Anda di halaman 1dari 2

1

Bismilahirrohmanirrohim
Asalamualaikum WrWb,
1) Ingkang satuhu kinormatan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan
Kabupaten Tegal, Panjenganipun Ibu Hajah Retno Suprobowati, SH, MM,
MKn
2) Ingkang kawulo benteni Sekretaris Dinas, Panjenenganipun Bopo Haji Ahmad
Wa’sari, SPd, MM
3) Ingkang Minulyo poro kadang, kepala bidang, kepala seksi, kepala subbag,
pengawas, dalah poro sederek sedoyo keluargi Dinas
4) Langkung rumiyin monggo kawulo dhereaken hangunjokaken pujo astowo
dalah puji astuti, Raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, gusti ingkang
moho kuwaos, dene ing wekdal enjing meniko taksih peniringan kenikmatan
..mliginipun nikmat kasarasan.
5) Sholawat dalah salam tansah kito aturaken wonter ngarsoipun nabi agung
Muhamad Rosulullah SAW, mandhap wonten jagad royo minongko
Rahmatan Lilalamin anjagi ayem tentrem dalah berkahipun alam semesta,
soho wonten alam akherat badhe paring safaat rikalaning yaumul hisab.
6) Poro sederek ingkang minulyo, ing wekdal meniko kawulo badhe ngaturaken
sesorah KASUSASTRAN JAWI, kasusastran jawi kaperang wonten 8, inggih
meniko;
a) Paribasan
b) Bebasan
c) Pepindhan
d) Sanepo
e) Isbat
f) Panyondro
g) Cangkriman
7) Wonten kalodangan meniko, kawulo badhe ngaturaken tulodho Paribasan;
Adigang, Adigung, Adiguno, artosipun;
Adigang ngedir ediraken kekuatanipun, penguwaosipun, kadigdayanipun (kida
Adigung, ngedir ediraken keluhuranipun (gajah/dwipa)
Adiguna, ngedir ediraken kepinteranipun, keluwihanipun (ula)
2

Bismilahirrohmanirrohim
Asalamualaikum WrWb,
1) Ingkang satuhu kinormatan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan
Kabupaten Tegal, Panjenganipun Ibu Hajah Retno Suprobowati, SH, MM,
MKn
2) Ingkang kawulo benteni Sekretaris Dinas, Panjenenganipun Bopo Haji Ahmad
Wa’sari, SPd, MM
3) Ingkang Minulyo poro kadang, kepala bidang, kepala seksi, kepala subbag,
pengawas, dalah poro sederek sedoyo keluargi Dinas
4) Langkung rumiyin monggo kawulo dhereaken hangunjokaken pujo astowo
dalah puji astuti, Raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, gusti ingkang
moho kuwaos, dene ing wekdal enjing meniko taksih peniringan kenikmatan
..mliginipun nikmat kasarasan.
5) Sholawat dalah salam tansah kito aturaken wonten ngarsoipun nabi agung
Muhamad Rosulullah SAW, mandhap wonten jagad royo minongko
Rahmatan Lilalamin anjagi ayem tentrem dalah berkahipun alam semesta,
soho wonten alam akherat badhe paring safaat rikalaning yaumul hisab.
6) Poro sederek ingkang minulyo, ing kalodhangan meniko kawulo badhe
ngaturaken sesorah KASUSASTRAN JAWI, ingkang nomor kalih, inggih
meniko;
7) Bebasan, yaiku unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang
ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa
Wonten kalodangan meniko, kawulo badhe ngaturaken tulodho Bebasan;
Emban Cindhe embang Siladan utawi Mban cinde Mban Siladan
Emban utawi mban nggadhahi pangartosan nggendhong
Cinde artosipun selendang
Siladan artosipun atinipun bambet ..atinipun pring, pring dipun sigar lajeng
dipun sisiki, menawi di pun bandingaken selendang kalian benten sanget.
Maksud bebasan meniko ...kangge kito sedoyo, minonggko tiang sepah (wong
tuwo) kalian lare (anak), langkung wiyar pemimpin kalian anak buahipun.
Kito minongko tiyang sepah mboten sae menawi mbedak mbedakaken lare
..anak...anak buah, kedah wonten raos adil,
Adil meniko benten kalian sama rata, anangin saget anyekapi bebutuhan
..boten pepinginan nopo malihanyuwunan, mugi mugi kito sedoyo dados tiang
sepah saged adil dumateng lare-lare kito., kedah saget paring kesejahteraan
dumateng lare2 lan putro-putro kito,
Satunggaling tokoh nasional maringi ide penggalihipun, bab pemimpin injih
meniko almarhum gusdur, ingkang suraosipun “pemimpin yang baik adalah
pemimpin yang mampu mensejerahkan rakyat yang dipimpin, gitu aja kok
repot

Anda mungkin juga menyukai