Anda di halaman 1dari 7

1 GARENG : Deso PUNOKAWAN iki tak sawang-sawang gede temen saiki gong yo,,,

Bagong : Mosok Reng, wong ket biyen prosoku yo ukurane sak mene-mene ae, gak tambah ombo...

GARENG : (aduhhh, sambil garuk pegang kepala..)yo seng dimaksud gede iku guduk ukurane, nanging
kemajuane,, deloken kae,, gok tengah2 deso yo ono menara apel.e...

Bagong : efel... lapo apel iku...

GARENG: oh iyo, trus, gunung-gunung iku saiki yo dadi vila-vila... barongan-barongan yo saiki dadi
bek tempat wisata...

Bagong : oh iyo iyo reng, bener,,

Gareng : tapi....?

Bagong : tapi lapo?

Gareng : kok gak iso maju2 yo... ket biyen ngene ae, rasane g iso tentrem hubungan antar warga lan
penguruse utowo pemerintahane...

Bagong : yo jenenge orep wong akeh reng, pikirane wong akeh, gak mesti podo, opo mane lengkap
isie deso iki,, ero to, deso iki isie macem2... ono kyaine.. onok ustade, onok santrie, onok
arek pintere, onok arek gobloke, ono pemerintahane, yo onok bajingane....

Gareng : oh iyo iyo, bener

PETRUK MELBU...

Petruk : Assalamualikum ya al Ustadz Gareng, ya Al ustadz Bagong...

GarengPetruk : Waalaikumsalam wal warohmah wal barokah ustad Petruk...

Petruk : lapo iki kok ngelumpuk?

Gareng : Bahassssss.s.......(langsung disauti bagong)

Bagong : keneloh truk, ojo kakean cangkem ndang lungguh...

Petruk : yowes tak lungguh gong.... eh iku romo semar turu

Gareng : iyo ket maeng, bahne engko lak tangi2 dewe..

Petruk : iyo... terus bahas opo iki maeng,?

Bagong : bahas deso iki maeng loh truk,,

Petruk : lah kok aku krungu ono bajingan bajingane

Gareng : yo kan macem2.e isie deso lak yo ngunu..

Petruk : oh bekne pengurus pemrintahane seng bajingan..

Bagong : hussshhh cangkemmu truk.. tak sadok gawe ajian modar koe engkok,,, gak enak bekne
krungu uwong...

Petruk : gak ono uwong gong...

Bagong : ehhh iyo sehhhh mek wong 3 tok, romo semar yo turu,,,
Petruk ; eh aku crito ikii

Gareng : yo crito.o...

Petruk : aku maeng teko umahe cak bolodewo.. walah nang kunu rame

Gareng :rame lapo

Bagong : menengo cangkemmu reng nek ono wong durung mari ngomong... lanjut bacotke truk

Petruk : nang daerahe kunu iku, pengurus lingkungane gak akur, yo antar wargae yo antar penguruse,
rt rw loh gak kompak, kepiye iso maju lingkungane.. terus yo badan pembangunan gok
lingkungane yo ngunu, sebar laporan nang lingkungan jare beres, tibake dicek klarifikasi
langsung jare durung,,,opo gak bingung wargae.... terus yo lagi ono acara, persiapan acara
17.an.. yo yo opo yo,,, nek jenenge panitia iku lak kudu siap tekor sak sembarange ta, yo
waktu, yo pikiran. Yo tenogo, yo duwet,,, lah nang kunu iku panitiae iku wedih temen tekor,
sampek2 duwe pikiran majeki khas organisasie arek2... tapi yo untunge arek2 g gelem
ngekeki...

Bagong : oh iyo iyo truk, kudune truk yo, nek menurutku iki... nek jenenge ono masyarakat g iso akur
kuwi yo seng gak beres iku penguruse, soale pengurus iku kudu iso ngerangkul, kudu iso
mecahno lan nambah guyup lan gawe ketentremane warga,, ibarate warga kudu iso
hormati pengurus, tapi pengurus yo kudu iso nguwongke lan ngayomi warga,, terus yo
badan pembangunan gok lingkungan iku yo kudu iso transparan, yo jenenge duwite wong
akeh, semabarange yo kudu jlentreh,, catatan pemasukan lan pengeluaran yo kudu jelas,
termasuk nota nota kwitansi kuwi,,, kudu di simpen,,, yo bukane suudzon,,, jenenge wong
akeh kan pikrane macem2, dan mengantisipasi adu domba, semua harus ril traNsparan,
2 ben bekne ono wong gak seneng seng pengen adu domba pengen ngerusak ketentremane
warga iku kari nggebyuki, hemmm kiloh ono laporane sak kwitansie,,, ora mung liwat
omongan lan catetan buku tok, soale ngunu iku yo jek durung jelas bener gak.e, seje nek
ono nota lan stempele... kan beres, akhire....

suasana tentrem... terus nek panitia2 ngunu iku, yo pancen bener, kudu siap tekor sak
sembarange, pokok gak tekor nyowo... hahahaha yo iki jareku loh truk,,, pendapatku,,,

Petruk : oh iyo iyo gong bener-bener...

