Anda di halaman 1dari 7

CERITA RAKYAT JAKA TINGKIR VERSI BAHASA JAWA

Oleh Noel Tri Darmasto

Jaka Tingkir

Sawijining dina Ki Ageng Tingkir ngimpi, sajroning impene dheweke etuk wangsit
supaya opek degan ijo saka wit klapa kang ono ing sandhing omahe. Sajroning impene dheweke
dijaluk supaya banyu saka degan mau diombe ngasi entek. Amarga sapa sing bisa ngentekno
banyu degan mau kanthi dientekno pisan, ateges ora dibolan-baleni, keturunane bakal dadi Raja
utawa penguasa gedhe.
Sakwise tangi turu, Ki Ageng banjur mbuktekkake apa bener sing dikandhakake
sajroning impene sewengi iku kasunyatan. Dheweke menyat saka dipan banjur mlayu niliki wit
klapa ing sandhing omahe. Dheweke kaget lan gumun, jalaran wit klapa sing samesthine durung
wayahe awoh dumadakan awoh degan ijo siji kang rumayan gedhe. Ki Ageng bingung, degan ijo
mau diopek apa ora. Jalaran dheweke durung bisa pracaya marang impene. Dheweke duwe
pamikiran menawa kadadeyan mau amung kabegjan. Banjur suwening suwe anggone mikir,
dheweke wedi menawa degan mau diopek wong liya, jalaran degan mau saestu nengsemake,
wohe gedhe banget ora kaya biasane. Tanpa kedawa-dawa anggone mikir degan mau banjur
diopek.
Ki Ageng gage-gage ngonceki degan ijo mau, lan kepengin ngombe banyune. Ananging
banjur wus dikepras ndhuwure dheweke weruh banyune kang akeh banget. Kelingan saka
impene kang kudu ngenteke banyu mau kanthi sepisan ngombe dheweke rumangsa ora kuat,
amarga nalika iku pancen isih esuk lan durung ngrasakno ngelak. Degan mau banjur disimpen
ing Pogo ndhuwur pawon. Dheweke duwe pikiran bisa ngentekno banyu degan mau kanthi
sepisan ngombe, ananging sakwise dheweke nyambut gawe sedina. banjur mesti krasa ngelak
banget.
Nalika Ki Ageng Tingkir angon kebo ing sawah, sedulure kang saka Pajang yaiku Ki
Ageng Pengging mertamu ing omahe. Nyai Ageng Tingkir kang nalika iku ing omah bingung
anggone nyuguh tamune mau, jalaran nalika iku durung nggodhok wedang kanggo disuguhake
marang Ki Ageng Pengging kang katon lungrah sakwise mlaku adoh saka daleme.

Tanpa nyana jebul Nyi Ageng Tingkir weruh apa kang kang diayahi garwane mau esuk,
dheweke weruh Ki Ageng Tingkir ngonceki klapa. Banjur klapa mau disimpen ing pogo.
Dheweke duwe penggalih menawa Ki Ageng Tingkir wis ngerti yen Ki Ageng Pengging arep
sowan neng daleme. Pramila dheweke mikir yeng garwane sengaja nyepakake klapa mau
kanggo disuguhake marang Ki Ageng Pengging.
Jalaran ngelak banget sakwise mlaku adoh banget, Ki Ageng Pengging ngunjuk banyu
degan mau kanthipisanan ngombe uga nganti entek tanpa sisa.
Nalika wayah sore Ki Ageng Tingkir mulih saka angon kebo-kebone kanthi rasa ngelak
banget. Sakwise tekan ngomah dheweke banjur gage njupuk degan kang disimpen mau esuk.
Ananging dheweke kaget weruh degan sing disimpen mau esuk wis ana ing ndhuwur meja
kanthi kosong tanpa isi banyu. Dheweke banjur takon marang garwane. Nyi Ageng Tingkir
njlentrehake menawa degan mau wis disuguhake marang Ki Ageng Pengging, kang lagi wae
mertamu ing omahe. Jalaran durung suwe anggone Ki Ageng Pengging kondur, banjur Ki Ageng
Tingkir mlayu nyusul Ki Ageng Pengging kang lagi mlaku mulih.
