Anda di halaman 1dari 13

MAKALAH BAHASA JAWA

TEDHAK SITEN

Katulis Dening :

Adelia Putri Arizona


Agung Laksono
Nurul Azizah

SMA Negeri 1 Genteng

2015/2016

Pambuka

            Saos syukur marang Gusti Allah ingkang sampun paring rahmat lan karunia marang
kita supaya kita bisa ngrampungake makalah iki sing judhule "Tedhak Siten".

            Makalah iki ngandhut informasi masyarakat jawa lan budaya ing jerone. Dikarepke

makalah iki wis samesthine saget kanggo nyedhiyani lan menehi informasi kanggo kita kabeh

apa wae ing budaya masyarakat Jawa supaya kita bisa ngerti keunikan ing budaya lan nggawe

beda saka budaya - budaya nyebar ing Indonesia.

            Kita ngerteni makalah iki isih adoh saka sampurna, mulane, kritik lan saran sing

mbangun saka kabeh pihak tansah kita arepke lan enteni kangge nambah kasempurnaan saka

makalah iki. Akhiripun, kita maturnuwun sanget karo kabeh sing wis melu ing persiapan

makalah iki saka wiwitan nganti rampung. Muga-muga Allah meridhai usaha kita. Amin

Banyuwangi 11 Mei 2016


Daftar Isi

Halaman Judul ……………………………………………………


Kata Pengantar ……………………………………………………
Daftar Isi ………………………………………………………….
Bab I : PAMBUKA
A. Latar Belakang …………………………………………..
B. Tujuan ……………………………………………………
C. Manfaat ………………………………………………….
D. Rumusan Masalah ……………………………………....

Bab II : ISI
A. Tedhak Siten …………………………………………….
B. Alat & Peralatan ………………………………………
C. Tata cara Tedhak Siten …………………….

Bab III : PANUTUP


A. Dudutan ………………………………………………
B. Kritik lan Saran ……………………………………………
Daftar Pusataka...................................................................................
Lampiran.............................................................................................
BAB I

PURWAKA

Latar Belakang
Tekane budaya anyar gawe sirnane budaya lawas sing kudune diuri-uri, salah sijine

budaya sing mulai ditinggalne yaiku “Tedhak Siten”, sebab iku kita bakal ngulas budaya iki

kanthi rinci. Tedhak siten iku salah sijine upacara adat jawa gawe bocah umur 7 selapan.

Upacara tedhak siten nduwe teges cedakke manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan

ingkang apik lan becik ing bumi lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Tata Carane upacara

tedhak siten, yaiku bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna, dituntun

munggah taangga ingkang kagawe saka wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh, dituntun

kangge mlaku ing pasir lan sak panunggalane.

Tujuan
Njaga, ngerumat, lan ngelestariake kabudayan utawa adat istiadat iku kewajibane

sakabehe manungsa. Adat istiadat kang dadi ciri khas daerah mulai rada dilaleake kanti

katekan budaya anyar. Wiwit saka iku awakedewe nyoba ngeracik KTI kanti judul “Tedak

Siten” kang isine ngerembuk adat istiadat bangsa kita, sing utamane dienggo ing adat jawa,

KTI kanti judul “Tedak Siten” iki nggawe kang maca mangerteni yen bangsa kita nduweni

budaya kang seje nanging ing dina iki jarang nemoni adat sing kaya ngene iki, serta supaya

awakdewe ngerteni yen njaga lan ngelestariake adat istiadat daerah iku kewajibane sakabehe

manungsa
Manfaat
Kanti KTI iki para muda iso mangerteni adat kang wis ana awit jaman biyen lan bisa

ngelestariake adat istiadat iki supaya ora dilaleaken kanti katekan budaya anyar

Rumusan Masalah
1. Apa kang dimaksud karo “Tedhak Siten”?

