Anda di halaman 1dari 12

MAKALAH BAHASA JAWA

BUSANA ADAT JAWA JALER

KASUSUN DENING

KELOMPOK 4 :

1. ANGGI NATA SYAH (07)


2. DEWI FITRIANI (11)
3. EKO YUSUF SAPUTRO (12)
4. NUGROHO AZIZ MUSTOFA (21)
5. RATIH PURWANINGSIH (24)

SEMESTER I
WARSA PASINAON 2018-2019

ATUR PRAWACANA
1
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah
Ingkang Maha Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula
aturaken matur suwun sanget dhumateng Bapak/Ibu Pembimbing ingkang sampun
membimbing kulo anggenipun damel laporan punika sahengga laporan ingkang kasusun sae
punika saged purna.
Laporan karya tulis kanthi irah-irahan "BUSANA ADAT JAWA JALER" punika
minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem
njangkepi tugas semester I mata pelajaran Basa  Jawa.
Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-
pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi
kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.

Kroya, 04 Oktober 2018

Panyerat

DAFTAR ISI

2
ATUR PRAWACANA 2
DAFTAR ISI 3
BAB I PURWAKA

A. Dhasaring Panaliten 4
B. Wosing Perkawis 4
C. Ancas panaliten 4

BAB II PIREMBAGAN

A. Udheng 5
B. Kulambi 6
C. Sinjang/Dodot 7
D. Satagen 7
E. Sabuk 8
F. Epek Tumang dan Lerep 9
G. Dhuwung 9
H. Cenela atau selop 10

BAB III PENUTUP

A. Dudutan 11
B. Panyarub 11

KAPUSTAKAAN 12

BAB I

3
PURWAKA

A. Dhasaring Panaliten
Kados Ingkang kita sedaya mangertos, menawi Indonesia gadhah pinten pinten
pulau lan saben pulau gadhah pinten pinten budaya lan adat istiadat.
Salahsatunggalipun inggih menika pulau Jawi. Ing Jawi wonten budaya pakaian adat
Jawi. Pakaian adat Jawa Tengah gadhah name Jawi Jangkep lan kebaya. Sami kaliyan
naminipun Jawi gadhah artos Jawa lan Jangkep gadhah arti pepak. Jawi Jangkep
inggih menika pakaian jaler ingkang digunakaken kangge keperluan adat
Jawi Jangkep wonten inggilan lan bawahan kangge kain jarik ingkang
dililitaken. Blangkon ingkang digunakaken kangge penutup sirah tradisional ingkang
di agem dening para jaler. Wonten tambahan aksesoris bentenipun berupa keris lan
cemila.

B. Wosing Perkawis
1. Kados pundi perangan pakaian adat jawi jaler?
2. Kados pundi ginanipun pakaian adat jawi jaler?

C. Ancas panaliten
1. Mangertos peranganipun pakaian adat jawi jaler
2. Mangertos ginanipun pakaian adat jawi jaler

BAB II

4
PIREMBAGAN

Busana adat inggih menika sandhangan ingkang gadhah ciri khas tertentu ingkang
didadoskaken identitas saka daerah. Busana adat Jawa Tengah ingggih menika Beskap.
Busana adat Jawa gadhah pralambang tertentu utami kunjuk tiyang jawa ingkang ngagem.
Busana adat jawa gadhah ajaran tersirat ingkang filosofi jawa. Ajaran busana adat jawa ingih
menika ajaran tumindak ing aktivitas sedinten dinte. Peranganipun busana adat jawi jaler
ingkang dipunangge inggih menika udheng, kulambi, sinjang /dodot, setagen, sabuk, epek
timang dan lerep, dhuwung, cenela atau selop.

1. Udheng

Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun


dados kantun hangagem.  Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen
ingkang dipunagem kangge nutupi sirah.
Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi,
ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa
tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. 
Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados
kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras,
tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-
ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas
nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap
mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.
Filosofine Udheng inggih menika supaya menungsa iku sayogyane nduweni
pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang
ora ndukung.

5
2. Kulambi utawi rasukan

Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten


warni kalih inggih punika Atellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun
hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.
Atellah inggih menika ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas
tutup.  Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap. 
Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap,
limrahipun wonten 5 kancing utawi benik.  Dene sisih wingking sak ngandhap
pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
Beskap inggih menika beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi
kancing ing sisih tengah.  Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi
tangkepan mangiwa, miring mangandhap.  Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten
tiga.  Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun
sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren.  Kadosdene atellah, ing wingking
sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
Sikepan inggih menika sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah
kanthi bikaan ing tengah, namung bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget
katutup kakancingaken.  Ing sisih tengen bikaanipun dipun pasangi kancing, namung
minongka pasren.  Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon
tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap.  Sarehning agemanipun mboten
saget kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
Warninipun busana ing Karaton Surakarta kabentenaken antawisipun atellah
kaliyan beskap.  Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika
cemeng lan pethak.  Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta.  Dene
beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu,
kuning gadhing ijem, lan sanesipun.

6
3. Sinjang / Dodot

Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun
inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-
ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil
polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu
arupin wohing pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina
makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun ndamel
igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten
tataran.
Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi
Dodot langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun
sinjang limrah. Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun
wastani Latar Cemeng. Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani
“Bledhak” utawi latar putih.

4. Setagen

7
Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken
tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan
udhar.  Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun
agal, mila radi kaken.  Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M.  ulesipun warni-warni,
wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran
mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados
mboten ketingal saking njawi.
Filosofi Setagen inggiih menika nata awak supaya tegap lan santun anggone
unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.

5. Sabuk

Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen.  Dados manawi
sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados
setagen mboten ketingal.  Dados kadosdene pasren.  Kajawi punika sabuk
mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking.
Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes
sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
Filosofi Sabuk inggih menika kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi
kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil.

6. Epek Timang lan Lerep

8
Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking
bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150
CM.  kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal
(rambut jaran), rambut punapa dene surinipun.  Bongkotipun epek dipun pasangi
“Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep”
ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi
rinengga ukiran.  Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten,
barliyan, menapa dene selamaya.
Filososfi Epek lan Timang inggih menika supaya saged kerja kanthi sae kudu
Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi,
titis, saengga bisa mahami kanthi jelas. Timan inggih menika ilmu kang dientukake
kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.

7. Dhuwung utawi Wangkingan

Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud


sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung.  Kawastanan adiluhung amarji
sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang
rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.

9
Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik
“Ladrangan” saha cakrik “Gayaman”. Filosofi Dhuwung inggih menika anggone
nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan kang ngganggu
manungsa nalika arep nindakake kabecikan.

8. Canela

Canela yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning nala.
Filosofi inggih menika yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah
ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah.

BAB III

PENUTUP

A. Dudutan

10
Busana adat jaler ingkang disebut beskap. Saben perangan busana adat jawi
jaler ngemot piwucal ingkang sinandi. Peranganipun busana adat jawi jaler ingkang
dipunangge inggih menika udheng, kulambi, sinjang /dodot, setagen, sabuk, epek
timang dan lerep, dhuwung, cenela atau selop.

B. Panyarub
Dados generasi enom kudu saged ngreksa budaya tradisional kanthi cara
ngenalake adat sandhangan regional marang masyarakat lan njaga busana tradisional
supados mboten punah amarga busana modern. Busana tradisional adat jaler kudu
dikembangaken supados lewih apik maneh. Model busanane diubah ngetutna jaman
nanging mboten ngilangaken unsur tradisional. Nambahake informasi babagan busana
adat jaler supados tiyang tiyang saged ngertos babagan busana adat jaler.

KAPUSTAKAAN

https://santaidamai.com/pakaian-adat-jawa-tengah/

11
https://adatindonesia.com/pakaian-adat-jawa-tengah/

https://ululalbab31n.blogspot.com/2015/10/pakaian-adat-jawa-tengah-pria.html

http://qoniatul.blogspot.com/2014/11/tata-busana-jawa.html

http://njowo.wikia.com/wiki/Busana_Jawa_dan_Perlambangnya

12

Anda mungkin juga menyukai