Ki Ageng Tingkir bisa ketemu Ki Ageng Pengging kang lagi mlaku mulih. Dheweke
njlentrehake maranng Ki Ageng Pengging menawa degan kang diunjuk mau ora mung angger
degan, ananging degan kang dadi wangsit kang dheweke etuk saka impene, dheweke uga
njlentrehake menawa sapa kang bisa ngombe banyu degan mau nganti entek kanthi diombe
pisanan. Anak turune bakal dadi panguasa. Marga saka iku Ki Ageng Tingkir pesen, menawa
anak turune Ki Ageng Pengging dadi panguasa, dheweke njaluk tulung supaya Ki Ageng
Pengging sak anak turune ora lali marang Ki Ageng Tingkir. Ki Ageng Pengging Banjur pamit
lan mbacutake mulih.
Sawijining dina Ki Ageng Pengging nggelar wayang beber. Dheweke ngundang sedulur-
sedulure yaiku Ki Ageng Tingkir, Ki Ageng Butuh lan Ki Ageng Ngerang. Nalika wengi iku uga
Nyi Ageng Pengging kang lagi mbobot tuwa banjur nglaerake anak lanang kang bagus praupane.

Sakwise jabang bayi diresiki banjur dipangku Ki Ageng Tingkir, dheweke kandha
marang Ki Ageng Pengging menawa sakwise gedhe anak iki bakal dadi dhuwur drajade. Saka Ki
Ageng Tingkir anak lanang mau diwenehi jeneng Mas Karebet, jalaran laire nalika ana pagelaran
wayang beber.
Ora suwe Ki Ageng Tingkir seda jalaran lara. Sepuluh tahun sabanjure Ki Ageng
Pengging diserang Sunan Kudus lan pasukan demak, jalaran dituding mbrontak marang
kasultanan Demak. Amarga serang iku Ki Ageng Pengging seda. Sakwise peninggalane,
garwane yaiku Nyi Ageng Pengging gerah banjur seda uga. Wiwit iku Mas Karebet dijupuk lan
di emong dening Nyi Ageng Tingkir. Mas Karebet mundhak dadi nom-noman kang pinter lan
seneng mertapa. Jalaran didawuhi Ibu kuwalone dheweke banjur meguru marang Ki Ageng Sela.
Saka kana dheweke banjur dadi wong sekti mandraguna lan kondhang kanthi jeneng Jaka
Tingkir.
Nalika Ki Ageng Sela lagi mertapa, dheweke etuk wangsit menawa Jaka Tingkir bakal
dadi pemimpin ing kesultanan Demak. Banjur dheweke dikongkon lunga menyang Kesultanan
Demak lan ngabdi dadi prajurit ing kana.
Sakdurunge mangkat nuju Kasultanan Demak Jaka Tingkir pamit marang Ibune yaiku
Nyi Ageng Tingkir. Dhweke matur marang Ibune menawa dheweke didawuhi Ki Ageng Sela.
Nyi Ageng Tingkir menehi restu lelungan putrane mau menyang Demak. Panjenengane menehi
weruh menawa ing Demak duwe sedulur kang jenenge Ki Ganjur, dheweke ngongkon Jaka
Tingkir supaya sowan ing daleme panjenengane.
Jalaran pitulungan saka Ki Ganjur Jaka Tingkir bisa ditampa lan ngabdi dadi perjurit ing
Kasultanan Demak. Kanjeng Sultan saestu gumun marang Jaka Tingkir, jalaran duwe praupan
bagus lan sekti kadidayane. Suwening-suwe Jaka Tingkir diangkat dadi pimpinan perjurit
Tamtamakang kondhang ing tlatah Demak. Kanjeng Sultan njaluk marang Jaka Tingkir supaya
ora gemblung lan pamer ananging supaya tansah setya lan manut marang prentahing Sultan, uga
wicaksana dadi pemimpin Perjurit Tamtama.
Sawijining dina Sultan Trenggana kepengin nambah Perjurit Tamtama. Jaka Tingkir kang
dadi pemimpin dikongkon supaya nyeleksi lan nguji saben pemuda kang kepengin mlebu dadi
perjurit Tamtama. Nalika iku ana nom-noman saka Kedu Pingit kang jenenge Dadungawuk.
Wong mau tansah gemblung lan pamer kasektene. Dheweke menyang Demak duwe niat dadi
pemimpin perjurit Tamtama.
Nalikane ing ngarep Jaka Tingkir Dadungawuk tansah gemblung, dheweke ora kepengin
diseleksi kaya liyane, ananging malah nantang lan njajal kasektene Jaka Tingkir. Amarga
rumangsa diece, Jaka Tingkir lara ati lan ora bisa nahan nesune, pramila Dadungawuk dituncep
nganggo sadak nganti pecah dadane banjur mati saknalika.