Gareng : ehhmm,, eh mumpung bahas ngene aku blak blakan sisan oleh gak, yo tukar pendapat...

Petruk : iyo iyo ngomongo

Gareng : wingi awan ya, aku tekan balaideso, dikongkon romo njalok tulung pamong ngukuri tanah
, terus balek ngukuri, mari ngukuri, yo aku nang romo ngomog “mo, sampun
mantun ngukuri tanahe, nopo mboten nyalami? Dijawab iyo reng, jupuken amplop gok
ndukur dipan ae, dumono sitok2, wes tak isi 100an maeng,, akhire tak dumi.. ono wong 2...
eh petugase takon, iki isi piro.. ojok dewe2 tapi smpyn dadekke siji ae kenek 500ewu... atiku
“waduhhh sejak kapan ngurusi ngene, dijaluki tulung ngene kenek sakmene... akhire yowes
tak kek.i ae tak tambahi dewe,, kate yo opo wong wes kadong jupuk amplop 2...

Barang ketemu lurahe, gak kesuwen, karepku, laporan ben pungli pungli ngunu iku diilangi,
soale tugase pemerintah iku yo nulung warga, ngentengno warga guduk malah majek sak
munu akehe,, tak lapori lurahe “ngeten ngeten ngeten lurah, eh metu petugase maeng,
tibake gak ditegur dibenakno malah diamini... wah deso klutuk iki bejat temen
pemerintahane...

Bagong : loalah, mosok ngunu..


Gareng : iyo gong, tenanan iki... wes jan temen pengurus saiki... bajingan banjingan kabeh nek
perkoro duwek

Bagong : tapi nek tak pikir2 pancen yo iyo seh reng, cuman aku meneng ae,, akeh masalahe..

Petruk: opoemange gong?

Bagong : siji...yo insfrastruktur seng dibangun deso iki lak cepet rusak, embong iku salah sijie, balan
baleni ndadani, tapi gak suwe rusak, kan monopoli, digawe ngunu ben kerjo balan baleni,
entuk ceperan akeh,tapi yo embo seh, mugo2 ae iki suudzonku... disetting digawe diluk
rusak ben anggaran iki mudun balak balek dadi entok ceperan balak balik, akhire yo duwek
negoro iku entek digawe mbadok wong ngunu2 iku

loro..kartu KIS iku nang deso liyo ono nang kene yo gak ono..

Telu,,, pengurusan sertifikat tanah gratis nang deso liyo ono nang kene ypo ganok, opo yo
pancen digawe ngunu ben pejabat iku oleh ceperan terus,,, kok cek bosoke pejabat iki
nang wargae seng haruse kudu nulung, ngayomi lan nguripi... ojo enak2... masyarakat
kluwen, pengurus warek opo gak susah ta pertanggung jawabane nang Gusti Pengeran..

Papat.... dana desa teko pemerintah M M an iki endi wujude..

Limo.... nemene pengurus deso iki,, yo yopo yo... wong deso yo sakmene ae kok,, jenenge
ono pembangunan anggaran sak munu munu mudun iku kan yo sering2 dicengunguk
dikroscek... apike yo opo,,, nek ono seng elek lngsung didandani..

gareng : oh iyo iyo, iyo gong iyo iyo... (sambil manggut2 memikirkan)

Petruk : sakjane pengurus2 deso iki nek duwe niatan pengen ndadani deso, nentremke wargae iku
aslie iso

Gareng : lah nyatane ora iso?

Petruk ; mergane pemerintahane seng ngurus deso saiki iku ora nduweni niatan gawe nulung
rakyate

Bagong : lah kok bedo ambek pas kampanye?

Petruk : yo soale zaman kampanye iku zaman dimana cangkemme calon pejabat2 podo murub2
nganti ababe ambu basin, barang nek wes lungguh lali karo seng milih

Bagong : oh ngunu...

Gareng : eh sek tapi yo g iso disalahke kabeh, gak kabeh pejabat koyok ngunu..

