Anda di halaman 1dari 4

Teks Drama Bahasa Jawa

Lurah Tambak Yoso sowan ing daleme Sarip lan ditemoni Mbok Sarip. Dheweke
takon babagan Sarip lan uga kabar saka Mbok Sarip. Mbok Sarip paring dhaharan marang
lurah desa Tambak Yoso.

Gus Lurah Tambak Oso : "Halah. yowis peng pisan ndelok seger warsanmu, lek wis warasa
gaenek opo-opo yowis.

Mbok Sarip : "Sehat pak sehat kula.

Gus Lurah Tambak Oso : "yo, mangan gak onok?"

Mbok Sarip : "wonten, monggo lek nedho pak."

Gus Lurah Tambak Oso : "Wes masak a?"

Mbok Sarip : "Mpun."

Gus Lurah Tambak Oso : "jenenge wong mangan ngge rakyat e yo paribasane sambel-sambel
yo tak magan. Ko lek gak mangan ko sangkakne aku ki jare nolak.

Mbok Sarip : "Kulup pak kula."

Gus Lurah Tambak Oso : "Kulup?"

Mbok Sarip : "Nggih."

Gus Lurah Tambak Oso :"Senenganku wi nduk.

Mbok Sarip :"Sampean seneng kulup sing nopo?"

Gus Lurah Tambak Oso : "Biasane yo gubis, sawi."

Mbok Sarip :"niku wau sanes pak."

Gus Lurah Tambak Oso :"Opo?"

Mbok Sarip :"Godong gedhang."

Gus Lurah Tambak Oso : "Wes tak mangan. wes pirang dino anakmu gak muleh?"
Mbok Sarip :"wis 3 dino pak."

Gus Lurah Tambak Oso : "Kandanono ojo oleh kluyuran ae mbok ne gak enek ewange."

Mbok Sarip : "Nggih pak."

Saklajengipun wonten Gus Lurah Dandangan ingkang nemoni mbok sarip ingkang
dipun paringi tugas dening Ndoro Asten, Ndoro gubernur, dhawuh ngempalaken pajak
ingkang dereng dipun bayar sarip. Nanging mbok sarip kandha yen sarip wis 3 dina ora mulih
lan saiki ora duwe dhuwit kanggo mbayar. Mbok sarip njaluk wektu marang Gus Lurah
Dandangan. Banjur dumadakan ana Gus teka dhawuh marang mbok sarip golek dhuwit
kanggo mbayar pajak. Nanging Gus lurah nesu amarga mbok sarip ora langsung mbayar.

Gus Lurah Dandangan : "Nyuwun sewu nggih. Sampean mbok e Sarip?"

Mbok Sarip : "Nggih kula niki mbok e Sarip pak."

Gus Lurah Dandangan : "Sarip enten?"

Mbok Sarip : "Sarip pun 3 dino mboten muleh pak."

Gus Lurah Dandangan : "Terus kula mriki wonten perlu kalih Sarip nggih kalih Mbok e Sarip
sampean niku."

Mbok Sarip : "Sampean sinten nggih pak?"

Gus Lurah Dandangan : "Kula Lurah Dandangan."

Mbok Sarip : "Loh kok dandangan. niki sanes deso Dadangan, niki desa Tambak Oso."

Gus Lurah Dandangan : "Bener, omong e sampean iku bener. Tapi kula niki mrene
ditugasaken kalih ndoro Asten ndoro Gubermen. Ken narik pajak, ajak e dereng dibayar. Sak
niki kedah wonten duit yok opo tanggung jawab e sampean?"

Mbok Sarip :"Ngeten Gus Lurah Dandangan nggih, mboten kula mbangkang niku kewajiban
kula. mrene kula niki dereng gadah duit. nggih kula semoyo nopo o pak."

Gus Lurah Dandangan : "Semoyo? opo sebabe ogak bayar?

Mbok Sarip : "Mboten gadah duit."


Gus Lurah Dandangan : "Mboten gadah duit sepinsan. Kepindo ndue tambak sing di sewa ne
nek Ridwan. Duit e kon sing nggae, Tambak e sing nggarap H.Ridwan. Hasil e sing mangan
Hj.Ridwan. iku sing nggae persoalan nyang opo kok gak ndang bayar. Tapi SPPT sing wajib
bayar pajak iku Mbok e Sarip. Sampean sak iki ndang bayar pajak.

Mbok Sarip : "Nggih pak, ngentosi anak kula riyen."

Gus Lurah Dandangan : "Ngentosi-ngentosi, sak niki sing ana sampean yo sing bayar
sampean, lek enek wali nggih wali ne. Tapi sing sak iki enek niku sampean wonten duit
mboten wonten duit sak niki dadi sing bayar iku sampean."

Gus : "Golek no ae mbok!"

Banjur ana nom-noman liyane teka nulungi mbok sarip saka dukane Gus Lurah
Dadangan, sing nom iku jebule Sarip. Sarip ngomong karo Gus Lurah Dadangan. Gus lurah
Dadang ngendika, alesan anggone ngumpulake pajak ing desa Tambak Yoso amarga kepala
desa Tambak Yoso ora dipercaya dening Gubernur Ndoro Asten Ndoro. Nanging Sarip ora
trima yen Gus Lurah Dadang njaluk mbayar pajege kanthi paksa lan banjur ana perang sing
njalari Gus Lurah Dadang dipateni nganggo pedhang dening Sarip. Banjur Sarip dilapurake
marang panguwasa dening lurah Tambak Yoso.

Gus Lurah Dandangan : "lek pengen eruh jelase anane mbok e tak gebuk i ngantek keluar
darah e yo. Opo sebabe tambak e gak dibayar pajak e?

Sarip : "Di kau niki tiang pundi?"

Gus Lurah Dandangan : "Lurah Dandangan."

Sarip : "Di kau niki opo mboten eruh lek teng desa Tambak Oso niki nggih enten lurah e?
Lan opo sampean demok-demok teko mriki? "

Gus Lurah Dandangan : "Lurah mu ogak di percoyo karo ndoro asten ndoro gubermen. Nek
Lurah Tambak Oso pajak e gung lunas, aku di bon."

Sarip : "Wo di kau niki cekakne ngoten bon-bon an nagih? Lha lek mriki dereng wonten duit,
krabayakan mbok kula di gebuki. Lha wong niki lurah kok gak nduwe aturan."
Gus Lurah Dandangan : "Sing ndue SPPT iku Mbok Sarip, sing ndue pethok Mbok Sarip.
SPPT piro gak ndang di bayar dadi Ndoro Asten niku arep-arep duit negoro."

Sarip : "Lek niko Lurah Tambak Oso gausah kakean omong kula kek i.

Gus Lurah Dandangan : "Apane lurahmu koyok gombal. Rene gak takok duit pajak, rene mek
nggor omong-omongan tok. Gk penting SPT tulung tinulung penting kejujuran.

Sarip : "Lha di kau niki gebuk i nagih pajak e mriki perkoro mbok pun tuek, lha lek mbok jek
enom kiro-kiro nggeh mripat e sampean kui penclalatan.

Gus Lurah Dandangan : " Loh kok pendelikan."

Sarip :"Lek Sarip di gebuk i masalah Sarip gak popo. Tapi lek perkoro mbok ojo nganti."

Gus Lurah Dandangan : "Mbelani mbokmu?"

Sarip : "yo jelas."

Gus Lurah Dandangan : "Onok duit opo gak onok?"

Sarip : " Lek duit ogak ana, lek ana duit ana syarat e lek iso misah nyawane sarip."

Anda mungkin juga menyukai