Tata Cara Temu Manten
Tata Cara Temu Manten
Tata Cara Temu Manten
rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing
kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi
penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep
dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga
diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
2. Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-
masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman
mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon
manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
3. Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh
para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen
sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi
lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing
barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
4. Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya
sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran,
pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku
duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
5. Ijab kabul
6. Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing
tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo
penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
9. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas
nompo dadi bageane kulawargo.
10. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak
kloron wis tinompo dadi kulowargo.
11. Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
12. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
14. Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan
bebarengan tindak neng acara resepsi.
15. Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.