Petruk : 100

3 Petruk : kanjeng Nabi Muhammad SAW biyen iku tau ndawuh dalam hadits takhrir (takhrir iku
perencanaan) sesok mben nek wes cedak kiamat, umat islam kuwi pemimpine koyok singo,
perdana mentri utowo seng nguwasahi wilayah tertentu koyok srenggolo

Bagong : srenggolo iku opo truk?


Petruk : srigala gong...

Gareng : cangkemmu gong maeng gak oleh motong, saiki podo ae...

Bagong : eh iyo reng sepurane

Petruk :petugase koyok asu... rakyate koyo wedhus

Bagong : oh iyo kilingan aku, biyen tau diulang abah mansur biyen

Gareng : cobak diterangake truk

Petruk: siji sifate koyok singo... sok kuoso, lali padahal biyen munggah iku yo dipilih rakyat... dan seng
ditampilno kuwi uduk sifat wanie, melainkan sifat rakus, selalu memburu makanan untuk
kepentingan pribadi atu golongan, nek gak bati... yo males ngurusi nemen2,,, pokoke
ngunu lak wes...

Bagong : lanjut loro truk no 2 koyok srenggolo

Petruk : kepolo wilayah utowo perdana mentrie koyok srigala,, sifate.. senengane ndilat, licik utowo
ABS (asal bapak senang) dadi laporane iku seng apik2 tok... seng elek2 kuwi yo ora
dilaporno... uteke mikir kepentingane dewe tok,, gak ngurus endi apik endi elek... pokok
hasil sikat... gak hasil yo jarno ae... wong kerjo gak kerjo yo bayaran podo nek ganok
ceperane...

Bagong : wah bangsat temen yo... gak amanah ambek tanggung jawab blas.. lanjut bacotke mane
truk!!!!

Petruk : petugase koyok asuuuuuu...

Gareng : eh diralat yo tapie, gak kabeh koyok asu,, jek ono yoan seng apik

Petruk : lah iki kan penjabaran singkat dawuhe kanjeng Nabi reng

Gareng : oh iyo iyo, lali aku...

Bagong : lanjut bacotke truk

umah ono iwak daging, trus nang embong nemu balong yo bakal tetep digowo muleh... iku
diarani serakah, gak ngurus sisan apik elek.. pokok duwek masuk... lan sifate asu mane iku
sopo seng ngewenehi luweh akeh luweh rutin passti luwe dibelani timbang seng
ngewenehi sitik,

Bagong : oh iyo iyo, bener, akeh cocoke... berarti iki wes cedak kiamat yo truk?

Petruk : ndungoh ae gong.. kiamat gak kiamat menungso yo bakale mati... nyiapke ae seng apik2...
mugo Gusti Allah ridlo

Gareng : lah seng nyiapke apik2 ae ndungoh cek gusti Allah ridlo terus yo opo seng doyan barang
kebathilan kuwi, kelakuan elek, mangan duwek teko jalur elek lan liyane...

Petruk : yo iku urusane dewe kene mek iso ngelengno mugo2 ae iso dadi hidayah ben kedepane isok
apik..

Gareng: berarti kudu ngilingno kene yo truk ?

Petruk : iyo reng..kudu...

Bagong : oalah truk, ngurusi kepentingane dewe ae soroh koyok ngene tambah ngurusi ngunu..
Petruk : ojo njunjung roso.. sebab takdir iku wes koyok ngunu, Gusti Allah wes paring
sabdo..ngewenehi pacuban gak bakal ngeluwihi kekuatan seng dikekno makhluke..

Bagong : lah sek ta sek ta,,, terus kepiye.. pejabat iku longgoh tok terus sugeh, lungguh tok terus
sugeh lungguh tok terus sugeh..lah kene rakyat usaha ket angele koyok kene durung mane
pungli-pungli pejabat deso maeng...

Petruk : awakmu lak yo isok dalil, cobak pikiren, nek nang kene iku sampek ono pejabat melarat,,,
kuwi seng goblok pejabate,, pancen jatahe,, pejabat iku sugeh, rakyat iku melarat... nek
sampek pejabat kere rakyate sugeh,,, iku jenenge guduk deso PUNOKAWAN.. dan ngunu
kuwi digawe njogo integritas nama desa

Gareng : kok isok truk?

Petruk : yo yo.. nek nang kono2 pejabate punokawan terkenal melarat lak elek palian jenenge deso
iki,, mangkane ben jenenge deso nang njoboh iki apik, moko kudu pejabate sugeh2, ben
kitok nek pejabate deso punokawan iki mentereng2... ora kitok nek njerohe bosok.... dadi
rakyat kabeh iki munu pantes nyandang gelar pahlawan...

