Anda di halaman 1dari 122

KITAB TOEHPAH

EEN JAVAANSCH HANBOEK

VOOR HER

MOHAMMED AANSCHE REGT.

Tweede verbeterde uitgaaf

DOOR

T. ROORDA.

LEIDEN

E.J. BRILL,

1874.

Kasalin saking aksara Jawa


Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 25 April 2017

1Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
KITAB TUHFAH

[2] Punika pepethikan saking Kitab Tuhfah, kekaranganipun tuwan Séh


Ibnu Khajar, pengarangngipun wonten ing negari Mekah, kala ing taun
sangangatus séket wolu (958 H): taun Arab, utawi taun Welandi séwu
gangsalatus kawan dasa sekawan (1544 M), inggih amandhet saking Al
Kur’an. Ingkang kadhapur rumiyin kadita :

Bab Memejahi

Prakawis : 1

Saupami wonten tiyang amemejahi ing sesamining manusa, jalerra:


éstriya, anggéné amejahi kelayan kasengaja, sarta dedamelé kang
sakinten patut kedamel amejahi, kadita waos dhuwung: tuwin
saupaminé. Yén Ahliwaris anedha ukum amesthi kapejahan. Saupami
wau Ahliwaris boten anedha ukum artosé angapunten dhateng wau
kang amejahi, inggih boten kapejahan, ing saupami tiyang kang pejah
wau boten gadhah Ahliwaris Ratu kang dados gegentos si Ahliwaris,
kenging Ratu amejahi sarta angapunten, nanging saupami tiyang kang
amejahi wau kathah kanggénipun ing nagari, anarik ing pedamelan
kang saé, sayogya Ratu angapunten.

Prakawis : 2

Saupami wonten tiyang amemejahi sesamening manusa, Jalerra: éstriya,


anggéné amejahi amargi saking kalepatan, artosé angangkah tiyang
sawiji: mongka kénging ing liyané, utawi angangkah khéwan angsal
tiyang, punika ukumé boten kapejahan, ameng amedalaken dhendha,
kathahé : 100 unta, utawi : 12000 tangsul, saupami kang kapejahan
wau punika tiyang jaler, yén tiyang éstri : sepalihipun. Dénten wau
dhendha kaparingngaken dhateng Ahliwaris, arto[3]sé Ahliwaris permila
kang langkung caket kadi Bapa : Biyung : anak rabi tuwin saliya-
liyanipun.

2Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 3

Saupami tiyang amejahi sesamining manusa, jalerra : éstriya, kang


kadamel amejahi : dedameling boten patut amejahi dhateng manusa,
kadita cemethi : kajeng kang alit, tuwin saliya-liyané, sarta enggéné
mejahi kelayan dipun maha, ukumipun boten kapejahan, ameng
amedalaken dhendha, kathahipun kadi déning kang sampun kasebut
ing dalem prakawis kaping kalih. Kang semanten punika : bilih Ahliwaris
anuwun ukum, yén kaapunten dhateng Ahliwaris inggih boten kénging
punapa-punapa.

Prakawis : 4

Saupami wonten tiyang amejahi sesanining manusa, kang kadamel


mejahi : dedamel kang langkung alit kaditaledom tuwin saliya-liyané
kang sami nami dedamel alit, nanging patrapé enggéné amejahi :
kaprenahaken dhateng panggénan kang langkung caket ing pejah,
kadita ing utek ing mripat gorokkan sarta ing wingsilan, ukumipun
kapejahan, kang semanten punika : yén Ahliwaris anedha ukum, yén
boten inggih boten kapejahan. Wondéning saupami wau dedamel kang
alit kacublesaken ing panggénan liyanipun kang kasebut wau, kadita
ing pupu : tuwin saupaminé, mongka pejah, ukumipun ameng
amedalaken dhendha, kathahé kadi déning kang kasebut ing prakawis
kaping kalih wau. Nanging saupami kang kacubles punika kulitipun
tungkak boten kantos lumebet ing daging, mongka pejah, ukumipun
boten katatrapan ukum kadi kang kasebut wau, nanging kaakjir
kimawon.

[4] Prakawis : 5

Saupami tiyang angunjara dhateng sesamining manusa, sarta anyegah


dhateng kang kinunjara wau ing tedha minumé, mongka kelampahan
kang kinunjara pejah amargi saking boten nedha : boten minum,
ukumipun kang angunjara punika kapejahan, kang mekaten punika,
bilih pangunjarané langkung saking pitung dasa kalih jam, saupami
déréng anglangkungngi saking semanten mongka pejah, ukumipun

3Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten kapejahan amung amedalaken dhendha : kathahipun : 100 unta.
Nanging saupami kang kinunjara punika : ing sadéréngngipun
kinunjara : sampun boten nedha sarta boten nginum, mongka kang
angunjara punika uninga, ukumipun inggih kapejahan, sawab déning
enggéné boten nedha boten nginum ing sadéréngngé kinunjara : punika
kaétang dhateng wewicalan pitung dasa kalih jam. Yén tiyang kang
angunjara boten uninga, ukumipun boten kapejahan, ameng amesthi
ambayar sepalihé dhendha, kathahipun séket unta, utawi gangsal atus
dinar, utawi : 600 tangsul, yén kang pejah punika tiyang jaler, yén éstri :
sepalihipun tiyang jaler.

Prakwis : 6

Saupami wonten tiyang jaler kekalih, sami anekséni dhateng tiyang


kang katerka amejahi, kelampahan wau tiyang kang katerka kantos
kapejahan amargi aturipun seksi wau punika, nanging sayektosé
enggéné anekséni punika dora, kang sarta piyambakké wau seksi sami
uninga, yén tiyang kang dipun sekséni kantos kapejahan amargi
pandamelé sami, ukumipun tiyang kakalih wau sami kapejahan.
Nanging saupami Ahliwaris uninga, yén kang dados seksi punika sami
dora, ukumipun boten sami kapejahan amung sami amanggih ukuman
tanjir. Wondéning [5] Ahliwaris kang uninga doraning seksi, punika
ingkang kapejahan.

Prakawis : 7

Saupami wonten tiyang anyukani tetedhan dhateng sesamining manusa,


wau tetedhan kaworan racun kasukakaken dhateng laré utawi dhateng
tiyang édan, warnining racun limrah yén amejahana, kelampahan pejah
salah satunggilé amargi saking tetedhan wau, ukumipun kapejahan.
Ananging saupami kang dipun sukani punika : tiyang sampun dumugi
umuré sarta anggadahi akal nanging boten uninga : yén panganan
punika kaworan racun mongka pejah amargi saking tetedhan wau,
ukumipun boten kapejahan amung amedalaken dhenda : 100 unta,
utawi : 1000 dinar.

4Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 8

Saupami wonten tiyang anglebetaken racun kaseselaken wonten


pangananipun tiyang sanés, mongka pepanganan punika limrah yén
katedhiya, nanging kang gadhah panganan boten uninga : yén
kaseselaken racun katedha : mongka pejah, ukumipun kang neseli
racun boten kapejahan amung amedalaken dhendha : 100 unta, utawi :
1000 dinar. Mila boten kapejahan sawab panedhané kelayan kajengngé
piyambak boten kapeksa dhateng kang gadhah racun. Nanging saupami
wonten tiyang aneselaken racun wonten ing sewiji-wiji : kang boten
limrah katedha ing manusa, utawi aneselaken pepangananipun
piyambak mongka katedha ing titiyang, utawi aneselaken racun dhateng
pepangananipun tiyang liya, nanging kang gadhah wau pepanganan
sampun uninga, mongka katedha : dhateng ing pejahipun, ukumipun
tiyang kang aneselaken boten punapa-punapa, ameng katakjir kimawon.

Prakara : 9

Saupami wonten tiyang anjeburaken sasamining manusa dhateng ing


toya : [6] kang boten limrah wau toya yén anyilepena, sarta kuwasa
tiyang kang dipun jeburaken yén amentasa, utawi liyaning akal kang
amrih sampun kantos pejah, nanging tiyang punika boten purun
angupados pagesangngan tansah léléh léléh wonten salebeting toya :
kang boten anyilepaken wau, saéngga pejah, punika kang anjeguraken
ukumipun boten kapejahan sarta boten kadhendha, ameng katakjir
kimawon, mila mengkaten pejahé tiyang wau amargi kainané piyambak,
nanging saupami pejahé punika boten amargi kainané piyambak kadita
enggéné kajeburaken kelayan katangsulan tuwin kajeburaken ing toya
kang anglepaken tiyang, kang kajeburaken punika boten waged
anglangi, ukumipun kang anjeburaken wau pinejahan.

5Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 10

Saupami wonten tiyang anjoroggaken i sasamining manusa,


kajoroggaken dhateng ing geni, nanging tiyang kang kajoroggaken
punika sakinten waged yén angupadosa pagesangan salebeting
pandamel punika, nanging tiyang wau boten purun késah-késah,
mongka pejah, ukumipun kang anjoroggaken boten kapejahan sarta
boten kadhendha, amung katakjir kimawon, mila sapunika, pejahipun
tiyang wau amargi kainanipun piyambak, nanging saupami tiyang kang
jinoroggaken wau boten waged angupados akal amrihing
pagesangngan, kala kajoroggaken mawi katangsulan utawi saking
angengngipun ing geni, mongka pejah, punika ukumipun kang
anjoroggaken kapejahan.

[7] Prakawis : 11

Saupami wonten tiyang anjoroggaken sesamining manusa,


kajoroggaken dhateng bengawan utami lautan, sawontenipun ing toya :
kasarab ulam utawi baya : utawi saliya-liyanipun mongka dhateng ing
pejah, ukumipun kang anjoroggaken wau kapejahan. Nanging saupami
toyané céthék kadita lépén kang alit alit, ukumipun boten kapejahan
ameng-amedalaken dhendha : 100 unta, utawi : 1000 dinar. Nanging
saupami kang anjoroggaken punika sampun uninga : ing salembeting
toya kang céthék wonten ulam utawi baya : tuwin saliya-liyané : kang
wetawis waged anyarab amejahi, ukumipun kapejahan.

Prakaris : 12

Saupami wonten tiyang kekalih, salah setunggilipun anyepengngi


dhateng tiyang, kang setunggal anatonikelayan dhuwung : utawi saliya-
liyanipun kang tinaton mongka pejah, ukumipun kang anatoni
kapejahan, kang nyepengngi boten kapejahan ameng katakjir kimawon,
saupami wonten tiyang kekalih sami anenatoni sarêng : kalayan tatu
kang sami amranani, mongka kang tinatonan wau pejah, ukumipun
kapejahan kalihipun, saupami tatu salah setunggillé kang prana, amung
kang amranani kémawon ingkang pinejahan, kang boten amranani :

6Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten kapejahan, amung amedalaken patiba jampi : maneta wis kelayan
warnining tatu. Saupami tatau wau sami boten amranani, mongka pejah,
ukumipun inggih pinejahan kalihipun.

Prakawis : 13

Saupami wonten titiyang kekalih sami anatoni, patrapipun


age[8]gentosan, ukumipun kang nyuduk rumiyin kang pinejahan, bilih
panyudhukipun kang kantun punika sampun angajengngaken pejah.
sondVning warnining angajengngaken pejah kadita ical pangingalé :
utawi pangucapé : kang kelayan kaéngetan sampun asanget supéné.
Wondéning kang anyuduk kang kaping kalih, ukumipun katakjir
kémawon. Nanging saupami kang amranani panyudukipun ingkang
ming kalihi, ukumipun inggih kang ming kalihi punika ingkang
pinejahan, saupami boten sami amranani, artosipun tatunipun sami,
mongka kang tinaton pejah, ukumipun inggih kapejahan kalihipun.

Prakawis : 14

Saupami wonten tiyang anggebug tiyang sakit sanget kang sampun


boten énget punapa-punapa, mongka pejah, ukumipun inggih
kapejahan.

Prakawis : 15

Saupami wonten tiyang amejahi tiyang, enggené amejahi kelayan


kawasésa, artosé, yén saupami boten puruna, badhé kapejahan
piyambak, ukumipun kang akén sarta kang dipun kén sami kapejahan.
Nanging saupami Ahliwaris boten anuwun ukum pejah, amung anuwun
dhateng dhendha kémawon, punika dhendhanipun kapalih, kang
kasanggi kang akén kalih kang dipun kén amejahi wau, anyéket unta,
utawi gangsal atus dinar.

Prakawis : 16

Saupami wonten tiyang amesésa : akén amamejahi, kang akén sampun


dhateng ing umur, kang dipun kén laré utawi tiyang éwahakalé,

7Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
mengkaten malih laré utawi tiyang éwah wau amesésa : akén ame[9]jahi
dhateng titiyang, ukumipun tiyang kang sampun dumugi umuripun
wau : ingkang pinejahan, wondéning laré kelayan tiyang édan ukumipun
sami katakjir kémawon ing sawetawis.

Prakawis : 17

Saupami wonten tiyang amesésa : akén anyenjata dhateng gremeng-


gremeng, kang akén punika sampun anguningani : kang gremeng-
gremeng punika tiyang, wondéning kang dipun wesésa anyana yén
buburon, kelampahan kapenjata : dhateng ing pejah, ukumipun kang
amesésa : akén anyenjata wau, kapejahan, kang dipun kén amanggih
ukuman dhendha, kathahé : 100 unta, yén kang pejah punika tiyang
jaler, yén éstri : sepalihipun tiyang jaler.

Prakawis : 18

Saupami woten tiyang amesésa : akén anyejanta buron utawi binatang


kang kesit mongka kénging tiyang, ukumipun sami boten kapejahan,
amung sami amedalaken dhendha, sepalih sowang, tiyang setunggilé
séket unta : utawi utawi gangsal atus dinar.

Prakawis : 19

Saupami tiyang amesésa : akén aménék kajeng kang inggil utawi


saupaminipun kang sami anami pepénékkan, mongka tiba : lajeng pejah,
ukumipun kang akén wau boten kapejahan amung amedalken dhendha :
100 unta, utawi 1000 dinar.

Prakawis : 20

Saupami woten tiyang amesésa : akén amejahi dhateng awakkipun


piyambak awakké kang dipun kén wau, kadita : paténana awakmu, yén
ora gelem ya takpaténi. Ukumipun boten kapejaha[10]n ameng katakjir
kémawon. Mila sapunika, sami ugi kang dipun kén kalih kang dinamel
amedosi. Kang semanten punika, bilih kang dipun kén punika agadhah
kapikiran kang saé-saé. Bilih kang dipun kén punika laré : utawi tiyang

8Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
majenun, artosé tiyang kang boten gadhah akal, kang akén punika
ukumipun kapejahan.

Prakawis : 21

Saupami woten tiyang akén amejahi dhateng awakkipun piyambak


mengkaten pangucapé, aku paténana, yén kowé ora gelem maténi aku,
amesthi kowé bakal tak paténi. Mongka kelampahan paké wau
katurutan, ukumipun kang dipun kén amejahi : boten kapejahan sarta
boten kadhendha.

Prakawis : 22

Saupami wonten tiyang akén amejahi dhateng salah satunggilé tiyang


kekalih, kelampahan tiyang kekalih wau kapejahan salah satunggilé,
ukumipun kang dipun kén amejahi wau kapejahan, sawab punika medal
saking pamilihipun kang dipun kén piyambak, wondéning kang akén
ukumipun katakjir kémawon.

Prakawis : 23

Saupami wonten tiyang kathah : sami amejahi dhateng tiyang


setunggal sanadyan salah setunggilé tiyang kathah wau wonten kang
natoni kedhik liyané anatoni kathah, ukumipun sami kapejahan sadaya,
anangnging Ahliwarisé kang pejah kénging yén darbéya panuwun
angukum pejah dhateng salah setunggilé kémawon lan wenang malih ;
yén andarbénana pamilih kang setunggal kapejahan kang setunggal
amedalaken dhendha. Wondéning patrapé enggéné amedalaken
dhendha, kapétang dha[11]teng kathahé kang sami andhérék mejahi.
Bilih kancané sami amejahi tiyang sedasa, mongka kapétang dhendha
wau kapara sedasa, kang katatrapan dhendha amedal para dasanipun
saking séwu dinar.

Prakawis : 24

Saupami woten tiyang amemejahi, kang amejahi tiyang setunggal kang


dipun pejahi tiyang kathah, patrapé enggénipun amejahi gentos-gentos,

9Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kang angsal nuwun ukum pejah p; Ahliwarisé kang kapejahan ing
ngajeng. Wondéning Ahliwarisé kang kapejahan kaping kalih : tuwing
kaping tiga : dhateng sekawan saéngga sedaya, punika sami boten
kénging yén anuwuna ukum pejah, ameng amanggih ukuman dhendhan
kémawon kathahé wau dhendha ing dalem pepejah setunggal anyatus
unta. Wondéning saupami Ahliwarisipun kang kapejahan ngajeng wau
angapunten utawi anglilakaké : boten anedha ukum, mongka
Ahliwarisipun kang kapejahan kang kaping kalih kénging yén anuwun
ukum pejah dhateng tiyang kang mejahi wau. Yén Ahliwaris kang
kapejahan ingkang kaping kalih angapunten boten anuwun ukum ,
mongka kénging Ahliwarisé kang kapejahan kang kaping tiga ; anuwun
ukum pejah dhateng wau kang amejahi. Saéngga sapengandhapipun
sami ugi. Yén kang ngajeng angapunten kang ing wingkingngé wau
Ahliwaris sami kénging anuwun ukum pejah dhateng wau kang amejahi.

Prakawis : 25

Saupami wonten tiyang setunggal amejahi dhateng tiyang kathah,


enggénipun amejahi kasarêng, artosipun kasarêng : boten sarat
panjingngé dedamel ameng sarêngngé enggéné sami pejah, punika
ukumipun salah satunggilé Ahliwaris boten kénging amesésa anuwun
uku[12]m pejah nanging saratipun undhi. Pundi salah setunggilé
Ahliwaris kang angsal undhi, punika kang amesthi angsal anuwun ukum
pejah. Wondéning saliya-liyanipun para Ahliwaris ameng sami amanggih
dhendha kemawon kathahipun wau dhendha kadi déning kang sampun
kasebut ing dalem prakawis kaping kawan likur. Nanging saupami
Ahliwaris ingkang boten kadhawahan undhi, salah setunggilipun
amejahana dhateng kang amejahi wau, ukumipun boten kapejahan
ameng amanggih ukuman takjir. Wondéning Ahliwaris kang angsal
undhi, angsal dhendha kémawon kathahé : 100 unta, utawi : 1000 dinar.

¤¤¤

10Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Raja Tatu : Kang boten Narik Ing Pepejah

Prakawis : 26

Saupami wonten tiyang setunggal anugel tanganipun tiyang kathah,


kang katugel sami tanganipun tengen sarta pernahipun ingkang katugel
ing gegelitan, ukumipun kakethok tanganipun kang tengen, wondéning
ingkang angsal ukuman kethok ingkang kakethok tangané ngajeng,
liyanipun sami angsal dhendha, tiyang setunggilé amanggih : 50 unta,
utawi : 400 dinar, bilih ingkang kakethok tiyang jaler, yén éstri :
sepalihipun tiyang jaler.

Prakawis : 27

Saupami tiyang kathah angethok dhateng tangané tiyang satunggal


patrapé : upami dedamel setunggal kapernahaken ing tangan nunten
kapetekkaken tiyang kathah, sanéngga tangan wau tugel, ukumipun
kang sami metek wau : sami kakethok sedaya. Yén kang tugel tangan
tengen amanggih wales tangan tengen, yén kiwa : inggih kawales sami
kiwa. Nanging saupami kang kadamel angethok punika dedamel kalih,
ukumipun boten sami kake[13]thok, sawab boten tertentu pundi
ingkang anugelaken, karanten pandamelé tiyang kalih : utawi dedamel
kalih, amesthi yén boten dumugi panugelé tiyang setunggil, ameng
sami amanggih ukuman dhendha, kathahipun wau dhendha séket unta,
kabagi dhateng sakathahé titiyang kang sami angethok wau.

Prakawis : 28

Saupami tiyang anenatoni, tatunipun kantos dumugi ing tosan


pangénanipun sami ugi ing sirah : utawi liyanipun saking sirah,
ukumipun ingkang anatoni wau katatonan kadi déning enggéné anatoni.
Kang mekaten punika, saupami enggené anatoni kelayan kasengaja.
Yén enggéné anatoni boten kasengaja, utawi kasengaja, nanging
Ahliwaris boten anedha wewales ameng anuwun dhendhanipun
kimawon, punika ukumipun ingkang anatoni ameng kadhendha

11Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kimawon kathahé wau dhendha unta gangsal iji, utawi séket dinar. Kang
mekaten punika, bilih kang katatoni tiyang jaler, yén éstri ; sepalihipun.

Prakawis : 29

Saupami tiyang angremukaken ing tosanipun manusa, panggénanipun


ing sirah : utawi liyané, ukumipun kang andamel wau botek kénging yén
kawalesa : karêmukna sirahé malih : utawi liyaning sirah, sawab
sakelangkung pakéwed yén katrapna ing pandamel punika kelayan
saupaminé. Ameng amanggih ukuman dhendha kémawon kathahé unta
gangsal utawi séket dinar.

Prakawis : 30

Saupami wonten tiyang amenthun sesamining manusa, utawi liya


dedamel kang [14] sami kelayan pepenthung, kang kapenthung
sabarang panggénan, saéngga amindhahaken tosan saking pangénané,
ukumipun boten kénging kadamela kadi déning pandamelé wau,
karanten langkung pakéwed yén katrapna angingsir pangénan tosan
kelayan saupaminé ing pandamel wau punika, amengka ukum dhendha
kémawon kathahé gangsal unta, utawi déket dinar. Kang semanten
punika, bilih jaler, yén éstri : sepalihipun tiyang jaler.

Prakawris : 31

Saupami tiyang anatoni sesamining manusa, kang tinaton sirahé :


lebeting tatu saéngga dumugi kanthonging utek, ukumipun boten
kénging kadamel kadi mengkaten, sawab déning langkung pakéwed yén
katrapna ing pandamel punika. Amung kadhendha : kathahipun tigang
dasa tigang unta : langkung sepratiganing unta setunggil utawi tigang
atus tigang dasa tigang dinar : langkung sepratiganing dinar. Mekaten
ugi ukumipun saupami tatu wau kantos ambedhahaken kanthongnging
utek.

12Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 32

Saupami wonten tiyang anenatoni sesamining manusa, kang dipun


tatoni panggénanipun ing gelondhogan kadita ing weteng : ing
lambung tuwin ing saliya-liyané, ukumipun boten kénging yénkadamela
kadi déning enggénipun anenatoni mekaten, karanten langkung
pakéwed yén katrapna. Sawab pangénan tatuwau boten kvnging
kakinten-kinten kelayan saupamining wewales, ameng amedalaken
dhendha kathahé tigang dasa tigang dinar : langkung sepratiganing
dinar. Nanging saupami tatupunika kantos butul, artosipun kasuduk
saking weteng : terus dhateng gigir, ukumi[15]pun amedalaken
dhendha unta, kathahipun katikelaken, sawab déning punika kaanggep
anatoni ping kalih.

Prakawis : 33

Saupami wonten tiyang anenatoni ing sesamining manusa, tatunipun


ameng mecah kulit boten dhateng ing daging : utawi amedalaken rah,
huawi tatu wau kantos dumugi ing daging, nanging boten dhateng ing
tosan, ukumipun amanggih khukumah. Artosé khukumah, sudaning
dhendha satus unta kapendhetaken sudaning rêrêgén sawab saking
tatau wau. Saupami rêginé kalanipun déréng tatu rêgi satus unta,
sarêng tatu suda unta setunggil, dhendhané inggih amung unta
setunggil, yén sudanipun unta sedasa, inggih ambayar unta sedasa.
Wondéning enggénipun angregéni wau : sasampunipun saras tatunipun,
saupami tatu wau boten anyudakaken ing rêrêgén kapendhetaken
sudaning rêrêgén kalaning tatu. saupami kalaning tatu boten kantos
anyudakaken rêrêgén wajib sakathahé kang anyepeng ukum sami
andhendhaha ing seetawis dhateng wau kang anenatoni, supados
sampun kantos purun adamel kadi mengkaten malih.

Prakawis : 34

Saupami wonten tiyang anugel ing gegelitan ing sesamining manusa,


kadita ing ugel-ugelan tangan ing sikut ing dhengkul sarta ugel-ugelan
delamakan suku, ukumipun inggih katugel kadi sapandamelé

13Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
mengkaten, sawab gampil yén kadamela. Kang mengkaten punika, bilih
anedha ukum wawales, saupami amung anuwun dhendha, inggih
kadhendha kémawon kathahé sékett unta : utawi gangsal atus dinar.

[16] Prakawis : 35

Saupami wonten tiyang angicalaken paningalé meripat kekalih, utawi


angiris kuping kekalih, utawi angiris telapukan mripat utawi angiris
bebolongan irung kekalih : utawi lambé kekalih : ilat utawi dakar, artosé
dakar pelanangan, sami ugi pangirisé kantos tugel utawi déréng kantos
tugel, kang kairis kedhik utawi kathah. Ukumipun kairis kadi déning
konthol kalihipun, kang semanten punika : bilih ical dalasan kulitipun
pisan, yén ameng mingsilan kimawon, boten kénging kaukum
kawedalaken mingsilanipun malih, sawab pandamel punika langkung
pakéwed yén katrapna. Amung amanggih dhendha : kathahé satus unta :
utawi séwu dinar. Yén kang kakethok setunggil dhendhaipun
sepalihipun, amung dakar kelayan ilat senadyan setunggala,
dhendhanipun kasami kelayan kakethok kang kalih.

Prakawis : 36

Saupami wonten tiyang anenatoni sesamining manusa, tatu wau dumugi


ing tosan saéngga tosanipun rêmek, ukumipun inggih katatonan kadi
déning pandamelipun wau punika. Nanging menggah génipun
angremekaken tosan ingkang boten kawales, sawab déning pakéwed
saupami katrapna pandamel angremek tosan, amung amedalaken
dhendha, supados dadosa lelintuné enggénipun angremek tosan wau,
kathahipun dhendha gangsal unta, utawi séket dinar.

Prakawis : 37

Saupami tiyang anugel épék-épék ukumipun boten kéninging tiyang


kang dipun tugel wau : anugelana dhanteng darijiné tiyang kang
anuge[17]l ing épék-épékipun, kang saupami kelampahan kang tinugel
épék-épékipun anugel dhateng darijiné kang anugel wau, ukumipun
boten kawales malih, amung katakjir kimawon sawab déning purun

14Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
anglangkungiwewalering paréntah. Nanging teksih kénging ugi yén
anugela dhateng épék-épékipun kang katugelan darijiné wau, sawab
déréng sampurna pandamelé enggéné nugel dhateng épék-épékipun
piyambaké.

Prakawis : 38

Saupami wonten tiyang anatoni dhateng sesamining manusa, enggéné


anatoni dhateng ing tosan, utawi anampek kelayan asta ingkang
asanget amargi saking tatu, sarta panampek wau punika saéngga
angicalaké ing paningal, ukumipun kang anatoni : utawi kang anampek
inggih kadamela kadi déning pandamelipun mekaten. Yén saupami
kantos ical paningalé tiyang kang kawales wau, inggih boten manggih
punapa-punapa, sawab sampun sami pandamelé malih pamalesé.
Saupami kang kaweles déréng ical paningalé, ukumipun kedah
kaicalaken ugi. Nanging boten kénging icalipun paningal punika yén
kadamela kadi pandamel kang sampun kasebut, kaicalna kelayan
pandamel kang sampun sanget sengsarané, kadita kapanggang kelayan
tosan ingkang panas utawi kapupuwan kapur barus punapa kang dados
saupaminé kang angicalaken ing paningal.

Prakawis : 39

Saupamiwonten tiyang anugel darijiné manusa, kang katugel amung


dariji setunggil, lami-lami angicalaken dariji kang boten katugel sawab
amargi pamborokipun tatunipun dariji kang katugel wau, ukumi[18]pun
katugel darijinipun ingkang naugel wau, ameng darijinipun setunggal,
boten kéngnging yén katugelana kadi déning tugelé dariji kang saking
borok, sawab kang katugel amung setunggal. Wondéning icaling dariji
amargi saking borok tiyang kang agadhah pandamel wau : ameng
amedalaken dhendha, kathahipun ing dalem dariji setunggal sedasa
unta, utawi satus dinar.

15Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 40

Saupami tiyang anugel tanagé tiyang kang tengen utawi amicakaken


mripat tengen utawi angiris lambé kang nginggil utawi anugel dariji
panuduh, utawi suku tengen kuping tengen, kelayan saupaminé kang
sami anggadhahi wiwicalan, ukumipun boten kénging yén katugelna
kang dédé sesaminé, artosé tengen sami tengen.

Prakawi : 41

Saupami wonten tiyang kesarasan ing pangaotané, kadi kaasta : suku :


ilat, artosipun kesarasan kénging yén katamana ing pandamelané
piyambak-piyambak, mongka tiyang kang kesarasan wau nugel dhateng
salah setunggilé tiyang kang boten kesarasan, ukumipun kang saras
boten kénging yén katugela, ameng amedalaken dhendha, kathahé :
saupami kang katugel tengen kalih : satus unta, yén tangan setunggal
sepalihipun, mengkaten malih ing sesaminipun, nanging saupami kang
katugel kalih kang anugel punika : sami boten kesarasan, ukumipun
inggih katugel kadi sapandamelé mengkaten, sawab anunggil jinis.

Prakawis : 42

Saupami wonten tiyang kang anggadhahi irung : kang waged angambet


ing ambet-ambetan utawi kuping kang waged amirêngngan,
mong[19]ka anugel dhateng irung utawi kuping : kang boten waged
ngambet sarta amirêng, ukumipun inggih katugel ugi, sawab déning
pamirêng : pangambet boten anunggil kelayan kang tinugel.