Kadadeyan iku dikandhakake marang Sultan, menawa Jaka Tingkir mateni uwong kang
kepengin mlebu perjurit Tamtama. Sultan Trenggana banjur duka marang dheweke. Jaka Tingkir
banjur dikon lunga saka Demak. Saknalika iku uga Jaka Tingkir lunga Kasultanan Demak.
Jaka Tingkir banjur ngulandara ing alas lan mlaku nganti gunung Kendheng. Ing kana
dheweke ketemu Ki Ageng Butuh. Ki Ageng durung ngerti menawa dheweke iku Jaka Tingkir
utawa Mas Karebet anake Ki Ageng Pengging. Nalika nulungi Jaka Tingkir dheweke banjur
takon babagan asale jalaran Jaka Tingkir duweni kemiripan karo sedulure kang wis seda yaiku
Ki Ageng Pengging. Jaka Tingkir banjur crita menawa dheweke anake Nyi Ageng Tingkir. Saka
kono Ki Ageng Butuh kaget lan yakin menawa Jaka mau Mas Karebet anak saka sedulure yaiku
Ki Ageng Pengging, kang saksuwene ditinggal seda wong tuwane dheweke banjur diemong Nyi
Ageng Tingkir kang ora liya bojo saka sedulure yaiku Ki Ageng Tingkir.
Jaka Tingkir diopeni lan dicukupi sakabehing kabutuhane dening Ki Ageng Butuh. Ki
Ageng uga ngundang sedulure yaiku Ki Ageng Ngerang kang ora suwe banjur tindak mrono.
Sakwise dikandhani menawa Jaka Tingkir iku anake Ki Ageng Pengging, Ki Ageng Ngerang
banjur ngekep lan nangis amarga ndhisik nalika arep tilik Jaka Tingkir ora kapethuk, jalaran wis
digawa Ibune menyang Tingkir.
Ki Ageng Butuh lan Ki Ageng Ngerang wis akeh banget menehi wulangan marang Jaka
Tingkir. Sakwise rampung angggone meguru marang kekalihe, Jaka Tingkir banjur banjur pamit
arep bali maneh ing Kasultanan Demak, dheweke duwe pamikir jalaran wis rada suwe anggone
lunga saka Demak, Sultan mesti ngarep-arep dheweke.
Bareng wis tekan Demak, Jaka Tingkir ketemu karo kanca-kancane ndhisik kang padha-
padha prjurit Tamtama. Dheweke takon apa Sultan Trenggana nakokake dheweke, ananging
padha semaur yen Sultan ora nakokake dheweke, malah babar pisan ora tau keprungu yen Jaka
Tingkir ditakokake dening Kasultanan Demak. Krungu pawarta iku Jaka Tingkir sedih banget
atine. Dheweke bajur pamit marang kanca-kancane mau banjur ngulandara maneh.
Nalika Jaka Tingkir mlaku anggone ngulandara dheweke etuk wangsit supaya lung
menyang banyu biru. Sakwise tekan ing kana dheweke ketemu Ki Buyut Banyu Biru lan putra
angkate yaiku Mas Manca. Ing kana Jaka Tingkir dianggep anak dening Ki Buyut Banyu Biru.
Banjur disedulurake karo Mas Manca.
Sakwise ganep nem sasi anggone Jaka Tingkir lan Mas Manca meguru marang Ki Buyut
Banyu Biru, loro karone banjur didawuhi supaya bali maneh marang Kasultanan Demak kanggo
ngeruhake awak marang Sultan. Ki Buyut uga maring pinuntun marang Jaka Tingkir, jalaran
nalika iku lagi wayah udan Ki Buyut weruh menawa Sultan mesti ing istana Prawata. Sakliyane
dawuhi supaya rana, Ki Buyut menehi syarat kang bisa nggawe Jaka Tingkir ditanggepi dening
Kanjeng Sultan Trenggana. Ki Buyut Banyu Biru menehi Jaka Tingkir sekepel lemah Siti
Sangar, kang sakwise tekan kono supaya dilebokake ing cangkem Kebo Danu, kang bakale kebo
mau ngamuk lan ngobrak-abrik Istana Prawata.
