Anda di halaman 1dari 12

Geguritan

Materi Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas X


Semester Gasal Tahun Ajaran 2022 - 2023
Geguritan kuwi apa?

Geguritan = Puisi = Poetry

• Asale saka tembung gurit


• Gurit miturut bausastra ditegesi
tembang; sawijining tembang mung
awujud purwakanthi.
Titikan geguritan gagrag anyar

1. Ora kawengku ing paugeran (bebas)


2. Asring nggunakake purwakanthi swara, sastra
lan purwakanthi lumaksita.
3. Ora nganggo tembung “sun gegurit”

Titikan geguritan gagrag kuna


1. Cacahe gatra saben sapada minimal 4 gatra
2. Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
3. Diwiwiti tembung “sun gegurit”
Tuladha Geguritan Kuna

Sun gegurit
Yen pra mudha keh kuciwa
Sirna jatining nagara
Tan ana gaman kuwawa
Weh tetulung mrih raharja
Tuladha Geguritan Anyar
Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundhakmu ana kanggo aku
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki...
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku..
Unsur-Unsur Geguritan
1. Unsur Lair
2. Unsur Batin

UNSUR LAIR UNSUR BATIN

• Pilihan tembung • Tema


• Majas • Rasa pangrasa
• Rima/ sajak • Nada/ lagu
• Tipografi • Swasana
• Piwulang
Cara nggawe geguritan
1. Nemtokake tema geguritan
2. Milih tetembungan kang becik
3. Nyusun tetembungan sagatra-sagatra banjur
ditata nganti mujudake saperangan pada (bait)

Cathetan:
Upayakana nalika nyusun tetembungan ngurangi
tembung pangiket (kata sambung) kayata: lan,
saha, sarta, lsp. Saliyane iku upayakna supaya
tetembungan bisa nuwuhake wirama kang endah,
kanthi nggunakake purwakanthi.
Cara maca geguritan
Maca geguritan kudu nggatekake babagan 4W,
yaiku: Wirama, Wiraga, Wirasa, Wicara
1. Wirama: gayut karo anggone maca. Nalika
maca geguritan kudu jumbuh karo ‘kahanan’
kang dicritakake ing geguritan.
2. Wiraga: gayut karo obahing awak nalika maca.
Obahing awak iku maneka warna, bisa arupa
obahing mripat, mustaka, tangan, lsp.
3. Wirasa: gayut karo cara pamaca ngrasakake
apa kang diandharake ing sajroning geguritan.
4. Wicara: gayut karo kedaling lathi nalika maca
geguritan. Kedaling lathi kudu trep jalaran salah
anggone ngucap bisa ngasilake makna kang
beda.
Babagan parafrasa...
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia
(KBBI), parafrasa didefinisikake minangka
proses njlentrehake sawijining karangan
supaya dadi wujud liyane (susunan
tetembungan) kanthi ancas supaya bisa
njelasake makna kang sinandhi
(tersembunyi).

Parafrase Andharan
Geguritan
(crita)
Wong Sepele
Duh, abote kahanane uripku
Kudu nandhang lara, dipandang sesisih mata
Yen takdire kudu dikuat-kuatke
Aku mung wong sepele
Kudu kuat atine
Kadang pengen ngeluh
Nalika kentekan eluh
Kodrate manungsa
Kuwi pancen beda-beda
Dhedhel dhuel ati
Nampa kasunyatan iki
Kudu tak tambani
Kanggo njalani uripku iki
Jujur sedih uripku kaya mengkene
Sugih waras durung tau tak rasakke
Urip dewe tresna ra ana sing nggape
Kudu sabar mung dianggep wong sepele
Mlaku we kadang kesandung
Ora ana sing nulung
Tangise ning ati ra isa tak bendhung
Cara nggawe parafrasa
1. Waca utawa simaken geguritan kang arep
kokprafrasakake kanthi premati
2. Gatekna isi geguritan kanthi wutuh
3. Jlentrehna tetembungan kang ngemot
lelewabasa
4. Tulis apa sing koktampa saka geguritan sing
wis kokwaca utawa koksimak mau kanthi
migunakake tetembunganmu dhewe

Cathetan:
Yen isih durung mangerteni tenan bab geguritan
sing arep diparafrasakake, coba wacanen
geguritan iku maneh nganti paham. Wenehi
tandha ing tetembungan kang ora kokngerteni
banjur golekana tegese ing bausastra (kamus).
Matur nuwun

Anda mungkin juga menyukai