Anda di halaman 1dari 2

Nama : Leony Dwi Sasmitha

Nim : A310180062

Kelas : B

BAB III SINTAKSIS

A. Ukara.
Ukara inggih menika reroncening tembung sawatara, kang dadi wedharing gagasaning
manungsa, awujud katarangan, pitakon, panjaluk utawi bab sanes-sanipun. Andherdhasar
rangkaning ukara (struktur kalimat), ukara salebetipun basa jawi ingkang baku menika
cacahipun wonten 5 yaiku
1. J-W
2. J-W-L
3. J-W-Gg
4. J-W-L-Gg
5. J-W-P

Gangsal peranganing ukara ing nginggil tuladhanipun kados ing ngandhap menika

1. Tipe J-w
a. Dheweke/isih turu
b. Ingon-ingone/akeh
2. Tipe J-W-S
a. Pamerentah/ ngundhakake/ raga lengganan listrik.
b. Ibu/ lagi nggendhong/adhik.
3. Tipe J-W-G
a. Angga/ gelangan/ karet
b. Aditya Rahman/dadi/tentara
4. Tipe J-W-L-G
a. Supardi/ ngirimi/ adhine/ wesel
b. Bu Yanti/njupukke/ tamu/ unjukan the
5. Tipe J-W-P
a. Bapak/ merdhayoh / neng daleme Pak Lurah
b. Patung mau/ kagawe/ saka marmer

Ciri-Ciri utawi Tuladha-tuladhanipun lesan inggih menika

1. Dumung wonten setengah utawi sawuranipun wasesa ingkang awujud tembung


kriya tanduk.
2. Saged dados jejer menawi ukaranipun kaewahi dados ukara tanggap.
3. Boten khedisikan tembung ancer-ancer.
4. Gagenep utawi palengkap menika klabet peranganipun ukara ingkang ginanipun
njangkepi wasesa.
5. Panerangan utawi adverbial mujudaken peranganing ukara ingkang boten baku,
jalaran saged boten enten.
B. Jenising Ukara
Jeniseng ukura wonten ing basa Jawi saged kapilah dados ukara (a) tanduk lan tanggap, (b)
ukara lamban lan camboran (Antun Suhono, 1953: 100-101; Sry Satriya TWS, 2001: 159-166)

Anda mungkin juga menyukai