Anda di halaman 1dari 3

TUGAS AKHIR SEMESTER I

BAHASA JAWA

NAMA : NAILATUN NISA


NO ABSEN : 19
KELAS : 8 H
SMP NEGERI 2 BREBES
SEJARAH DUSUN KLUWUT
Negara : Indonesia

Provinsi : Jawa Tengah

Kabupaten : Brebes

Kecamatan : Bulakamba

Kode Pos : 52253

Kluwut iku dusun ing Kecamatan Bulakamba, Brebes, Jawa tengah,


Indonesia. Teng panggenan ing margi pantura ingkang wargi nipun
pedamelanipun nelayan lan petani.

Sejarah dusun kluwut diwiwiti saking kepercadosan wargi lan utawi


sedoyo wargi dusun kluwut dumateng leluhur lan utawi nenek moyang dusun
kluwut ingkang sampun sedo. Nami kluwut saking bahasa jawi lan bahasa
indonesia ingkang artos “wutuh” tetap utuh/bunder kang artos seumpami dusun
kluwut enten musibah utawi leluhur kita ngranosaken marabahaya dusun kluwut
sedoyo wargi nipun tetep utuh/wutih/mboten enten ingkang ciloko.

Wargi dusun kluwut sedoyo sami percados bilik wonten ingkang ngayomi
nglindung dusun kluwut. Samisalipun wontene “Makam Dawa” keranten
makamnipun dawanipun kinten-kinten 4m. Selintunipun makam dawa enten
sumur tangtu/sumur tyangtu nggih menika sumur ingkang sepuh ingkang
dipercados entene makhluk halus. Ingkang ngayomi dusun kluwut kalian cara
ndugeni teng impen teng impen meniko wonten setunggal pisan enggih meniko
menawi bade wonten marabaya ingkang mengancam kluwut. Nanging saged
dipun diatisi kalian cara nglampai penyuwunipun makam dawa utawi sumur
tyangtu kalian sesojen.

Wargi dusun kluwut percados kluwut diayomi nenek moyang yaiku :

1. Mbah Dadung Kawuk


2. Kyai Rantangsari lan Nyai Rantangsari
3. Mbah Kluwut
4. H. Hasan Bisri
5. Nyi Gede Selo Pandan.

Tuladha weudal penjajahan jembatan lepen kluwut bade dibom nanging


bom meniko mboten saget mbetus.
Informasi saking 3 narasumber yaiku :

1. Bapak Casmadi

2. Bapak Wari

3. Ibu Warsinah

Anda mungkin juga menyukai