Anda di halaman 1dari 3

Nama

: 1. Aziz Cahyo Zujarwo

(03)

2. Bimma Dwi Fajar M.

(05)

3. Mohammad Ibnu Hasan (22)


4. Ocha Nur Wingga

(24)

5. Yusron Nasrullah

(38)

Kelas

: XII-MIIA 3

Tugas

: Bahasa Jawa (Dialog Bahasa Jawa)


Wisata menyang Alas Mangrove

Aziz, Bimma lan Ocha : Sugeng enjing, Mas.


Mas Hasan

: Sugeng enjing, Dhik!

Aziz

: Mas, kula lan sakanca sowan badhe nyuwun pirsa


perkawis alas mangrove ingkang samenika kathah dipun
rembag kangge njagi lestarinipun alam pesisir seganten.

Mas Hasan

: Luwih becik ayo karo mlaku-mlaku turut pesisir, supaya


bocah-bocah mengko langsung mangerteni bab alas
mangrove. Piye, setuju?

Aziz, Bimma lan Ocha : Setujuuu.....!


Aziz

: Sejatosipun alas mangrove menika menapa ta , Mas?

Mas Hasan

: Secara umum ora ana tanduran sing jenenge mangrove.


Mangrove iku gegrumbulan wit lan semak-semak sing
tuwuh ing pesisir segara kang uga diarani daerah
interdial utawa dhaerah pasang surut. Vegetasi alas
mangrove ing Indonesia kurang luwih ana 202 jinis,
dumadi saka 89 jinis wit, 5 jinis palma, 19 jinis pemanjat
, 44 jinis herba lemah, lan 1 jinis paku. Saiki kahanane
alas mangrove butuh kawigaten lan kudu dilestarekake.

Ocha

: Menawi alas mangrove menika wonten pesisir seganten,


ateges alasipun wiyar saget inggih , Mas?

Mas Hasan

: Bener. Alas mangrove saiki sakdonya ambane kurang


luwih 18 yuta hektar. Seprapate utawa kurang luwih 4,5
juta hektar ana ing Indonesia.

Bimma

: Lajeng risakipun alas mangrove saiki sakdonya ambane


kurang luwih 18 yuta hektar. Seprapate utawa kurang
luwih 4,5 juta hektar ana ing Indonesia.

Mas Yusron

: Rusake mangrove merga saka akehe tekanan fisik


ekologis kesadharan masyarakat njaga mangrove isih
kurang. Anane kebutuhan ekonomi njalari masyarakat
banjur nekad ngrusak mangrove, tuladhane : tandurane
dijupuki kayune kanggo masak, ana sing durung
didadekake omah,dienggo tambak, kanggo papan,
ngedegake usaha, pabrik, lan pelabuhan. Coba, delengen
pesisir sisih wetan kae, tandurane padha rusak, ta?

Aziz

: Lajeng menapa manfaating alas mangrove menika, Mas?

Mas Yusron

: Akeh banget manfaate alas mangrove. Alas mangrove iku


wigati banget kanggo njaga lan ngayomi lingkungan
hidup , njaga dharatan saka abrasi ombak segara, uga
nglindhungi hidup, njaga dharatan saka abrasi ombak
segara, uga nglindhungi alam saka tsunami. Bocah-bocah
isih kelingan bencana tsunami ing Aceh, ta?

Aziz, Bimma lan Ocha : Inggih , Mas!


Bimma

: Kejawi ingkang sampun dipunandharaken kalawau,


menapa taksih wonten manfaat sanesipun. Menika kok
wonten tiyang sadean jajanan, menapa menika, Mas?

Mas Yusron

: Nilai Ekonomis liyane sing bisa dirasakake masyarakat


yaiku ngedegake Petani Binaan, Masyarakat pesisir
diwuruki gawe sirup lan dodol (jenang) saka mangrove.
Mangrove uga bisa kanggo bahan kosmetik, obat, lan
kayu sing garing bisa kanggo kayu bakar sing panase
awet kaya batubara.

Ocha

: Kula kinten, kula sakanca sampun pikantuk seserepan


ingkang kathah bab alas mangrove. Kejawi pikanthuk
ilmu ugi sampun wisata ingkang nyehataken. Kula
ngaturaken panuwun lan sanes wekdal badhe sowan
malih kaliyan kanca-kanca supados saged wisata
mangrove. Sugeng siyang, Mas.

Mas Yusron lan Mas Hasan

: Sugeng siyang. Ngati-ati ana ndalan.

Anda mungkin juga menyukai