Prakawis : 43

Saupami wonten tiyang ambedhol untuning manusa, kang déréng ical


pigunaning untu, artosipun teksih kekah, ukumipun inggih kadamel
kadi pandamelé mekaten. Nanging saupami kang kabedhol wau
untunipun bajang, asanget alité, boten kénging yén kadamela mamah,
boten si mengkaten utawi untu kang sanget ébahipun, punika
ukumipun boten kénging yén kawalesna, ameng amedalaken khukumah.

16Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Wondéning artosipun wau khukumah, inggih kadi déning ingkang
sampun kasebut ing dalem prakawis kang kaping tigalikur.

Prakawis : 44

Saupami tiyang sepuh ambedhol untunipun laré kang déréng pupuk,


ukumipun boten kénging yén kabedhola tumunten, sawab sawab
sampun limrah yén waged tuwuh malih, ameng katakjir kémawon.
Nanging saupami kang binedhol wau boten waged tuwuh, kang
kadamel papanggeran kadita saliyanipun sampun sami rêntah : sami
tuwuh, ukumipun ugi kawalesaken, ingkang ambedhol wau inggih
kabedhol untunipun malih. Kang semanten punika, bilih wonten tiyang
jaler kekalih kang sami anguningani : yén pangenan gusi tilas untu kang
kabedhol sampun risak boten saged yén tukul untu malih. Naning boten
kénging yén kabedhola : nalikanipun teksih alit laré wau, sarat angantos
dhateng ing umuripun, karanten kéngin yén laré kang kabedhol
untunipun yén angapuntena sasampunipun dumugi ing umuripun,
artosé [20] dumugi umur wau : kang sampun anggadhahi umur gangsal
welas taun, yén saupami pejah wau laré ing sadéréngipun umur
gangsal welas taun, Ahliwaris kang dados gegentosé anuwun ukum.

Prakwis : 45

Saupami wonten tiyang ambedho untuné manusa : kang sampun pupak,


ukumipun inggih kabedhol, sandyan kang kabedhol wau waged tuwuh
malih. Sawab tuwuhé punika sayektos saking peparingngé kang anyar.

Prakawis : 46

Saupami tiyang sampun dumugi ing umuripun ambedhon untunipun


tiyang kang sampun dumugi ing umuripun nanging kalih-kalihipun
déréng sami pupak, ukumipun déréng kénging yén kawalesna tumunten.
Yén saupami kang kabedhol tuwuh malih, boten kénging yén kabedhola,
amung katakjir kémawon. Naning saupami boten waged tuwuh malih :
amargi risak saking pandamel wau, kénging yén kabedhola untunipun
kang ambedhol wau. Ing saupami kang dipun ukum kabedhol untuné,

17Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
mongka waged tuwuh malih, kénging yén kaukuma kabedhol malih,
saéngga kaping kalih : kaping tiga, kang andadosaken panggénan untu
rêsak boten waged tuwuh malih. Kang mengkaten punika, bilih kang
kabedhol wau nuwun ukum malih.

Prakawis : 47

Saupami wonten tiyang anggogrogaken dhateng untuné tiyang kang


sampun pupak, patrapé enggémé anggogrogaken boten kelayan
kasengaja, ukumipun boten kénging yén kawalesna : kagogrogaken
malih, ameng amedalaken dhendha : kathahipun satu sewidah unta,
sawab déning dhendhané tiyang kang angrentahaken untu setunggal
untu gangsal, kathah[21]ing untuné manusa kang limrah tigang dasa
kalih. Yén saupami tiyang angreptahaken untu kang langkung saking
tigang dasa kalih, ukumipun khukumah kémawon, boten kénging yén
kawalesna. Nanging saupami wau kang angrentahaken yén anggadhahi
untu langkung saking wiwicalan tigang dasa kalih, punika kénging yén
kabedhola, karanten anunggil jinis.

Prakawis : 48

Saupami wonten tiyang anugeli sedayaning driji, patrapé boten


kasengaja, ukimipun boten kénging yén katugelana, amung amedalaken
dhendha : kathahipun satus unta. Sawab dhendhané driji setunggil untu
gangsal, nanging saupami kang katugel punika ros-rosaning jempol,
dhendhanipun sepalihé anugelaken deriji setunggil. Saupami kang
katugel liyané ros-rosaning jempol, dhendhané sepratiganing
dhendhanipun anugelaken deriji setunggal.

¤¤¤

18Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Angicalaken Akal Kang Boten Kéngi[nging] Katingalan

Prakawis : 49

Saupami tiyang angicalaken akal patrapé enggéné angicalaken amargi


katabook dhasipun utawi saliyanipun kang anyarupéni sami angicalaken
akal, ukumipun boten kénging yén kaicalna akalipun malih. Sawab
déning pakéwed pandamel angicalaken ing akal, ameng amedalaken
dhendha satus unta : utawi séwu dinar. Nanging saupami tiyang kang
anabok boten pitajeng : icalé akalé amargi saking pandamelé, sarat
kapariksa. Saupami tiyang kang katabok punika : boten jejeg
pangucapé sarta pratingkahé ing nalikané wonten pangénan kang asepi,
yén sampun pinanggih saraté, ukumipu[22]n inggih katetepaken ing
dhendha wau punika, sarta boten wonten ingkang kasumpah. Nanging
saupami icalé akalé punika angort[a] angortan, artosé terkadhang
anggadhahi akal terkadhang boten, punika kasumpah, panyumpahé
nalikanipun sawg anggadhahi akal, nanging saupami nalikaning
kapariksa : tiyang kang katabok angaken ical akalé wau : wonten ing
panggénan kang sepi : teksih jejeg pangucapé sarta pratingkahé, boten
kang pinanggih : yé[n] punika icala akalé, ukumipun kang anabok wau
kasumpah ping sepisan sarta katakjir kémawon boten amedalaken
dhendha.

Prakawis : 50

Saupami tiyang angicalaken kupingngé manusa kekalih sarta


pamirêngngé pisan ukumipun inggih kaicalaken kupingngé kalih pisan
sarta amedhalaken dhendha enggénipun angicalaken pamirêng wau,
kathahipun satus unta : utawi séwu dinar. Yén saupami tiyang kang
andamel boten pitajeng saking icalé pamirêng, sarat kacoba dhateng
sewiji-wiji ingkang wetawis sanget ungelipun sarta kang dipun kajrihi :
ing nalikanipun katungkul, yén kaget kalané kacoba, kadorakaken
pangakené icalé pamirêngngipun, nanging kang andamel wau
kasumpah ping sepisan, bilih menawi saweg keparêng enggénipun
amirêng wau. Sasampuné kasumpah boten amedalaken dhendha.

19Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Saupami kacoba : boten kagét, kalerêsaken pangakené kang ical
pamirêngngé wau, nangning kasumpah ping pisan, mila ksumpah
inggih kadi kang ingajeng wau sawabipun, wau kang andamel tetep
amedalaken dhendha kadi déning kang sampun kasebut wau punika.

[23]Prakawis : 51

Saupami tiyang anudakaken ing pamirêngngé talingan kekalih,


ukumipun kadhendha, kathahipun andhérék sudaning pamirêng.
Kadita : saupami kala sadéréngngé suda pamirêngngé, waged
amirêngngaken ing pamirêngngan tebihé satus dhepa, sarêng sampun
suda, ameng waged amirêngngaken séket dhepa, punika kadhendha
séket unta : utawi gangsalatus dinar.

Prakawis : 52

Saupami tiyang amicalaken mripat kalih, ukumipun sami kelayan tiyang


angicalaken pamirêng kalih. Nanging saupami angicalaken paningal
sarta mripat kalih, ukumipun inggih teksih ugi kadhendha satus unta :
utawi séwu dinar, sawab paningal kelayan meripat anunggil, ing
saupami tiyang kang damel boten pitajeng dhateng icaling paningalé,
sarat kacoba kelayan kang dipun kawedosi, kadita gegaman ajeng
kacolokaken nalikané ketungkul, mongka kang ajeng kacolok jumbul
kadorakaken pangakené, nanging kang andamel kasumpah ping
sepisan. Yén saupami boten jumbul inggih kalarêsaken, nanging
kasumpah ping sepisan sarta wau kang damel amedalaken dhendha
satus unta utawi séwu dinar. Wondéning tiyang ingkang anyudakaken
paningal ukumipun kadi tiyang anyudakaken ing pamirêng.

Prakawis : 53

Saupami tiyang angicalaken pangucap ukumipun dhendha, kathahipun


séwu dinar utawi satus unta. Wondéning dhendhané tiyang angicalaken
pangucap kabagi dados wolulikur aksara, katiga : saupami titiyang
angicalaken sepalihé ungel-ungelan wolulikur, dhendhanipun séket
unta : utawi gangsalatus dinar. Saupami kang kai[24]calaken ungel-

20Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
ungelan sepratiganing aksara wolulikur, dhendhané inggih
sepratiganipun unta satus utawi sepratiganing séwu dinar.

Prakawis : 54

Saupami tiyang angicalaken ing raos kadita angraosaken ing tetedhan


asem legi : gurih : saupamanipun kang sami kénging karaosaken,
ukumipun kadhendha satus unta : utawi séwu dinar. Wondéning
dhendhané ingkang angicalaken raos-raos wau, kaprinci dadose gangsal
kadita manis kecut pait tawi : sarta asin, yén saupami kang kaicalaken
salah setunggilipun unta satus utawi para gangsalanipun séwu dinar,
dhateng saurutipun.

Prakawis : 55

Saupami wonten tiyang anggetak dhateng laré kang déréng gadhah


kapikiran utawi tiyang édan, wau laré utawi tiyang édan panggénané
wonten sanginggilé loténg : utawi ing pinggiré sumur kagetak kagét
dhawah saéngga pejah, ukumipun wau ingkang anggetak kadhendha
satus unta : utawi séwu dinar, boten kénging yén ukum pejah, sawab
pandamel kang mengkaten punika boten limrah yén anarikka ing pejah.
Nanging saupami kang ginetak punika tiyang kang sampun anggadhahi
kapikiran, ukumipun amung katakjir kémawon, boten amedalaken
dhendha kadi mengkaten.

Prakawis : 56

Saupami wonten tiyang anyéléhaken dhateng laré, kaséléha[25]ké


wonten ing wana, mongka laré wau katedha ing buburon kang galak
kadi macan utawi sasaminé, ukumipun amung katakjir kémawon, sawab
wateké buburon kang galak semangsanipun pepanggih ing manusa
wonten panggénan kang kawiyar : lumajar. Nanging saupami kang
dipun séléhaken wau kewula, artosé kewula : tiyang tumbasan,
ukumipun katempahan ing sarêginé kewula wau. Yén saupami enggéné
anyéléhaken wau wonten ing kandhangngé sima utawi sapepadhané,
ukumipun kapejahan.

21Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 57

Saupami wonten tiyang ambujeng sesamining manusa, kabujeng


kelayan ambekta dedamel leligan kang sakinten dedamel punika
amemedosi, mongka kang kabujeng wau saking sanget ajrihé lumajar :
aniba utawi anggebyur dhateng sumur : utawi saupaminé kang sami
angrusak ing awak-awakkan saéngga pejah, ukumipun kang ambujeng
boten knging yén kapejahan : utawi kadhendhaha, sawab karêsakkan
punika medal saking pikajengngé piyambak, amung katakjir kémawon
supados sampun purun andamel kadi mengkaten malih. Nanging
enggénipun kelebet ing sumur punika amargi saking boten nguningané,
kadi saupami kang kabujeng punika wuta : utawi peteng, ukumipun
kang ambujeng kadhendha satus unta : utawi séwu dinar, mengkaten
ugi ukumipun saupami kang kabujeng punika laré kang déréng
anggadhahi ing kapikiran saé.

Prakawis : 58

Saupami tiyang andamel sewiji sumur : enggéné andamel wonten


panggénané liya : kang boten angsal wewenang pandamelé wau, utawi
enggénipun andamel sumur wonten margi kang rupek, mongka
wonte[26]n tiyang kang kelebet ing sumur punika : saéngga pejah,
sami ugi enggéné kelebet dalu utawi siyang, ukumipun kang andamel
sumur kadhendha satus unta : utawi séwu dinar. Kang mengkaten
punika, saupami kelebeté boten kelayan kasengaja, yén lebeté kelayan
kasengaja, boten amanggih ukuman dhendha, ameng katakjir kimawon.

Prakawis : 59

Saupami tiyang andamel leluwangan wonten ing griyané piyambak


mongka angundang dhateng tiyang : utawi laré kang sampun
anggadhahi kapikiran, sarêng malebet ing griya, kang dipun undang
wau lajeng kecemplung sumur : saéngga pejah, ukumipun boten
kénging yén kapejahan, amung amedalaken dhendha satus unta : utawi
svwu dinar. Nanging yén saupami laré kang kacemplung déréng
anggadhah kapikiran kang saé, ukumipun kapejahan.

22Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 60

Saupami wonten tiyang anyéléhaken genthong : utawi saliyané : wonten


pangénané piyambak wau genthong amargi kanginan angrebahi tiyang :
saéngga dados karêsakkané : dhateng ing pejah, utawi boten namining
karêsakkan wau, ukumipun kang andarbéni genthong boten amanggih
punapa-punapa, sawab pandamelé amatuti kelayan manusa kathah.

Prakawis : 61

Saupami wonten tiyang angurubaken geni ing panggénané piyambak


enggéné angurubaken nalikaning angin ageng, utawi nalikané boten
wonten angin nanging anglangkungngi angengngé enggéning
angurubaken geni wau, mongka angresakaken dhateng sewiji-wiji,
ukumipun katempahan. Saupami kang rêsak punika tiyang : saéngga
pejah, ukumipun kadhendha, ka[27]thahé satus unta : utawi séwu dinar.
Yén kang rêsak punika dédé manusa, inggih katempah punapa sarêginé
kang rêsak wau.

Prakawis : 62

Saupami tiyang agadhah griya wonten pinggiring margi, griya wau mawi
kasukanan dhedhungklo : utawi pancaran sami kacongolaken dhateng
margi, saupami angrentahi salah setunggilé dhateng sawiji-wiji :
saéngga karêsakan, ukumipun katempahan, nanging saupami kang
rêsak amargi kedhawahan kang wonten sajawining pager kémawon,
ukumipun katempahan sedaya. Yén kang rêsak amargi kedhawahan
kang wonten sajawining pager : sarta salebeting pager, ukumipun
katempahan sepalih. Sawab kang wonten salebeting pager punika boten
mesthi amedalaken tetempah. Kang mekaten punika, saupami dungklo
sarta pancaran pangénané kang sepalih wonten sajawining pager kang
angungkuli ing margi, kang sepalih wonten salebeting pager.

23Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 63

Yén saupami tiyang andamel griya kadhoyongaken dhateng ing margi :


utawi dhateng ing panggénané tiyang, mongka angrebahi dhateng
sewiji-wiji : saéngga karêsakkan, yén saupami rêsakké amargi
kedhawahan kang dhoyong kémawon ukumipun katempahan sedaya,
yén rêsakké amargi kedhawahan kang dhoyong sarta kang boten
dhoyong, ukumipun katempahan sepalih, kranten kang boten dhoyong
boten masthi katempah.

Prakawis : 64

Saupami tiyang andamel griya jejeg, lami-lami dhoyong : saéngga rêbah,


angresakkaken ing sewiji-wiji, ukumipun boten katempahan, sawab
dhoyongngé punika boten kasengaja.

[28]Prakawis : 65

saupami tiyang ambebucal ing sewiji-wiji kang sami lunyu, kadita


kuliting semongka : kulit gedhang : utawi saupaminé, kabucal wonten
ing margi kang limrah kaambah ing manusa, mongka andhawahaken
saéngga rêsak amargi pandamel wau, ukumipun kang ambucal
katempahan, kang mengkaten punika, saupami kang angambah boten
uninga, yén uninga : boten katempahan.

Prakawis : 66

Saupami wonten tiyang andamel leluwangngan kang boten wenang yén


kadamela, sarta wonten malih tiyang sanés anyéléhaken séla kang
boten wenang enggéné anyéléhaké, kadita anyéléhaké kang dédé
panggénané piyambak, mongka wonten tiyang kesandhung ing séla
wau, lajeng kelebet ing wau punika : saéngga pejah, ukumipun
kadhendha satus unta: utawi séwu dinar. Dénten kang damel luwang :
ukumipun katakjir ké,mawon, sawab déning dhatengngé karêsakan
utawi pejah amargi pandamelé kang andékékaken séla. Nanging
saupami pandékékipun séla wonten ing panggénanipun piyambak,
ukumipun kang andamel luwang kadhendha séwu dinar.

24Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 67

Saupami wonten tiyang tetiga, kang setunggal anyéléaken séla


setunggal tiyang kang kekalih amung anyéléhaken séla setunggal, séla
kekalih wau sami kadékék ing pangénan kang boten wenang
kadékékana, mongka kesandhung ing titiyang : saéngga karêsakan,
ukumipun sami katempahan, tiyang setunggilé anyanggi sepratiganing
tetempah. Kathahé tempah, yén dhateng pejah kang anyandhung wau,
sa[29]tus unta : utawi séwu dinar. Yén boten dhateng ing pejah, inggih
kpiturutaken kadi déning ukumipun kewula kang dados anyudakaken
ing rêrêgen.

Prakawis : 68

Saupami wonten tiyang anyéléhaken sé ing panggénan kang botwn


wenang kadékékan séla, mongka wau séla wau kesandhung dhteng
sewiji tiyang, saéngga pindhah séla saking panggénané, nunten wonten
tiyang setunggal malih, anyandhung saéngga dados karêsakané kang
anyandhung kaping kalih, ukumipun katempahan kang anyandhung
wiwitan, wondéning kang andékék wau katakjir kimawon.

Prakawis : 69

Saupami wonten tiyang lumampah, mongka anyandhung dhateng tiyang


kang sawég andhoshok utawi lenggah : ngadeg, panggénan kang
sinandhung wau wonten ing margi kang ajembar, mongka sami pejah
kang anyandhung kalih kang sinandhung : utawi salah setunggilé
kimawon, mongka boten katempahan ing atasipun tiyang kang
sinandhung. Wondéning kang anyandhung katempahan. Yén saupami
panyandhungngé wonten margi kang rupek boten katempahan kang
nyandhung, sawab rupekking margi.

25Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 70

Saupami wonten tiyang kekalih sami tetunjangngan kasengaja utawi


boten kasengaja, panggénané wonten ing margi, saupami dhateng ing
pejah salah setunggilé, amesthi katempahan kelayan sepalihé tetempah
artosé gangsalatus dinar kathahé tetempah wau. Yén saupami
enggéning tetunjangngan kelayan anenunggang, mongka sami pejahé
tetunggangan kalih kang anunggang amargi saking pandamel wau,
samiya rêgi[30]né kang tinunggangngan utawi boten sami rêginé,
mongka katempahan sepalihipun saking rêginé tetunggangngan wau.
Artosé saupami tetunggangngan kang setunggil rêgi satus kang
setunggil rêgi sedasa réyal, mongka kang rêgisatus amanggih tempah
séket kang sedasa angsal tempah gangsal réyal.

Prakawis : 71

Saupami wonten tiyang kekalih arêbatan tangsul setunggil sami tarik-


tinarik kang tangsul kelampahan pedhot kang sami rêbatan sami
dhawah : saingga amanggih karêsakan sakalihé amargi pandamel wau,
ukumipun sami katempahan ing sepalihé tetempah. Artosé sepalihé
tempah, ing dalem pamejah satunggil ameng ambayar séket unta :
utawi gangsalatus dinar. Nanging saupami tangsul punika tertentu
gadhahané tiyang setunggil mongka karêbat patrapé enggéné rêrêbatan
kang sampun kasebut ing ngajeng, ukumipun katempahan ingkang
amedhot wau, katempahan kathahé satus unta : utawi séwu dinar,
sawab wonten pamejah kalih wau amargi saking pandamelé.

Prakawis : 72

Saupami wonten tiyang anggebug wetengngé tiyang kang saweg


meteng, mongka medal wetengngan amargi pandamel wau, nanging
medalé sampun pinanggih pejah, ukumipun kang anggebug
katempahan, warnining tetempah kewula setunggil kang sepi saking
cacad, wau tetempah kasukakaken dhateng Ahli wa[31]ris, yén saupami
wedaling anak teksih gesang sarta boten mawi sesakit monka nunten
pejah, ukumipun boten katempahan, mila sapunika, sawab pejah ing

26Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
anak boten saking pandamelé punika, pejah sangking liyané, amung
amanggih ukuman takjir. Yén saupami pejahé wau anak ing nalikaning
medal utawi ambekta sesakit sarta sesakit wau tetep saéngga ing pejah,
ukumipun ksng snggebug wau kadhendha satus untu : utawi séwu dinar.

Bab Amratélakaken Tiyang Agadhah dakwa

Prakawis : 73

Saupami wonten tiyang agadhah dakwa pepejah : utawi saliya-liyanipun,


punika boten kénging yén tumunten kaanggepa paturané, yén déréng
wonten sarat ingkang nem prakawis.

Ingkang satunggil, atur wau ajeng anenélakaken pamané amejahi :


utawi botenipun, sarta ajeng anenélakaken kang mejahi punika tiyang
setunggil utawi kalih. Saupami tiyang kang gadhah atur déréng
anyaosaken pratéla kang kadi mengkaten sayogya kang anyepeng
ukum amratélakna.

Kaping kalih, sarat ajeng tetep kedadosaning prakawis kang


katerkakaken wau, kadita : tiyang anerka dipun wéwahi, boten kénging
boten kedah amiraos wau pawéwéh sampun piyambakké tampéni.

Kaping tiga, ajeng amratélakaken dhateng tiyang kang katerka. Mila


sapunika, sabab boten kénging kaanggep panerkané tiyang setunggil
anerka salah sewijiné tiyang kathah kang déréng tertentu.

Kaping sekawan, sarat ajeng wonten kang anerka kalih kang tinerka :
sami [32] agadhah kapikiran kang patut kang sampun sami ngumugi
ing umuripun, sawab laré kalih tiyang éngan boten kepirêng yén sami
adarbéya atur panerka.

Kaping gangsal, sarat ajeng wonten kang anerka kalih kang tinerka
wau : kang sami anarimayén katetepan ing ukum, artosé saking nunggil
agami. Sanadyan kang liya agami, bilih trima kaukuman.

27Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Kaping nem, sarat ajeng anetepi tiyang kang gadhah terka wau dhateng
panerkanipun, artosé kadita : saupami tiyang anerka dhateng tiyang
amejahi ing anakké, enggéné amejahi kapejahan piyambak, mongka
nunten agadhah panerka dhateng liyané, sami ugi tiyang liyané wau
keterka piyambakkan utai kalih kang sampun katerka ing ngajeng wau,
kang mengkaten punika : boten kéngin kanggepa paturanipun, sawab
déning ketingal doranipun amrgi penerkanipun kang ngajeng wau.

Prakawis : 74

Saupami wonten tiyang angadhah terka, wondéning ingkang


katerkakaken prakawis pepejah, nanging panerkaning acaket dhateng
kalerêsanipun, kadita bangkéné kang pejah : utawi tetunggilané wau
bangké kang amesthi pejahé : pinanggih wonten sawiji panggénan kang
kapisah saking nagari, lajeng katerkakaken dhateng tiyang kang sami
wonten ing panggénan punika, utawi pinanggih wonten dhusun kang
alit nanging sarat tiyang ing dhusun punika sampun dados satruné
tiyang kang pejah wau : sarta boten wonten kang momori malih, utawi
kapanggih katilar tiyang kathah, artosé : kang wau tiyang kathah sami
kumpulan nunten sami bubar : panggénané enggéné kekumpulan
wonten bangké. Utawi wonten tiyang jaler satunggal kang [33] acicriyos
yén uninga kang amejahi, boten tatiyang jaler setunggil utawi laré
kathah : utawi tiyang étri kathah, kang punika kaukumipun kalerêsaken
panerkané tiyang punika, nanging mawi kasumpah ping séket,
sasampuning kasumpah, kang katerka wau amedalaken dhendha,
kathahipun satus unta : utawi séwu dinar. Nanging wau kang anerka
kénging yén anedhaha supaosé kang dipun terka wangsul ping séket,
sampuné sumpah : tiyang ingkang katerka : kang acakket kelayan
kalerêsané boten manggih punapa-punapa. Nanging saupami tiyang
kang katerka : kadi kang sampun kasebut wau punika mungkir,
pamungkiré boten angakeni asesarêngngan kelayan tiyang kathah kang
sami atilar ing pepejah wau, utawi agadhah wiraos kalané wonten
pepejah : piyambakké saweg kekésahan, punika ukumipun kang
mungkir kasumpah ping sepisan, kang kajanjékaken temen-temen

28Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten sesarêngngan utawi saweg anuju kekésahan kadi déning
pamungkiré mengkaten, ananging enggéné katerka memejahi teksih
katetepaken. Mongka teksih ugi mungkir boten ngraos amemejahi,
mongka kasumpah kang mungkir wangsul ping séket, kang anerka
boten usah kasumpah malih, sawab penerkané sampun boten akanthi
ing kalerêsané.

Prakawis : 75

Saupami wonten tiyang anggadhahi panganggep ing kesalahané


paréntah ing ratu, mongka tiyang punika lajeng lumuh boten purun
andhérék ing paréntahing ratu, kang piyambakké sampun anglampahi
salami-laminé, utawi lumuh kaukuman kang sampun tetep ing
piyambakké, sarta wau titiyang anggadhahi pangajeng : utawi kepala :
kang kelayan saokah, [34] ukumipun boten kénging boten ratu amesthi
amerangngan. Nanging sarat ratu ajeng andamel utusan rumiyin
dhateng tiyang kang wicaksana ing ngélmi sarta digdaya ing
paprangngan, kang supados wau utusan asuka apitutur kang patur
sarta apitakéna utusan punapa prakawis kang dados boten
karêmbagané. Yén saupami tiyang kang bongga punika amestani, yén
ratu boten anglenggahi paréntahé agaminé, anangela utusan icalé kang
kawestanan wau. Yén saupami teksih anetepi ing bonggané, asukaha
uningawau utusan, yén kang bongga wau badhé kaprangngan. Yén
saupami anedha inah kang bongga, inggih kaantos ing sawetawis,
nanging saupami sampun kaprangngan titiyang kang bongga sami
umajeng, sampun boten anglawan wau lajengngé, mongka kacepeng,
boten kénging yén kapejahan. Yén teksih anglawan sayogya kapejahan :
sarta kajaraha saraja darbékké. Yén sampun amiturut paréntahing ratu,
sarta sampun sepi ing pakikinten yén puruna bongga malih, sayogya
barang darbékké sami kaparingna malih. Yén saupami salebeting
paprangngan wontena pepejah : sarta barang kang sami risak,
ukumipun boten kénging anuwuna wewales sarta tetempah. Nanging
saupami wonten tiyang balila ing ratu, kang boten pisan-pisan ratu
andamelaken salahan, kelampahan tiyang kang balila wau kaprangngan

29Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
sarta wonten kénging punapa-punapa. Bilih kang merangngi sami pejah :
utawi rêsak barang darbékké, wajib kang balila wau sami anempahan :
utawi kawales kapejahan, kang semanten punika, bilih kantenan kang
gadhah pandamel.

[35]Prakawis : 76

Saupami wonten tiyang ambégal tuwin angampak, kantos amendhet


barang pengaos tigang tangsul, enggéné amendhet wau barang
panggénané wonten ing pasimpenan, ukumipun katugel ugel-
ugelanipun tangan tengen sarta sukuné kiwa, sarta mesthi
amangsulaken barang kang pinendhet. Yén saupami sampuné
kakethok purun andamel malih, ukumipun kakethok tanganipun kiwa
sarta sukuné tengen. Yén saupami sampun kakethok wangsul ping
kalih : purun andamel malih, ukumipun boten kénging yén kapejahan,
amung katakjir kémawon. Yén saupami pandamelé sarta amejahi,
ukumipun inggih kapejahan sarta kapanjer laminé tigang dinten.
Senadyan Ahliwarisé kang pinejahan wau angapuntena, inggih kedah
kapejahan ugi. Nanging saupami boten kantos amendhet barang kang
wonten pasimpenan utawi barang kang pinendhet wau kantos kirang
saking tigang tangsul, ukumipun katakjir kémawon sarta amangsulaké
kang cinolong.

Prakawis : 77

Saupami wonten tiyang amandungngi mélik apengaos tigang tangsul,


enggéné mendhet wonten pasimpenan, ukumipun kakethok tangané
tengen sarta amangsulaken barang. Yén saupami sasampunipun
kakethok purun mandung malih, pikantukké kadi kang wau, ukumipun
kakethok sukuné kiwa. Yén saupami purun mandung malih, ukumipun
kakethok tanganipun kiwa. Yén purun malih kakethok sukunipun
tengen. Yén saupami sampuné kakethok : wangsul ping sekawan purun
mandung malih, ukumipun boten kénging kapejahan, amung katakjir
kimawon.

30Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
[36]Prakawis : 78

Saupami wonten tiyang purun angrebat gadhahané titiyang, pangrebaté


kelayan satmata, ukumipun boten kénging yé kakethokka, amung
katakjir sarta amangsulaken barang.

Prakawis : 79

Saupami wonten tiyang anyolong korining mesjid, kang kapendhet wau


pengaos tigang tangsul, ukumipun kakethok tangané. Nanging yén
saupami kang kapendhet punika klasané : utawi dedamarané : kang
asring sami kanggé : saliyanipun kang sami kadamel pepaosing mesjid,
ukumipun boten kénging kakethok tangané, amung katakjir kimawon
sarta amangsulaken barang. Kang mengkaten punika, bilih kang
mendhet anglenggahi ing agami, yén saupamiboten anglenggahi, inggih
kakethoh tangané.