Gareng : lah sek ta, kok isok, maksudmu iku yo opokok tembus dadi pahlawan..?

4 Petruk : yo iyo,soale awakmu melu njunjung nyogehno pejabat,, nek awakmu gak susah, pejabat ga
iso sugeh dan jenenge deso punokawan iki elek dadie nang njoboh... deloken kae
punokawan, pejabate ae kere opomane desoe,,, mangkane wong susah2 iku kudu bangga
soale sangat berkontribusi mengharumkan nama deso...

Gareng bagong : (sambil garuk2 kepala bilang aku kok mumet yo...

Petruk: yo yolah,,, aku dewe ae yo mumet kok...

SEMAR YANG SEDARI DULU UDAH BANGUN IKUT MENDENGARKAN PURA2 BATUK.. HHMM
HHMM..

Petruk : eh romo tangi.....ngaturaken pangagunge pangapunten romo, menawi kulo kale gareng kale
bagong nganggu sare panjenengan

Semar : ora popo... nek jenenge negoro demokrasi iku yo pancen kudu gelem dikritik.. selama kritike
bangun.. aku yo wes krungu kabeh opo seng mok omong wong telu maeng ko.. yo
teruske, tugasmu kabeh ngilingno pemerintah, tapi sak durunge.. awakmu kabeh kudu tak
kandani sek yoan,

Petruk : inggeh

Semar : koen koen kabeh saiki lak wes gede, bukan tidak mungkin kedepan iki awak2mu seng bakal
dadi lurah masa depan.. nah romo biyen iku yo tau dadi lurah,,, dadi bekne sesok awakmu2
iki ono seng dadi lurah.. pemimpin iku ga usah sibuk nggatekno penampilan, tapi
gatekno abdi masyarakatmu.. pemimpin masiho ngganteng, surbanan kiwo tengen,
senajan g disenengi rakyat, yo ganok ajie,,, seje masih welek tapi nek dicintai
rakyat,, wes ta dihormati temen dihormati temen..

Petruk : lah abdi niku dos pundi romo tegese?

Semar : pemimpin kuwi kudu ngerti lan eling sandangane rogo lan sandangane jiwo..

Petruk :tegese sandangan rogo niku dos pundi romo?


Semar : tegeese sandangan rogo kui guduk kudu gawe sandangan seng larang seng tuku nang luar
negri.. ora.. tapi sandangan rogo kuwi muna muni lan tindak tandukmu saben dino.. nek 2
iku apik saben bendinoe.. buktino lak nang ndi ndi awakmu bakal disenengi karo uwong..

Petruk : oh ngge ngge, nek sandangan jiwo wau dos pundi tegese romo?

Semar : sandangan jiwo iku cipto roso budi lan karso.. tegese cipto iku nerimo, roso iku nimbang,
budi iku mbenerno, lan karso iku njalakno..

Petruk : penjabarane romo

Semar : cipto,, yen awakmu oleh perintah teko atasanmu, terimoen ngangguh sepenuh ati.. terus
lebokno roso,, timbangen tugas iku maeng, iku tugas apik opo luput.. nek mari lebokno
nang budi.. ojok sampek tugasmu iku maeng ndadekno nafsumu mbangun kesombongane
awakmu,, ojok dimanfaatno tugas iku kanggo unjuk kesombongan..ojok sewenang-wenang
tapi timbangen ngangguh roso rendah diri seng ikhlas lah nek wes mantep ditimbang
lebokno karso.. laksanakno perintah iku atas dasar pertimbangan cipto roso lan budi..
insyaallah perintah kui bakal terlaksana dengan baik.,

Dicatet yoo....!!!!!

Petruk : inggeh, sampun mo..

Semar : biyen aku pas dadi lurah yo entok sangu wasiat soko kyai, tak ijazahno nang awakmu sisan ae

“nek ditinggal iso sugeh seduluran, nek dibuak iso gawe orep tentrem”

Petruk : tegese?

Semar :siji...nek ditinggal iso gae sugeh seduluran iku watak angkuh, sebab watak angkuh bakal iso
ndadekke menungso sombong, ngeremehno wong liyo, lan ngeroso kabeh seng dilakoni
iku selelu bener.. dan iku nek ditinggal bakal iso dadekke sugeh seduluran tapi nek mok
simpen nang awakmu, awakmu bakal diadohi wong.

