Anda di halaman 1dari 2

Ora ana dina tanpa ambune gedhang goreng ana ing pawone emak.

Iku sing Sri rasakne


sakwise tangi saka turu. Tangi teko kasur sing wes rusak, wes podo metu kapuk e lan piring sing ws
podo lapuk amergi dipangani rayap. Sabendino Sri namung sarapan gedhang goreng lan teh anget
gawenan emak, weteng e sek luwe tapi Sri sadar namung iku sing iso dipangan amergi ekonomine
seng pas-pasan ora lebih yo ora kurang, mung syukur seng iso diucapne sri amergi sek iso mangan
sabendinone. Sri namung urep wong loro ambek emak e amergi bapak e sampun kapundhut marang
gusti Allah amergi loro jantung. Gara gara kui Sri kudu dodolan gedhang goreng gawenan emak e
gawe nyukupi kebutuhan urip sakbendinane lan kebutuhan sekolah e. Angel nerimo kedadeyan iki
nanging piye maneh, Sri kudu iso mantapne atine lan nguatne tekad ee bene iso ngelakoni urip
sakbendinane.

Koyo biasane Sri kudu nitipno setengah barang dagangane nang kantin lan sak liyane didol
nang konco – konco kelas. Akeh omongan seng ngelek-ngelekno Sri nanging Sri mung iso nutup
kuping wae amergi lak diladeni mengko tambah Sri sing loro ati. Sri iku murid sing pinter nang
sekolahan, Sri iku paling pinter nang bidang Fisika, ben tahun dekne mesti ngewakili sekolahe melu
ajang olimpiade Fisika ana ing tingkat provinsi. Senajan dadi bocah seng pinter ,tetep ae ora ana sing
gelem konconan karo Sri amergi Sri anak e wong gak ndue. Sri ora ngerti, nyapo kok konco-konco e
gelem ora konco ane nyawang teko ekonomi e. Lak iso milih, Sri yo pengen dadi anake wong sugih,
nanging gusti Allah nakdirne Siti dadi anak e wong seng pas-pasan, namung usaha lan syukur sing iso
dilakoni ambi Sri.

Sawijining dina nalika Sri lewat nang ngarepe mading, dekne nyawang ana brosur Olimpiade
Fisika, dekne pengen banget melu olimpiade kasebut, tapi olimpiade iku enek duwik pendaftaran e,
Sri mikir oleh teko endi duwik gawe daftar olimpiade kasebut, ndek tengah-tengah e Sri mikir, moro-
moro teko Pak Anang sing mbuyarne pikiran Siti. “Enek opo to Sri kok sajak ane raimu bingung
ngono kui?” takok pak Anang ambi nyekel pundak e Sri. “Ngeten lo pak, kulo badhe tumut olimpiade
fisika sing wonten teng mading niku, nanging kulo mboten gadah yotro damel pendaftaran e.” Sri
ngomong ambi suara lirih lan madep mengisor. “Wes to Sri, rausah bingung, mengko bapak
ngomong ndek sekolah bene sekolah wae sg mbayar pendaftaran e, tugasmu mung belajar sing
sregep beno iso menang ne olimpiade kui” jawab e pak Anang nenangno Sri. “Matur nuwun sanget
pak, kulo janji mengke kulo sregep sinau.” Sri bungah sakmarine diomongin pak Anang kui, dekne
sak bendino mesti sinau seng temenan kanggo nyiapne olimpiade kasebut, Sri sadar tahun - tahun
dekwinginane dekne mung iso lolos olimpiade nganti tingkat provinsi lan mesti gagal nang tingkat
Nasional.

Wektu olimpiade diwiwiti, Sri ngerjakne soal nganti sungguh – sungguh. Ora lali dekne mesti
ndungo marang gusti Allah supaya olimpiade tahun iki dekne iso lolos lan dadi juara 1 tingkat
Nasional. Sri iling opo seng wes diucapne neng pak Anang, Dekne kudu iso menang ne olimpiade
kasebut, Sri iling Ibune pisan, mengko lak Sri iso menang Sri iso ngewangi Ibune lan iso gawe Ibune
bangga maring Sri, amergo mung Sri anak siji-siji e sing iso mbanggakne Ibune.

Pirang pirang dino sakwise olimpiade akhire Sri oleh kabar nek dekne oleh juara 1 Olimpiade
Fisika, Sri seneng banget ora lali dekne ngucap syukur dateng gusti Allah atas nikmat ingkang
sampun dipun parengaken. Mbenjeng dinten e Sri dikancani guru pembimbing olimpiade fisika yaiku
pak Anang nang kantor dinas pendidikan kanggo nerima hadiah sing jumlahe Rp. 15.000.000,00

“Emak.....emak.. deloken iki mak.” Ucap Sri soko ruang tamu. “Iyo nduk, enek opo ? duwek
sak mene akeh e iki ngone sopo Sri ?” takok emak e Sri karo kaget. “ iki hadiah soko Sri juara 1
olimpiade Fisika mak. Duwek e ape Sri gawe modal dodol dagang.” Emak ngroso seneng banget lan
ngrakut Sri. Sri iku anak semata wayang hal iku gak dadekne Sri dadi bocah seng manja.

Sesuk dino nang sekolahan bocah – bocah rame ngomongno Sri seng oleh juara 1 olimpiade
fisika tingkat nasional. Kabeh podo ngucapne selamat marang Sri salah siji kancane yaiku Nanto “Sri
selamet ya, awakmu pancen bocah seng pinter”, Omong Nanto ngekei selamet nang Sri. “ Matur
Suwun To.” Sri mbales saben ucapan selamat seng konco – koncone wenehi. Sri seneng kancane sek
peduli marang Sri masio mung ngucapne selamat wae.

Pas wektu Ujian Nasional diwiwiti, Sri ngerjakne kabeh soal ambi tenang. Seng difikirne
namung lulus lan oleh nilai seng apik lan angsal beasiswa kangge ngelanjutne pendidikan. Hal iki
bene emak e Siti ora bingung biaya gawe nguliahne anake kui. Nyatane mimpi mboten sekedar
mimpi.

Koyok seng kedadeyan marang Sri ,pas wektu kelulusan kabeh kedadeyan malah luweh soko
mimpine. Dekne lulus dengan nilai paling apik lan angsal beasiswa kangge ngelanjutne pendidikan
nang Luar negeri. Kabeh kebukti , mimpi saget ngalahne rasa gengsi ana ing jero awak. Lan usaha
mboten pernah ngorohi hasil. Kabeh impian bakal kedadeyan ngampiri seiring soko waktu seng
mlaku.

Anda mungkin juga menyukai