Ki Buyut uga ngandhani menawa ora ono wong siji-sijia kang bisa mateni kebo mau. Iku
kang dadi sebab bakale Sultan Demak nyeluk Jaka Tingkir supaya maten Kebo mau. Amarga
mung dheweke kang ngerteni kelemahane Kebo Danu iku, yaiku kanthi ngetokake dhisik lemah
Siti Sangar saka ndjero cangkeme, banjur Kebo Danu lagi bisa dipateni.
Nalikane arep mangkat menyang Demak, Ki Buyut Banyu Biru dawuh marang Mas
Manca uga ponakane yaiku Ki Wuragil lan Ki Wila supaya ngancani Jaka Tingkir anggone
mlaku menyang Kesultanan Demak. Ki Buyut dawuh supaya katelune mau aja ngasi pisah karo
dheweke, jalaran telung uwong mau kang bakal menehi pitulung marang Jaka Tingkir dadi
panguasa.
Esuke Ki Buyut lan muride padha gawe gethek kanggo Jaka Tingkir lan sedulure kabeh
mau. Gethek iku mau kang bakal ditunggangi Jaka Tingkir lan rombongan menyang Demak.
Sakwise kabeh wis siap Jaka Tingkir lan rombongane nunggang gethek ngetutake ilining kali
Dhengkeng kang pinuju marang tlatah Demak.Nalika mangkate rombongan iku jebul ana mata-
mata saka rombongan grayak kang kuat lan kondhang diwedeni dening uwong-uwong. Mata-
mata mau banjur ngandhani grombolane menawa Jaka Tingkir lan rombongane arep ngliwati
kali Dhengkeng kanggo nuju ing Demak.
Nalika wayah sore Jaka Tingkir lan rombongane ngliwati kedung Srengenge. Ing kono
rombongan mau diadang dening grombolan grayak kang sinebut Baya, jalaran dianggep bebaya
dening sakabehing uwong kang liwat ing kedung srengenge.
Raja saka Baya mau jenenge Bau Reksa lan patihe Jalu Mampang. Grombolan mau
banjur nyerang Jaka Tingkir lan rombongane saengga kadadeyan perang gedhe banget ing
kedung kono mau. Nalika perang iku Jaka Tingkir kena sabetan clurit saka Jalu Mampang kang
gawe dadhane suwek lan tatu. Ananging Jaka Tingkir tetep nglawan kanthi bringas saengga Jalu
Mampang lan punggawane mati ing tangane Jaka Tingkir. Dene Bau Reksa lan sisa punggawane
tunduk ing ngarepe Mas Manca. Bau Reksa lan pungawane banjur diprentah dening Jaka Tingkir
supaya nyurung gethek kang ditunggangi dheweke lan rombongan nganti tekan Demak.
Sakwise tekan Istana Prawata, Jaka Tingkir weruh Sultan kang isih lenggah ing sajroning
istana. Tanpa mikir suwe-suwe dheweke golek Kebo Danu ing sakiwa tengene istana kono. Ora
butuh wektu suwe dheweke etuk kebo iku, banjur dilebokake lemah siti sangar ing jero cangkem
kebo mau. Kebo Danu banjur ngamuk lan ngosak-asik penggrahan Prawata. Akeh uwong kang
tatu malah ana uga kang ngasi mati jalaran jalaran disruduk kebo Danu mau.
Mireng para korban amukan Kebo Danu tansaya akeh, Sultan dawuh marang prajurit
Tamtama supaya mateni kebo iku. Kebo Danu banjur dikeroyok lan dituncep sawerananig
gaman ananging ora mempan. Amukan kebo iku wis ngasi telung dina telung wengi ananging
durung ana uwong siji ae kang bisa mateni kebo iku.
Saben dina Sultan Trenggana amung ing ndhuwur panggung pasanggrahan karo nyawang
Kebo Danu ngamuk mrana-mrene tanpa ana uwong kang ngadhepi. Sultan amung bisa pasrah
lan ngarep Kebo Danu bakal lunga dhewe saka pesanggrahan Prawata.

Nalika iku Jaka Tingkir mlaku ngliwati ngarep panggung kang dadi pasanggrahane
Sultan Trenggana. Dheweke mlaku kanthi nglenggana kaya-kaya ora perduli marang kahanan
nalika iku. Sultan kang pirsa Jaka Tingkir lan Rombongan banjur dawuh marang abdine supaya
nemoni Jaka Tingkir lan jaluk pitulungane supaya mateni Kebo Danu. Sarujuk marang dawuhe
Sultan menawa bisa mateni Kebo Danu dheweke bakal dingapurani kesalahane banjur ditampa
maneh ing Kasultanan Demak.
