Anda di halaman 1dari 3

Tanggap Wacana Atur Pasrah Temanten Assalamualaikum wr. Wb Kawula nuwun.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, panjenenganipun Bp. .. (besan) ingkang satuhu kula bekteni. Kula minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/lbu .. {ingkang mengku gati/nyraya. Ingkang sepisan, Bp. .. (ingkang nyraya) kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp. .. {besan) kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi Bp/lbu tansah pinaringan berkah rahmating pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih. Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg . ingkang badhe kadhaupaken Rr.. putra-putrinipun Bp. .. ingkang punika Bp. .. (ingkang nyraya) kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan-penganten sapendherek. (saged kaaturaken peranganipun, contonipun, sangsangan rinonce, kundala krindng, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kala wau arupi beburoning wana). Menggah sedaya kala wau kaaturaken kanthi suka renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanthi bobot Ian bebeting barang, mugi katampia minangka talining katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan. Ingkang punika, mbokbilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara Ijab Qobul sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna. Bp/ibu . .. (besan) ndherek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT, mugi paringa berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir sangsaya mboten wonten alangan satunggal punapa sumrambah ing sadayanipun. Kula minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur Ian mbok bilih wonten kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sadaya nyuwun samodraning pangakasama. Akhirul kalam Nuwun. billahit taufiq wal hidayah. Wassalamualaikum wr. wb. .

Atur Panampi Pasrahan Penganten Assalamualaikum wr. wb. Kawula nuwun. Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawana putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bp . sakulawangsa mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana. Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung awit kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngirangi tata trapsila, awit ngengeti papan saha kawontenan ingkang makaten, kapeksa kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan. Panjenenanganipun Bp . (asmanipun ing kang masrahaken) kula minangka sulih sarira Bp . sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp . sekaliyan nembe ngraosaken bombing mongkog ing penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang tanpa pepindhan. Langkung rumiyin Bp . sekaliyan ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhateng Bp . sekaliyan, katitik ing wekdal punika Bp . sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan. Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp . sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng dhumateng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana palakrama saking dalem dumugining wisma punika. Kaping tiganipun, sampun dipuntampi atur salam taklimipun Bp . sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp . (ingkang ngaturaken pasrahan). Semanten ugi Bp . sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun Bp/lbu . kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu Ian tinebihna ing godha rencana. Kaping sekawan, Bp . sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp . sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotanipun Bp . ingkang punika pasrahing temanten kakung dipuntampi kanthi suka renaning penggaiih. mBok bilih sadayanipun sampun samekta ing gati sri temanten kekalih tumunten badhe kadhaupaken. Mawantu-wantu panyuwunipun Bp . sekaliyan mugi panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi mirunggan ngantos paripurnaning gati. Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur, awit cupet

ing nalar kuthunging pemanggih, kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami. Wassalamualaikum wr. wb. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai