Anda di halaman 1dari 1

NAMA : FARHAN SYAH PUTRA WIYONO

KELAS : X MIPA 4
NO ABSEN : 13

Bharantayuddha Gugure Bhisma

Adhepi dening sajuganing senapati pinilih, enget kula senapati wiratha wonten
ingkang wujud wanita. Dumugi semanten ucaping Wara Bhisma. Prabu Kresna sigra
mundur saking payudan nimbali ingkang rayi pun Wara Srikandhi. Wusana Wara
Srikandhi kapiji dados senapati mapagaken Resi Bhisma.
Kados punapa gumbiraning manah dyan Dewabrata dupi priksa Dewi Wara
Srikandhi ingkang prasasat Dewi Ambalika. Sigra kawios pengendikanipun, Hong
awignam astu nama sidham, tuhu waspada paningal putu Prabu Dwarawati katitik Wara
Srikandhi. Enggal methukke juritku.
E e ngger Wara Srikand hi aja ta sira tidha-tidha enggal lepasna jemparing ira
tak geblakne dhadhaku Ambalika garwane pun kakang wong ayu. Gumeret swaraning
jemparing dyan Wara Srikandhi ange ngingi dhadhane Dewabrata satemah rebah
wonten satengahing payudan. Nadyan kenging dedamel parandene Bhisma dereng
pejah, wusana perang kendel dadakan para kadang Pandhawa saha Korawa sami
anglempak wonten kanan keringing Resi Bhisma ingkang ketaman jemparing. Sigra
resi Bhisma angandika aris, E e e kaya ngene kamulyane dadi wong tuwa, aku
nandhang kanin ana paprangan diruung putu-putuku, ora mantra-mantra yen ana
sajroning paprangan. Kulup sira kabeh pun kaki kaya ora suwe pinulung jagadku
dening Hyang Hakarya Jagad. Mula sadurunge iku kedadeyan aku paring piweling
marang sira kabeh, yen bisa wurungna perang gedhe iki. Becik apa lamun sira kabeh
rukun antaraning sedulur nunggal darah padha -padha wayah Abiyasa kulup. Salajengipun
Bhisma mundhut kajangsirah, saha unjukan, ingkang saged minangkani Pandhawa.
Senadyan Bhisma ny uwun paring dyan. Bratasena sigra anjebol wit randhu alas
saprangkul gedhene. Korawa mulat trengkahing Werkudara amarga menawi badhe
kinarya gaman ngamuk punggung, mila lajeng sami lumajar kapiandhem. Sigra nilar
kandhaning dyan Dewabrata. Sabibaring para Korawa, Resi Bhisma paring piweling
dhateng Pandhawa. Ngger putu-putuku Pandhawa ngertia pakartining Korawa kaya
mangkono janji wong kang isih digunakke tenagane, kapinterane, kasudibyane
disembah-sembah kaya pun kaki iki. Nanging bareng kira-kira wis ora bisa dialap
baune banjur ora digatekake maneh. Kulup Brantayuda ora bisa mandheg semene, mula
pitungkasku jroning Brantayuda aja padha sira kabeh wani nglumpati Kali Cingcing
Goling, amarga sapa sing wani mlumpat kali iku, bakal kalah perange lan apes
jayane. Sasampunipun ngendika makaten noyah nayuh baskara titi mangsa dyan
Bhisma pejah ing paprangan pinapag Dewi Ambalika minggah kaswargan. Dening
para Pandhawa kandhaning Resi Wara Bhisma karukti anut satataning panembah.
Prajurit Guwa Barong soroh amuk kapagaken dening Werkudara, wasana tumpes tapis
tanpa sesa katrajang daya nging Gada Rujak Polo. Rampung.

Anda mungkin juga menyukai