Terus selanjute.. nek dibuak bakal iso gawe orep tentrem... tegese.. iku watak seng
ngunggul-ngunggulke awak dewe.. iku iso ndadekke sombong, ngeroso paling hebat
terkadang yo wai ngelakoni elek seng isogawe wong liyo susah sengsoro dengan karepan
isok entok keuntungan pribadi, tapi lali nek Gusti Allah iku Maha Adil lan Bijaksono, moko
wong seng koyok ngunu iku seng seneng nuruti howo nafsue ora iso bakal ngerasakke orep
ayem tentrem nang njoboh utowo nang ati selawase... moko buaken nek duwe sifat koyok
ngunu iku...

5 Bagong : wadoh, rasane koyok mlaku nang kegelapan terus kitok cohoyo padang njingglang iki

Semar : sek, durung,,, ono mane kari sitok.. rungokke!!!! iki wasiat teko kyai sakti... rungokke !!!

“Di biso sabar santoso mati ing njeruhe orep karis ing ruharingrat tarlen meleng malaksih
sanetiyasing tias menatuh badare sapu dendo antuk mayar sawetawis borong anggo peksi
martoyo” faham???

Gareng : bagong faham romo

Bagong: cangkemmu reng, tak bogem nganggoh ajian modiar koe engkok..

Semar : cateten tak jelaske

Di biso sabar iku tegese ndekek roso waspodo ing dalem setiap keadaan.. santoso iku
mantep gak malamale, kudu mati ing njerui urep, orep gak oleh goyah kerono godaan barang
kang batil, nek awakmu gak kegudo macem-maceme barang kang batil, moko seng pasti
awakmu iso ngerasakke nikmate mati ing njeruhe orep... karis ruharingrat kui tegese wes bebas
soko sekabehe sgolo angkara murko... tarlen meleng malaksih tegese mung siji tujuane orep iku,
guduk jabatan, guduk sugeh, guduk roso ayem tentrem,, tapi yoiku Gusti Allah Pengeran kang
Moho Kuoso... Sanetiyasing tias menatuh tegese mbiasakno badare sapu dendo antukm mayar
sawetawis. Mbiasakno gak nontok sekabehane soko roso lan wujud,, nek seneng ojo terlalu
seneng, nek susah ojo terlalu ngeroso susah, tapi saiki nyatane iku gak kurang wong seng nek
seneng lali Pengeran, nek susah eleng lan nyalah-nyalahke Pengeran.. ojok sampek
awakmu-awakmu iki dadi salah sijie... sugih kere, seneng susah. Loro waras,kabeh lakonono
marang ikhlas, sebab awakmu kudu ngerumangsani orep iki gak modal opo-opo, gak njaluk yo
gak utang, orep iki seng ngewenehi yo mung Gusti Pengeran, kene mek diwenehi lan dkongkon
ngelakoni,, wong kene yo gak tau mbales Gusti Pengeran opo-opo.. mangkane ono wong
ngomong orep iku dagang tuno andhum bathi yen bathi... bathine sopo seng di dom, yen rugi
opo emange seng di dol, wongndunyo seisie iki mung wek.e Gusti Pengeran,, dadi opo ae
lakonono, wong yo kari ngelakoni ae kok... terus borong anggo peksi martoyo tegese kudu iso
nyerahno pribadi awak sampek merdeka soko panggon opo ae,,, mboh panggon seneng
panggon susah... kabeh iku podo ae... tugase mung siji ngelakoni sekabehe gak nyawang roso
utowo wujud... dadi awakmu sesok nek umpomoe dadi opo ae mboh presiden mboh lurah
mboh rt rw mboh kepala keluargo,, gak usah bingung-bingung mikir yo opo carane rakyatmu iku
seneng tresno karo koe selaku pemimpin,, cukup lakonono iku kabeh InsyaAllah rakyat bakal
seneng karo awakmu dewe..

Petruk : mekanten romo,, injeh romo InsyaAllah siap kangge ngamalake pesene panjenengan

Semar : iyo, lan kudu diamalke... yowes, petruk, gareng, bagong,,, tak dungakke, mugo ing
paguyupan pesta rakyat ing wengih iki dadi ajang silaturrahim, dadi ajang nyamakno persepsi,
satu penanggungan, satu nusa satu bangsa satu bahasa dan satu indonesia.. yen ono seng
kliru dielengake,,,yen ra gelem, meneng..dipasrahakeh karo seng gae jagat, pokok khusnudhon
ae, dungakno seng lali mugo ndang eleng... yowes budalo, sampekno opo seng perlu
disampekno... yok opo carane deso punokawan iki iso dadi luweh apik

BERSAMBUNG

Anda mungkin juga menyukai