Jaka Tingkir saguh marang dawuhe Sultan. Dheweke banjur jaluk tulung marang perjurit
ing kono supaya ngepung ngubengi Kebo Danu. Mas Manca, Ki Wuragil lan Ki Wila uga
ngewangi ngepung kebo mau. Perang kang hebat kadadeyan nalika gelute Jaka Tingkir lan Kebo
Danu. Sultan kang mirsani perang iku banjur dawuh marang perjurit supaya nabuh gong
Monggah kanggo menehi semangat marang Jaka Tingkir.
Perang tandhing antarane Jaka Tingkir lan Kebo Danu lumaku suwe banget, uwong-
uwong kang padha ndelok nalika iku tansah keweden. Jaka Tingkir kang bola-bali tiba lan
diuncalake ing ndhuwur banjur ditampa nganggo sungu ananging tetep kato trengginas sanajan
awake kebak tatu. Saka Jaka Tingkir sungu lan buntute Kebo Danu dicekel banjur dibanting ing
lemah, lemah siti sangar banjur metu saka cangkeme Kebo Danu. Sakwise iku Kebo Danu
banjur ditempeleng sirahe nganti remuklan mati saknalika, lan gawe bungahing uwong-uwong
ing kono.
Kanthi pasarujukan ing ngarep Sultan Trenggana banjur menehi kanugrahan marang Jaka
Tingkir. Dheweke banjur diangkat maneh dadi pemimpin Perjurit Tamtama ing kasultanan
Demak.
Jaka Tingkir ngurmati banget marang Sultan. Dheweke manut lan patuh marang apa wae
kang dadi dawuhe Sultan. Sakwise seperangan taun ngabdi dadi perjurit Tamtama, Jaka Tingkir
bisa gawe kasultanan Demak tansah ayem tentrem. Pramila Sultan Trenggana banjur ngangkat
Jaka Tingkir dadi Bupati Pajang kanthi gelar Adipati Hadiwijaya. Dheweke uga dinikahake karo
Ratu Mas Cempaka yaiku putri Sultan Trenggana.
Ing pamarintahane Hadiwijaya kabupaten Pajang tansah jaya lan makmur sajroning
wektu kang ora suwe. Merga saka iku akeh kasultanan liya kang tunduk marang kerajaan
Pajang.
Sakwise Sultan Trenggana seda, putrane kang duwe gelar Sunan Prawoto banjur diangkat
dadi raja ing kasultanan Demak. Nanging sajroning wektu kang ora suwe panjenengane seda
jalaran dipateni Arya Panangsang yaiku ponakane ing Jipang Panolan. Arya Panangsang uga
mateni Pangeran Kalinyamat yaiku mantune Sultan Trenggana ingkang dadi bupati ing Jepara.
Arya Penangsang banjur ngutus perjurite kanggo mateni Hadiwijaya ing Pajang,
ananging gagal. Hadiwijaya malah nyuguh pejurit Arya Panangsang mau kanthi sesuguhan kang
akeh banget. Uga menehi hadiah kanggo ngisin-isin Arya Panangsang. Sak peninggalane
garwane Ratu Kalinyamat dhawuh marang Hadiwijaya supaya ndang gage mateni Arya
Panangsang, jalaran amung dheweke kang setara kasektene karo Adipati Jipang iku. Hadiwijaya
ora gelem perang tandhing adep-adepan karo Arya Pangsang jalaran isih padha-padha sedulur
ing Demak. Hadiwijaya banjur nganakake sayembara yaiku sapa sing bisa mateni Arya
Panangsang bakal diwenehi tanah pati lan mataram.
Sayembara iku dieloni dening putune Ki Ageng Sela yaiku Ki Ageng Pamanahan lan Ki
Ageng Panjawi. Sajroning perang iku Ki Juru Martani yaiku kang kakange Ki Ageng
Pamanahan bisa mateni Arya Panangsang ing sapinggiring Bengawan sore.
Sakwise prastawa iku Ratu Kalinyamat banjur menehake tahta Demak marang
Hadiwijaya. Pusat kasultanan banjur dipindah ing Pajang kanthi Hadiwijaya kang dadi sultan
sepisanan.