Prakawis : 80

Saupami titiyang amendhet ulesé tiyang pejah kang sampun


kawenangngaken ing agami, kadita ules sinjang gangsal utawi
sakirangngipun, ukumipun kakethok tanganipun tengen. Kang
mangkaten punika, bilih kuburipun caket ing pépahan, bilih tebih,
ukumipun katakjir kémawon sarta amangsulaken barang.

Prakawis : 81

Saupami tiyang amendhet barang pepandhungan kang teksih kasimpen


déning kang mandung, ukumipun kang amendhet boten kakethok
tangané, ameng katakjir kimawon. Wondéning barang kang pinendhet
saupami wonten kang ngaken, amesthi kawangsulaké. Yén kang
gadhah sampun pejah, kasukakna Ahliwarisé. Yén sepi salah satunggilé,
kaaturna dhateng kang anyepeng ukuman.

31Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
[37]Prakawis : 82

Yén saupami tiyang mungkir amargi katerka amemandung, nanging


kaseksénan tiyang jaler kekalih, ukumipun kakethok tangané tengen
sarta anempahi barang. Yén kaseksénan tiyang jaler setunggil éstri
kekalih, ukumipun ameng anempahi barang, boten kénging yén
kakethokka tanganipun. Mengkaten ugi : yén kaseksénan tiyang jaler
setunggil sarta kang anerka purun sumpah, inggih anempaho barang.
Yén saupami boten wonten kang anekséni pisan, ukumipun amung
kasumpah ping sepisan. Nanging yén saupami kang katerka boten
purun sumpah, ukumipun kawangsulaken wau sumpah dhateng kang
anerka, sasampuné sumpah kang anerka, amesthi anempahi dhateng
barang kang tinerkakaké. Yén saupami kang anerka boten boten purun
sumpah, ukumipun kalebaraken panerkané, kang tinerka boten kénging
punapa-punapa, sarta boten kénging yén anerka malih.

Bab Takjir

Prakawis : 83

Saupami wonten tiyang purun adamel kalepatan sami ugi dhateng


Gusthi Allah : utawi dhateng manusa, artosé enggéné adamel kalepatan
wau boten wonten salah sewijiné ukuman kang kénging katrapaken,
ameng katakjir kémawon. Wondéning warnining kalepatan dhateng
Gusthi Allah : kadita angrangkul tiyang éstri kang dédé rabiné : dados
seksi goroh : totohan utawi saupaminé. Wondéning warniné kalepatan
kang dhateng manusa : kadi ta amemisuh : utawi amirangaken titiyang :
utawi saupaminé.

32Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakwis : 84

Saupami tiyang minum sajeng : utawi sawerniné minuman kang sami


angendemi, senadyan panginumé déréng kantos mendem, ukumipun
pinukul kelayan camethi utawi tangan wangsul ping kawan dasa.

[38]Bab Anulak Panganiayaning Titiyang

Prakawis : 85

Saupami wonten tiyang ajeng dipun kaniaya sesamining manusa, kadita


ajeng dipun senjata : utawi saliya-liyaning dedamel kang wetawis wau
dedamel amejahi : utawi boten, mongka wau tiyang kang ajeng dipun
kaniaya : angrumiyini kelayan dedamel ingkang ngupaméni, saéngga
kang anganiaya wau dhateng ing pejah, ukumipunnkang amejahi boten
amanggih punapa-punapa. Keranten pandamel punika : yén boten
karumiyinan, amesthi andamel kacilakan dhateng piyambakkipun.
Nanging saupami kang ajeng kadamel anganiaya wau gegebug, mongka
kasenjata utawi kawaos, ukumipun ingkang ngrumiyini waged
angupados dedamel ingkang anyameni kalih dedamelé ingkang ajeng
anganiaya. Artosé ajeng kapenthung : katulakka kelayan pepenthung,
mongka kedah anulak kelayan dedamel senjata, punika ingkang
kepejahan. Nanging saupami boten waged angupados dedamel
liyanipun sarta kebetah boten saged lumajar, ukumipun boten
amanggih punapa-punapa.

Prakawis : 86

Saupami wonten tiyang griyané kalebetan pandung, wau pandung


sampun amendhet barangngé kang gadhah griya, mongka kauningngan
dhateng kang gadhah griya, pandung lumajar sarta ambekta barang,
lajeng kabujeng dhateng kang gadhah, yén saupami pandung boten
purun andhawahaken barang kang kabekta, kénging yén andhawahna
dedamel dhateng pandung, kang sekinten barang katilara. Senadyan
dhatengnga ing pejah, inggih boten kénging yén kadhawahana dedamel.
Saupami kala[39]mpahan : pamdung kang sampuh andhawahaken

33Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
barang kawaos utawi saliya-liyané : saéngga dhateng ing pejah,
ukumipun kang andamel kapejahan.

Prakawis : 87

Saupami wonten tiyang lumebet pagriyanv titiyang, lebeté kelayan


ambekta dedamel, sejanipun ajeng anganiayadhateng kang gadhah
griya, mongka kang gadhah griya angrumiyini kelayan dedamel kang
anyaméni : saéngga anugelaken tanganipun kang anganiaya wau,
ukumipun boten amanggih punapa-punapa. Nanging saupami sekinten
kénging kapenging kalayan wiraos utawi katulak kelayan dedamel kang
alit, mongka kedah ugi katugel, ukumipun kang anugel inggih katugel,
sawab boten kénging angrumiyinana dedamel kang ageng : anilar
dedamel kang alit. Saupami dados selaya kang dipun tugel kalih kang
nugel, pangakené kang dipun tugel kénging yén katugela kelayan
dedamel kang alit, wangsulané kang anugel boten kénging, sepi saking
seksi, kang punika kalerêsaken paturanipun kang anugel sarta kanthi
sumpah ping sepisan. Nanging saupami angakeni kang dipun tugel
wau : boten pisan-pisan sejaha anganiaya, kang punika boten kénging
yén kalerêsna aturé kang anugel, saupami boten wonten seksiné : utawi
pratandhané tiyang kang katugel wau. Nanging saupami wonten
pratandhané, kadita lebeté mawi angliga dhuwung : utawi saupaminé,
yén mengkaten patrapé, kalerêsaken paturanipun kang anugel, artosé
kang gadhah griya.

[40]Bab Mungkiré Tiyang Kadakwa

Prakawis : 88

Saupami wonten tiyang katerka mungkir, sami ugi kang katerkakaken


prakawis pepejah : utawi liyanipun, sarta boten anggadhahi seksi,
ukumipun kang tinerka kasumpah wangsul ping séket, yén saupami
kang katerkakaken prakawis pepejah. Yén liyanipun pepejah, kasumpah
ping sepisan.

34Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 89

Saupami tiyang angakeni, utawi mungkir, nanging pamungkiré wonten


kang nekséni, ukumipun katetepaken punapa prakawis ingkang sampun
dipun akeni : utawi kang kaseksénan, wondéning warnining tiyang
kang kaanggé dados seksi, kang rumiyin tiyang mardika kang sampun
dumugi ing umuré, kang anggadhahi kapikiran saé, kang boten atilar
paréntahipun Gsthi Allah, sarta boten anglampahi ingkang cinegah,
kang anggadhahi kawirangan, kang sepi saking pangangkah kang
amikantuk ing piyambakké, kang waged amiraos, kang émutan.
Nanging yén saupami kang dipun sekséni prakawis pandamel kadita
amendhet gadhahaning tiyang : tuwin anenatoni, sarat kang anekséni
wau ajeng uninga. Yén saupami kang dipun sekséni ungel-ungelan
kadita pengaken utawi wadé tinumbas, sarat kang anekséni aningali
sarta amirêng. Boten kénging kang anyepeng ukum adamel
katetepaning prakawis ingkang kaseksénan déning tiyang jaler satungg,
nanging kaanggep seksi tiyang jaler setunggil yén anekséni
tanggalipun wulan ramelan, kang supados kathah ing manusa samiha
énggal-énggalna anglampahi paréntahé Gusthi Allah. lan boten kénging
malih tiyang anyepeng ukum anete[41]paken kaukumané tiyang
bandrék yén saupami boten angakeni piyambak utawi kaseksénan
tiyang jaler sekawan kang sami anguningani wau seksi lebeté pajalaran
dhateng pawétrén, nanging tiyang jaler kekalih anekséni ing pangakené
kémawon boten dados anekséni pandamelé enggénipun bandrék. Yén
saupami kang kaseksénan barang mélik utawi jajén-jinanjén, kadita
anekséni wadé tinumbas sambat-sinambat utang piutang : gadhé-
ginadhé : ananggel utawi sasaminé, punika cukup yén sami kaseksénan
tiyang jaler kekalih : utawi tiyang jaler setunggal tiyang éstri kekalih :
utawi tiyang jaler setunggil kakanthénan sumpah. Yén saupami
prakawis punika sami limrah dipun kauningani tiyang jaler, kadita
ningkah : amegat dhateng rabiné : tuwin amangsuli, angaken amejahi,
dados wakil, wasiyat, artosé teswén, bebathon, akén andagangngaken,
kang punika kedah tiyang jaler kekalih kang amesthi dados seksi. Yén
saupami prakawis punika boten limrah yén dipun kauninganan tiyang

35Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
jaler, kadita tetepé prawan tiyang éstri gadhah anak cemer kain utawi
suker, tiyang anusoni, celanipun éstri kang kesasaban sinjang, kang
punika kénging kaseksén tiyang jaler kekalih : utawi jaler setunggil éstri
kekalih : utawi éstri sekawan.

Prakawis : 90

Yén saupami wonten tiyang mungkir katerka prakawis barang mélik,


utawi dédé barang mélik kang kasejakaken barang mélik, warniné
barang mélik kadita sambut-sinambut utang-piutang : tuwin saupaminé
kang anami barang mélik, warniné kang kasekaken barang mélik kadita
amejahi tiyang patrapé kalepatan artosé boten kase[42]ngaja, kang
punika saupami kang gadhah seksi setunggil sarta purun sumpah,
ukumipun kang katerka katetepan punapa ingkang katerkakaken,
nanging sumpahé sarat anyebut lerêsé wau seksi. Nanging kénging wau
kang anerka boten purun sumpah : anedha sumpahé ingkang katerka
kémawon, saupami kang katerka boten purun sumpah, kénging
kawangsulaken sumpah dhateng kang anerka. Yén kang anerka boten
purun sumpah, kalebaraken wau prakawis.

Bab Barang Setunggil Kaaken Tiyang Kekalih

Prakawis : 91

Saupami wonten barang setunggal kaaken tiyang kekalih, nanging


barang wonten tanganipun tiyang sanés, wau tiyang kang anyepeng
barang boten amratélakaken yén punika gadhahané tiyang kang sami
ngaken salah setunggilé, utawi tiyang kalih wau sami anggadhahi seksi,
ukumipun tiyang kalih kang sami angaken barang : sami kasumpah.
Sasampunipun sami kasumpah, barang kapalih : utawi dados
gadhahanipun tiyang kalih. Ing saupami salah setunggilipun kémawon
ingkang purun sumpah, mongka barang wau kegadhah kang kasumpah
sedaya. Nanging yén tiyang kang kanggénan barang mawi amratélakaké,
yén barang tertentu darbékké salah setunggilé, mongka barang kedarbé
dhateng kang kapratélakaken wau, sarta boten mawi kasumpah.

36Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 92

Saupami barang setunggal kaaken tiyang kekalih, sami andarbeni seksi


kalihipun, wau barang sami kacepeng sarêng, kadita barang awarni
griya : tiyang kalih sami angenggéni : sami andadosi, kang punika
inggih kate[43]paken kedarbé tiyang kekalih. Mengkaten ugi ukumipun
saupami boten kacepeng ing tanganipun salah setunggilé.

Prakawis : 93

Saupami barang setunggal kaaken tiyang kekalih kang sami anggadhahi


seksi, nanging barang kacepeng dhateng salah setunggilipun,
ukumipun wau barang kadabé ingkang anyepeng tanpa sumpah.

Prakawis : 94

Saupami tiyang salaki sarabi sami angaken barang isén-iséning griya,


kang tanpa seksi kalihipun, sarta barang boten tertentu patur kaanggé
dhateng salah setunggilé. Warnining barang kang patut kaanggé
dhateng jaler éstri, kadita sinjang prantos kemul, utawi boten patut
kaanggé jaler éstri, kadita seseratan sakalihé boten waged
angungelaken, ukumipun sami kasumpah, barang kedarbé tiyang kalih.
Nanging saupami barang patut panganggéné éstri kémawon kadita
jontra : tenunan utawi saliyané kang sami anyaméni, ukumipun
kedharbé dhateng kang éstri, nanging mawi sumpah sepisan, yén
barang patut panganggéné tiyang jaler, kadita waos dhuwung : tuwin
sasaminé, punika kedarbé kang jaler, inggih mawi kasumpah ping
sepisan.

Prakawis : 95

Saupami barang setunggal sami kaaken tiyang kekalih, tampa seksi


kalihipun, wau barang kacepeng dhateng salah setunggilé tiyang
kekalih wau, ukumipun wau barang kegadhah dhateng kang anyepeng :
sarta kasumpah sepisan, nanging saupami kang kanggénan barang

37Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten purun kasumpah ukumipun kasumpah kang boten anyepeng
barang, sasampuning kasumpah : barang kasukakaken dhateng tiyang
kang kasumpah wau. Saupami kang boten a[44]nyepeng barang boten
purun sumpah, ukumipun kalebaranken prakawis barang katetepaken
dhateng kang anyepeng wau.

Prakawis : 96

Saupami wonten tiyang atumbas sewiji barang, sarta sampun


piyambakké tampéni, mongka barang kaaken tiyang sanés sarta
pangaken kelayan seksi, ukumipun wau barang kapasrahaken dhateng
kang angaken sarta boten mawi kasumpah. Nanging kang anumbas
kénging yén anedha artané dhateng kang wadé dhateng piyambakké.
Nanging yén kang angaken wau tanpa seksi, mongka kang tumbas
boten purun sumpah, sarta anedha sumpahé kang angaken wau, utawi
angakeni piyambak kang anumbas wau, yén wau barang gadhahanipun
tiyang kang angaken, ukumipun kang numbas boten kénging anedha
wangsulipun arta dhateng kang awadé, sawab kainan enggéné boten
purun sumpah, utawi enggéné angakeni : yén punika gadhahané kqang
angaken wau.

Prakawis : 97

Saupami barang setunggal kaaken tiyang kekalih kang sami boten


agadhah seksi, wau barang wonten tanganipun tiyang sanés, kang
punika yén kang anyepeng barang angaken gadhahané salah
setunggalé tiyang kalih wau, ukumipun kapasrahaken dhateng kang
dipun akeni dhateng kang anyepeng barang wau. Nanging kénging
tiyang kang boten kaakenaken yén anedhaha sumpahé tiyang kang
atampi barang. Yé saupami kang kanggénan barang boten
angakenaken teng salah setunggilé, ukumipun sami kénging tiyang
kekalih wau : yén anedhaha sumpahé dhateng kang anyepeng barang,
sampuné kang anyepeng wau.

38Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis 98

Saupami wonten tiyang agadhah panerka, kang katerkakaken barang


mas u[45]tawi selaka, kang punika sarat kedah anebut kawan prekawis,
kang rumiyin jinisipun, kaping kalih : kertanipun, kaping tiga : kathah
kedhikkV : utawi wawraté.

Prakawis : 99

Saupami wonten tiyang katerka sabatan sarta wonten kang sekséni,


ukumipun boten kénging mawiya anedha sumpahé kang anerka.
Kénging anedha sumpah : yén kang tinerka agadhah basa sampun
ambayar : utawi sampun kasukakaké. Kang mengkaten punika, bilih
kang anerka déréng ambekta seksi wonten ngarsané kang anyepeng
ukum kang déréng kaprantasan. Yén pangakené
sasampunkadhatengngan seksi ing ngarsané ukum sarta sampun
kaprantasan, boten kéngingyén kaanggepa paturan wau punika.

Bab Tetempah Amargi saking Kainan

Prakawis : 100

Saupami tiyang anunggang ing tetunggangngan utawi anggiring : utawi


anuntun, wau tetunggangngan adamel karêsakané barang mélikké
tiyang, kadita kaidakkan utawi kasénggol, ukumipun kang nunggang :
utawi kang anggiring : kang nuntun sami katemouhan, wondéning
kathahing tetempun : punapa parêginé kang karêsakaken, sami ugi
pandamelé ing mongsa rinten utawi dalu.

Prakawis : 101

Saupami wonten tetunggangngan setunggal dipun titihi tiyang kekalih :


sarta mawi katuntun kagiring, mongka tetunggangngan wau andamel
risakké barang mélikké tiyang, ukumipun kang katempahan ameng
kang sami nunggang punika kémawon sepalih sowang. Yén saupami
ameng katitihan tiyang setunggal tetempah wau kasanggi tiyang
setunggal kang anunggang wau. Na[46]nging saupami boten

39Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
katunggangngan ameng kang nuntun kalih kang anggiring, wau
tetempah kabagi kalih, dhawahipun dhateng kang nuntunnkalih kang
anggiring.

Prakawis : 102

Saupami wonten laré utawi tiyang édan salah setunggilé


katunggangngaken tetunggangnga dhateng tiyang liya, k ang boten
kelayan pakéné Ahliné, mongka laré utawi tiyang édan sami andamel
karêsakaning gadhahipun tiyang, ukumipun kang anunggangngaken
ketempahan.

Prakawis : 103

Saupami wonten tiyang anggéndéng tetunggangnganipun tiyang, boten


kelayan pakéné kang anunggang, saéngga andamel karêsakkané barang
mélikké tiyang, ukumipun kang katempahan kang anggéndang wau,
boten katempahan tiyang kang anunggang.

Prakawis : 104

Saupami wonten barang mélikké titang rêsak rêsakké amargi


kedhawahan tetunggangngan, nanging dhawahé wau tetunggangngan
sawab pejah, ukumipun kang anunggang boten katempahan, mekaten
malih ukumipun saupami tiyang kang nunggang punika pejah :
andhawahi barang, inggih boten katempahan.

Prakawis : 105

Saupami wonten tiyang angén lembu utawi maésa, kauculaken wonten


ing ara-ara, mongka dhateng angin ageng sarta peteng, wau lembu
utawi maésa sami bubar sapurug-purugé : lumebet ing pagaganing
tiyang utawi pakebonan, ukumipun kang angén boten katempahan .
nanging yén saupami bubaré lembu maésa wau : kang abén saweg
ketileman, ukumipun kang angén katempahan.

40Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
[47]Prakawis : 106

Saupami wonten tiyang anyepengngi tangsulipun lembu utawi maésa,


mongka amberod wau lembu utawi maésa, angresakaken barangngé
titiyang, ukumipun kang anyepengngi tangsul boten katempahan.

Prakawis : 107

Supami wonten tiyang ingon-ingon lembu : utawi maésa saupaminé,


mongka anguyuh utawi angising wonten ing margi, saéngga
angresakaken barangngé titiyang, ukumipun kang gadhah lembu utawi
maésa : boten katempahan.

Prakawis : 108

Saupami wonten ingon-ingoning tiyang sesaba piyambak, wau ingon-


ingon malebet pakebonan angresakaken tetaneman, yén saupami
siyang, ukumipun boten katempahan ingkang gadhah ingon-ingon wau,
sawab inané kang gadhah kebon boten ajagi tetanemané ing mongsa
siyang. Saupami dalu, katempahan kang gadhah ingon-ingon wau.
Nanging saupami limrahing nagari angandhangngi ingon-ingon ing
mongsa sarinten ajagi kebon ing mongsa dalu, ukumipun katempahan
kang gadhah ingon-ingon wau.

Prakawis : 109

Saupami wonten tiyang anancang ingon-ingoné piyambak wonten


panggénan setunggal, nunten wonten tiyang sanés anancangi ingon-
ingoné sanding cancangngan kang rumiyin wau, mongka ingon-ingonné
kang kantun anyakot dhateng kang kacancang rumiyin, ukumipun
katempahan kang anancang kang kantun kang nancang rumiyin boten
katempahan.

[48]Prakawis : 110

Saupami wonten tiyang amiku kajeng utawi saupaminipun, saupami


kang dipun pikul wau anénggor dhateng pager : saengga rêbah,
ukumipun wau kang mikul katempahan, sami ugi siyang utawi dalu.

41Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 111

Saupami wonten tiyang amemikul kajeng : panggénanipun wonten ing


peken, saupami wau kajeng anénggor dhateng barangé titiyang kang
boten kaséléhaken ing margi, utawi dhateng awakké titiyang : dhateng
ing karêsakan, sami ugi kang katénggor kajeng utawi mungkur,
ukumipun kang mikul katempahan. Kang mengkaten punika : saupami
panggénan wau sesek déning tiyang. Saupami panggénan wau boten
sesak tiyang, ukumipun kang mikul boten katempahan. Kang
mengkaten punika : saupami kang kanténggor wau angajeng ngaken
dhateng titiyang kang ngrembat, saupami kang katénggor wau
ngungkuraken kang mikul katempahan. Nanging kang mengkaten
punika, saupami kang mikul boten asuka pémut. Yén sampun asuka
pémut kang mikul boten katepahan.

Prakawis : 112

Saupami wonten tiyang angingu kucing caluthak mongka kucing anedha


panganané tiyang, sami ugi siyang utawi dalu, ukumipun kang gadhah
kucing katempahan. Kang mekaten punika saupami kucing boten
kacancang, utawi boten kekah panancangngé : lajeng ucul. Saupami
wau kucing boten naté caluthak ukumipun boten katempahan.
Mengkaten ugi sami ukumipun tiyang angingu segawon kang galak
saéngga segawon angresakaken dhateng sewiji-wiji.

[49]Bab Wadé Tinumbas

Prakawis : 113

Saupami wonten tiyang sadé tinumbas boten kénging boten tiyang kang
sadé tinumbas wau sarat sapuna dumugi umuripun sarta sami
anggadhahi kapikiran kang saé. Saupami tiyang kang sadé tinumbas
wau laré : utawi tiyang édan ukumipun boten kénging kalestantuna
enggéné wadé tinumbas.

42Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 114

Saupami wonten tiyang sadé tinumbas kang sampun kadadosan


enggénipun wadé tinumbas, kang punika kénging salah setunggilipun
anyandékna, senadyan boten ajanji : utawi sampun tampén barang
kang kasadé sarta yatra. Kang mengkaten punika : bilih kang sadé sarta
kang tumbas teksih kekumpulan, senadyan antawis dinten yén teksih
kumpul, saupami sampun sami pisah, boten kénging yén kasadékna,
senadyan déreng antawis dinten. Nanging saupami sami sukanipun
tiyang kekalih, inggih kénging anyadékna.

Prakawis : 115

Saupami wonten tiyang sadé tinumbas patrapé enggéné sadé tinumbas


mawi janji : siyos sadénipun antawis tigang dinten utawi kirang saking
tigang dinten, kang punika kadhérékaken punapa sajanjiné wau.
Saupami kang wadé tinumbas anyadékaken salebetipun prajanjiyan,
inggih kalulusaken kasadékaken.

Prakawis : 116

Saupami wonten tiyang atumbas kewula : mawi prajanjiyan wagedé


anyerat utawi saliyané pendamelan, utawi tumbas lembu : maésa : [50]
amawi janji meteng : utawi janji kathah puwanipun, sesampuné
katumbas selaya kelayan wau prajanjiyan, kang punika panumbasé
kénging kasandékna. Nanging saupami tumbas kewula : amawi janji
waged memadung, sesampuné katumbas anyelayani ing janji, kang
punika boten kénging yén kasandékna.

Prakawis : 117

Saupami tiyang amulas barang mélikké kang ajeng sami kawadé : kang
supados amanggih akathah ing rêgi, kadita anyemeng rambuté kewula
kang sampun pethah, utawi boten purun angepuhi susuné lembu :
maésa, pamrihipun ketingala kathah susuné, kelampahan kang tumbas
kang boten uninga ing pandamel wau, kang punika kénging kang
tumbas yén anyadékna.

43Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 118

Saupami tiyang tumbas barang mélik sampuné katumbas ketingal


cacadé kang andadosaken sudaning rêgi, sarta limrah adat barang kang
tinumbas punika boten wonten celané, utumipun kénging kasandékna.
Kang mengkaten punika : bilih kang katumbas boten anyengaja, boten
kénging kasandékaké. Nanging saupami barang kang tinumbas sami
limrah yén anggadhah anacela, kadita tiyang tumbas kewula sepuh,
mongka ompong, tuwin saliya-liyané kang sampun sami adat yén celaha,
kang punika boten kénging yén anyandékna.

Prakawis : 119

Saupami wonten tiyang atumbas kewula, sampuné ketumbas sarta


sampun lami wonten ing ngriku : amanggih ukuman kakethok tangané,
sawab wau kewula sampun adamel kesalahan angethok tangané
titiyang : ing sadé[51]réngé katumbas, kang punika kénging yén
kasandékna. Kang semanten punika : bilih kang katumbas boten uninga,
yén uninga, boten kénging kasandékna.

Prakawis : 120

Saupami wonten tiyang tumbas kewula : agadhah sesakit kang boten


dipun kauningngani dhateng kang tumbas, sampuné katumbas pejah
amargi déning sakité kalayané déréng katumbas wau, kang punika
boten kénging yén kasandékna, nanging kénging anedha sesudan
kémawon kaoté rêgining saras kelayan rêgining sakit, artosé saupami
kewula sarasé rêgi satus sarêng sakit rêginé suda sedasa : utawi kalih
dasa, inggih anitik warnining sakit sudané inggih kapiturutaken saking
punika.

Prakawis : 121

Saupami tiyang tumbas kewula, lajeng kaperdikakaken dhateng kang


atumbas, sasampuné kaperdikakaken yén wonten celané bebektan
saking sadéréngngé katumbas kadi cela asring mandung,kang punika

44Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kénging anedha sudaning rêgi dhateng kang wadé, trapipun sudan kadi
kewula kang asakait wau.

Prakawis : 122

Saupami wonten tiyang numbas barang, mongka kawadé malih,


sampuné kawadé malih : ketingal celané, wau cela bebektan saking
kang wadé rumiyin, kang punika ukumipun boten kénging kang tumbas
kawitan anedha asudaning rêrêgén dhateng sadé kawitan, sawab way
barang kénging yén kawangsulna dhateng kang wadé kaping kalih,
kénging yén kawangsulna dhateng kang wadé kawitan, wondéning
sakathahing prakawis namining wadé tinumbas sami kénging [52]
kawangsulaken punika kedah tumunten, boten kénging yén kantos
kasumenékaken, artosé : sarêng kauningan celané, nunten énggal
kawangsulna. Nanging boten dados punapa sumené : sawab sawab
kalané mangsanipun tiyang nedha : mongka nedha rumiyin. Boten
saking mengkaten, utawi enggéné kauningan cela wau ing nalika dalu :
angantos siyang, punika boten dados punapa.

Prakawis : 123

Saupami wonten selaya kang wadé kalih kang tumbas ing dalem celané
barang kang sampun katumbas, kadita : kang awadé amestani
celanipun sampuné wonten kang atumbas, kang tumbas mestani cela
wau ing sadéréngé ketampé, patrap kang mekaten punika : kalerêsaken
kang wadé, nanging mawi kasumpah, sampuné kasumpah, tetep
pamadéné, boten kénging kawangsulaken.

Prakawis : 124

Saupami wonten tiyang wadé tinumbas barang déréng ketampén,


patrap kang mekaten punika : déréng tetep namining tiyang wadé
tinumbas, yén saupami barang kang winadé ical tanpa sabab, utawi
sawab kaicalaken dhateng kang wadé piyambak, kang punika
katetepaken yén boten kedadosan enggéné wadé tinumbas. Nanging
saupami icalé sawab pandamelé kang atumbas kang déréng katampén

45Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
wau, katetepaken dadosé enggéné wadé tinumbas, wajib kang tumbas
ambayari sarêginé. Nanging saupami icalé sawab kalerêsanipun kang
atumbas, kadita : kang tinumbas warni kewula, mongka wau kewula
wau pejah, kang punika boten dados tetepé wadé tinumbas.

[53]Prakawis : 125

Saupami wonten tiyang wadé tinumbas nanging barang kang wadé


déréng katampékaken dhateng kang numbas, mongka wau barang
kaicalaken dhateng saliyané kang wadé tinumbas, kang punika kang
numbas kénging yén anglestarékna panumbasé : utawi anyadékna. Yén
saupami kalestarékaken panumbasé, mongka anedha atetempah
dhateng kang angicalaken wau, sarta amasrahna panumbasé dhateng
kang awadé. Yén saupami kasandékaké, boten katetepan kang anumbas
mawiya amasrahaké panumbasé dhateng kang wadé, ingkang awadé
nedha atetempah piyambak dhateng kang angicalaken wau.

Prakawis : 126

Saupami wonten tiyang numbas barang, barang wau déréng katampén


dhateng kang anumbas, kang punika boten kénging kang numbas yén
amadéya : utawi anggadhekna : tuwin anyukakna, sawab wau barang
déréng kegadhah dhateng piyambakké. Yén sampun ketampén kénging
punapa sakajengngé kang numbas wau. Nanging kénging barang kang
katumbas déréng ketampén yén kaperdikakna, saupami kewula ingkang
tinumbas, utawa kawasiyatna : utawa kawakapna : utawa kaningkahna.

Prakawis : 127

Saupami wonten tiyang agadhah barang mélik wonten tangané tiyang


liya amargi katitipaken utawi kagadhékaken, nanging sampun kapecat,
kadita sampun katebus, kang punika kénging kang gadhah barang
adamela samana sukané dhateng wau barang.

46Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 128

Saupami tiyang wadé pasitén, pamadéné boten mawi prajanjiya[54]n,


yén griya gedhong : utawi tetaneman kang wonten ing pasitén tan mawi
kasebut, kang punika ukumipun inggih kadhérékaken, sawab kalih
prakawis punika yén boten kadhérékna : ical munpangaté pasitén.
Sapunika malih, yén pasitén kasukakaké, griyanipun gedhong sarta
tanemanipun inggih kadhérékaken ugi. Nanging yén kadhérékaken
kémawon, punika griya sarta pekawisan boten kadhérékaken.

Prakawis : 129

Saupami wonten tiyang awadé kampung, boten kajanjé kaken


tetaneman sarta griyané yén andhérékka kawadé : utawi boten, kang
punika ukumipun inggih sami katetepaken, kadita kori kang sampun
kapasang, ondha kang sampun kapaku, tuwin saliya-liyané kang nami
sampun kapasang, punika sami katetepaken. Nanging boten kalebet
kori kang kaséléhaken siti, artosé kang dérénf kapasang, tuwin saliyané
punapa kang anyarupéni kang boten tertentu, kadi timba : kathil méja :
kursi : saliya-liyané.

Prakawis : 130

Saupami tiyang wadé tetunggangngan kadita kuda : utawi saliya-liyané,


kang punika bilih tracakké mawi kalapis inggih kalebet ugi. Nanging
saupami kang kadamel lapis jené, ukumipun boten kadhérékaken.
Sapunika malih boten kadhérékaken abah-abahing kuda. Kang
mengkaten punika, saupami boten mawi prajanjiyan, yén mawi janji,
inggih kalulusaken punapa kang dados prajanjiyanipun.

[55]Prakawis : 131

Saupami wonten tiyang wadé wiwitan kang meksih gesang, kang punika
kadhérékaken godhong sarta pangngipun kang meksih sami teles.
Nanging boten andhérékake wadé siti kang ketanceban wiwitan wau.
Nanging salaminé gesang wiwitan wau, kang atumbas anggadhahi

47Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
munfangat saking siti kang ketanceban wiwitan wau. Yén saupami pejah
wiwitan wau, wajib kang tumbas anegora.

Prakawis : 132

Saupami wonten tiyang sadé wiwitan kang wonten wohipun, saupami


mawi prajanjiyan wohipun kegadhah salah setunggilipun kang sami
wadé tinumbas, wau woh kadhérékaken ing sajanjinipun. Nanging
saupami boten mawi janji, yén kang kawadV wau anyaméni kadi wiwitan
kurma, mongka mayangngé kang sampun mekar kegadhah dhateng
kang awadé, mayang kang déréng mekar kegadhah kang sampun
ketingal warninipun kegadhah kang wadé, kang déréng ketingal
warnining woh kegadhah ingkang tumbas.

Prakawis : 133

Saupami wonten tiyang wadé tinumbas selaya kathah kedhikké kang


tinumbas utawi kathah kedhikking rêgi, kadita : kang wadé angakeni
rêgi sedasa, kang tumbas angakeni rêgi sanga, sarta sami boten gadhah
seksi, kang punika sami kasumpah kalihipun. Wondéning sumpahé
kang wadé, temen-temen boten kula wadé rêgi sanga, yektos temen –
temen kula wadé rêgi sedasa. Denten sumpahipun kang tumbas :
temen-temen boten kula tumbas rêgi sedasa, yektos temen-temen kula
tumbas rêgi sanga. Sasampunipun sami sumpah, saupami salah
setunggil purun angawoni ing rêrêgén, bo[56]ten kénging kang dipun
kawoni anyadékna, kedah ugi anglesatantunaken enggéné wadé
tinumbas. Saupami boten wonten angawoni ing rêgén, sayogya kang
anyepeng ukum anyadékna enggénipun wadé tinumbas, sasampunipun
kasadékaken wau barang kang tinumbas wangsula dhateng kang sadé,
panumbasipun wangsul dhateng kang numbas.

Prakawis : 134

Saupami wonten tiyang kekalih, kang satunggal angaken wadé, kang


satunggal dipun sukani, sami tanpa seksi, kang punika kasupah
kalihipun.wondéning sumpahipun kang angaken wadé, temen-temen

48Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten kula sukakaken, kang ngaken dipun sukani, temen-temen boten
kawadé. Sasampunipun sami sumpah, wau barang kang dados selaya :
kawangsulaken dheteng ingkang gadhah.

Bab Tiyang Sambatan

Prakawis : 135

Saupami wonten tiyang amotongaken barang ing sawiji-wiji tiyang, wau


barang déréng katampékaken dhateng kang anyambut, ukumipun
déréng tetep panyambuté. Yén sampun katetepan, punika tetep
panyambuté, sarta tetep dados gadhahané kang anyambut. Ananging
wenang anjabel kang anyambutaken, kang sarta wajib ambayanr tiyang
sambutan. Saupami sampun dumugi prajanjiyanipun, angantukna
punapa sawarniné : tuwin kathahé.

Prakawis : 136

Saupami tiyang utang piutang mawi prajanjiyan anarik kauntungan


utawi indhaking warni, utawi utang arta prajanjiyan ambayar negari
liya[57]n kelayan punapa saupaminé kang kadi mengkaten warniné,
senadyan samiya sukané kang motongaken kalih kang utang, boten
kénging yén kalestantunaken, kénging kajabela malih. Kranten
namining manusa kang motongngaken ing untangan wau punika.

Prakawis : 137

Supami wonten tiyang utang piutang amawi gegadhén utawi mawi


tetanggelan, kang punika ukumipun kénging, sawab amung adamel
kasentosan kimawon boten damel kauntungngan. Wondéning barang
kang kadamel gegadheén wau, samangsanipun sampun dumugi ing
janjiné, kang anggadhékaken boten saged nebus, kénging barang wau
yén kawadéya. Yén langkung saking utangngipun lelangkungngan wau
kawangsulaken dhateng kang gadhah. Saupami teksih kirang, inggih
teksih tetep dados utangngipun kang anggadhékaken wau. Wondéning
patrapipun tetanggelan wau, samongsa sampun dumugi janjiné

49Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
ambayar, kénging kang motangngaken anagiha dhateng kang nanggel
utawi dhateng kang utang.

Prakawis : 138

Saupami wonten tiyang utang dhateng tiyang kekalih, patrapé enggéné


utang : kang satunggal mai kacepengngan gegadhén kang setunggalé
boten, yén sampun dumugi janjiné ambayar, mongka boten saged
ambayar, kang punika boten kénging tiyang kang motangaken
setunggilé kang boten mawi anyepeng gegadhén yén andhérékka nedha
dheteng barang kang wonten tangané kang amotangngaken kang mawi
anyepeng gegadhén, wau barang katetepaken dhateng kang anyepeng.
Yén sampun dumugi janjiné, inggih kénging [58] kawadé dhateng kang
gadhah, nanging sarta lilané kang anyepeng gadhén. Yén kang
anyepeng gadhvn boten purun angidini, asuka aparéntah tiyang kang
anyepeng ukum angidinana pamadéné : utawi ambayara ing sambutané.
Saupami teksih anetepi boten purun amadé, sayogya kang anyepeng
ukum amadéya, yatrané kabayarêna kang anyambutaken. Yén teksih
dados sambutanipun kang anggadhékaké wau barang.

Bab Tiyang Anggegadhé

Prakawis : 139

Saupami tiyang anggadhékaken barang, kénging kang anggadhé barang


yén angalapa munpangaté wau barang kang ginadhékaken, kang
mengkaten punika : yén boten dados anyudakaken rêginé wau barang
kang ginadhékaken, kadita kang warni kuda : tuwin griga kang dipun
enggéni. Yén pangnganggéné kantos rêsak saéngga anyudhakaké ing
rêrêgén, punika boten kénging. Kadita kang ginadhékaké warni sinjang,
mongka dipun anggé saénga lungsed, kang mengkaten punika, bilih
boten angsal wawenangngé kang gadhah barang, yén angsal
wawenang : kénging.

50Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 140

Saupami wonten tiyang utang mawi gadhéyan, wau barang kacepeng


dhateng kang motangngaken, mongka ical kang boten kainan
enggénipun asimpen, ukumipun boten katempahan kang sarta boten
dados sudanipun enggénipun amotangngaken. Yén saupami icalipun
amargi saking kainanipun kang anyepeng, kadita kadékékaken ing
panggé[59]nan kang boten patut kadamel pasimpenan, utawi
sasampunipun katebus boten kawangsulaken dhateng kang gadhah,
yén mengkaten patrapipun kang anyepeng gadhé katempahan.

Prakawis : 141

Saupami wonten tiyang anyambut barangngipun tiyang, patrapé


enggéné anyambut badhé kagadhékaken, sarta mawi cecriyos yén
barang kang kagadhékaken semanten-manten kathahé : sarta laminé,
sarta tiyangngé kang badhé anggadhé, mongka kelampahan wau
barang kagadhékaken, mengkaten ugi tiyang kang anyepeng gadhé.
Nanging saupami boten ical sarta dumugi janjiné ambayar, wau tiyang
kang nyambut barang boten saged anebus, kang punika wau barang
kénging kawadhé dhateng kang nyambut, kang sarta idiné kang gadhah
barang. Déné kang gadhah barang kénging nedha alintu dhateng kang
nyambut punapa sarêginé kala kawadé wau. Nanging saupami ical
wonten kang nyambut, ukumipun katempahan.

Prakawis : 142

Saupami wonten selaya tiyang kang anyepeng gadhé kelayan kang


anggadhékaken, kadita kang anyepeng gadhé angakeni barang punika
ical kang sarta enggénipun simpen boten kainan, kang anggadhékaken
maiben yén icala, kang punika ukumipun kalerêsaken kang anyepeng
gadhé, nanging mawi kasumpah.

Prakawis : 143

Saupami wonten selaya tiyang kang anyepeng gadhé kelayan kang


anggadhé[60]kaken, kadita kang anyepeng gadhé angakeni wau barang

51Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
sampun kawangsulaken, kang anggadhékaken angakeni déréng tampi,
boten wonten kang nekséni, kang punika ukumipun kalerêresaken
tiyang kang anggadhékaken sarta kasumpah.

Prakawis : 144

Saupami wonten tiyang anggadhékaken, kang kagadhékaken warni


kewula, kang punika wau kewula kénging kaperdikakaken dhateng kang
gadhah, nanging anglintonana gadhéyan dhateng kang anggadhé :
punapa saréginé kewula kang kaperdikakaken nglintoni. Saupami boten
waged anglintoni, boten dados enggénipun mardikakaken.

Prakawis : 145

Saupami wonten tetiyang anggadhékaken barang, wau barang


kaicalaken dhateng kang anggadhékaken piyambak, kang punika
mesthi anglintoni gadhéyan saupaminé kang ical wau, senadyan icalé
boten kainan enggénipun simpen.

Prakawis : 146

Saupami wonten tiyang anggadhékaken kewula, wau kewula kala


kagadhékaken boten saged pendamelan punapa-punapa, mongka
salaminé wonten pagadhén akathah kewagedanipun pandamel ingkang
angindhakaken ing rêrêgén, kadita saupami kewula kang wau rêginé
satus réyal kagadhékaken kalihatus réyal, sarêng sampun kathah
kewagedané wonten salebeting pagadhén wau, saéngga kantos pajeng
kalihatus, yén ingkang darbé kewula agadhah sambatan ing liyanipun
kang punika boten kénging kang anyambutaken liya wau : yén
ame[61]ndheta saking kaindhakanipun rêgining kewula kang
kagadhékaken wau punika, teksih kadhérékaken dhateng kang
anggadhé, nanging indhakking rêrêgén inggih kedarbé dhateng kang
gadhah kewula.

52Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 147

Saupami wonten tiyang agadhah sambatan dhateng tiyang kekalih, kang


setunggal mawi kasukanan gadhéyan kewula éstri kang déréng anak-
anak kang sarta sambatané langkung kathah saking rêgining kewula
éstri kang ginadhékaké, lami-lami kewula gadhah anak wonten
salebeting gadhéyan, sampuning dhateng ing janji boten waged anebus
dhateng wau gadhéyan sarta boten saged anyaur dhateng sambutané
kang tanpa gadhéyan, wau kewula kang ginadhékaké sarta anakkipun
sami kagadhé, yatranipun saking rêgining kewula biyang punika
kasauraken dhateng kang angadhé, boten kénging tiyang liya kang sami
anyambutaken yén anedhaha dhateng rêgining kewula biyang wau
punika, sakirangipun saking kasambutanipun amendhet sarta rêginé
anak, nanging boten kénging kapendheta sedaya, kabagiya kalih kang
anyambutaken liyané kelayan saupamining sambutan, kadita :
enggénipun sami anyambutaken sami kathahé : inggih kapalih, yén
boten sami : inggih kapiturutaken dhateng sepratigan seprapatanipun
arta kang saking rêgining anakkipun kewula wau punika. Wondéning
kantunipun kang déréng cukup pambayaré : inggih tetep dados
sambatanipun, samongsa gadhah : wajib ambayar.

Prakawis : 148

Saupami wonten selayanipun kang anyambut kalih kang anyambutaken,


kadita : kang anyambutaken angakeni panyambute kelayan mawi
gadhéyan kang anyambut boten ngaken, utawi mawi gadhéyan, nanging
selaya [62] kathah kedhikké kang ginadhékaké, kang punika
kalerêsaken paturanipun kang anyambut nanging mawi kasumpah ping
sepisan.

Prakawis : 149

Saupami tiyang anyambutaken angakeni enggénipun anyambutaken


kelayan mawi gadhéyan, kang nyambut boten ngraos yén mawi
gadhéyan, nanging wau barangkang dipun westani kagadhékaké bénten
tanganipun kang nyambut, ing dalem selaya punika sami tanpa seksi,

53Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kang punika kalerêsaken aturipun kang nyambut, nanging mawi
kasumpah ping sepisan. Nanging saupami barang kang dados paben
wonten tanganipun kang anyambutaken, kang nyambut gadhah wiraos
wontenipun wau barang ing tanganipun kang nyambutaken amargi
kapendhet lajengngé piyambak utawi ayak kasambut, kang punika
kalerêsaken ugi aturipun kang anyambut. Inggih kanthi sumpah ping
sepisan.

Prakawis : 150

Saupami wonten tiyang pejah atilar sambutan, sami ugi sambutan


dhateng Gusthi Allah : utawi dhateng manusa, katetepaken sakathahé
barang tetilaranipun kabayaraken dhateng sambutan, sadéréngipun
kabayar wau sambutan boten kénging yén Ahliwaris amendheta tuwin
améwéhena dhateng barang tetilaran wau punika. Nanging boten
katetepaken kaindhakané barang tetilaran yén kabayarna ing sambutan.
Wondéning warnining kaindhakan kadita pangupajiwaning kewula :
anakking lembu : maésa : utawi saliya-liyanipun kang sami anarupani
kadi mengkaten, sawab déni kaindhakan kang kadi mengkaten punika,
saéstu dados gadhani.

[63]Prakawis : 151

Saupami tiyang pejah : nalikanipun pejah boten gadhah sambutan,


mongka Ahliwaris amadéni dhateng barang tetilaranipun,
sasampunipun kawadé, wonten sambutanipun kang dhatengayar-ayaran,
warnining sambutan kang dhateng anyar : kadita tiyang kang pejah
kalané gesang awadé barang sawiji-wiji, sampuning pejah barang kang
winadé ketingal celané, mongka kawangsulaken wau barang, artanipun
sampun kanandhesaken dhateng kang pejah, kang punika
botenkedadosan pamadénipun ing barang tetilaran wau Ahliwaris,
amesthi Ahliwaris anjabel malih dhateng barang tetilaran kang sampun
kawadé, wau barang tetilaran sampuné samikajabel kabayarêna dhateng
sambutanipun wau kang pejah.

54Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 152

Saupami tiyang agadhah sambutan, wau sambutan langkung kathah


saking barang darbékipun sarta ing nalika punika sampun dumugi ing
janjinipun ambayar, mongka sakathahé kang anyambutaken sami matur
dhateng kang anyepeng ukum, kang punika amesthi kang anyepeng
ukum yén anyengkera, sarta katya warakna dhateng sakathahé tetiyang :
supados sampun kantos awadé tinumbas dhateng kang kasengker wau,
sampunipun kasengker, boten kénging yén kang gadhah amadéya
tuwin anyukakna, mongka wau barang katetepaken sami kasahuraken
dhateng sakathahing tiyang kang sami anyambutaken, nanging sumadé
dados gegadhén kimawon, boten kénging kang sami anyambutaken
barang kang kasengker wau. Yén saupami tiyang kang kasengker
barangngo agadhah barang kang dhateng anyar, kadita enggéné
amendhet lajeng : tuwin a[64]nyambut damel angsal waris angsal
wasiyat utawi pawéwéh, kang punika barang kang dhateng anyaringgih
kalebetaken dhateng barang kang sampun kasengker wau, boten
kénging kang anyambutaken sampuné kesengker : yén anedhaha
dhateng barang kang dhateng anyar wau.

Prakawis : 153

Saupami tiyang ayepeng ukum sampun anyengker barangngé titiyang,


kang punika sayogya yén angénggal-énggalna pamadéné wau barang.
Nanging pamadéné kapernahna limrahé tiyang wadé tinumbas supados
sampun kantos anyudakaken rêrêgén, namung panganggéné kang
amasthi kanggé ing sedinten-dintenipun punika boten kénging yén
kawadéya. Sampuné kawadé sedaya, wau rêgining barang sami
kasaurna dhateng kang sami anyambutaken kapatutake layan
kathahkedhikké wau sambutan.

Prakawis : 154

Saupami wonten laré anggadhahi barang, sayogya Ahliwaris yén


anyimpena : saéngga dhateng dumugi umuripun sarta anggadhahi
kapikiran kang saé. wondéning namining kapikiran kang saé, kang

55Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
sampun waged amilih kang dados kesaénanipun agaminé, sarta kang
sampun waged amilih kangdados kesaénanipun barang. Yén laré
anakké tiyang wadé tinumbas kacobaha ing awis-awisaning barang kang
sekinten amanggih bathi. Yén anakkipun tiyang tani, kacobaake
wagedané tetanén, yén laré punika éstri, kacobaha punapa
pandamelané tiyang éstri kang sekinten waged amekantuk sarta
kewagedanipun asimpen utawi rumeksa ingtetedhén.

[65]BabSuluh : Utawi Pepatutan

Prakawis : 155

Saupami wonten margi kang terus kang boten wonten pepetipun sarta
kanan kérinipun wau margi pinten pinten-pinten tiyang kang sami
agegriya, kang punika boten kénging : yén sewiji tiyang andamela griya
wonten satengahing margi : utawi anyeblokna tetaneman sanadyan
boten andamela kemlaratanipun tiyang kang sami lumampah, sawab
andadosaken kirangngipun jembaring margi. Kalih boten kénging yén
andhamela dhedhongklo : utawi andamela lotong wonten sangingngilé
wau margi kang katepangngaken dhateng pager sabrangnging margi.
Nanging kénging andamel dhedhongklo sarto loténg, yén sakinten
boten ametengngi margi : sarta boten sundhul tiyang kang lumampah
kelayan nenunggang, wau tetunggangngan sapelananipun utawi
payoning titihan. Wondéning yén margi buntu, boten kénging
saliyanipun kang gadhah margi yén andamela dhedhongklo kadi kang
kasebut wau, kranten margi kang buntu tertentu dados gadhahaning
titiyang kang sami agriya ing ngriku kémawon, artosé dédé marginé
tiyang kathah. Menghkaten ugi boten kénging amemanguna salah
setunggilipun kang sami anggadhahi margi kang buntu, yén boten
wonten pakéné tiyang kang tebah griyané saking kori panggénané
enggéné medal. Nanging kénging tiyang kang sampun gadhah kori :
yén andamela kori malih kang amrih caket dhateng margi ageng, boten
usah anedhaha idiné dhateng tiyang kang tebah saking margi ageng.
Kang mengkaten punika, yén koriné lami kapejahan. Wondéning tiyang
kang gadhah kori kang wonten wekasané tebihé saking margi ageng :

56Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kénging yén andamela kori malih amrih caket sawetawis dhateng margi
ageng, sarta koriné kang lami kénging yén kateksihna, [66] anujoni
témbokkipun kénging yén butula dados kori wonten margi kang buntu
wau, kang punika boten kénging, sarat anedhaha lilahipun dhateng
sakathahé tiyang kang sami andarbéni margi buntu, amung andamel
jéndhéla kémawon ingkang kénging.

Prakawis : 156

Saupami wonten tiyang tetepangan griya kalih tiyang sanés, kang


punika pager kang dipun apit-apit griya kalih, saupami kang damel
tiyang setunggal kémawon, kang punika boten kénging kang boten
damel yén anancebna paku ing témbok nriku : utawi anyéléhna kajeng :
ambotola dhateng wau pager témbok yén boten angsal wawenangipun
kang damel. Yén kang gadhah anglilani, ukumipun pager témbok
punika kasambutaken kémawon kénging ingkang gadhah anjabela
malih. Saupami sampun kajabel mongka teksih perun damel kadi
pandamelé kang wau, kénging kang gadhah anedha aséwanipun.

Prakawis : 157

Saupami wonten pager kang sami kapit ing griya kalih, sarta darbékké
tiyang kalih, kang punika boten kénging salah setunggilé yén andamela
rêsaking pager. Yén saupami wau pager rêsak kang boten kelayan
karêsakaken, boten kénging salah setunggilé yén amesésahaken
wangun. Nanging yén saupami salah setunggilé purun mangun
blanjanipun kasanggi piyambak, kang punika liyané boten kénging yén
amengingnga, sasampunipun dados wau pager : munfangatipun
kedarbé dhateng kang mangun piyambak. Nanging saupami karêsak
dhateng kang mangun, kang punika ké[67]nging liyané yén
amengingnga amangun malih. Nanging saupami sami tulung-tinulung,
pamanguné medal saking tiyang kalih, kang punika wau témbok
wangsul kedarbé tiyang kalih malih.

57Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 158

Saupami wonten pager dipun apit-apit ing griya kalih, salah setunggilé
angaken gadhahanipun, kang punika saupami pager wau banonipun
kandhét kelayan pagering griya kang ngajeng, utawi anekuk ing
pepojakkaning griya, kang liyané ameng tumémpélé mawon, kang
punika kalerêsaken paturanipun kang gadhah griya kang kandhét
kelayan wau pager banon, nanging kanthi supaos sepisan. Saupami
sami kandhétipun wau pager banon boten wonten ingkang nekséni ing
kalerêsanipun salah setunggilé, kang punika sami kasumpah kalihipun,
sampuné sami kasumpah, wau pager kedarbé tiyang kalih. Yén salah
setunggilé boten purun sumpah, mongka kedarbé dhateng kang
sumpah kémawon.

Prakawis : 159

Saupami wonten tiyang angligeraken sambatanipun, kang punika boten


amesthi yén anarosa kang kadhokkan ing leligeran, angsal ugi sampun
rêmbag kang nyambutaken purun kasauran saking potangngé. Yén
sampun sah prajanjiyanipun, mongka lepas panyambutipun. Mengkaten
ugi kang kadokkan ing ligeran inggih sampun lepas, boten anyambut
dhateng kang angligeraken.

Bab Nanggel Tiyang Sambatan

Prakawis : 160

Saupami wonten tiyang anyambut sarta wonten tiyang kang ananggel,


kang pu[68]nika yén sampun témponipun ambayar, kénging kang
anyambutaken anagiha dhateng kang anyambut utawi dhateng kang
ananggel, utawi nagih sepalih dhateng kang nanggel sepalihipun
dhateng kang anyambut. Yén saupami kaepuraken dhateng kang
nyambutaké, kang punika kang nanggel inggih andhérék pur ugi, artosé
lepas pananggelipun. Nanging yén kang nanggel kimawon kang dipun
lepas pananggelé, boten andhérék lepas kang anyambut. Yén saupami
kang nanggel purun ambayar rumiyin,kang punika kénging yén anedha

58Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
alelintunipun dhateng kang dipun tanggel. Kang mekaten punika, bilih
pananggel rêmbag kalih kang nyambut. Yén saupami boten kelayan
pakén, boten kénging anedhaha dhateng kang katanggel wau, sawab
medal saking kainanipun piyambak.

Prakawis : 161

Saupami tiyang ananggel ing sambutanipun tiyang : purun ambayari


saking panedhanipun kang anyambut, kang punika kénging yén
anedhaha lelintu dhateng kang kabayaran wau. Kang mengkaten punika,
saupami enggénipun ambayari wonten kang nekséni : utawi sami
wontené : utawi sampun angakeni : tiyang kang anyambutaké.

Prakawis : 162

Saupami wonten tiyang nanggel dhateng tiyang sampun katimbalan


dhateng ukum, kang amesthi wau tiyang dhateng, sawab abdhé
katatrapan ukum, kang punika pananggelé sarat kelayan pakenipun
kang dipun tanggel. Yén saupami kang dipun tanggel amargi saking
sambutan arta, boten sarat kang nanggel anguningani kathah
kedhikking arta. Patrap kang kadi mengkaten punika : amethi kang
ananggel wau yén andhetengngena dhateng kang tinanggel. Saupami
kang dipun tanggel sampun kapasrahaken dhateng ukum, lepas saking
pananggeli[69]pun. Yén saupami kang dipun tanggel késah saking
negari, amesthi wau kang nanggel yén andhatengngena. Kang
mengkaten punika, bilih uninga panggénanipun sarta santosa ing margi.
Mongka kaantosa sewetawis, kakinten laminé késahé amurugi kalih
mantuké. Yén saupami sampun langkung saking semadosé, utawi
sampun dumugi panggalihé kang sami anyepeng ukum, mongka
boten waged andhatengaken, ukumipun kang nanggel wau dipun
kunjara, laminé kakinten-kinten saéngga kang katanggel boten waged
dhateng malih, kadita sampun pejah. Wondéning pananggelé wau boten
kénging kapuriha ambayar.

59Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Bebathon

Prakawis : 163

Saupami tiyang kekalih bebathon utawi sabondha sami wadé tinumbas,


kang punika sarat arta kang dipun damel bebathon wau arta kang sami
jinisé : sarta sami warniné, sakinten sampuné awor wau arta : boten
kénging yén katitika, kadita rupiyah sami rupiyah, keton sami keton
utawu saliya-liyanipun. Saupami pandamelé bathi utawi tuna, kang
punika wau bathi utawi tuna sami kasanggi tiyang kalih, kaétang
kelayan kathahé arta. Yén artané kathah : amesthi kathah sesanginé,
yén kedhik inggih semanten ugi. Yén saupami barang ical wonten
tangané tiyang kekalih wau, kang boten margi saking kainanipun, kang
punika kaboten kénging yén katempahena. Yén saupami salah
setunggalé angaken ical utawi sampun kasukakaken dhateng kancané
bebathon, kang punika kalerêsaken paturanipun kang angaken ical
utawi sampun kawangsulaké, nanging mawi kanthi sumpah ping
sepisan. Yén kabekta dhateng negari sanesé pambektané boten
kelaya[70]n idiné kancanipun sami bebathon saéngga ical, kang punika
katempahan kang ambekta barang wau.

Bab Wakil

Prakawis : 164

Saupami wonten tiyang andamel wakil, artosé wakil pulwak, akén


amadékaken ing barang sewiji-wiji, kang punika pulwak boten kénging
nging vn wadéya kang dados kekiranganipun rêgining wau barang,
kang sarta boten Kénging nging yén dipun sumadosana pamadéné,
utawi kawadé yatra kang boten kelampahing nagari ngriku. Kang
mengkaten punika, bilih saking kajengngipun piyambak, yén pakéné
kang damel pulwak boten katempahan. Wondéning prakawis kang sami
kénging kawakilaken sarupaning pandamelan kang sakinten smi waged
adamel sarta anglampahi : antawisipun kang wakil kalih dipun wakili.
Mongka kénging bapa yén damela wakil tiyang jaler sanés amrih
angawinaken ing anakipun, dénten tiyang éstri boten kénging yén

60Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
dadosa wakil saking prakawis kawin. Kénging tiyang éstri dados wakil,
yén dipun kén andhatengngaken pamegaté tiyang dhateng rabiné. Kang
sarta malih kewula boten kénging dados wakil angawinaken, nanging
kénging yén dados wakil anarima pelakiné tiyang éstri kelayan tiyang
jaler kang sampun adamel wakil dhateng piyambakké, utawi dados
wakil amegat. Wondéning laré boten kénging yén awakila : utawi dados
wakil saking prakawis kang sampun kasebut wau, nanging kénging laré
yén andhatengngena pawéwéh : utawi dados wakil angidini lebeting
tetamu dhateng ing griya.

Prakawis : 165

Saupami wonten tiyang gadhah panerka, kang punika kénging panerka


wau yé[71]n dipun wakilna dhateng tiyang liya, mengkaten malih kang
tinerka kénging yén wakila anjawab dhateng panerka wau. Nanging
saupami sampun angakeni, kang punika basa pangaken boten kénging
yén kawakilna dhateng tiyang liya. Mengkaten malih boten kénging
tiyang dados seksi : utawi sumpah : yén sami wakila.

Prakawis : 166

Saupami wonten tiyang awakil utawu kang dipun wakili : pejah salah
satunggilipun, boten pejah : utawi édan, kang punika pecat
kawakilanipun, boten kénging anglajengaken tiyang kang saras dhateng
wau tiyang pejah utawi édan. Mengkaen malih Ahliwarisipun wakil kang
pejah boten kénging yén anglajengana kewakilan wau. Lan pecat
pawakilan yén salah setunggilipun sampun amecat.

