Anda di halaman 1dari 3

MORALITAS SAJRONE NOVEL KUMANDANGING KATRESNAN

DENING ANY ASMARA

Kharisma Maulida Kurniasari


17020114004
Jurusan Pendhidhikan basa lan sastra jawi,Universitas Negeri Surabaya’17
kharisma.17020114004@mhs.unesa.ac.id

Mega Dwi Arashanty


17020114023
Jurusan Pendhidhikan basa lan sastra jawi,Universitas Negeri Surabaya’17
mega.17020114023@mhs.unesa.ac.id

1. PAMBUKA

Sawijine karya sastra diripta kanthi tujuwan kanggo nuduhake gambaran


panguripan kang dikarepake dening pangripta. Najid (2009:10) ngandharake yen sastra
minangka wujud refleksi kasunyatan lan pengalaman urip. Karya sastra kerep menehi nilai
moral kang ana sesambungane marang sipat-sipat kamanungsan, lan ngluhurake martabate
manungsa (Nurgiyantoro, 2007:232).
Karya satra kang apik yaiku karya sastra kang bisa weneh pesen utawa piwulangan
marang pamaca supaya bisa tumindhak kang luwih becik. Salah sawijine karya kang kerep
weneh pesen mligine piwulangan babagan moral yaiku karya sastra kang awujud novel.
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur, novel iku ngemot crita-crita kang
rinakit urut miturut pembabakan. Mula sajrone isi novel kaperang dadi pirang-pirang crita,
dene saben babak iku ngandharake surasa kang beda-beda. Novel yaiku salah sawijine
wujud karya sastra kang nduweni amanat, yaiku pesen/pitungkas saka panulis kanggo para
pamaca. Kajaba kuwi, novel uga bisa didadekake salah sawijine sumber/punjer nilai-nilai
kang bisa ditrepake ana ing pasrawungan.
Sajrone tulisan iki objek kang digunakake yaiku novel kanti irah-irahan
“Kumandhanging Katresnan” anggitane Any Asmara. Novel iki nggambarake sawijine
lelakon katresnan jati antarane R. sukmana lan R.A. Tien Tisnowati. Novel iki bisa gawe
trenyuhe ati, nanging ya gawe greget lan bisa gawe pasinaon urip. Babagan kang narik
kawigaten saka novel yaiku ngenani nilai moral kang digambarake saka tumindake lan
solah bawane para paraga sajrone crita. Moral, yaiku ajaran ngenani apik eleke kelakuan,
sikap, kawajiban, akhlak, budi pekerti, lan susila (KBBI, 1996:665). Moral kang diduweni
para paraga kasebut bisa didadekake patuladan tumrap para pamaca. Adedhasar tulisan iki,
mula panliten njupuk irah-irahan “Nilai Moral Sajrone Novel Kumandhanging Katresnan
anggitane Any Asmara”. Panliten iki nggunakake tintingan strukturalis kanggo
ngandharake. Teori strukturalis yaiku nganalisis sastra saka unsur pamangune. Kang kudu
diweling, analisis strukturalis yaiku ndhudah lan ngandharake kanthi cermat, teliti, detail
lan premati sesambungane sekabehe unsur lan aspek karya sastra kang ana saengga
ngasilake karya sastra kang edi lan peni.

2. ISI

Novel “Kumandhanging Katresnan” anggitane Any Asmara yaiku novel kang


nggunakake tema katresnan sajrone crita. Novel iki nyritakake lelakon katresnan jati
antarane R. Sukmana lan R.S. Tien Tisnowati kang nrenyuhake ati. Novel iki uga
nggambarake kukuhing adat istiadat kang ora kena diowahi nganti ndandekake lelakon
kang ngeres-eresi. Sajrone novel “Kumandhanging Katresnan” anggitane Any Asmara,
unsur kang onjo yaiku tema. Saka segi tema mayor lan minor ana sambung rakete. Tema
mayor utawa tema kang utama sajrone novel iki nyritakake katresnane R. Sukmana lan R.S.
Tien Tisnowati. Yen ta tema minor sajrone novel iki yaiku saperangan prastawa kang ana
ing tema mayor. Dalan critrane katresnane R. Sukmana lan R.S. Tien Tisnowati kang ora
dadi amarga anane adhat kang misahake. Uga tema minore yaiku wujud kabektenne anak
marang wong tuwa.

Sajrone novel iki akeh bab kang ngemot nilai moral. Moral kang disampekake
utawa kang kinandhut sajrone karya sastra banget migunani lan nduweni paedah kang akeh.
Cara nyampekake nilai-nilai moral lantaran sastra novel bisa katon jelas lan cetha kang
kinandhut sajrone ukara, dialog anatarane paraga siji lan liyane utawa monolog (andharan
paraga kuwi dewe). Nurgiyantoro (2007:323) merang moral dadi telu yaiku (1) moral sing
nduweni sesambungan antarane manungsa karo Gustine, (2) morak kang sesambungan
antarane manungsa karo manungsa liyane ing babagan sosial, (3) moral kang nduweni
sesambungan antarane manungsa karo individu.

3. PANUTUP

Anda mungkin juga menyukai