Sultan Hadiwijaya uga ngangkat sedulur-sedulur seperjuangane ing sajroning
pamarentahan. Mas Manca didadekake patih kanthi gelar Patih Mancanegara, dene Mas Wila lan
Ki Wuragil didadekake mentri kanthi pangkat gelar ngabehi. Manut pasarujukan ing sayembara,
Ki Panjawi etuk tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Dene Ki Ageng Pamanahan isih nunggu,
jalaran Hadiwijaya kaya-kaya isih nggondheli tanah mataram.
Taun ganti taun janjining hadiah tanah mataram maraing Ki Ageng Pamanahan
kaliwatan. Dene Ki Ageng Pamanahan ora wani anggone nagih. Sunan Kalijaga kang dadi
guruning kekalihe banjur tampil dadi panengah. Jebul alesan Hadiwijaya ora ndang gage
menehake tanah mataram marang Ki Ageng Pamanahan jalaran dheweki wedi krungu
ramalaning Sunan Praapen menawa ing mataram bakal laer Kasultanan gedhe kang bakal
ngalahake Kasultanan Pajang.
Sunan Kalijaga dhawuh marang Hadiwijaya supaya ndang gage menehake tanah
mataram. Dene kosok balene Ki Ageng Pamanahan diwajibake sumpah setya marang kasultanan
Pajang. Ki Ageng Pamanahan tansah sendika dhawuh, banjur Hadiwijaya menehake tanah
mataram kasebut marang Kakange iku.
Tanah mataram kang nalika iku isih katutup alas mentaok banjur dibuka dening Ki
Ageng Pamanahan lan Ki Juru Martani. Akhire Ki Ageng Pamanahan duweni gelar Ki Ageng
Mataram, dhewekebanjur diwajibake kanthi ajeg ngadep marang kesultanan Demak menawa
bukti kasetyan.
Sunan Prapen kang ketemu Ki Ageng Pamanahan banjur ngandhani menawa kasultanan
Pajang bakal dikalahke Mataram dening keturunan panjenengane.
Sutawijaya yaiku putrane Ki Ageng Pamanahan kang uga dadi anak angkate Sultan
Hadiwijaya. Sakwise Ki Ageng Pamanahan seda Sutawijaya banjur dadi panguasa anyar ing
mataram.
Wis luwih saka setaun Sutawijaya ora ngadhep marang Kasultanan Pajang. Hadiwijaya
banjur dawuh marang Ki Wila lan Ki Wuragil supaya nakokake kasetyaning mataram. Kekalihe
mau banjur nemoni Sutawijaya ing Mfataram, ananging anggone nampa kekelihe mertamu mau
Sutawijaya katon tanpa tata krama, malah sajak mbrontak marang Kasultanan Pajang.
Hadiwijaya banjur nampa laporane Ki Wila lan Ki Wuragil babagan Sutawijaya kang
katon mbrontak lan ora mbelnjani janji kasetyan marang Hadiwijaya. Mireng menawa
Kasultanan Mataram tansaya gedhe, dheweke banjur dawuh maneh kanggo nakokake
kasetyaning Sutawijaya. Nalika iku kang diutus yaiku Pangeran Benawa, Arya Pamalad lan
Patih Mancanegara.
Sakwise kundur saka Mataram Arya Pamalad nglaporake sakabehing tumindak ala
Sutawijaya marang Hadiwijaya. Sawijining dina ponakane Sutawijaya kang jenenge Raden
Pabelan, diukum mati jalaran nyusup ing dalem keputrian nemoni Ratu Sekar Kedaton kang ora
liya putri ragil Hadiwijaya. Bapake Raden Pabelan yaiku Tumenggung Mayang diukum guwak,
jalaran ngewang-ewangi putrane mau. IbuRaden Pabelan minangka adhine Sutawijaya banjur
njaluk tulung marang Mataram. Sutawijaya banjur dhawuh marang perjurite supaya
ngkrebutTumenggung Mayang nalika arep diguwak ing Semarang. Merga saka tumindake
Sutawijya kang kaya mankono iku Hadiwijya banjur nyerang Kasultanan Mataram. Ananging
pasukan Pajang kang luwih akeh ngalami kekalahan, jalaran nalika iku Gunung Merapi
ngetokake lahar kang banjur nerjang pasukane kang lagi perang ing wilayah Gunung iku.
Hadiwijaya banjur bisa dikalahake dening Sutawijaya, Hadiwijaya alias Jaka Tingkir akhire
seda, Panjenengane banjur disarekake ing desa Butuh, yaiku dusun Ibu asline.

Anda mungkin juga menyukai