Prakawis : 167

Saupamitiyang dados wakil tumbas ing sawiji barang : utawi madékaken,


kang punika saupami barang ical wonten tanganipun kang dados wakil
icalé kang boten kelayan kainanipun, boten kénging yén katempahan.
Nanging saupami kang dados wakil angakeni barang ical kang wakilé
boten pitajeng, kang punika kalerêsaken aturipun kang dados wakil
sarta kanthi sumpah ping pisan.

61Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 168

Saupami wonten tiyang wadé barangngi liyan sarta angaken pamadéné


yén dados wakilé tiyang kang gadhah wau barang, kang gadhah barang
boten angakeni yén awakila : tanpa seksi kalihipun, kang punika
kalerêsaken aturipun kang gadhah barang : sarta kasumpah ping pisan,
[72] sampunipun kasumpah kang gadhah barang, mongka kang ngaken
dados wakil amadé barang : apesthi katempahan.

Prakawis : 169

Saupami wonten selaya kang wakil kalih kang dados wakil, sulayanipun
saking patraping kewakilan, kadita : kang dados wakil angakeni
pamadéné barang dipun kényambutaken, utawi angakeni numbas ing
sewiji-wiji barang pengaos kalih dasa : amargi pakenipun kang wakil,
kang wakil amung ngaken-aken tumbas pengaos sedasa. Patraping
mengkaten punika : kalerêsaken paturanipun kang wakil sarta
kasumpah ping sepisan, sampuné sumpah, kang dados wakil
katempahan.

Prakawis : 170

Saupami tiyang kang dados wakil angakeni, yén barang kang dipun
wakilaken sampun kawangsulaké dhateng kang awakil, kang wakil
boten ngaken, tanpa seksi kalihipun, kang punika kalerêsaken
paturanipun kangdados wakil sarta sumpah sepisan, sampuné sumpah :
boten kénging kang wakil anedha awangsuling barangngipun. Nanging
yén saupami pangakené kang dados wakil wangsulé barang
katampékaken réncangngé utawi utusané kang wakil, wau utusan utawi
réncang sami boten ngaken sarta boten wonten gadhah seksi, k ang
punika kalerêsaken paturanipun réncang utawi utusan, nanging
kasumpah ping sepisan, sampuné kasumpah : kang dados wakil
katempahan.

62Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 171

Saupami wonten tiyang dados wakil amadékaken barang sawiji-wiji,


angakeni kang dados wakil sampun atampi rêgining barang, nanging
arta ical wonten tanganipun, tanpa seksi pengakené ical wau, kang
puni[73]ka saupami wau barang kang dipun kén madé déréng
ketampén dhateng kang tumbas, punika kalerêsaken aturipun kang
wakil sarta kantho sumpah ping sepisan, sasampunipun kasumpah :
kang dados wakil amesthi anempahi. Nanging saupami barang sampun
ketamén dhateng kang tumbas, punika kalarêsaken aturipun kang
dados wakil sarta kasumpah ping sepisan, sasampinipun kasumpah :
boten mesthi anempahi.

Prakawis : 172

Saupami wonten tiyang dados wakil ambayaraken sambutan, mongka


wau wakil angakeni : yén sampun kabayaraken, kang ayambutaken
boten angaken tampi, sami tanpa seksi, kang punika kalerêsaken
paturanipun kang anyambutaken, nanging kasumpah sepisan, sampuné
kasumpah, kang nyambut mesthi ambayar, tiyang kang dipun damel
wakil wau : boten andhérék katempahan.

Prakawis : 173

Saupami wonten tiyang akéngkén dhateng sewiji-wiji tiyang amendhetna


barangngé tiyang kang ajeng piyambakké tumbas, mongka wau barang
ical wonten ing margi, kang punika katetempah katetepaken dhateng
kang kéngkén, kang dipun kéngkén boten katempahan.

Prakawis : 174

Saupami tiyang dados wakil utawi tiyang katitipan, mongka kang awakil
utawi kang atitip anedha dhateng wau barang, kang punika amesthi
kasukakna tumunten, boten kénging engéné amasrahaké yén mawiya
sumené anjenengngaken seksi. Sawab wau tiyang kalih : kang dados
wakil kalih kang katitipan kalerêsaken pangakené enggénipun
amasrahaken dhateng kang gadhah, saupami ing wingking wonten

63Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
selaya. [74] Nanging sarupinipun kang boten kalerêsaken pangakené
enggénipun amangsulaken barang, kadita tiyang anyambut utawi kang
amendhet kang boten angsal wenangngé kang gadhah, kang punika yén
katedhaha : kénging anyumenékna kelayan angantos seksi, sawab
pangakené tiyang kalih : kang anyambut kalih kang amendhet barang :
yén mangsulna : boten akanthi seksi, yén dados selaya, sami boten
kalerêsaken paturanipun tiyang kalih wau.

Prakawis : 175

Saupami wonten tiyang sambutan katagih ingkang kéngkénan kang


anyambutaken, kang punika kénging enggéné amasrahaken dhateng
wau utusan yén angantosa enggéné anjenenganken seksi. Sawab
pambayaré yén boten akanthi seksi, yén dados prakawis boten
kalerêsaken paturanipun kang nyambut.

Bab Ékral

Prakawis : 176

Saupami wonten tiyang angakeni kanggénan barangnging tiyang,


pangakené kalané teksih saras, sarêng sakit angakeni malih : yén
kanggénan barangngipun tiyang kang liya saking wau punika, kang
punika saupami kang ngaken wau pejah, kapendhetna tiyang kalih
kang sami dipun akeni, kapendhet barangngipun dhateng tetilaranipun
wau kang pejah.

Prakawis : 177

Saupami wonten tiyang angakeni amargi katakénan sasamining manusa,


pitakénipun sapunika, dika sambutan dhateng kula. Kang tinakénan
anginggihi. Kang punika tiyang kang angakeni katetepaken
anyambutipun, senadyan botosipun boten anyambuta. Mengkaten ugi
saupami kang dipun takéni amangsuli sampun ambayar utawi sampun
kaepuraken. [75] Nanging saupami pambayaré : tuwin enggénipun
dipun puraké : sami wonten kang nekséni, kang punika boten wonten
punapa-punapa. Saupami tanpa seksi, kénging katedhaha sumpahé

64Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kang pitakén wau, sampuné sumpah, amesthi kang dipun takéni yén
ambayara. Saupami kang pitakém boten purun sumpah, kasumpah kang
gadhah wiraos sampun ambayar wau. Saupami boten purun sumpah
kang ngaken sampun ambayar : utawi kang ngaken dipun puraken,
wajib yén ambayara punapa sadakwanipun, sarta kang pitakon boten
mawi kasumpah.

Prakawis : 178

Saupami wonten tiyang anyepeng sewiji barang : sarta angaken


yénkang dipun cepeng punika gadhahané tiyang sané, sampuné
amiraos nunten angaken malih, yén gadhahané tiyang sanés malih,
sarta tiyang kekalih sami anglerêsaken yén barang punika sami
gadhahanipun, kang punika ukumipun wau barang kapasrahaken
dhateng kang dipun aken-aken rumiyin, dénten setunggilé kénging
anedha atetempah punapa sarêginé barang punika wau, artosé
katetepaken punapa sabasané wau tiyang kang anyepeng barang.

Prakawis : 179

Saupami wonten tiyang angaken kanggénan barangngé tiyang, nanging


tiyang kang dipun aken-anken gadhah barang, boten ngraos gadhah,
kang punika wau barang kalulus saken dados darbékké kang anyepeng.
Yén upami kang boten ngaken gadhah barang, sampuné miraos nunten
angaken yén gadhahanipun, kang punika boten dados pengakené,
teksih ugi katetepaken dhateng kang anyepeng barang, nanging
saupami kang anyepeng barang anglerêsaken kadi kang ing ngajeng,
kang punika inggih kapasrahna wau barang dhateng kang angaken.

[76]Prakawis : 180

Saupami tiyang angaken anak dhateng sewiji titiyang, kang punika yén
kang kaaken wau sampun dumugi umuripun sarta boten wonten sewiji
titiyang anguningani kang sanés tiyang kang dipun aken wau, kang
punika katetep kang dipun aken dados anakkipun kang angaken yén
saupami kang dipun aken punika umuripun langkung kedhik saking

65Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
umuripun kang angaken. Nanging saupami kang dipun aken dédé laré :
sarta dédé tiyang édan, dados sarat kang dipun aken wau yén
anginggihana dhateng pengaken wau. Yén kang dipun aken andorakaké
sasampuné anginggihi ing pengaken wau, kang punika boten pecat
namining anak, saéngga salah setunggilé pejah, angsal ugi waris.
Saupami kang dipun aken punika laré : utawi tiyang édan utawi tiyang
kang sampun pejah, boten sarat kang sami dipun aken yén mawiya
anglerêsaken pangakené. Yén laré sampun dumugi ing umur : utawi
édanipun sampun saras mongka sami andorakaken, kang punika boten
pecat namining anak.

Prakawis : 181

Saupami wonten tiyang kekalih sami angaken anak dhateng tiyang


setunggal, kang dipun aken wau sampun dumugi ing umuripun sarta
boten édan, kang punika pundi kang dipun lerêsaken inggih punika
ingkang gadhah anak.

Bab Tiyang Anyambut

Prakawis : 182

Saupami wonten tiyang anyambut gadhahanipun tiyang, kang punika


kénging yén kanggékna wau barang dhateng tiyang liya. Saupami ical
utawi rêsa[77]k, rêsakké wau barang kang boten kelayan idinipun kang
gadhah, kang punika katempahan. Yén rêsakké wau kelayan idiné kang
gadhah, kadita kuda katitihan sinjang dipun anggé, utawi saupaminé
kang patut panganggéné, senadyan rêsakka, boten katempahan. Yén
dados selaya kang nyambut kalih kang anyambutaken wontening
karêsakan boten kelayan idinipun kang gadhah, kang punika
kalerêsaken aturanipun kang gadhah : sarta sumpah sepisan sampuné
sumpah, wajib anempahi wau kang anyambut.

Prakawis : 183

Saupami tiyang anyambutaken ing gadhahanipun tiyang, kang punika


semongsa kénging yén katedhaha, saupami panyambuté mawi janji

66Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
laminé : utawi boten. Sarta kénging tiyang anyambutaken siti kaanggé
mendhem tiyang pejah : sadéréngipun kaurugan punika boten kénging
kawandékaken, kedah angantos bersihipun daging. Mengkaten malih,
boten kénging anedha tiyang anyambutaken baita : kalanipun katitihan
wonten setengahing laut, wondéning blanjanipun saupami
angantukaken barang, inggih kang anyambut kang miyosaken wau
blonja.

Prakawis : 184

Saupami wonten tiyang anyambutaken siti, wau siti kaanggénan griya :


utawi dipun tetanemi, mongka kang gadhah anjabel, kang punika
saupami kalanipun anyambut mawi janji, semongsané kajabela : griya
utawi tetaneman sami kabedhol, boten kénging yén boten kabedhola.
Yén boten mawi janji mengkaten, kang punika kénging kang anyambut
ambedhola : utawi boten. Nanging saupami kabedhol, kang
anyambu[78]t amesthi angradina siti tilasing griya : utawi tilasing
tetaneman. Yén saupami kang anyambut boten purun ambedhol
kénging kang gadhah siti yén agadhaha pamilihing dalem tigang
prakawis, kang rumiyin kénging amadéya pisan dhateng kang anyambut,
kaping kalih : kénging yén ambedhola, nanging ketempahan saking
sudaning rêrêgén kalané teksih sami ngadeg, kaping tiga : kénging yén
kateksihna griya utawi tetaneman sarta anedhaha séwanipun siti.
Saupami kang gadhah siti boten purun amilih tigang prakawis wau,
kaléréhaken pabenipun saingga kang gadhah siti kantos agadhah
pamilih. Yén saupami siyos kawadé wau pasitén, kénging kang gadhah
griya yén lumebeta ing griya anyirami ing tetanemanipun.

Prakawis : 185

Saupami wonten tiyang anyambut pasitén kaadegan griya : utawi


kataneman, kang punika lulus panyambuté ping sepisan kémawon,
artosé ping sepisan saupami griya kantos rêbah : utawi teneman kantos
pejah, kang punika boten kénging yén dadosana wau griya : tuwin

67Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
ananem anganyaraken tetaneman malih, kejawi yén angsal
wewenangngipun ingkang gadhah.

Prakawis : 186

Saupami wonten selaya tiyang kang gadhah barang kalih kang


anganggé barang, kadita : wau tiyang kang anganggé : angakeni
enggénipun anganggé wau barang sampun kasambut kang gadhah
angakeno : yén kaséwakaké, kang punika saupami barang teksih tetep
wonten tanganipun kang anganggé, nanging déréng dangu, ing dalem
selaya punika tanpa seksi, kang punika kalarêsaken paturanipun kang
anganggé barang : sarta sumpah sepisan. Nanging saupa[79]mi sampun
dangu wontening barang ing tanganipun kang nganggé, kang punika
kalerêsaken kang gadhah, inggih kanthi sumpah sepisan, sampunipun
sumpah kang nganggé barang amasrahna barangngipun sarta
séwanipun.

Prakawis : 187

Saupami tiyang amendhet kendhi saking tanganipun kang wadé toya,


mongka wau kendhi dhawah saking tangané kang mendhet saingga
pecah, kang punika pamendheté boten kelayan tumbas, ukumipun
anempahi kendhi kémawon, nanging boten anempahi toya, yén
pamendheté kelayan tumbas kang sekinten isining kendhi cukup
kainum piyambak, kang punika anempahi toya, boten anempahi kendhi.

Prakawis : 188

Saupami wonten tiyang anyambut anggén-anggén wau anggén-anggén


kaanggékaken dhateng anakkipun éstri kang teksih laré, mongka kang
anyambut wau akén asimpen ing griyanipun tiyang liya, saingga
kapandungngan wau anggén-anggén, kang punika anedhaha tetempah
dhateng kang anyambut, nanging kang anyambut kénging yén
anedhaha tetempah dhateng kang asimpen. Kang mengkaten punika,
yén saupami kang asimpen wau uninga, yén anggén-anggén punika
dédé gegadhahané kang akén anyimpeni wau. Yén saupami gadhah

68Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
pakikinten yén anggén-anggén wau gadhahané kang akén piyambak.
Kang punika boten katempahan kang asimpen.

Prakawis : 189

Saupami wonten tiyang angenggéni griya amargi saking pakénipun


ingkang gadhah : sarta sampun lami, nanging kalanipun akén boten
mawi janji séwa, kang punika boten kénging kang gadhah yén
anedhaha séwa dhateng kang angeng[80]geni. Kang mengkaten punika,
saupami kang gadhah wau dédé raré : sarta boten édan. Yén saupami
kang gadhah raré utawi édan, amesthi kang angenggéni wau ambayar
séwa, kakinten laminipun enggéanganggéni.

Prakawis : 190

Saupami wonten tiyang anyambut barang, mongka selaya wau tiyang


kang anyambutaké, kadita kang anyambut angakeni, yén wau barang
sampun kawangsulaké dhateng kang anyambutaken, déning kang
anyambutaké angakeni, yén déréng tampi, sarta boten wonten ingkang
anekséni, kang punika kalerêsaken paturanipun kang anyambutaké :
sarta kasumpah, sapuning kasumpah, amasthi wau kang anyambut
katempahan.

Prakawis : 191

Saupami wonten tiyang amameruh gadhahaning titiyang, kadita


anenunggang ing tetunggangngan utawi angangngéni ing panggénan
tuwin akengkén dhateng kewula : sarta saupaminipun, kang punika
saupami wau barang kang dipun weruh rêsah utawi ical amesthi wau
kang amameruh katempahan. Wonéning tetempah katurutaken dhateng
rêrêgén kang langkung kathah saking kaindhakanipun, artosé saupami
wau barang kang dipun waweruh kantos waged minggah-minggah
rêginé wonten salebeté tanganipun kang mameruh wau, pundi kang
kathah piyambak punika katetepaken ing tetempah wau. Kang
mengkaten punika, bilih langkung pakéwed yén amernékna kelayan
saupané wau barang kang ical. Yén saupami boten pakéwed, inggih

69Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
anempahi ingkang saupaminipun, kadi[81]ta : angicalaken toya, inggih
katempahan toya, mengkaten ugi siti : tembagi : tosan timah sarta jené
kang teksih uré. Yén saupami barang kang dipun waweruh wau boten
ical, inggih barang punika ugi ingkang kawangsulaken. Yén kang
ameruh wau angakeni. Yén barang sampun ical, nanging kang gadhah
boten pracados, ingkang punika kalerêsaken paturanipun kang
mameruh : sarta kasumpah, sampuning sumpah, anglintoni rêgining
kémawon.

Prakawis : 192

Saupami wonten tiyang anyepeng barang saking tanganing titiyang,


angsalipun wau barang saking enggénipun mameruh, mongka mongka
barang ical, sami ugi panyepengngé saking enggéné mameruh
piyambak utawi katitipan, kang punika ukumipun katempahan. Nanging
kénging kang darbé barang anedhaha dhateng salah setunggilé kang
mameruh ngajeng : utawi kang kaping kalih. Nanging dokking
tetempah kang anyepeng barang. Yén saupami kang mameruh ngajeng
sampun anempahi, kénging anedhaha lelintuning tetempah dhateng
kang anyepeng barang. Yén kang nyepeng sampun anempahi, boten
kénging anedhaha lelintu dhateng kang mameruh ngajeng.

Prakawis : 193

Saupami wonten tiyang anyegah dhateng tetamu, wau segah


anggénipun amameruh, kang punika dokking tetempah dhateng kang
anedha wau. Nanging saupami kang anyegah ngaken gadhahanipun
piymbak sarta sampun anempahi, kang punika boten kénging anedha
tetempah dhateng kang sinegah : utawi kang anedha wau. Yén tetedhén
kang dipun waweruh wau : kasegahaken dhateng kang gadhah
piyambak, kang punika kang amameruh boten katempahan.

[82]Prkawis : 194

Saupami wonten tiyang angresak ing brahala : utawi gamelan tuwin ing
sasaminipun, pangresakipun saking enggéné sedya angicalaken

70Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
namaning brahala : utawi naminipun gamelan kémawon, kang punika
boten wonten prakawis punapa-punapa dhateng wau kang angresak.
Nanging wau brahala utawi gamelan kénging yén karêsakka boten
kelayan kaobong, mongka kaobong, kang punika katempahan wau kang
angresak sarêginé peputhoning brahala : tuwin puthoning gamelan,
boten katempah ing sarêgining kala teksih wetah.

Prakawis : 195

Saupami wonten tiyang kang amameruh ing tetunggangngané titiyang :


utawi saupaminipun saingga rêsak, kang punika saupami teksih wau
tetunggangngan, samesthi kawangsulna dhateng kang gadhah : sarta
katempahan sudaning rêgi. Mengkaten ugi ambayar séwanipun.

Prakawis : 196

Saupami wonten tiyang amameruh ing kasuting titiyang sepasang, wau


kasut sepasang rêgi sedasa tangsul, mongka ical kang seselé, kang
mengkaten punika : amesthi kawangsulna kasut kang seselé wau
dhateng kang gadhah, sarta anempahi sudaning rêgén. Yén saupami
rêginé kasut kang teksih wau rêgi kalih tangsul, amesthi anempahi
wolung tangsul.

Prakawis : 197

Saupami wonten tiyang anggegampil barangnging titiyang awarni lisah,


wau lisah lajeng kagodhog saingga suda, nanging boten suda rêginipun,
kang punika wau lisah kawangsulna dhateng kang gadhah : sarta
anempahi ing [83] sudanipun wau. Yén saupami wau lisah kang
kagodhog suda rêginipun, amesthi katempahan.

Prakawis : 198

Saupami wonten tiyang angegampil ing sijangnging tiyang lajeng


kawasuh, utawi gandum lajeng dipun gelepung, utawi jeno lajeng
kadamel anggén-anggén, kang punika boten kénging amameruh wau
yén anedhaha éwahané saking padamelanipun. Wondéning ingkang

71Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
gadhah kénging yén amesésaha kadi déning kang wau, saupami jené
kang kadamel anggén-anggén wau, kawangsulaké dhateng kang
gadhah malih kadi déning warniné kang wau, kénging ingkang gadhah
yén anedhaha séwa salaminipun wonten tanganipun ingkang mameruh
wau.

Prakawis : 199

Saupami wonten tiyang amameruh ing pasiténing tiyang, lajeng adegan


griya : utawi kataneman, kang punika amesthi wau kang anggegampil
angrabahna griyané : sarta ambedholana tetaneman wau, sasampuning
kabedholan lajeng karadina wau pasitén. Yén saupami pasitén wau suda
rêginipun, amesthi anempahana ing sesudan wau punika, sarta ambayar
séwa.

Prakawis : 200

Saupami wonten tiyang amameruh ing sinjangnging tiyang, wau sinjang


lajeng kawedal dhateng nilanipun kang amameruh, yén saupami
kénging ical wau wedalan sarta ingkang gadhah akén angicalaké,
amesthi kang amameruh wau angicalna. Yén saupami boten kénging
kaicalaken nanging wau wedalan dados anyudakaken ing rêrêgéning
sinjang, amesthi kang amameruh wau amangsulna dhateng kang
gadhah : sarta anempahi ing sudaning rêrêgé[84]n tuwin séwanipun.
Nanging yén saupami wedalan wau dados angindhakaken ing rêgining
sinjang, kang punika tiyang ingkang amameruh pikantuk bagiyan.
Saupami sinjang sadéréngngipun kawedel rêgi sedasa réyal nanging
sampuning kawedal dados rêgi gangsal welas réyal, kang punika
kaindhakanipun saking rêrêgéné kang wau kabagi tiga, kang gadhah
sinjang pikantuk kalih duman, wondéning tiyang kang amameruh sarta
medal wau : pikantuk bagiyan seduman.

Prakawis : 201

Saupami wonten tiyang amameruh ing barangnging titiyang lajeng


kaworaken kalih barangngé piyambak, kang punika saupami kénging

72Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kapisah, inggih kapisaha, kadita gandum pethah kaworaken ing
gandum abrit utawi sasaminipun. Yén saupami wau anggéné amisah
sanget sukeripun, kadita gandum pethah sami pethah, kénging kang
mameruh wau yén angilénan ing kathah-kathahé parêgén wau barang
kang dipun waweruh, utawi anempahi ing saupaminipun.

Prakawis : 202

Saupami wonten tiyang amameruh ing barangnging titiyang awarni


kajeng, lajeng kadamel galuring griya, kang punika amesthi tiyang kang
mameruh wau yén anglolosa wau kajeng, lajeng kasukakna ingkang
gadhah, sarta ambayara tetempah saking sudaning rêrêgén, mengkaten
punika mengkaten ugi séwanipun. Nanging saupami wau kajeng
sampun mopol amesthi ambayara tetempah saking kathah-kathahing
rêrêgen sarta séwanipun. Mengkaten ugi tiyang kang mameruh ing
kajengnging titiyang, lajeng kadamel baita, ukumipun kasamékaken
kadi déning tiyang kang amameruh ing kajeng ingkang kadamel galur.

[85]Prakawis : 203

Saupami wonten tiyang amameruh ing sitining titiyang, sarta wau siti
sampun kapindhah saking panggénanipun, kang punika amesthi wau
siti kang sampun kapindhah : kawangsulakna dhateng ing
panggénanipun, sarta wau siti karadina kadi déning kang wau. Wau
kang gadhah siti kénging yén anedhaha séwanipun siti kang dipun
bekta, tuwin séwanipun pasiténé kang dipun ambah dhateng titiyang
ingkang mameruh wau, nalikané ambangsulaké siti kang dipun bekta.

Bab Tumbas Barangnging Tiyang Kelayan Kawesésa

Prakawis : 204

Saupami wonten tiyang kekalih sami anggadhahi barang setunggal


kadita pasitén utawi griya gedhong, kang punika saupami salah
setunggilipun tiyang kekalih wau awadé ing bagiyanipun kawadé
dhateng tiyang liya, kang punika kénging kang setunggilipun yén

73Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
amesésaha katumbas piyambak kadi déning rêrêgén kang sampun
kajanjékaken dhateng titiyang liya wau punika.

Prakawis : 205

Saupami wonten tiyang agadhah wang selaka utawi wang mas mongka
wau wang kapasrahaken dhateng sewiji titiyang, supados wau tiyang
kang dipun pasrahi anglampahina, sarta amawi prajanjiyan amalih
bathi : utawi mertiga, kang punika kénging tiyang kang kapasrahan wau
yén anglampahina. Saupami enggéné anglampahaké wau pikantuk bathi,
wau bathén kegadhah wateng tiyang kekalih, kadhérékaken punapa
saprajanjiyanipun kang wau. Nanging yén saupami amanggih tetunan,
boten kénging [86] kang agadhah uwang wau : yén anedhaha tetempah
dhateng kang anglampahaké wau yatra. Yén saupami barang kang
dipun lampahaké wau ical utawi rêsak sarta boten kainan kang
anglampahaké, kang punika boten kénging kang gadhah wau yén
anedhaha tetempah dhateng kang anglampahaké. Yén saupami tiyang
kang anglampahaké wau : angakeni ical utawi angakeni sampun
kawangsulaken dhateng kang gadhah, wondéning kang gadhah boten
pracados sarta boten rumaos tampi, boten wonten ingkang anekséni,
kang punika kalerêsaken paturanipun ingkang anglampahaké : sarta
kasumpah, wau kang anglampahaké boten katempahan. Yén saupami
titiyang kekalih wau sami selaya ing prajanjiyan, kadita kang
anglampahaké angakeni janji malih bathi, déning kang gadhah
angakeni janji amertiga, kang punika kasumpah kalihipun. Wondéning
sumpahipun kang anglampahaken : temen-temen boten janji amertiga
bathi, wangsul yektos ajanji yén malih bathi kémawon, sumpahipun
kang gadhah, temen-temen boten janji amalih bathi, wangsul yektos
janji amertiga bathi. Sampuning sami kasumpah, wau kang
anglampahaké boten kénging yén amendheta bebathén, déning wau
bebathén kegadhah dhateng kang anggadhahi wang, nanging kang
anglampahaké pikantuk épahan punapa sapatutipun ing pedamelané.

74Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Tiyang Beberah

Prakawis : 206

Yén saupami wonten tiyang angalap opah anyirami tetaneman sarba


mawi janji,kang kadamel berahan wohing taneman kang kasiraman wau
kapalih utawi kapara tiga, kang punika kénging kalampahaken
prajanji[87]yan yén kang kasiraman kurma utawi anggur.wondéning
saliyanipun saking kalih prakawis boten kénging yén ajanjiya berahan
kawiyosaken saking uwoh. Saupami kajengan liyané saking kurma kalih
anggur, yén sami anunggilpanggénan, inggih kénging ugi
kadhérékaken kadi déning wau kurma kalih anggur. Wondéning
pedamelan kang amesthi kadamel déning berah, kadita anyiram anyaéni
sumur utawi lelarén ambubuti suket adamel anjang-anjang, ambucal
kemladhéyan angreksa, angundhuhi uwoh, angeré. Dénten pedamelan
kang amesthi kadamel déning kang gadhah, kadita amageri, adamel
sumur utawa larén. Yén saupami beberah wau késah, késahipun déréng
dumugi pedamelané, mongka kang gadhah andumugékaken
pendamelané wau berah, kang punika teksih ugi kang beberah
pekantuk berahan punapa saprajanjiyanipun. Nanging saupami kang
gadhah taneman boten purun andumugékaké, sayogya kang gadhah
matura dhateng kang anyepeng ukum kang supados kukup
amendhetna berah. Yén kang gadhah boten purun matur dhateng kang
anyepeng ukum, sayogya adamela seksi, supados wau seksi angunina
kathahkedhikking yatra kang dipun damel belonja anambeli sakésahé
utawi sakité wau berah. Kang mengkaten punika, bilih kang gadhah
taneman sedya anedha tetempah dhateng kang beberah. Yén saupami
wau berah pejah : sarta gadhah barang tetilaran, mongka Ahli waris
andumugékna pedamelanipun, sami ugi kaépahaké : utawi kalampahan
piyambak. Yén upami kaépahaké, inggih amendheta tetilaran wau
punika.

75Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
[88]Bab Sewa

Prakawis : 207

Saupami wonten tiyang anyéwakaken tetunggangan amawi janji


sadumuginipun pedamelan kang sineja, kang punika saupami pejah
wau tetunggangngan ing sadéréngngipun dumugi, amesthi kang
anyéwakakn anglintonana tetunggangngan malih, supados
andumugékna dhateng panggénanipun kang kaseja. Yén saupami kang
kang kaséwakaken awarni griya, rêbahé utawi icalé wau griya boten
amesthi kang anyéwa yén anglintonana, kénging kang gadhah
anedhaha séwané kang sampun dipun lampahi nalikané déréng rêbah.
Wondéning kang amesthi ingkang kadamel dhateng kang anyéwakaken
tetunggangan wau, kadita andhérékaken anamcang, amakani sarta
ababah-abahi, tuwin amerdékaken praboting tetunggangngan, dénten
pamesthiné kang anyéwakaken griya, amangun sakathahé kang rêsak,
ameng angresikki plataraning griya, punika dhateng kang anyéwa.

Prakawis : 208

Saupami wonten tiyang anyéwa griya utawi tetungangngan, kénging yén


kanggé piyambak utawi kanggékaké tiyang liya. Nanging kedhah kang
angupaméni, boten kénging kang anyéwa yén kanggékna kang
anglangkungngi gengngé saking piyambakké. Mengkaten ugi tiyang
kang anyéwa griya, yén wau griya kanggékna dhateng pandhé utawi
tukang manatu, punika boten kénging. Yén kelampahan kadamel ing
dalem kalih prakawis wau, andadosaken karêsakan, amesthi
katempahan kang anyéwa.

