Anda di halaman 1dari 2

Kidungan

Tobata Karya: Kamsa Nada


Hai manusia sing melasa ning badan sira
Sebab ko besuk kita ngadep kang kuasa
Hai manusia urip dunya aja gawe dosa
Sebab ko besuk diadili kang kuasa

Gusti Alloh nentukkaken keputusane


Sing tergantung amal kita perbuatane
Pembalesan kanggo besuk aheratte
Apa neraka apa surga tergantung ning dunyane

Ning Gusti Alloh nyuwun tobat diampuni


Dosa-dosane kang ning ati kang kurang bersih
Lan ayu pada kita jaga lan ati-ati
Sebab ning dunya wong urip iku bakale mati

Du sira badan tobatana lan elinga


Mumpung ning dunya aja di tunda lakonana
Kewajibane Gusti Alloh kang diprentahne
Lakonaken jalanaken ibadahne

Du badan sira tobatana sedurung mati


Endi kang salah tobatana maring Gusti
Munmpung ning dunya Gusti Alloh masih ngampuni
Gage tobata aja sampe nyesel ning buri

Yen wis mati mayit sira di urugi


Apa bli wedi tangan sira ko jadi saksi
Ayu pada urip dunya sing teliti
Yen wis mati ning aherat di adili
===== 00000 =====
Kidung Cirbonan
Karya: Kamsa Nada

Grayangana 3x badan sira


Wong urip ning alam dunya
Klalen ake gawe dosa

Ayu badan grayangana


Endi kang salah tobatana
Mumpung urip ning alam dunya
Gusti Alloh masih ngampura

Kidung
Du…h Hai manusia
Melasana badan siira
Bakal pada ninggal dunya
Buh waktune Gusti Alloh sing nentuknange

Gage tobat newen


Diparingi slamet besuke
Yen wis mati dicabut umure

Hai manusia elingana


Urip dunya sementara
Grayanga dosae badan sira
Tobatana nyuwun ampun kang kuasa

===== 00000 =====

Anda mungkin juga menyukai