Anda di halaman 1dari 2

LATIHAN SUMATIF SEMESTER GANJIL

TAHUN PELAJARAN 2022/2023


SEKOLAH MENENGAH PERTAMA ISLAM CENDEKIA HARAPAN

Paraf Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Nilai :


Kelas : ………………………………..
Guru Orang Hari/ Tanggal : …………………………………
Tua Nama Lengkap : …………………………………
No.Absen : ……………….………………..

KI HAJAR DEWANTARA
Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889, kagungan asma asli RM
Suwardi Suryaningrat. Panjenengane miyos ing lingkungan kulawarga bangsawan saka trah
Kraton Ngayogyakarta. Ki Hajar Dewantara kepingin bisa srawung lan cedhak karo kawula cilik,
mula gelar kebangsawanan ora diagem lan ganti asma dadi Ki Hajar Dewantara.
Sawise ngrampungake pendhidhikan dhasar, Ki Hajar Dewantara nerusake pasinaon
menyang stovia nanging oara nganti tamat, jalaran nandhang gerah. Sabanjure panjenengane
nyambut gawe dadi wartawan, yaiku ing layang kabar De Express, Utusan Hindia lan Kaum
Muda. Liwat tulisan-tulisan mau Ki Hajar Dewantara ngobarake semangan antikolonialisme.
Ki Hajara Dewantara uga aktif ing jagading politik, ing antarane ing organisasi Budi
Utomo, INdische Partij lan Komite Bumi Putera. Nalika tulisane “ Seandainya Aku Seorang
Belanda” ngemot sindiran marang pamarentah Walanda, ndadeake Walanda muntap. Akibate
Ki Hajar Dewantara oleh ukuman dibuwang menyang negara Walanda.
Ing negara Walanda Ki Hajar Dewantara nyinaoni pendhidhikan lan pangajaran. Baren
kondur menyang Tanah Air Ki Hajar Dewantara munjerake perjuwangan ing babagan
pendhidhikan. Panjenengane ngedegake Perguruan Taman Siswa ing tanggal 3 Juli 1922. Para
siswa digladhi supaya duwe rasa kebangsaan nganggo sesanti “Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing
Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani”.
Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning
pendhidhikan. Taun 1959 pamarentah paring gelar “Bapak Pendidikan” marang Ki Hajar
Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina
Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani saiki dadi lambange Kementrian Pendidikan
dan Kebudayaan.
(Sumber : Wikipedia Pahlawan Indonesia kanthi owah-owahan sawetara)
Sawise maca teks “Ki Hajar Dewantara” sabanjure tulisen kanthi ringkes bakuning crita
manut struktur Teks Profil Tokoh!

No Struktur Teks Ukarane


.
Tintingana teks “Ki Hajar Dewantara” banjur golekana tuladhane tembung lingga lan
tembung Andhahane banjur gawenen tuladha ukarane!

No. Tembung Lingga Ukarane

No. Tembung Andhahan Ukarane

Anda mungkin juga menyukai