Prakawis : 209

Saupami wonten tiyang anyéwa tetunggangan, wau tetunggangngan


lajeng ka[89]cancang dhateng anyewa, kang punika saupami pejah
kalané teksih kacancang, boten kénging katempahan dhateng kang
anyéwa. Nanging saupami pejahé karêbahan punapa-punapa nalikané

76Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
teksih dipun titihi, utawi karêbahan kanthi, punika kénging katempahan
dhateng kang anyéwa.

Prakawis : 210

Saupami wonten tiyang amberahaken medel sinjang : utawi andodomi,


tuwin saupaminipun, mongka ical wau sinjang, nanging icalipun boten
amargi kainanipun kang beberah, kang punika boten kénging
katempahna dhateng kang beberah.

Prakawis : 211

Saupami wonten tiyang amasrahaken sinjang dhateng tukang pandom


supados kadodoman : utawi kadamela ing saupaminipun, kalané
amasrahaken boten mawi anyebut épahan sarta boten anyemoni
dhateng wau épahan, kang punika amesthi kang gadhah sinjang yén
asukaha épahan. Kang mengkaten punika, bilih tukang pandom punika
dédé kewula : sarta dédé tiyang kumrung. Yén kang dipun pasrahi wau
kewula : utawi tiyang kumprung, amesthi asukaha épahan.

Prakawis : 212

Saupami wonten tiyang anyéwa griya : prajanjiyan amung sesasi, kang


punika saupami griya boten dipun enggéni dhateng kang anyéwa,
saingga dumugi janjinipun, amesthi ambayara séwanipun ing dalem
sesasi.

Prakawis : 213

Saupami wonten tiyang amadhukunan, wau dhukun awis kalepatanipun


enggénipun anjejampéni, saupami enggénipun anjampé[90]ni mawi
janji épahan sarta kelayan rêgining jejampi, mongka kang jinampén
boten saras, amesthi kang sakit angépahan : sarta ambayar rêgining
jejampi. Nanging saupami dhukun asring-asring kalepatan enggénipun
anjejampéni : sarta mawi janji kadi kang sampun kasebut wau, kang
punika boten amesthi kang sakit yén anyukanan épahan, sawab
setengah kainanipun wau dhukun adamel kang boten dipun kawagedi.

77Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Tiyang Ambubak Wana

Prakawis : 214

Saupami wonten tiyang anggegesang pasitén kang pejah, kadita wana


kang déréng kataneman, mongka siti wau kegadhah dhateng kang
anggegesang. Wondéning patrapé enggéné anggegesang, supados
tetepa siti kedarbé ingkang anggegesang, kang punika saupami siti
ajeng kaadegan griya, sarat kapagerana : kapayonan : sarta kasukanan
kori. Yén badhé kadamel kandhang, amung pager kelayan kori, boten
sarat kapayonan. Yén badhé kadamel pasabinan, sarat karadin pasitén
sarta dipun galengngi, boten sarat kadhedheran wiji. Yén kadamel
pakebonan, dados sarat amagerana : sarta anguruga.

Prakawis : 215

Saupami wonten tiyang saweg anglekasi anggegesang pasitén pejah :


déréng kantos dumugi punapa kasedyakaké, saweg adamel anjir, utawi
siti wau sampun kaparingaké déning ratu, kang punika ukumipun
déréng kegadhah wau siti dhateng tiyang punika, nanging dados
sengkeran kémawon. Saupami wonten titiyang kang anglajengngaké,
wau siti inggih kedarbé dhateng kang anglajengngaké.

[91]Prakawis : 216

Saupami wonten margi, wau margi kedarbé tiyang kathah, kénging


sabarang tiyang nging sabarang tiyang yén amergénana, mengkaten ugi
kadamel lenggah utawi ngadeg léren amrih angantos réncangipun, sarta
kénging awadé tingumbas wonten setengahing margi. Kang mekaten
punika, saupami boten anesekki dhateng tiyang kang sami langkung.
Yén saupami wonten titiyang sampun alenggah wonten ing margi wau,
kang punika boten kénging yén kaandhiha, kejawi yén sampun késah.

Prakawis : 217

Saupami wonten siti kang miyos welirang : utawi séla wungkul utawi
saupaminé, kang punika wau welirang kénging sabarang tiyang yén

78Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
amandheta, boten kénging sewiji tiyang yén angawisana. Wondéning
tetepipun wau welirang kegadhah dhateng tiyang : yén sampun
kaentasaken saking panggénanipun, déréng kegadhah welirang : yén
amenhka tengeran utawi kasaosaké ing ratu.

Prakwis : 218

Saupami wonten jené utawi selaka kang sami teksih wonten salebeting
siti, kénging sabarang tiyang yén sami amendhetana. Nanging saupamo
wonten pasitén pejah kagegesang ing titiyang, nunten wau siti wonten
jené, mongka wau jené tetep kadarbé dhateng kang anggegesang wau.

Prakawis : 219

Saupami wonten toya miyos saking sumberaning rêdi, kénging


sakathahé tiyang amendhetana. Yén saupami wonten tiyang kathah
sami akajeng dhateng wau toya : kadamel angelebi pasiténipun sami,
kang punika karumiyina pundi kang caket panggénané saking toya wau.
Yén sampu[92]n sami kaleban dumugi sakajengngé kang caket toya,
nunten kapindhahna dhateng sauruté. Wondéning toya kang wonten ing
lépén tuwin sesumbaran déréng wonten tiyang gadhah, kejawi yén
sampun kawadhan.

Prakawis : 220

Saupami wonten tiyang andamel sumur : panggénanipun wonten siti


pejah, nanging pandamelé boten seja kamélik, kang punika sabarang
tiyang boten kénging yén amendheta : kejawi angsal wewenangngé
kang andamel wau. Yén kang damel sampun késah saking ngriku,
kénging sabarang tiyang amendhetana.

Prakawis : 221

Saupami tiyang sami bebathon ambendung lépén, kang punika


toyanipun kabagi dhateng kang sami ambedung wau, patrapé
enggénipun ambagi kadhérékaken kathahing kajeng kang kadamel
bendung.

79Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Adedana

Prakawis : 222

Saupami tiyang amakapaken ing barangngé : utawi andanakaké, kang


punika sewiji tiyang boten kénging yén amadéya : tuwin améwhna :
sarta amarisa. Sawab barang kang kadanakaké wau, sampun medal
saking gadhahaning manusa. Wondéning tiyang kang kanggénan
barang dana, amung kénging amendhet munpangaté kémawon,
kénging yén kaanggéya : tuwin kaséwakaké : sarta kasambutaké.

Prakawis : 223

Saupami tiyang andanakaké barang, kadanakaké dhateng anak putuné


piyambak, kang punika wau anak putu sami anggadhahi sedaya
dhateng munpangaté wau barang. Yén anak putu sampun sami pejah
seda[93]ya, mongka barang kang kadanakaken wau : kapindhahna
dhateng sanakké kang ragi caket.

Prakawis : 224

Saupami wonten tiyang adamel dana lembu : maésa : utawi


saupaminipun, mongka kadanakaké wau pejah amargi kapejahan tiyang,
kang punika boten kénging kang dipun danani yén amendheta ing yatra
tetempah, nanging wau yatra katumbasna malih kang dados lelintuné.

Bab Pawéwéh

Prakawis : 225

Saupami wonten tiyang anyukakaké gadhahané, nanging barang déréng


ketampén dhateng kang dipun sukani, kang punika déréng kénging wau
barang yén kanamakna dados gadhahané kang dipun sukani. Saingga
sampun katampén punika tetep dados gadhahané, boten kénging
kajabel malih. Nanging saupami kang dipun sukani punika anak
dhateng sapengandhapipun, yén déréng pindhah dhateng tiyang sanés,
kénging wau barang yén kajabela. Yén sampun pindhah dhateng tiyang
sanés sanadyan wangsula malih, boten kénging yén kajabela.

80Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 226

Saupami wonten tiyang anyukakaken barangngipun, nanging kalané


anyukakaké mawi prajanjiyan supados kang dipun sukani wau
amangsulana pawéwéh malih, kang punika wau wewales
sampunkapratélakakén, monghka katetepaken barang punika dados
wadé tinumbas. Yén boten kapratélakaké wau wewales, boten dados
pawéwéhipun tuwin pamadénipun.

[94]Prakawis : 227

Saupami wonten tiyang anyukakaken ing barangngipun wau barang


mawi kewadhahan, yén saupami boten limrahing adat yén wadhah
kawangsulna, mongka kalebet wau dhawah dados pawéwéh, kadita
karung kadamel wadhah uwos utawi saupaminé. Yén limrah wewadhah
kang kawangsulaken, inggih boten kelebet ing pawéwéh : sarta boten
kénging kang dipun sukani yén anganggéya dhateng wau wewadhah.
Nanging saupami kang dipun wéwéhaken limrah yén katedhiya wonten
ing wewadhah ngriku, kadita bubur tuwin saliyané, kénging yén
katedhaha wonten ing wewadhah ngriku.

¤¤¤

Prakawis : 228

Saupami wonten tiyang amanggih barang boten kantenan ingkang


gadhah, kang punika yén ingkang manggih tiyang santosa, sayogya
kacepengnga, sampun kantos kacepeng dhateng tiyang kang boten
santosa, kang sarta kénging yén kang manggih amendheta pisan.
Nanging saupami wonten kang ngaken, amesthi amangsulaké : utawi
anglintoni rêginé. Nanging saupami yén barang sedyua kapendhet, srat
ajeng kabayawarakaken, laminé enggéné ambayawarakaké angantos
setaun. Patrapé enggéné ambayawarakaké : kang rumiyin apitakén
punapa warniné, yén jené pinten wawraté : lan punapa wadhahé : tuwin
tangsulé. Wodéning enggénipun ambayawarakaké ing pundi adat

81Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
panggénan ingkang limrah kedamel pakumpulan tiyang kathah, kadita
korining masjid utawi peken, laminé pitung dinten enggéné
ambayawarakaken wau, sedintené kadamel kaping kalih, nunten saben
pitung dinten nunten saben-saben sesasi sepisn. Wondéning yén barang
kelangkung kedhik, inggih ambayawara[95]kna laminé kang sekinten
gadhah barang boten amimikir dhateng gadhahanipun wau. Yén
saupami enggéné ambayawarakaké ing barang sampun dumugi setaun,
mongka barang wau tetep dados gadhahanipun kang manggih wau,
nanging sarat kedhah amiraos yén barang sampun kagadhah. Yén
sampun barang dados gadhahanipun nunten wonten kang angakeni
sarta kelayan saksi, utawi boten kelayan seksi, nanging dipun lerêsaken
pengakené dhateng kang amanggih wau, kang punika wau barang
amasthi yén kawangsulna. Yén barang sampun ical wajib anempahana
ing sarêginé. Yén wonten kang angaken, nanging pengakené boten
pratéla : boten anyebut warniné : tuwin wawrat sarta wadhahé : tangsulé,
tanpa seksi, kang punika boten kénging kapasrahena wau barang.
Nanging saupami pengakené mawi anyebut nami, sarta kalerêsaké
kelayan pakikinten dhateng kang amanggih, kénging yén kapasrahena.
Sampuné kapasrahaken, mongka wonten kang angaken malih : sarta
akanthi seksi, nanging barang sampun ical, kang punika kénging kang
angaken ingkang kelayan seksi : yén anedhaha tetempah dhateng salah
setunggilé, nanging dhokking tetempah dhateng kang dipun pasrahi
barang, yén kang manggih anempahi, kénging anedhaha lelintu
dhateng kang kapasrahan barang.

Prakawis : 229

Saupami wonten tiyang amanggih barang, panggénané manggih wonten


ing siti mekah, kang punika kang amanggih boten kénging yén
anggadhahana paneja ajeng amendhet pisan, ameng kasimpena : sarta
kabayawarakna ing salami-laminipun.

82Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 230

Saupami wonten titiyang amiraos dhateng sewiji tiyang, mengkaten


worao[96]sé sinten kang waged amangsulaké barang kula kang ical,
kula sukani sepalih. Mongka kelampahan wonten kang mangsulaké,
sarta dédé kang nyolong, kang punika amesthi kalestantuna punapa
sawiraosipun. Nanging saupami kang mangsulaken punika kang
nyolong, kang punika boten amesthi yén kalestantuna wau wiraosé,
sawab déning kang anyolong wau ukumipun amesthi yén amangsulna
kang cinolong.

Prakawis : 231

Saupami wonten tiyang amiraos sapunika wiraosé : sinten kang suka


tedah barang kula kang ical kula sukani sepalih. Kelampahan wonten
kang anedhaken yén barang kacepeng tangané tiyang liya, kang punika
boten amesthi yén anglestantuna woraosé. Sawab pandameling boten
kelayan kangélan boten wonten upahipun.

Prakawis : 232

Saupami wonten tiyang titip barang, mongka ical wonten panggénané


kang dipun titipi, kang punika boten ketempah tiyang katitipan.
Nanging kénging yén katempahena, yén kang wau barang klané
katitipaké kasimpen ing panggénan kang santosa, awusana kapindhah
dhateng panggénan liya kang boten anyaméni kadi ingkang wau,
sandyan patuta dados pasimpenanipun barang punika wau. Kang
mengkaten punika, bilih boten kelayan kajengngé kang titip. Mengkaten
ugi : yén kang katitipan anitipna dhateng tiyang liya kang boten kelayan
sukané kang gadhah : sarta boten dados kesusahané.yén saupami
dados kesusahan, kadita ajeng kékésahan utawi sakit sanget utawi
kathah griya kobong, kang punika amesthi barang yén kawangsulna
dhateng kang gadhah malih. Yén kang [97] gadhah anuju boten wonten,
mongka kapasrahana dhateng kang anyepeng ukum. Yén ing ngriku
boten wonten kang anyepeng ukum, kapasrahna dhateng tiyang kang
santosa. Yén saupami prakawis punika boten purun anglampahi, yén

83Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
barang kantos ical, mongka katempahan kang katitipan. Mengketen
malih katempahan yén barang kang katitipaké amesthi kaanggé : boten
purun nganggé, utawi boten purun makani : yén barang punika
limrahipun anedhi, sadhatengnging pejah, inggih katempahan.
Katempahan malih tiyang katitipan saupami anyelayani kelayan
pakénipun kang gadhah, utawi wau barang kapasrahaken dhateng wau
dursila. Mengkaten malih katempahan yén barang sampun katedha
dhateng kang gadhah : boten inggal kasukakaké, utawi mungkir
katitipan. Nanging yén saupami pamungkiripun amrih ing kawilujengan,
kadita tiyang dipun takéni ing dursila : angaken boten katitipan,
saingga ical, kang punika boten katempahan.

Prakawis : 233

Saupami tiyang katitipan angaken barang punika ical, utawi ngaken


sampun kawangsulaké dhateng kang titip, kang titip angakeni déréng
tampi, sarta maiben yén barang punika icala, tanpa seksi, kang punika
kalerêsaken paturanipun kang katitipan akanthi sumpah sepisan.
Nanging yén saupami kang katitipan angakeni sampun kapasrahaken
dhateng Ahli waris, utawi Ahli warisipun kang katitipan wau sampun
angakeni yén sampun kawangsulaké dhateng kang atitip, kang punika
boten kadadosaken yén boten kelayan seksi.

[98]Prakawis : 234

Saupami tiyang amasiyataken ing gadhahanipun, artosé tiyang


anggantungngaken pawéwéh, kang punika kénging yén kajabela malih :
utawi kawadéya : sarta saupaminé. Wondéning teteping wasiyat
sampuning pejah kang gadhah, sarta panarimané kang dipun wasiyati.

Prakawis : 235

Saupami wonten tiyang masiyataken ing barangngé, sayogya


sampunkantos langkung sepratigané barang kasugihanipun, kranten
boten lulus langkungnging sepratiganing kasugihan yén upami Ahli
waris boten anglulusaken. Yén saupami kang awasiyat wau boten

84Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
agadhah Ahli waris liyanipun kang teksih laré utawi édan, utawi boten
gadhah pisan, kang punika amesthi boten dados langkungipun wasiyat
saking sepratiganing arta kasugihanipun.

Prakawis : 236

Saupami tiyang amasiyataké dhateng Ahli warisé piyambak, kang


punika boten kénging yén kalestantuna sedayaning wasiyat. Nanging
yén boten gadhah Ahli waris laré : tuwin Ahli warisé édan, mongka
wasiyatipun dipun lestantunaken dhateng Ahli waris liyanipun kang
dédé laré, kang punika lulus wasiyatipun.

Prakawis : 237

Saupami wonten tiyang sakit sanget amerdikaké dhateng kewulané :


tuwin améwéhaken ing artané, mongka sakit lajeng pejah, kang punika
ukumipun kadi déning tindakking wasiyat.

[99]Bab Pulmak

Prakawis : 238

Saupami wonten tiyang sakit sanget, kang punika sayogya yén adamela
pulmak dhateng sewiji tiyang kang santosa, kang supados wau pulwak
adamela punapa sawelingngé kang sakit wau sampuning pejah, kadita
akén ambayari sambutanipun utawi angantukaken barang titipan utawi
seselangan tuwin barangngé tiyang kang dipun waweruh, artosé kala
kapendhet kang gadhah barang boten uninga, mengkaten malih aken
anglestantunaken wasiyat utawi ambau rêksa anakké kang meksih laré
utawi édan. Nanging menawi melingaké amelékakeké anak kang teksih
laré, utawi akén padamelan kang kacegah ing agami, kadita anyaéni
panggénaning brahala : utawi kénging yén kalestantuna. Saupami tiyang
kang sakit wau teksih gadhah bapa, kang punika sayogya bapa ingkang
kadamela pulmak. Sampuning pejah wau kang sakit amesthi wau
pulwak anglestantuna sawelingngé, kadi kang sampun kasebut ing
nginggil. Saupami anak kang teksih laré sampun dumugi umur gangsal
welas taun sart anggadhahi kapikiran saé, kang punika wau pulmak

85Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
amesthi masrahena barang warisipun. Saupami selaya wau anak kelayan
pulmak, kadita pulmak angakeni wau barang sampun kapasrahaken
dhateng wau anak, dénten wau anak angakeni déréng tampi, boten
wonten ingkang anekséni, kang punika kalerêsaken paturanipun wau
anak, nanging mawi kasumpah ping pisan, sampuning sumpah anak
wau kasumpah, amesthi pulmak wau anempahi punapa sapanerkanipun
anak wau punika.

[100]Bab Waris

Prakawis : 239

Saupami wonten tiyang pejah atilar barang, kang punika wau barang
boten kénging yén kabagiya dhateng Ahli waris sadéréngngé telas
kabayaraken tetanggelanipun kang pejah, kadita kabayaraken dhateng
sambutan tuwin kapendhet kadamel wragad kala pejah, kadita ules lan
ambayar kang damel luwang : utawi kang mikul. Sampuné cukup
kadamel ambayar : sarta kadamel wragad sakantuné tatilaran punika
ingkang kabagi. Wondéning sipaté kang sami angsal waris tiyang kawan
prakawis, kang rumiyin bongsa, kadita anak putu : saupaminé, kaping
kalih bojo, kaping tiga kang amardikakaké ing piyambakké, lamun kang
pejah punika angsal saking kewula, kaping sekawan ingkang nunggil
agami. Wondéning tiyang jaler kang sami angsal waris kathahé gangsal
welas, kang sepisan anak jaler,kaping kalih putu jaler kang saking anak
jaler : sarta sapengandhapipun, kaping tiga bapakkipun, kaping
sekawan kaki saking bapa : sapangnginggilipun, kang kaping gangsal
sedhérék jaler kang tunggil sabapa biyang, kaping nem sedhérék jaler
sabapa kémawon, kaping pitu sedhérék jaler sabiyang kémawon,kaping
wolu sedhérékké jaler bapa kang kang tunggil bapa biyang, kaping
sanga sedhérékké jaler bapa kang tunggil bapa kémawon, kaping
sedasa anakké jaler sedhérékké jaler bapa kang tunggil sabapa
sabiyang, kaping sawelas anakké jaler sedhérékké jaler bapa kang
tunggil bapa kémawon, kaping kalih welas anakké jaler sedhérék jaler
sabapa kémawon, kaping kawan welas laki,kaping gangsal welas tiyang
jaler kang amerdikakaké ing piyambakké : lamun angsal saking kewula.

86Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Wondéning tiyang éstri kang sami ang[101]sal waris kathahipun sedasa,
kang rumiyin anakké éstri, kaping kalih putu éstri saking anak jaler :
sarta sapengandhapipun, kaping tiga biyang, kaping sekawan nini
saking bapa, kaping gangsal nini saking biyang : sarta sapenginggilipun,
kaping nem sedhérékké éstri sabapa sabiyang, kaping pitu sedhérékké
éstri sabapa kémawon, kaping wolu sedhérék éstri sabiyang kémawon,
kaping sanga rabi, kaping sedasa tiyang éstri kang amerdikakeké :
lamun kang pejah angsalé saking kewula.

Prakawis : 240

Saupami tiyang éstri pejah, mongka tiyang jaler kang sami kasebut ing
nginggil wau wonten sedaya, kang punika kang angsal waris ameng
titiga, kadita anakké jaler : bapa : laki, sawab déning tiyang jaler kang
kalih welas sami kaling-kalingngan déning anak jaler : utawi kaling-
kalingngan déning bapakkené kang pejah. Wondéning barang titilaran
kabagi dados kawan welas bagiyan, seprapaté gadhah dhateng laki,
separa neman kegadhah dhateng bapa,pitung duman kang kantun saki
kehadhah anak jaler sedaya.

Prakawis : 241

Saupami wonten tiyang jaler pejah, monhka tiyang éstri kang sampun
kasebut ing nginggil wau sami wonten sedaya, kang punika amung
tiyang segangsal ingkang angsal waris, kadita anakké éstri : putu éstri
saking anak jaler : sedhérék éstri sabapa sabiyang : rabi : biyang.
Sawab nini kalingan biyang, dénten tiyang éstri kang mardikakaké :
sarta sedhérék éstri sabapa kémawon punika kalingan dhateng
sedhérék éstri sabapa biyang. [102] Dhateng anak éstri sepalihé saking
kawan likur, kegadhah dhateng putu éstri separa nemmé saking kawan
likur, kegadhah dhateng biyang separa nemmé saking kawan likur,
kegadhah dhateng sedhérék éstri kang sabapa sabiyang setunggal.

87Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 242

Saupami wonten tiyang jaler pejah, mongka tiyang jaler sarta tiyang
éstri kang kasebut ing nginggil wau sami wonten sedaya, kang punika
amung tiyang segangsal kang angsal waris, kekalih kang jaler, kadita
anak kelayan bapa, tetiga kang éstri, kadita biyang : anak éstri : rabi.
Patrap kang mengkaten punika, kaprinci dados pitung dasa kalih,
kegadhah dhateng bapa kalih welas bagiyan, kegadhah anak éstri tiga
welas bagiyan, kegadhah anak jaler nem likur bagiyan.

Prakawis : 243

Saupami wonten tiyang éstri pejah, mongka tiyang jaler sarta tiyang
éstri kang sampun sami kasebut ing nginggil sami wonten sedaya, kang
punika amung tiyang gangsal kang sami angsal waris, kang jaler tiga,
kadita anak jaler : bapa : laki, kang éstri kalih, kadita anak éstri : biyang.
Patrap kang mengkaten punika, barang tetilaran kaprinci dados tigang
dasa nenem, kedarbé bapa sepraneman, kedarbé biyang separa neman,
kedarbé laki seprapat, sakantuné kedarbé anak jaler kalih duman,
kadarbé anak éstri seduman. Wondéning pandumané tiyang kang sami
angsal waris kang sampun kaparéntahaken ing Gusthi Allah, amung
nem prakawis, kadita angsal sepalihé titilaran, kaping kalih angsal kalih
pratiganing tetilaran, kaping tiga angsal sepratiganing titilaran, kaping
sekawan angsal ing seprapataning tetilarab, kaping gangsal angsal
sepranemani[103]pun tetilaran, kaping nem angsal seprowoloning
tetilaran. Wondéning kang sami angsal waris sepalihé tetilaran tiyang
gangsal prakawis kadita laki : yén saupami kang pejah boten atilar anak
sarta putu kang saking anak jaler, kaping kalih anak éstri, kaping tiga
putu éstri saking anak jaler, kaping sekawan sedhérék éstri nunggil
sabapa biyang, kaping gangsal sedhérék éstri kang tunggil bapa
kémawon. Kang mekaten punika, saupami wau anak éstri : putu éstri
kang saking anak jaler : sedhérék éstri kang tunggal bapa biyang :
utawi bapak kémawon sami anak tunggil. Wondéning kang angsal kalih
pratigan kathahé kawan prakawis, kadita anak éstri kekalih tuwin
kakung, kaping kalih putu éstri kekalih tuwin kakung ingkang medal

88Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
saking anak jaler, kaping tiga sedhérék éstri kekalih tuwin kakung kang
tunggil sabapa biyang, kaping sekawan sedhérék éstri kekalih tuwin
kakung kang tunggil sabapa biyang. Wondéning ingkang angsal duman
sepratigan kathahipun tigang prakawis, kadita biyang : saupami kang
pejah boten atilar anak sarta putu kang medal saking anak jaler : sarta
boten atilar sedhérék jaler kekalih tuwin kakung : sarta boten atilar
sedhérék éstri kekalih tuwin kakung, kaping tiga sedhérék tunggil
biyang kémawon kekalih utawi langkung, nanging wonten kalanipun
kaki angsal sepratigan saupami kang pejah atilar sedhérék jaler kekalih
tuwin kakung. Wondéning kang angsal duman seprapat kathahipun
kalih prakawis, kadita laki : saupami kang pejah atilar anak utawi putu
kang saking anak jaler, kaping kalih rabi : saupami kang pejah boten
atilar anak sarta putu kang saking anak jaler. Wondéning kang angsal
panduman separa neman kathahipun pitung prakawis, kadita bapa :
saupami kang pejah ati[104]lar anak tuwin putu kang saking anak jaler,
kaping kalih kaki saking bapa sapenginggil saupami kang pejah atilar
anak utawi putu saking anak jaler, kaping tiga biyang : saupami kang
pejah atilar anak utawi putu saking anak jaler, utawi atilar sedhérék
jaler kekalih, utawi atilar sedhérék éstri kekalih tuwin kakung, kaping
sekawan nini saking bapa utawi saking biyang, kaping segangsal putu
éstri setunggal, kaping nem sedhérék éstri sebapa : saupami ameng
atilar sedhérék éstri kang tunggil sabapa sabiyang setunggal kémawon,
kaping pitu : sedhérék sabiyang : yén ameng setunggal, sami ugi wau
sedhéréh jaler : utawi éstri kang tunggil sabitang wau.

Prakawis : 244

Saupami wonten tiyang jaler pejah atilar anak utawi bapa biyang : tuwin
rabi,kang punika boten wonten ingkang waged angaling-alingngi ing
warisipun sami. Mengkaten ugi saupami kang pejah tiyang éstri, boten
wonten kang angaling-alingngi dhateng warisipun wau laki.

89Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 245

Saupami wonten tiyang pejah atilar putu jaler utawi éstri kang sami
saking anak jaler, kang punika ameng anak jaler ingkang angaling-
alingngi dhateng warisipun wau putu. Mengkaten ugi putu jaler kang
saking anak jaler waged angaling-alingngi warisipun buyut kang saking
putu jaler.

Prakawis : 246

Saupami wonten tiyang pejah atilar kaki saking bapa, kang punika
ameng bapa kang waged angaling-alingngi warising kaki. Mengkaten
ugi kaki waged angaling-alingngi dhateng warisé sabapakipun kaki
sapenginggilipun.

[105]Prakawis : 247

Saupami wonten tiyang pejah atilar nini saking bapa, kang punika
ameng tiyang kekalih ingkang waged angaling-alingngi dhateng
warisipun wau nini, kadita bapa : biyang. Mengkaten ugi nini waged
angaling-alingngi ing warisé sabiyangngé nini.

Prakawis : 248

Saupami wonten tiyang pejah atilar sedhérék jaler tunggil bapa biyang,
kang punika ameng tiyang tetiga kang waged angaling-alingngi dhateng
warisipun wau sedhérék, kadita bapa : anak jeler : putu jaler saking
anak jaler : sapengandhapipun.

Prakawis : 249

Saupami wonten tiyang pejah atilar sedhérék kang tunggal bapa


émawon, kang punika ameng tiyang segangsal ingkang waged angaling-
alingngi warisé sedhérék kang sabapa, kadita : anak jaler : putu jaler
saking anak jaler sapengandhapipun sarta sedhérék jaler tunggil bapa
biyang : lan sedhérék éstri tunggi bapa biyang. Kang mengkaten punika,
wau sedhérék éstri tunggil bapa biyang : wagedé angaling-alingngi

90Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
dhateng sedhérék kang sabapa kéwamos saupami wau kang pejah atilar
anak éstri utawi putu éstri kang anak jaler sapengandhapipun.

Prakawis : 250

Saupami wonten tiyang pejah atilar sedhérék tunggil biyang kémawon,


kang punika ameng tiyang tetiga kang waged angaling-alingngi warisé
sedhérék kang tunggil biyang wau, kadita bapa sapenginggil anak utawi
putu saking anak jaler sapengandhap.

[106]Prakawis : 251

Saupami wonten tiyang pejah atilar anak jaler kang saking sedhérék
jaler tunggil sabapa sabiyang, kang punika ameng tiyang nenem
ingkang waged angaling-alingngi, kadita bapa : kaki saking bapa : anak
jaler : putu jaler saking anak jaler sapengandhap sedhérék jaler tunggil
sabapa sabiyang : sedhérék jaler tunggil sabapa kémawon.

Prakawis : 252

Saupami wonten tiyang pejah atilar kepénakan jaler kang saking


sedhérék jaler tunggil bapa kémawon, kang punika ameng tiyang pitu
ingkang waged angaling-alingngi dhateng wau kepénakan, kadita bapa :
putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sedhérék jaler tunggil bapa
biyang : sedhérék jaler tunggil bapa kémawon, kepénakan jaler kang
saking sedhérék jaler sebapa sabiyang.

Prakawis : 253

Saupami tiyang pejah atilar paman, wau paman saking bapa nunggil
sabapa sabiyang, kang punika kang waged angaling-alingngi daheteng
warisé wau paman ameng tiyang wolung prakawis salah setunggilé,
kang rumiyin bapa, kaki saking bapa, anak jaler, putu jaler saking anak
jaler sapengandhap, sedhérék jaler sabapa sabiyang, sedhérék jaler
nunggil sabapa sabiyang, kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler
nunggil bapa kémawon.

91Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 254

Saupami tiyang pejah atilar paman saking bapa kang nunggil bapa
kémawon, kang punika ameng tiyang sanga kang waged angaling-
alingngi dhateng warisipun wau paman lamun pinanggih salah
setunggilé, kadita bapa, kaki saking [107] bapa, anak jaler, putu jaler
saking anak jaler sapengandhap, sedhérék jaler nunggil bapa biyang,
sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kepénakan jaler sedhérék jaler
nunggil sabapa sabiyang, kepénakan jaler saking sedhérék jaler nunggil
sabapa kémawon, paman saking bapa kang nunggil bapa biyang.

Prakawis : 255

Saupami wonten tiyang pejah atilar anakking paman saking bapa kang
nunggil bapa biyang, kang waged angaling-alingngi warisipun wau
anakking paman amung tiyang sedasa prakawis, kadit bapa, kaki saking
bapa, anak jaler, putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sehdérék
sabapa sabiyang, sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kepénakan
jaler saking sedhérék sedhérék jaler nunggil bapa biyang, kepénakan
jaler saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, paman saking bapa
nunggil bapa biyang, paman saking bapa nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 256

Saupami tiyang pejah atilar anakking paman jaler saking bapa nunggil
bapa kémawon, kang punika amung tiyang sewelas prakawis ingkang
angaling-alingngi salah setunggilé dhateng warisipun wau anakking
paman jaler kang saking bapa kang tunggil bapa kémawon, kadita bapa,
kaki saking bapa, anak jaler, putu jaler saking anak jaler sapengandhap,
sedhérék jaler nunggi bapa biyang, sedhérék jaler nunggil bapa
kémawon, kepénakan jaler saking sedhérék jaler nunggi bapa biyang,
kepénakan jaler saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon,
anakking paman jaler saking bapa nunggil bapa biyang.

92Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 257

Saupami tiyang pejah atilar putu éstri saking anak jaler, ameng tiyang
ka[108]lih prakawis kang waged angaling-alingngi warisipun, kadita
anak jaler : anak éstri kalih utawi kakung. Kang mengkaten punika,
saupami wau putu éstri boten akanthi kelayan sedhérékipunjaler
piyambak sarta boten akanthi anakking paman sedhérékké bapakipun
piyambak. Yén saupami akanthi salah setunggilé kang sampun kasebut
wau, mongka putu boten kalingan dhateng tiyang kalih prakawis, teksih
angsal ugi waris, sawab salah setunggalé akanthinipun wau putu kang
anarik angsalipun waris.

Prakawis : 258

Saupami tiyang pejah atilar buyut éstri saking biyang, kang punika
buyut kalingan dhateng nini, artosé pundi kang kacaket dhateng kang
pejah waged angaling-alingngi dhateng kang ragi tebah.

Prakawis : 259

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri nunggi bapa kémawon, kang
punika kalingngan dhateng sedhérék éstri kalih utawi kakung : kang
sami nunggil sabapa sabiyang. Mengkaten ugi wau sedhérék éstri kang
nunggil bapa biyang, saupami wau sedhérék kang setunggal kang
nunggil bapa biyang : yén akanthi anakké éstri wau kang pejah amung
setunggal kémawon utawi kanthi putuné éstri kang pejah saking anak
jaler ameng setunggil kémawon.

Prakawis : 260

Saupami tiyang éstri pejah atilar laki : biyang : sedhérék tunggil biyang
kémawon sarta paman saking bapa, kang punika wau paman saking
bapa warisipun kalingngan dhateng kumpulipun tiyang tiyang tga wau,
sawab pandumané [109] tiyang tiga anelasaken pandumané dhateng
barangngipun kang pejah. Patrap kang mengkaten punika, wau tilaran
kaprinci dados nenem, kedarbé laki kang tigang duman, kedarbé biyang
kalih duman, kegadhah sadhérék tunggil biyang sebagiyan. Nanging

93Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
saupami mayit amung tilar laki : sarta paman saking bapa kémawon,
mongka wau paman angsal panduman sepalih. Yén mayit ameng tilar
biyang : sarta paman saking bapa, mongka wau barang kapara tiga,
kedarbé dhateng paman. Yén mayit atilar sedhérék tunggil biyang :
sarta paman saking bapa, kang punika barang kapara neman, segangsal
kedarbé paman, setunggal kedarbé sedhérék wau.

Prakawis : 261

Saupami tiyang pejah, nanging angsal saking kewula, pejahipun boten


agadhah anak sarta liyané, amung atilar bendara kang sampun
amardikakaké dhateng wau mayit, kang punika sakathahé tilarané sami
kedarbé kang mardikakaken wau punika. Yén saupami mayit mawi atilar
kang angsal panduman kadita laki : sarta kang mardikakaken, wau
barang kapalih, kedarbé laki sepalih, sepalihé kedarbé kang
mardikakaken. Yén mayit atilar biyang kalih kang mardikakaken wau,
kang punika barang tetilaran kapara tiga, kang seduman dhateng
biyang, kang kalih duman dhateng kang mardikakaken. Nanging
saupami kang pejah wau atilar bapa sarta kang mardikakaken, barang
tetilaran kedarbé bapa sedaya, sawab kamardikakaé kalingngan
dhateng bapa.

Prakawis : 262

Saupami tiyang pejah boten atilar Ahli waris bongsa : tuwin kang
mardigakaken ing mayit wau, sarta boten tilar bojo, kang punika barang
[110] tetilaranipun ratu kang angasta sedaya, kadamel saosan mesjid
ingkang rêsak : kreteg rêsak : katutungngaké dhateng anak meskin
utawi pekir meskin sarta saupaminé. Kang mengkaten punika, yén ratu
adil paréntahé ing agami. Yén boten adil, wau barang kabagi dhateng
anakké kang sami boten angsal waris, warniné kadita kaki saking
biyang, biyangngipun bapakkené biyang, putu jaler utawi éstri kang
sami saking anakké éstri, kepénakan éstri kang saking sedhérék jaler,
kepénakan jaler utawi éstri kang sami saking sedhérék éstri, kepénakan
jaler kang saking sedhérék jaler sabapa kémawon, paman saking bapa

94Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kang nunggil biyang kémawon, anakké éstri sedhérékké jaler bapa, bibi
saking bapa, paman saking biyang : bibi saking biyang.

Prakawis : 263

Saupami tiyang pejah amung atilar anak jaler kémawon, kang punika
barang tetilaran kedarbé anak jaler wau punika sedaya, yén anak
wonten tunggilipun sami jaler, wau barang kabagi sami kémawon,
artosipun sedasa samisedasa. Nanging yén kang pejah atilar atilar anak
jaler sarta anak éstri, mongka barang kedarbé anak jaler kalih bagiyan
kang sabagiyan dhateng anak éstri. Saupama kang pejah ameng tilar
putu jaler saking anak jaler, barang tetilaran kedarbe putu sedaya. Yén
wau putu wonten tunggilipun sami jaler, barang tetilaran inggih kapalih,
sami kedarbé putu kekalih wau. Yén kang pejah atilar putu jaler sarta
putu éstri kang sami saking anak jaler, kang punika barang tetilaran
kedarbé putu jaler kalih duman kang seduman dhateng putu éstri.

Prakawis : 264

Saupami tiyang pejah tilar anak éstri setunggal sarta putu jaler
sa[111]king anak jaler setunggal, kang punika wau anak éstri angsal
sepalihé barang tetilaran, sakantunipun kedarbé putu jaler sedaya. Yén
wau putu wonten tunggilipun malih, kapendhetaken kekantunan kang
kedarbé putu wau punika. Yén kang pejah atilar anak éstri kekalih utawi
langkung : sarta putu jaler saking anak jaler, kang punika barang
tetilaran kabagi tiga, kang kalih duman kedarbé anak éstri kekalih, kang
seduman dhateng putu jaler. Yén putu wonten tetunggilipun, inggih
kapendhetaken pandumanipun putu wau punika.

Prakawis : 265

Saupami tiyang pejah atilar bapa sarta anak jaler, kang punika barang
tilaran kapara nem, kang setunggal dhateng bapa, kang setunggal
dhateng anak wau. Yén anak wonten tunggilipun inggih kapendhetaken
pandumanipun anak wau. Yén kang pejah atilar anak éstri wau kekalih

95Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
utawi langkung, wau barang kabagi tiga, kang kalih duman dhateng
anak éstri kalih, kang seduman dhateng bapa.

Prakawis : 266

Saupami tiyang pejah atilar biyang kalih bapa sarta laki, kang punika
barang tetilaran kabagi nenem, kedarbé dhateng laki tigang duman,
kedarbe bapa kalih duman, dhateng biyang seduman. Yén saupami
kang pejah atilar biyang kalih bapa sarta rabi, kang punika wau barang
kabagi dados kalih welas, kegadhah dhateng rabi tigang duman,
kegadhah dhateng bapa nem duman, kegadhah dhateng biyang tigang
duman.

Prakawis : 267

Saupami tiyang pejah ameng atilar sedhérék jaler setunggal sabapa


sa[112]biyang, kang punika wau barang tetilaran kegadhah sedhérék
wau punika sedaya. Saupami wonten tetunggilé sami jaler, kedarbé
tiyang kalih. Yén wonten sedhérék éstri, angsal sepalihipun saking
sedhérék jaler.

Prakawis : 268

Yén wonten tiyang pejah tetilar sedhérék jaler nunggi bapa kémawon,
barang tetilaran kedarbé sedhérék wau punika sedaya. Yén wau
sedhérék kalih sami jaler, inggih kapalih, nanging sedhérék jaler kang
nunggil bapa émawon punik boten waged abebathon waris kalih
sedhérék kalih kang nunggil biyang kémawon. Wondéning sedhérék
jaler sabapa sabiyang waged yén abebathona dhateng sedhérék kalih
saking biyang kémawon. Warniné saupami wonten tiyang pejah atilar
laki : biyang : sedhérék tunggil biyang kémawon kekalih : sarta
sedhérék jaler setunggil kang nunggil sabapa sabiyang, patrap kang
mengkaten punika, barang tetilaran kabagi dados wolung duman,
kegadhah dhateng laki sangang duman, kegadhah biyang tigang duman,
kegadhah sedhérék tunggil biyang ngalih duman, kegadhah biyang
tigang duman, kegadhah sedhérék tunggil biyang kalih duman dados

96Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
sekawan, kang kalih duman kedarbé sedhérék kang nunggil bapa
biyang.

Prakawis : 269

Saupami tiyang pejah ameng tilar sedhérék jaler setunggil sabapa


sabiyang : serat sedhérék jaler sabapa kémawon, kang punika wau
barang tetilaran kedarbé sedhérék kang tunggil sabapa sabiyang sedaya.
Sawab wau sedhérék kang nunggil bapa biyang waged angaling-alingngi
dhateng sedhérék kang nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 270

Saupami tiyang pejah ameng tilar sedhérék éstri sabapa sabiyang : sarta
sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kang punika barang tetilaran
ka[113]palih, kang sepalih kaedarbé sedhérék éstri kang nunggil bapa
niyang, kang sepalihipun kedarbé sedhérék jaler kang nunggil bapa
kémawon.

Prakawis : 271

Saupami tiyang pejah tilar sedhérék éstri anunggil biyang kekalih : sarta
sedhérék tunggil bapa kémawon setunggal, kang punika barang tilaran
kabagi dados tigang duman, kegadhah dhateng sedhérék éstri wau
anyaduman, kang seduman kedarbé sedhérék jaler kang nunggil bapa
kémawon.

Prakawis : 272

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri tunggil bapa biyang kekalih :
sarta sedhérék éstri nunggil bapa kémawon, kang punika sedhérék
kang nunggil bapakémawon boten angsal waris, sawab kalingngan
dhateng sedhérék éstri kekalih kang sami nunggil bapa biyang.
Nanging yén saupami wau sedhérék éstri kang nunggil bapa akanthi
kelayan sedhérék jaler kang sami nunggi bapa kémawon, kang punika
wau sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon dados angsal waris,
sawab kabekta dhateng sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon,

97Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
patrap kang mengkaten punika, barang tetilaran kabagi dados wolulas,
kegadhah dhateng sedhérék éstri kekalih : kang sami nunggil bapa
biyang : angenem duman, kegadhah dhateng sedhérék éstri kang
nunggil bapa kémawon kang kalih duman.

Prakawis : 273

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri nunggi bapa kémawon


se[114]man, kang kegadhah dhateng sedhérék éstri kekalih sami
nunggil bapa biyang anyeduman, kegadhah dhateng kepénakan jaler
wau seduman, dénten wau sedhérék éstri kang sabapa kémawon boten
angsal waris saking punika, sawab wau kepénakan jaler kang saking
sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon boten waged anarik
angsalaken waris dhateng sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 274

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri kekalih kang sami nunggil
bapa biyang : kalih atilar putu éstri kang sami anak jaler setunggal sarta
atilar buyut jaler kang saking putu jaler : wau putu saking anak jaler,
kang punika barang tetilaran kebagi dados wolung duman, kedarbé
dhateng sedhérék éstri kekalih kang sami nunggil bapa biyang wau
angenem duman, kedarbé dhateng buyut kawan duman, kedarbé putu
éstri wau kalih duman, wondéning putu éstri kang saking anak jaler :
mila angsal waris, sawab katarik déning buyut wau punika.

Prakawis : 275

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang
setunggal kalih atilar anak éstri setunggal sarta atilar sedhérék éstri
setunggil kang nunggilbapa kémawon, kang punika barang tetilaran
kapalih kémawon, kang sepalih kedarbé anak éstri, sepalihipun
kegadhah sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang, dénten wau
sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon boten angsal waris, sawab
kalingngan kumpulipun anak éstri sarta sedhérék nunggil bapa biyang
wau punika.

98Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 276

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri kang nunggil sabapa biyang
[115] setunggal sarta atilar anak éstri kekalih, kang punika barang
tetilaran kabagi tigang duman, kegadhah dhateng anak éstri kalih wau
sami anyeduman, kegadhah dhateng sedhérék éstri kang sabapa biyang
seduman.

Prakawis : 277

Saupami tiyang pejah atilar anak éstri setunggal putu éstri saking anak
jaler setunggal sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon satunggal,
kang punika barang tetilaran kabagi dados nem suman, kedarbé anak
éstri tigang duman, kedarbé putu éstri saking anak jaler seduman,
kedarbé sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang kapalih duman.
Dénten wau sedhérék kang nunggil bapa kémawon boten angsal waris,
sawab kalingngan waris dhateng kumpulé anak éstri sarta sedhérék
éstri kang sabapa sabiyang.

Prakawis : 278

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler saking sedhérék jaler


sabapa sabiyang, kang punika wau kepénakan anelasaken ing baran
tetilaran. Yén saupami kepénakan jaler kekalih, mongka barang inggih
kapalih. Yén saupami kepénakan wau wonten kang jaler : wonten kang
éstri, mongka kepénakan jaler angsal kalih duman kang éstri seduman.

Prakawis : 279

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler
nunggil bapa biyang : sarta atilar kepénakan jaler kang saking sedhérék
jaler nunggil bapa kémawon, kang punika sedayaning barang tetilaran
kedarbé kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler kang nunggil bapa
biyang sedaya. Dénten wau [116] kepénakan jaler kang saking sedhérék
jaler kang nunggil bapa kémawon kalingngan warisipun dhateng
kepénakan kang saking sedhérék jaler kang nunggil bapa biyang wau
punika.

99Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 280

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler kekalih kang sami saking
sedhérék jaler kang nunggil sabapa biyang, sarta atilar biyang, kang
punika barang tetilaran kabagi dados seduman, kedarbé dhateng
biyang kalih duman kedarbé dhateng kepénakan jaler kekalih wau sami
angalih duman.

Prakawis : 281

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler sarta éstri sami saking
sedhérék jaler sabapa sabiyang, sarta atilar sedhérék éstri kekalih kang
sami nunggil bapa biyang, kang punika barang tetilaran kapara tiga,
kedarbé dhateng wau sedhérék éstri kang kekalih anyeduman kang
seduman dhateng kepénakan jaler wau punika. Dénten kepénakan éstri
boten angsal waris, sawab wau kepénakan jaler boten waged anarik
angsal wawarisipun wau kepénakan éstri.

Prakawis : 282

Saupami tiyang pejah ameng atilar paman saking bapa setunggal, kang
punika wau paman anelasaken saking barang tetilaran sedaya. Yén
saupami wau paman kalih, barang inggih kapalih. Yén saupami kang
pejah atilar paman saking bapa kang nunggil bapa biyang : sarta paman
saking bapa amung nunggil bapa kémawon, mongka wau paman kang
saking bapa kang nunggil bapa biyang punika anelasaken ing barang
tetilaran. Dénten paman kang saking bapa kang nunggil bapa kémawon
mila boten pikantuk, sawab kalingngan dhateng wau paman kang
nunggil bapa biyang dhateng bapakkané kang pejah.

[117]Prakawis : 283

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa, sarta atilar sedhérék
sabapa sabiyang : utawi sadhérék sabapa kémawon, kang punika wau
kaki kénging amendheta sepratinganing barang tetilaran boten
andhérék bebathon dhateng warisé wau sedhérék, sawab sawab amurih
indhakké bagiyanipun wau kaki. Kadita : saupami biyang pejah atilar

100Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
kaki saking bapa : sarta sedhérék sabapa sabiyang : kathahipun
sekawan jaler tiga : éstri setunggal, patrap kang mengkaten wau barang
kabagi dados selikur bagiyan, kegadhah dhateng kaki pitung duman,
kegadhah dhateng sedhérék jaler kang tetiga kalih welas duman,
kegadhah dhateng sedhérék éstri kang kalih duman. Yén saupami wau
kaki yén andhérékka bebathon dhateng sedhérékké kang pejah, ameng
angsal nem duman.

Prakawis : 284

Saupami wonten tetiyang pejah atilar kaki saking bapa : sarta sedhérék
jaler éstri nunggil bapa biyang, kang punika wau kaki kéngin boten
amendheta sepratiganing tetilaran, namung andhérék bebathon
dhateng warisé sedhérék wau. Patrap kang mengkaten punika, barang
tetilaran kabagi gangsal welas, kedarbé kaki nem duman, kedarbé
sedhérék jaler nem duman, kang tigang duman kedarbé sedhérék éstri.
Yén ta wau boten andhéréka bebathon dhateng sedhéréké kang pejah,
ameng angsal gangsal duman, sawab déning jejeripun waris ameng
gangsal duman, mila katilar, amrih indhakkingwau waris.

Prakawis : 285

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa : anak éstri kekalih : sarta
sedhérék éstri kang sami nunggil bapa biyang, kang punika wau kaki
[118] kénging yén boten andhérékka bebathon dhateng wau sedhérék
sarta boten amendhet sepratigané waris kang kantun sampuné sami
kapendhet dhateng wau anak éstri kekalih, amung amendhet separa
nemanipun saking barang tetilaran. Kedarbé dhateng anak éstri kekalih
kalih welas bagiyan, kedarbé dhateng kaki tigang duman, kedarbé
dhateng sedhérék jaler kalih duman, kedharbé dhateng sedhérék éstri
seduman. Yén ta wau kaki mendheta dhateng sepratiganing waris kang
kantun ameng angsal kalih duman kémawon. Kalih déning saupami wau
kaki yén andhérékka bebathon dhateng wau sedhérék, mongka wau
kaki ameng angsal kalih duman kémawon.

101Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 286

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa : rabi : biyang : sarta
sedhérék kang nunggil bapa biyang sekawan tiga jaler : stunggal éstri,
kang punika wau kai kénging yén boten amendheta separa nemanipun
tetilaran sarta boten andhérék bebathon dhateng warisé sedhérék,
ameng amendhet sepratiganipun kang kantun sasampuné wau
wariskapendhet dhateng rabi sarta biyang. Patrap kang mengkaten
punika, barang tetilaran kabagi dados tigang dasa nenem, dhateng rabi
sangang duman dhateng biyang nem duman dhateng kaki pitung
duman dhateng sedhérék jaler setunggalipun angawan duman dhateng
sedhérék éstri kalih duman. Yén wau kaki amendheta para nemipun
tetilaran amung angsal nem duman. Yén andhérékka bebathon warisé
sedhérék, amesthi kirang saking pitung duman.

Prakawis : 287

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa : anak éstri setungga[119]l
sarta sedhérék jaler éstri tunggil bapa biyang, kang punika wau kaki
kénging yén boten amendheta separa neming tetilaran sarta boten
amendhet sepratiganipun kang kantun, sampuné kapendhet wau anak
éstri amung andhérék bebathon dhateng warisé wau sedhérék. Patrap
kang mengkaten punika, wau barang tetilaran kapara sedasa,
kegadhah anak éstri gangsal duman, dhateng kaki kalih duman,
kegadhah sedhérék jaler kalih duman, kegadhah sedhérék éstri
seduman, kegadhah sedhérék jaler kalih duman, kegadhah sedhérék
éstri seduman. Yén wau kaki amendheta separa neman utawi amendhet
sepratiganipun kang kantun, wau kaki angsal panduman kirang saking
kalih duman.

Prakawis : 288

Saupami tiyang pejah atilar anak utawi saliyanipun anak, mongka wau
anak boten anunggil agami, kang punika wau anak boten kénging
amendheta barang tetilaranipun kang pejah. Wondéning wau anak sarta
saliyanipun kang kénging mendhet barang tetilaran sarat ajeng

102Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
anunggil agami, kaping kalih sarat ajeng merdika, kaping tiga sarat
kang boten amejahi dhateng wau kang pejah, kaping sekawan ajeng
pratéla wau anak kala pejahé wau bapa. Artosé kang saking boten
pratéla, kadita : saupami bapa kelayan anak semi pejahé amargi sami
karêbahan griya, dados boten uninga pundi kang pejah rumiyin. Kaping
gangsal tiyang kang badhé angsal waris wau sampun pisan-pisan
kantosaangguraken waris kadita : sedhérék jaler kang nunggil bapa
biyang, mongka wau sedhérék angaken dados anakké wau sedhérék
kang pejah, kecap kang mengkaten punika dados angguguraken waris,
artosé gugur : boten angsal waris.

[120]Prakawis : 289

Saupami wonten tiyang boten kantenan panggénanipun sarta boten


wonten kang anyriyosaké pejah gesangngé, kang punika barang
tetilaranipun boten kénging yén kawarisa, sawab teksih samar. Nanging
saupami Ahli waris matur dhateng ing ukum, mongka kang anyepeng
ukum agadhah pakikinten yén sampun pejah, kang punika wau barang
kénging yén kawarisa.

Prakawis : 290

Saupami tiyang pejah, mongka wonten salah setunggilé wonten ing


nagari liya, kang punika bagiyanipun kang wonten liya negari
kapisahaken, dénten bagiyanipun kang nunggil negari lajeng
kapasrahena.

Prakawis : 291

Saupami tiyang pejah atilar Ahli waris kang teksih wonten wetengngan,
kang punika sayogya kang teksih wonten wetengngan wau yén
kacawisan bagiyanipun warisipun tiyang jaler. Wondéning wau
wetengngan tetepipun angsal waris yén lair medal gesang, sarta wau
wetengngan sampun dipun kauningani kalané pejah sampun
kawetengngaké, kadita : wedalé wau wetengngan kirang saking
sangang sasi, sarta biyangipun wau wetengngan boten kirda dhateng

103Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
tiyang liya, utawi kirta dhateng tiyang liya, nanging wedalé kirang
saking nem sasi : kapetang saking enggéné kirda wau.

Prakawis : 292

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék wandu kang nunggil biyang


kémawon, kang punika pandumanipun sedhérék wandu nunten
kapesrahena, boten sarat angantos dhateng pratandhanipun jaler utawi
éstri, sawab déning sedhérék kang nunggil biyang, jalera : éstriya,
warisipun sami kémawon.

[121]Prakawis : 293

Saupami tiyang pejah atilar laki : bapa : sarta anak wandu setunggal,
kang punika barang tetilaran kabagi dados kalih welas, kegadhah
dhateng laki tigang duman, kedarbé dhateng bapa kalih duman,
wondéning kang nem duman kapasrahna anak wandu wau. Dénten
kang seduman kagantungngan dhateng kang anyepeng ukum. Yén
saupami anak wandu tetéla jaleripun, kang seduman wau kapasrahna
dhateng wau anak, yén tetéla éstrinipun kang seduman wau
kapasrahena dhateng bapa.

Prakawis : 294

Saupami wonten tiyang pejah atilar laki kimawon, nanging wau laki
anakking paman saking bapa, kang punika barang tetilaran kadarbé
dhateng laki sedaya, sawab wau laki sampun anggadhahi piyambak
angsal sepalihé barang tetilaran, dénten sepalihipun arah déning
piyambekké dados anakké paman kang saking bapa.

Prakawis : 295

Saupami tiyang éstri pejah atilar anak éstri, nanging wau anak éstri
dados sedhérék éstri nunggi bapa kémawon, warniné kadita : wau kang
pejah kala gesangngé dipun tilemi dhateng bapakkipun piyambak kang
boten kasengaja, kadita panyananing bapa dhateng anak éstri kala
angajak tilemipun westani rabinipun, mongka wau anak saingga gadhah

104Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
anak amergi saking wau bapa. Utawi wau bapa sarta wau anak
angsalipun tiyang kang angéngingngaken angrabéni anak ing dalem
agamanipun, mongka wau anak Vstri lumebet ing agami islam,
sampuné salin agami : nunten pejah : atilar anal éstri kang sampun
kasebut ing nginggil punika, kang punika wau anak éstri kang dados
se[122]dhérék tunggil bapa boten kénging yén amendheta bagiyanipun
sedhérék kang nunggil bapa, amung amendheta bagiyanipun anak éstri
kémawon. Wondéning yén wonten anak angsalé enggéné jinabandrék,
nanging katetepaken dados anakké tiyang dipun bandrékki.

Prakawis : 296

Saupami wonten tiyang jaler pejah atilar anak éstri, nanging wau anak
éstri dados sedhérék éstri nunggil biyang kémawon, warniné kadita :
anak kala gesangngé anilemi dhateng biyangngipun piyambak kang
boten kasengaja, kang punika wau anak éstri kang dados sedhérékké
kang nunggil biyang, angsal waris sepalihipun tetilaran, boten kénging
yén amendheta bagiyanipun sedhérék éstri kang nunggil biyang.

Prakawis : 297

Saupami tiyang éstri pejah atilar biyang, nanging wau biyang dados
sedhérékké éstri nunggil bapa kémawon, warniné kadita : biyangngipun
kang pejah dipun tilemi bapakkipun wau biyang, kang punika biyang
kang nunggil bapa kémawon angsal waris sebagiyanipun biyang
kémawon, boten angsal bagiyanipun sedhérék éstri kang nunggil bapa.

Prakawis : 298

Saupami tiyang pejah atilar anakkipun jaler sedhérék jaler bapa kekalih,
nanging kang setunggil dados sedhérékké tunggil tiyang, warniné
kadita : tiyang éstri laki ping kalih, saking lakiné kang rumiyin angsal
anak jaler setunggil, saking lakiné kang kantun angsal anak jaler
setunggal, nanging wau laki kang kantun dados sedhérékké laki kang
rumiyin, [123] sarta laki kang kantun sampun adarbé anak jaler malih

105Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
saking éstri sanés, kang punika menggah warisipun boten mawi sanés
atasami.

Bab Ningkah

Prakawis : 299

Saupami tiyang jaler asanget kajengngé dhateng éstri : sarta gadhah


kang badhé kedamel prabéyaning rabi, kadita kang kedamel ambayar
mas kawis tuwin tedhi sandhangngé sarta griyané, kang punika sayogya
yén arabiya, kang supados enggéné arabi wau waged angreksa
paréntahing agami. Yén saupami wau jaler sanget kajengngé dhateng
éstri, nanging sakinten boten waged amiyara dhateng rabi, kang punika
sayogya sampun arabi, dénten tiyang jaler kang boten gadhah kajeng
dhateng éstri, utawi boten kegadhah arta kang badhé kedamel
prabéyaning rabi, kang punika boten amanggih kesaénan, sawab acaket
yén atilara dhateng pandamel kang amesthi, kadita tedhi
sandhangngipun wau éstri, kang rumiyin ajeng amilih anetepi agaminé,
kaping kalih : kang teksih prawan, kaping tiga : kang sampun sanakké
kang caket, kaping sekawan kang saé arupiné, kaping gangsal tiyang
kang bébété akathah anakké.

Prakawis : 300

Saupami tiyang jaler angajengngaken tiyang éstri, kang punika kénging


yén anarosa dhateng éstri kang badhé karabi. Kang mengkaten punika,
saupami éstri bujang : sarta boten wonten salebeting idah. Artosé idah :
tiyang kang sampun lepas dados rabiné titiyang, nanging déréng
kénging [124] yén alakiya liya, kéngingngipun saingga dumugi ing
mangsané, kadita kalané kalepas saweg nuju meteng, kang punika
telasing idah wiyosé saking dipun wetengaken. Yén saupami kalané
kalepas boten kelayan meteng, nanging wau éstri asring suker : utawi
cemer kain, kang mengkaten punika : telasing idah sampunipun suci
ping tiga tiga saking enggénipun kél wau. Yén saupami tiyang éstri
déréng naté kél utawi sampun` luwas saking getih, kang punika telasing
idah tigang sasi, kawical saking kalané éstri wau kalepasaken.

106Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Wondéning randhaning pejah, kang punika telasipun idah kawan sasi
langkung sedasa dinten.

Prakawis : 301

Saupami wonten tiyang dipun éstri sampun dados pepacangané tiyang,


kang punika boten kénging jaler liya yén anedhaha dhateng wau éstri
badhé kanikah. Nanging kénging saupami enggéné pepacangan wau
sampun sandé, sami ugi sandéné saking kang jaler : utawi saking kang
éstri.

Prakawis : 302

Saupami wonten tiyang dipun tedhani rêmbag saking patepangan


enggénipun laki rabi, sarta kang dipun tedhani rêmbag kapuriha
sanjangnga awon saéné tiyang kang ajeng dipun kajengngi wau, kang
punika amesthi kang dipun tedhani rêmbag yén anyriyosna awon utawi
saénipun.

Prakawis : 303

Saupami tiyang ajeng anikah dhateng sewiji tiyang éstri, kang punika
amesthi kedhah sami wontenipun tiyang jaler, kang rumuhun kang
ajeng anikah : utawi gagentosa, kaping kalih wali, kadita bapa : utawi
saliyanipun, kaping tiga kang anikahaken, kaping sekawanipun seksi
tiyang [125] jaler kekalih kang sami anguningani sarta amirêngaken
dhateng wiraosipun kang dados wali : sarta wiraosé tiyang jaler kang
ajeng ningkah.

Prakawis : 304

Saupami tiyang éstri aningkahaken awakipun piyambak utawi dados


wakilipun tiyang jaler kang badhé aningkah dhateng piyambaké : utawi
liyanipun, kang punika boten kénging yén kalulusna saking wiraosipun
wau éstri, artosipun boten sah pasriyosan wau. Nanging kénging sarta
kalerêsaken wiraosipun tiyang éstri : yén angaken sampun dados
rabining titiyang, kang mengkaten punika, yén dédé bocah alit utawi

107Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten édan, kang sarta kang dipun aken anglerêsaken ing pangaken ing
pengakené wau éstri, senadyan walinipun andorakna.

Prakawis : 305

Saupami wonten bapa : utawa kaki saking bapa, salah setunggilé


angaken sampun aningkahaké dhateng anakké éstri : utawi dhateng
putu éstri kang saking anak jaler, utawi bendara angaken sampun
amlakékaken dhateng kewulanipun éstri, kang punika sami anggep
paturan wau punika. Nanging saupamo kang ngakeni aningkahaken liya
saking tiyang tigang prakawis wau, sawab wau sedhérék boten dados
enggénipun aningkahaké, yén boten kelayan idinipun sedhérék éstri
kang dipun ningkahaké.

Prakawis : 306

Saupami wonten laré éstri kang teksih prawan mongka kaningkahaken


dhateng bapakipun utawi kaki saking bapa, enggénipun kaningkahaken
boten mawi kataros kelayan manasukané, kang punika kénging, sarta
sami [126] kalulusaken enggénipun aningkahaken. Kang mengkaten
punika, bilih anak kalih bapa boten anuju saweg saserikkan manah,
kang sarta enggénipun aningkahaken wau anganggé meskawin kang
kelayan sapatutipun sarta kaningkahena kelayan tiyang jaler kang
anyaméni ing sadlajaté.

Prakawis : 307

Saupami tiyang éstri kang dédé prawan sami ugi sepuh utawi teksih
aném, kang punika boten boten kénging bapakipun utawi liyanipun yén
aningkahna dhateng wau anak kang ical prawané, yén boten kelayan
manasukané anak wau.

Prakawis : 308

Saupami tiyang éstri ajeng aningkahaken kang punika boten kénging


yén boten mawi wali. Wondéning kang dados wali punika bapa : yén
wonten bapa : kaki sapenginggil, boten wontenipun wau kaki :

108Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
sedhérék jaler kang nunggil bapa biyang, boten wontenipun sedhérék
sabapa sabiyang : sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon, boten
wontené sedhérék kang nunggil bapa : kepénakan jaler kang saking
sedhérék jaler sabapa sabiyang, boten wontenipun kepénakan jaler
kang saking sedhérék jaler nunggil bapa biyang : kepénakan jaler kang
saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon dhateng
sapengandhapipun, yén saupami boten wonten paman sedhérékking
bapa kang nunggil biyang kémawon, yén paman wau boten wonten
bendaranipun kang amardikakaké : yén tiyang éstri wau angsal saking
kewula, yén boten wontenipun tumunten tiyang jaler kang anyepeng
ukum kang aningkahena.

Prakawis : 309

Saupami tiyang éstri laki, kang punika anakkipun jaler boten kénging
a[127]malénana dhateng wau biyang, nanging upami wau anak dados
ratu : utawi anyepeng ukum tuwin amerdikakaken dhateng wau biyang :
yén wau biyang angsal saking tetumbasan, kang punika kénging yén
amalénana.

Prakawis : 310

Saupami tiyang éstri kang angsal saking kewula, nanging kang


amardikakaken sami éstri, kang punika pundi kang dados walinipun
wau kang amardikakaken punika kénging yén amalénana. Nanging
saupami kang amardikakaken wau sampun pejah : atilar anak jaler :
sarta bapa, kang punika karumiyinaken anak saking bapa enggénipun
amaléni dhateng wau éstri kang sampun kaperdikakaken déning
biyangngipun wau.

Prakawis : 311

Saupami wonten tiyang éstri ajeng imah-imah, bapakkipun anuju


késahan tebahipun kawan likur jam, kang punika boten kénging kaki
utawi saliyanipun yén amalénana, amasthi tiyang kang anyepeng ukum
kang amalénana.

109Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 312

Saupami tiyang éstri agadhah pamilih ajeng alki dhateng tiyang jaler
kang sami kelayan sadlajaté, kang punika kénging yén bapa : utawi
kaki : yén boten anuruta pikajengngané wau anak. Kang mengkaten
punika : saupami anak teksih prawan.

Bab Tiyang Jaler Kang Kénging Yén Arabiya Sekawan

Prakawis : 313

Saupami wonten tiyang jaler kang mardika, kang punika wenang yén
aningkaha tiyang éstri sekawan utawi angundhik langkung saking
sekawan, nanging wa[128]u gundhik angsal saking tumbasan.
Wondéning tiyang jaler kewula : wenangipun amung ningkah tiyang
éstri kekalih.

Bab Tiyang Éstri Kang Boten Kénging Kaningkah

Prakawis : 314

Wondéning tiyang éstri kang boten kénging kaningkah kathahipun


wolulas, kadita biyang sapengnginggil, anak éstri sapenganap, sedhérék
éstri, kepénakan éstri saking sedhérék jaler, kepénakan éstri saking
sedhérék éstri, bibi saking bapa, bibi saking biyang, biyang susu
sapenginggil, anak éstru nunggil susu sapengandhap, sedhérék éstri
nunggil susu, kepénakan éstri saking sedhérék éstri nunggil susu, bibi
saking bapa nunggil susu, bibi saking biyang nunggil susu,
biyangngipun rabi sapenginggil, tilas rabining anak, tilas rabining bapa,
anak éstri kuwalon kang sampun katunggil tilem biyangngipun.

Prakawis : 315

Saupami tiyang jaler anilemi mantunipun kang boten kasengaja, kang


punika gugur ningkahipun wau anak dhateng kang éstri amargi saking
wau punika. Mengkaten ugi, saupami tiyang anilemi mara sepahipun
utawi anak kuwalon kang boten sami kasengaja, kang punika gugur
ningkahipun dhateng rabinipun.

110Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 316

Saupami tiyang jaler sampun agadhah rabi, kang punika boten kénging
yén aningkaha dhateng sedhérékké kang sampun karabi wau, utawi
aningkah dhateng kepénakanipun rabi, sami ugi saking bapa utawi
saking [129] biyang. Lan boten kénging malih aningkah bibékkipun wau
rabi kang saking bapa utawi saking biyang. Lan boten kénging malih
aningkah bibékkipun wau rabi kang saking bapa utawi saking biyang.
Kang mengkaten punika saupami kakumpulaken artosé kuwayuh.

Prakawis : 317

Saupami tiyang jaler sampu anggadhahi rabi, nunten aningkah malih


dhateng sedhérékké rabi : utawi saupaminé kang boten kénging sarêng
paningkahé, kang punika boten dados paningkahé. Yén saupami
paningkahé sarêng, kang punika boten dados kalihipun.

Prakawis : 318

Saupami titiyang jaler merdika aningkah tiyang éstri segangsal


paningkahé dipun sarêng, kang punika paningkahipun boten dados
sedayanipun. Yén saupami paningkahipun gentos-gentos, boten dados
panikahé kang kaping segangsal, sawab pamesthinipun amung
kawenangngaken ningkah sekawan.

Prakawis : 319

Saupami tiyang éstri setunggal kaningkah tiyang jaler kekalih amargi


pakénipun wau éstrii dhateng sedhérékke jaler kekalih kang sami
nunggil sabapa biyang, kang punika saupami paningkahé sarêng, boten
dados kalihipun, yén saupami gentos-gentos pundi kang rumiyin punika
kang dados. Saupami kang wonten kang rumiyin, nanging supé
pandamel punika, kang punika wau éstri boten kénging yén tumuten
kapasrahena dhateng salah setunggilipun, sarta boten kénging laki liya.
Nanging saupami éstri wau angakeni uninga paningkahipun tiyang kalih
wau, salah setunggilé ingkang rumiyin, kang punika katetepaken wau

111Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
éstri dados ra[130]biné kang dipun wastani ningkah rumiyin wau,
nanging setunggilé kénging yén anedhaha sumpahipun wau éstri.

Bab Kang Kenging Dados Wali

Prakawis : 320

Saupami wonten kaki saking bapa aninghaken putuné éstr kang saking
anak jaler, kaningkahaken dhateng putu jaler kang saking anak jaler,
wau putu teksih sami laré, kang punika wau kaki kénging yén
amalénana : sarta anrimakaken ing paningkah wau.

Prakawis : 321

Saupami tiyang éstri ajeng imah-imah : boten gadhah wali, nameng


anggadhahi anakké jaler paman kang saking bapa, nanging wau
anakking paman kang ajeng ngrabéni dhateng piyambakké, kang
punika boten kénging yén amalénana, amesthi kang anyepeng ukum
kang amalénana.

Prakawis : 322

Saupami tiyang kang anyepeng ukum ajeng ningkah dhateng éstri kang
boten anggadhahi wali pisan, kang punika boten kénging kang
anyepeng ukum yén angirasa dados wali, amesthi tiyang kang anyepeng
ukum liyanipun kang amalénana.

Prakawis : 323

Saupami wonten kewula jaler, kang punika wau kewula boten kénging
yén aningkaha : yén boten angsalwewenangngé bendaranipun. Mekaten
ugi : boten kénging bendara amesésahaken arabi dhateng wau kewula
jaler, nanging kénging amesésa bendara anglakékaken kewula éstri,
sami ugi wau kewula laré : utawi sepuh, teksih prawan utawi randha.

112Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Anyatakaken Guguring Ningkah : Boten Kelayan Katalak

[131]Prakawis : 324

Saupami tiyang laki, kang jaler édan utawi gadhah sakit budhug utawi
belang kang sanget kang wetawis anggigokaké, kang punika kénging
wau éstri yén anglepasna enggénipun karabi dhateng wau jaler.
Nanging boten kénging yén saupami sampunsumené. Mengkaten malih
kénging éstri yén anglepasna dados rabiné wau laki, yén wau laki tugel
kajaleranipun. Mengkaten malih kénging tiyang éstri anglepasna, yén
kang jaler gadhah sakit peluh. Kang mekaten punika, bilih déréng naké
kajak tilem.

Prakawis : 325

Saupami bapa : tuwin saupaminipun wau bapa : aningkahaken dhateng


anakkipun éstri, mongka kang dados lakinipun anak wau gadhah sakit
édan utawi budhug tuwin belang kang asanget, kang punika kénging
bapa yén anggugurna paningkah, sanadyan dados sukané wau anak.
Nanging saupami sakité dhateng sampuning ningkah, kang punika
boten kénging bapa yén angresakka. Dénten anak wau kénging yén
anglepasna awakipun saking laki, sawab déning saking sakit wau.

Prakawis : 326

Saupami tiyang éstri sampun dados rabining tiyang, mongka wau éstri
wonten celanipun, kadita édan budhug belang kang sanget utawi
katutupan pawéstriné kelayan daging : utawi kelayan tosa[132]n, kang
punika wau laki kénging yén anglepasna wau rabi kang boten kelayan
katalak.

Prakawis : 327

Saupami wonten tiyang laki rabi, salah setunggilé angguguraken amargi


wonten cela, kang punika saupami éstri déréng katileman boten wajib
laki ambayara meskawin, yén sampun katileman wajib ambayar
meskawin.

113Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 328

Saupami tiyang éstri anerka dhateng kang jaler kawastan agadhah sakit
peluh, mongka laki mungkir, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken
aturipun laki, sarta kasumpah sepisan. Saupami laki boten purun
sumpah, mongka kasumpah wau éstri, sampuning sumpah katetepaken
punapa panerkané éstri wau. Nanging wajib kang anyepeng ukum yén
anyumenakna saking setaun, supados wau jaler angupadosa jejampi.
Sampuné dumugi setaun, kénging kalepasna enggéné dados rabiné wau
jaler.

Prakawis : 329

Saupami wonten tiyang kéngingngapus angrabéni kewula éstri


kaayadaken tiyang mardika, kang punika saupami kantos anggadhahi
anak, ukumipun wau anak mardika, nanging kang angrabéni wajib
ambayar rêginipun wau anak. Yatranipun kapasrahna dhateng kang
gadhah kewula wau. Sampuning kabayaraken wau yatra, kénging kang
kahapusan yén anedha atetempah rêgining anak dhateng kang adamel
apus.

Prakawis : 330

Saupami tiyang jaler mardika, kang punika boten kénging yén


aningkaha [133] dhateng kewula éstri, nanging kénging yén boten
gadhah rabi tiyang merdika, kaping kalih : sawab boten kuwasa yén
angrabénana kang sami merdika, kaping tiga : saupami boten
kelampahan angrabéni dhateng wau kewula, amesthi yén anglampahi
padamelan jina.

Prakawis : 331

Saupami wonten éstri kewula, wau tiyang éstri karabi dhateng


sasamining kewula, lebetipun laki rabi kapradikakaké wau kewula éstri,
kang punika kénging yén anglepasna dhateng wau laki.

114Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Anyatakaken Maskawin

Prakawis : 332

Saupami tiyang aningkahaken anakkipun éstri : utawi saupaminipun,


kang punika sayogya kalané ningkah yén anyebuta maskawis. Nanging
wau maskawis boten dados sarating ningkah, yén saupami kalaning
ningkah anyebut anedha kencéngngipun maskawin, kang punika
kénging wau rabi yén boten puruna kaajak tilem ing sadéréngngipun
laki ambayar meskawin.

Prakawis : 333

Saupami tiyang laki rabi, kalané ningkah mawi anyebut maskawin


kencéng, mongka laki boten purun amasrahaken maskawis angantos
rabinipun amasrahna dhateng awakké, wondéning wau rabi inggih
boten purun amasrahna awakké : angantos pambayaring maskawin,
patraping kang mengkaten punika, sayogya kang anyepeng ukum
anyepengnga dhateng wau meskawin sarta amesésaha dhateng wau
éstri : supados purun amasrahaké awakipun, sampuning kelampahan
wau meskawin kaparingna dhateng wau éstri.

Bab Anyatakaken Tiyang Wayuh

[134]Prakawis : 334

Yén saupami tiyang jeler wayuh, sarta sampun naté akekembulan


dhateng salah setunggilé éstri wau, kang punika wajib anggilirana
dhateng rabiné kang setunggilipun. Kang mengkaten punika, saupami
kang éstri amiturut punapa saparétahé tiyang jaler. Sarta wajib malih
kang jaler wau yén anyukanana griya piyambak-piyambak.

Prakawis : 335

Saupami tiyang éstri anyentak utawi mrenguti dhateng kang jaler, kang
punika sayogya kang jaler amituturana kang amrih kesaénanipun wau
rabi, sarta anguningakna : yén tiyang éstri kang purun dhateng kang
jaler kang kadi mengkaten warniné : badhé boten amanggih tedha sarta

115Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
giliran. Yén saupami boten amirêng ing pitutur, teksih purun
anglampahi pandamelé wau, kénging kang jaler yén anggebugga
sewetawis.

Prakawis : 336

Saupami tiyang jaler wayuh, mongka boten purun anggiliri dhateng


kang éstri : sarta boten anyukani belonja, kang punika kang anyepeng
ukum amesésaha : supados wau jaler anggilirana : sarta anyukanana
blonja dhateng kang éstri. Yén saupami laki adamela serikka
ningkaning manahé rabi, kadita amemisah kang tanpa sawab tuwin
saliya-liyané, kang punika sayogya kang anyepeng ukum yén
amaréntahana akén amantuni pandamelé wau, boten kénging yén
katakjira. Nanging saupami sampuné ka[paréntahan teksih purun
adamel, kang punika kénging yén katakjira.

[135]Prakawis : 337

Saupami tiyang laki sarabi sami matur dhateng kang anyepeng ukum,
wau laki angaturaken awoning rabi, rabi matur angawonaken awoning
laki, kang punika yén kang nyepeng ukum sampun uninga kesalahané
salah setunggilipun, mongka amengingnga dhateng kang adamel salah
wau. Yén saupami teksih uga enggénipun arêbat wiraos kantos pisah-
pinisah wonten ngarsaning ukum, kang punika amesthi Ahli ukum yén
amasrahna éstri dhateng Ahliné kang éstri, yén kang jaler : inggih
kapasrahna Ahliné kang jaler, kang supados wau Ahli kekalih sami
pirêmbagan amrih ing kesaénanipun. Yén saupami boten kénging
kapikir ing kasaénanipun. Yén saupami boten kénging kapikir ing
kesaénanipun, mongka amuriha Ahliné kang jaler amrih rêntahing
talakké. Wondéding Ahlinipun kang éstri amuriha : supados amiyosna
panumbasing talak. Yén saupamiboten wonten purun anglampahi kadi
wau punika, sayogya kang anyepeng ukum yén anatrapaken dhateng
salah setunggilé : utawi kalihé : kang sami boten lerês ing pandamelé.

116Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Kuluk Artosé Panumbasing Talak

Prakawis : 338

Saupami tiyang amegat dhateng rabiné, enggénipun amegat amargi wau


laki dipun ipahi, kang punika boten kénging yén wau rabi kawasésaaken
ningkah malih, yén boten kelayan manasukané wau rabi.

Prakawis : 339

Saupami tiyang jaler amegat dhateng rabiné : sarta angakeni pamegaté


mawi kaupahan, rabi boten angaken yén angupaha, tanpa seksi, kang
punika kalarêsaken paturanipun rabi, nanging mawi sumpah [136]
sepisan, sampuné wau rabi boten katetepan ambayar ing upah, sarta
laki boten kénging aningkaha malih, saratkedah kelayan sukané wau
rabi.

Prakawis : 340

Yén wonten rabi agadhah terka dhateng lakiné : yén sampun kapegat
sarta enggené amegat wau laki kelayan dipun ipahi, laki mungkir,
tanpa seksi, kang punika laki ingkang kalarêsaken, nanging kanthi
sumpah. Sampuné kasumpah, tetep wau éstri dados rabiné.

Prakawis : 341

Saupami tiyang amegat dhateng rabiné, pamegaté kelayan kawasésa,


kang punika boten dados pamegaté, sawab kecapé enggéné megat
boten terusing manah : sarta boten kaseja.

Prakawis : 342

Saupami woten tiyang jaler anundhung dhateng rabiné, panundhungngé


kelayan sedya amegat, punika dados pamegaté. Nanging saupami laki
boten anedya megat, rabi amestani nedya megat, tanpa seksi, kang
punika kalerêsaken aturanipun laki : sarta kasumpah, sampuné
kasumpah, inggih tetep dados rabi.

117Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Prakawis : 343

Saupami wonten tiyang amiraos dhateng waliné rabinipun, wiraosipun


akén amalékaken dhateng wau rabi, kang punika wau pamiraos dados
amegataken enggéné laki rabi, sarta kénging rabi yén lakiya dhateng
tiyang liya.

[137]Bab Amangsuli Dhateng Rabi Kang Boten Mrana Ningkah

Prakawis : 344

Saupami tiyang amegat dhateng rabi : talak setunggal utawi kalih : sarta
pamegaté boten kelayan kaipahan, kang punika kénging laki
amangsulana dhateng wau rabi : boten kelayan ningkah malih,
sanadyan rabi boten puruna. Kang mengkaten punika, saupami
enggéné amangsuli ing sadéréngngé lepas édah. Wondéning yén
sampun lepas édah, kénging kawangsulan, nanging sarat kaningkah
malih : sarta sukané wau rabi.

Prakawis : 345

Saupami tiyang kapegat déning lakiné, pamegatipun kelayan talak


setunggal utawi kekalih, kang boten kelayan kaipahan, mongka
sampuné lepas édah : laki dhateng tiyangjaler liya, kang punika
saupami laki angaken sadéréngngé lepas édah sampun kawangsulan,
éstri boten angakeni, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken paturan
éstri : sarta kasumpah, sampuné kasumpah, monghka katetepaken wau
éstri dados rabiné kang jaler kang kantun.

Bab Édah : Utawi Wilisanipun Mongsa Kénging Laki Liya

Prakawis : 346

Saupami tiyang éstri merdika kapegat kalané kapegat ajunu paben


suker, kang punika lepasipun édah suker kang kaping tiga. Saupami
pamegaté anuju éstri boten suker, lepasipun édah suker kang kaping
sakawan. Kang mengkaten punika, yén wau éstri asring suker, yén

118Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
boten lepasipun vdah tigangsasi. Ing saupami kalané kapegat anuju
meteng, ngapasing édah sawedaling wetengngan.

[138]Prakawis : 347

Saupami tiyang katilar pejah dhateng laki, kang punika lepasipun édah
kawan sasi langkung sedasa dinten, yén kalané katilar pejah : anuju
meteng, édahipun wedaling wetengngan. Wondéning édahipun éstri
kewula sapalihipun édahé éstri merdika. Nanging upami kewula éstri
nuju meteng, édahipun sami kalih kang merdika.

Prakawis : 348

Saupami tiyang kapegat kalané kapegat déréng naté kaajak tilem


dhateng kang jaler, kang punika kénging alakiya liya, kang boten
angantos édah malih.

Prakawis : 349

Saupami tiyang jaler agadhah kewula éstri anyar, kang punika boten
kénging yén tumunten kagundhikka, sarat angantos suker sepisan. Yén
wau kewula adatipun boten naté suker, kaantosna ing dalem sesasi. Yén
anuju sampun meteng, kaantosna wedaling wetengan.

Prakawis : 250

Saupami tiyang kapegat talak tiga, kang punika boten kénging laki
amangsulana aningkah malih, sarat wau rabi kedah laki liya : sarta kang
sampun kaajak tilem. Yén sampun kapegat, punika kénging yén
awangsula malih kelayan ningkah.

Bab Nipkah : Anyukupi Sandhang Tetedhaning Rabi

Prakawis : 351

Saupami tiyang agadhah rabi, wau rabi sampun kuwawi anyanggiya


kajengngé laki, sarta amiturut, kang punika wajib laki anggriyanan sarta
sandhang tedhiné. Wondéning warniné wau griya, kang wetawis
amantesi [139] yén kaanggéya kelayan sakedlajatipun wau rabi.

119Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Wondéning kathaé tedhi, yén jaler mlarat amanciya ing dalem sedinten
sedalu : awarni uwos kathahipun sekatos langkung seprapat, yén sugih,
katiga tengah katos sarta saulamipun kang wetawis cukup katedha.
Dénten sandhang : setaun amasthi anyukani ping kalih, saben
amasrahaken sapangadeg, senadyan wau sandhang teksiya sami wetah.
Mengkaten malih wajib anyunakanan bekakasing tedhi : utawi
bekakasing patileman sarta saupaminé. Nanging menggah punika :
boten kapesthékaké ing saben taun, anglintoni yén wonten kang rêsak
kémawon, wondéning yén wau snadhang ical, boten wajib jaler
anglintonana. Wondéning sakathahé barang kang sampun sami
kapasrahaken dhateng rabi, inggih sami kedarbé sedaya, ameng griya
kang boten andhérék kedarbé.

Prakawis : 352

Yén saupami wonten tiyang agadhah rabi merdika, kang punika wajib
laki anyawisana tiyang kang angladosi setunggal. Kang mengkaten
punika, bilih sadéréngngé dados rabiné sampun dipun ladosi tiyang.
Wondéning pamesthiné tiyang kang angladosi kang amesthi kadamel
kadita amendhetaken toya : amasuh sinjangngé : sarta angolah-
olahaken kang katedha dhateng wau rabi.

Prakawis : 353

Saupami laki anumbasaken anggén-anggén dhateng rabi kang kejawi


saking pamesthi, kang punika anggén-anggén boten kedarbé dhateng
rabi. Yén dados slaya, rabi amestani kasukakaé, laki amestani
kasambutaké, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken aturipun laki : sarta
kasumpah sepisan. Mengkaten malih kalerêsaken Ahli warisé la[140]ki,
yén selaya barang tetilanipun wau laki utawi slaya kalih Ahli warising
rabi.

Prakawis : 354

Saupami rabi boten andhérék ing kajengnging laki, kang punika boten
wajib laki yén anyukanana punapa kang dados kewajibanipun dhateng

120Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
wau rabi, senadyan enggénipun anyongga ameng sekedhap, mongka
guur tedhiné ing dalem sedintené, sarta gugur sandhangngé ing dalem
setengah taun.

Prakawis : 355

Saupami rabi medal saking balé pagriyané : kang boten kelayan


wawenangnging laki, nalikané medal anuju laki wonten ing griya,
nuntenlaki anilar ing griya, satilaré laki : wau rabi wangsul dhateng balé
pagriyané malih, kang punika laki boten kewajiban anyukani tedha
sandhangngé wau rabi. Patrap kang mengkaten punika, sayogya kang
anyepeng ukum yén asukaha serat dhateng sasaminé ayepeng ukum ing
panggénané wau laki : amratélakna yén rabi sampun wangsul dhateng
balé pagriyané malih. Yén sampun kecriyosan wajib anyukani tedha
sandhangngé wau rabi.

Bab Kénging Yén Éstri anglepasna Awak Sawab


Laki Boten Anyukupi Tedha Sandhangngé

Prakawis : 356

Saupami jaler boten waged anyukupi dhateng tedhi sandhangngé rabi


margi saking boten gadhahé, kang punika kénging rabi yén matura
dhateng ukum supados anedha lepasé awakké saking wau laki. Nanging
patrap kang mengkaten punika : amesthi kang anyepeng ukum
angantosna ing dalem tigang [141] dinten, yén sampun dhateng tigang
dinten boten waged andhatengngi, kang punika dinten kang kaping
sekawanipun kénging yén kalepasna saking wau laki.

Prakawis : 357

Saupami éstri katilar dhateng laki : dhateng panggénanipun kang boten


kantenan sarta boten atilar kang dados tedhi sandhangngé, kang
punika kénging yén matura dhateng ukum anedha lepasipun saking laki.

121Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!
Bab Tiyang Pindhahan Kang sampun Patutan
Kang Anak Teksih Laré

Prakawis : 358

Yén wonten tiyang pepegatan sarta anggadhahi anak wau anak déréng
waged anggadhahi pamilih, kang punika wau anak kang amesthi
amiyara biyang, nanging bapa anyukanana kang dados tedhiné wau
anak laminé saingga anak sampun waged agadhah pamilih. Kang
mengkaten punika, saupami éstri déréng laki malih. Yén sampun laki,
mongka anak kapindhahna dhateng nini saking biyang : dhateng
sapenginggilipun, yén boten wonten sedaya, kapindhahna dhateng bapa.
Yén bapa pejah : utawi boten wonten, kapindhah dhateng nini saking
bapa sapanginggil. Yén nini sapenginggil sami boten wonten
kapindhahna dhateng sedhérék éstri anak wau. Yén boten wonten,
kapindhahna dhateng bibi saking biyang. Yén boten wonten wonten,
kapindhahna dhateng kepénakan éstri saking sedhérék éstri.

Prakawis : 359

Yén wonten tiyang pindhahan sarta agadhah anak wau anak sampun
waged andarbéni pamilih, kang punika pundi kang dipun pilih dhateng
anak inggih punika ingkang amesthi amiyara. Nanging saupami anak
wau é[142]stri amilih bapa, kang punika bapa kénging anyegaha :
supados anak sampun atetuwi ing biyangngipun. Nanging saupami
kang amilih dhateng bapa wau anak jaler, boten kénging bapa yén
anyegaha, sarta boten kénging malih yén wau biyang atinjo adhateng
panggénané bapa. Yén biyang kang dipun pilih, mongka anak wau anak
jaler, kang punika yén dalu : wonten biyang, yén siyang : wonten
pagriyaning bapa, kang supados bapa amulangnga ing pedamelané
tiyang jaler. Yén kang milih dhateng biyang éstri, kang punika wau anak
wonten ing biyang ing salami-laminé, nanging bapa kénging yén
atinjoha.

¤¤¤

122Karya sastra adalah pencapaian puncak peradaban yang menjadi bagian aset bangsa. Jagalah ………!!!

Anda mungkin juga menyukai