisan budaya tetilaranipun para pini sepuh, ingkang mengku werdi ingkang
luhur, liripun kabudayan punika badhe dados lambang gesangipun lare ing
tembe wikingipun.
Dene Tedhak Siten punika dipun adani nalika lare sampun ndhungkap
umur 7 wulan utawi pitung lapan. Dados lare sampun wiwit brangkangan, lan
rambatan.
Dene slametanipun lan uba rampenipun inggih punika :

1. Sekul megana ( apa-apa wis ana) , utawi sega gudhangan )


2. Jadah 7 warni ( abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon lan wungu )
3. toya kembang setaman
4. pasir utawi Edi
5. andha tebu arjuna (wulung )
6. teken tebu arjuna, lan pisang raja sarta lingkung
7. bokor isi uwos jene sarta arta ( sen, kelip, talen, rupiyah, ringgit )
8. raja brana / raja keputren
9. kurungan
10.sawarnaning dolan lare, boten kantun kertas lan pontelot
Reroncening adicara :

1. Lare dipun tetah Rama ibunipun, wiwit ngidak pasir ( siti ) lajeng ngidak
jadah ingkang maneka warni wau. Mligi ramanipun nalika nettah kaliyan
nyepengi teken tebu arjuna.

2. Dene werdinipun lare ngidak-idak pasir ( siti) satunggaling lambang bilih


lare badhe miwiwiti gesang ing jagading lare, iingkang ngidak-idak jadah,
lambang bilih gesanging lare badhe kalepetan kenging pengaruh saking
dayaning kawontenan ingkang maneka warnining kados prlampitaning
jadah ingkang dipun damel maneka warni punika.
3. Tiyang sepuh ngasta teken tebu arjuna, dados gambaran utawi lambang
bilih jejering tiyang sepuh, ingkang dumugi tumusing manah murih saget
dados tekening lare, murih saget katekan kajengipun

4. Salajengipun lare dipun penekaken andha tebu arjuna, werdinipun menek


tebu punika dados gambaran bilih gesangipun lare boten nilar trap-
trapaning gesang, utawi nglangkungi gesang ingkang tambah inggil
5. Salajengipun dipun linggihaken klasa pasir dipun lebetaken kurungan,
ingkang ugi dipun cepaki maneka warni dolanan, lan boten kantun potelot
lan buku.

6. Dene kurungan utawi griya, werdinipun murih lare badhe gesang


masarakat ingkang maneka warni kawontenanipun. Dolanan ingkang
maneka warni punika. Werdinipun gambar satunggaling pepinginan llare,
mila pangajabipun tiyang sepuh ing benjang sageda wicaksana.

7. Dene dolanan ingkang maneka warni ingkang dipun pilih lare, liripun
dados gambaran gesang lare ing tembe wiking .Mila upami lare mangke
mendhet potlot werdinipun lare ing tembe badhe dados juru tulis/ carik lap
8. Salajengipun lare dipun sirami toya kembang setaman. Werdinipun reresik,
ingkang mengku pangajab dados tiyang ingkang bebudenioun resik sarta
saget ngambar aurum

9. Sarta dipun dandosi sabuk wala busana adapt lare. Werdinipun murih lare
iung tembe tansah emut tata adat Jawi, utawi dados tiyang Jawi
10.Salajengipun dipun dalaken saking kurungunan , rama-ibunipun kanthi
ngasta bokor ingkang isi arta lan wos jene, ingkang dipun wur-wuraken
utawi dipun sebar kanthi mungel kur kur kur ( kados yen babon
ngudang kuthukipun) lare kanthi brangkangan badhe mendet ingkang
ingkang dipun remeni.sakang dipun sebar punika. Mengku werdi kados ing
ing nginggil, upami mendet arta antawisipun sen, dumugi ringgit dados
lambang tataraning gesang ing tembe wiking

Anda mungkin juga menyukai