2. Apa wae piranti lan ubarampe kang diperluake gawe upacara “Tedhak Siten”?

3. Kepriye tata caranipun upacara “Tedhak Siten”?


BAB II

ISI

Tedhak Siten
Tedhak siten iku salah siji upacara adat jawa gawe bocah umur 7 selapan utawa 245

dina, nalika bocah iku mau arep pisanan njajal mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing

kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina

pisan. Tedak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak” utawa idhak,

tegese mudhun lan “siten"saka tembung siti kang artine bumi. Dadi Tedhak siten nduwe arti

ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo

nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten nduwe teges

cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi

lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Yaiku kangge ngelingake menawa bumi wis maringake

akeh barang kang dibutuhake kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan

masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga

Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora apik mula dianakake upacara tedhak

siten.https://www.youtube.com/watch?v=1AW-ZOzQ1yM

Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku :

1.      Pengaron sing diisi kembang setaman

2.      Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut

3.      Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene

urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:

a)      Pari sabengket

b)      Kapuk sabengket

c)      Piranti nulis

d)     Bokor kang diisi beras kuning


e)      Werna-werna jinis dhuwit

f)       Perhiasan

4.      Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan

5.      Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang

6.      Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-

undhakane urip sing arep dilakoni anak

7.      Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese

kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna

8.      Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka

Tata Cara upacara tedhak siten, yaiku :

Kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna kang kagawe

saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon.

Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Perlambang , bocah bisa

ngliwati tantangan ing urip. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake

mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju mulya lan santosa.

Kaping loro, bocah dituntun munggah tangga kang kagawe saka wit tebu “arjuna”

terus mudhun maneh. Tebu saka ukara “antebing kalbu” tegese yaiku tekad ati kang mantep.

Tebu “arjuna” nglambangake supaya bocah bisa kaya Arjuna, kang nduweni watak satria lan

nduweni tanggung jawab. Lelakon apik lan seneng nulung , mbela kabeneran , lan bakti

kanggo Negara.

Kaping tiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah nyeker-nyeker pasir,

kang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah bisa nyukupi kaperluanne dhewe

menawa sampun gedhe.

Kaping papat, bocah dileboaken ning kurungan kang digawe apik lan dilambari klasa,

ing njerone enek akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis,

bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan
nglambangake donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged

kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.

Kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawa duit logam dicampur

kembang. Karepe supaya si bocah kang wis dewasa bisa dadi bocah kang dermawan lan

seneng nulung. Amarga seneng menehi lan seneng nulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

Kaping enem yaiku bocah mau diadusi ngangge banyu setaman kang wis dicampur

kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)

              Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani gawe klambi resik lan apik. Karepe

supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan saged gawe seneng kaluwargane. Yaiku

karepe ing urip, bocah bisa arum jenenge lan bisa ngarumake jeneng kaluwargane.

Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring

kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandiri. Lan wis bubar , para

tamu bisa ndhahar panganan kang wonten.


BAB III

PANUTUP

Dudutan
Suku Jawa ing wilayah Jawa iku sawijining suku sing wis macem-macem budaya,

saka adat saben dinten, seni, ritual, lan liya-liyane.

Kabeh iku mbuktikake yen suku Jawa punika akeh sing sugih ing budaya lokal. Lan

kekayaan budaya sing diduweni masyarakat  Jawa kuwi ndadekake bedo karo budaya -

budaya sing ana ing Indonesia

Kritik lan Saran


Gawe pemaca kususe kanggo para muda, luwih apike ojo ngelaleake budaya kang wis

ana sakat biyen. Kerana ing jaman sing wus modern iki akeh para muda kang luwih seneng

marang budaya manca ketimbang budayane dewe. Luwih apike yen kita ngelestiake budaya

iki supaya ora dilaleake kanthi anane budaya modern.


DAFTAR PUSTAKA

ZahrotulMufidah/2013/MakalahMultikultural(TedakSiten)/http://vidaiponks.blogspot.co.id/20
13/04/makalah-multikultural-tedak-siten.thml?m=1/ Kamis, 12 Mei 2016 20:59

MeicellySabrina/2015/MakalahKelahiranBayiAdatJawa/http://meicellysabrina.blogspot.co.id/
2015/12/makalahbahasa-jawa-adatjawa-kelahiran.html?m=1/Kamis, 12 Mei 2016 20:40
LAMPIRAN-LAMPIRAN

a)    Jadah 7 warna

b)   Tangga tebu

c)    Injak-an pasir

d)   Kurungan ayam

e)    Beras ketan berisi koin


f) Nasi Tumpeng beserta sayur urap dan ayam

Tata Cara Upacara Tedhak Siten:

Anda mungkin juga menyukai