Anda di halaman 1dari 2

Berubah

Jenengku Dika.Dino iki yoiku dino pertama aku masuk sekolah. “Pak, ayo
cepet.” Ngomongku ambek nggawe sepatu nang ngarep omah. Aku wes ngenteni
suwi, tapi bapakku gak metu-metu. Aku melbu omah karo nyelok bapakku maneh.
“Pak ayo cepet. Aku wes kate telat.”ngomongku ambek rodok kesel.

“Maaf bapak hari ini agak sibuk, nak. Kamu hari ini berangkat sendiri dulu
ya?.” Jawabe bapak sambal ngutek laptoke. Bapakku saiki seneng umek ambek
laptop karo kertas-kertas nang ngarepe. Semenjak munggah jabatan, bapakku
saiki mesti sibuk karo jarang main ambek aku maneh.

Akau rodok kesel karo budal sekolah mlaku. Sampek ndek ngarep gerbang
sekolah, aku ndontok gerbang wes tutupan. “Kok wis ditutup sih.” Omongku nang
njero ati.

Moro-moro onok murid liane sing teko nang aku. “Telat barang ya? Kenek
opo?.” Takoke. “Kenek opo sih, ganggu ae.” Ucapku nang njero ati. Aku ngaleh
nang samping sekolah karo arek e yo melok I aku lungguh nang jejerku. “Sok
kenal, cerewet maneh.” Ucapku nang njero ati.

Sampek ndok omah aku moreng-moreng nang pembantuku. “Mang


nangndi sih? Koka mau ga njemput aku moleh sekolah. Pegel iki. Saiki cepet
jupukno aku mangan.” ngomongku ambek kesel. “Maaf den, iya saya ambilin
makan sekarang.” Jawabnya. Aku dulinan Hp nang kamarku. Tiaba-tiba
pembantuku nggowo panganan gawe aku. “Ini den makanannya.” Ambek ngekeki
sepiring nasi karo lauk pauk. “Aku gak gelem mangan iki.” Ngomongku ambek
mlaku ngaaleh.

Ben sore aku mesti mlaku-mlaku gawe nyegerno otakku cek ben gak
stress.

Moro-moro onok sing nyeluk aku. “Hei Dika.” Aku ngerti suara iku tapi aku moh
noleh karo nerusno mlakuku.
Suatu hari aku ngeroso bosan nang omah. Aku kepikiran tentang Rika,
arek wedok sing cerewet iku. “Koa isok Rika ketok bahagia terus? Padahal
dorong tentu Rika isok menuhi kebutuhan uripe.” Ngomongku nang njero ati. Sak
eroku, Rika iku anak yatim piatu sing urip dewe. Rika isok sekolah amergo entuk
beasiswa.

Aku penasaran karo Rika. Timbang aku penasaran, aku mutusno gawe
meloki kabeh kegiatane Rika meneng-meneng. Aku nang omahe lan ndontok Rika
nyapu halaman omahe karo ngekeki pakan petek. Maringunu Rika ngaleh nang
suatu tempat gawe njopok koran. “Gawe opo Rika njupok koran sak akeh iku?”
pikirku. Kagete aku ndontok Rika mlaku nang jalan raya karo dodolan koran sing
mau dijupuk. Pas iku atiku tersentuh ndontok Rika.

Sak langkah demi sak lang aku terus ngetutno Rika. Rika ngekek I duwik
hasil dodolan koran nang sing nduwe koran mau. Rika ayo intuk upah. Aku
ngetuti Rika sampek akhire teko nang salh siji warung. Sak marine tuku mangan
Rika akhire moleh.

Pas perjalanan moleh nang omah e Rika, Aku ndontok Rika ngekek I
panganan nang salah siji tunawisma sing ono nang dalan. Aku mlayu ninggalno
Rika. Aku mlayu sak kenceng kencenge. Aku ngeroso air mataku mudun nelesi
pipiku. Aku gak sanggup ndontok opo sing dilakoni Rika. “Tibakno selama iki
aku salah. Aku mesti bergantung marang wong liyo. Aku dadi isin karo awakku
dewe. Saiki aku sadar, aku isok luweh bahagia lek aku luweh mandiri karo gak
bergantung marang wong liyo. Aku kudu berubah.”

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai