Anda di halaman 1dari 8

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

(RPP)
Nama Sekolah : SMP Birrul Walidain
Kelas : VII (Tujuh)
Semester : Gasal
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Jumlah Pertemuan : 1 x Pertemuan (2 x 40 Menit)

1. Standar Kompetensi : MENDENGARKAN


Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam
berbaai ragam bahasa Jawa.
2. Kompetensi Dasar : Mendengarkan percakapan dalam berbagai kegiatan, misalnya
percakapan dengan teman sebaya, guru, orangtua, dan orang
yang dituakan.
3. Indikator :
a. Mencatat pokok-pokok percakapan yang didengarkan.
b. Menuliskan pokok-pokok percakapan tersebut ke dalam beberapa kalimat.
c. Menyampaikan (secara lisan) ringkasan percakapan.
4. Tujuan Pembelajaran
1. Siswa mampu mencatat dan menuliskan pokok-pokok percakapan yang didengarkan ke
dalam beberapa kalimat.
2. Siswa mampu menyampaikan secara lisan tentang ringkasan percakapan.
5. Materi Pembelajaran
1. Mendengarkan teks percakapan.
2. Teks percakapan musyawarah.
6. Metode Pembelajaran/Pendekatan
Model pendekatan CTL dan Life Skill

7. Alokasi Waktu : 1 x Pertemuan (2 x 40 Menit

8. Kegiatan Pembelajaran (Langkah-Langkah Pembelajaran):


NO WAKTU Aspek
KEGIATAN METODE KS
. (menit) K PS PT
1. A. Kegiatan Pendahuluan: 5 menit
1. Guru memeriksa siswa dan
kebersihan kelas
2. Guru bertanya tentang
pacelathon/percakapan. Tanya jawab V
3. Guru bertanya tentang fungsi
pacelathon/percakapan dalam
kehidupan sehari-hari.
2. B. Kegiatan Inti
1. Kegiatan Awal
a. Penjelasan dan tanya jawab
sekitar wawasan siswa Tanya jawab 5 menit
mengenai materi yang akan V
disajikan untuk apersepsi
dan memotivasi peserta
didik.
Kegiatan Inti
1. Ekplorasi
1.1 Guru menjelaskan cara
mendengar Demonstrasi 25 menit V
pacelathon/percakapan.
1.2 Mengajak siswa
menyebutkan unsur-unsur V
di pacelathon/percakapan.
2. Elaborasi
2.1 Siswa memberikan
tanggapan tentang cara Diskusi 30 menit V
mendengar pembacaan Pemberian
pacelathon/percakapan. tugas
2.2 Menemukan dan V V V
mendiskusikan unsur-
unsur
pacelathon/percakapan
yang didengar melalui
pembacaan. konteks.
2.3 Mendiskusikan simpulan V V V
isi pacelathon/percakapan.
2.4 Melaporkan hasil diskusi,
menyimpulkan isi V V
pacelathon/percakapan
sesuai dengan situasi dan
3. Konfirmasi
3.1 Guru menanyakan
tanggapan para siswa V
untuk di akomodasi. 10
3.2 Guru memberikan Diskusi V
kesimpulan.
C. Penutup 5 menit
a. Guru bersama-sama dengan
siswa mengadakan refleksi
terhadap proses dan hasil V
belajar.
b. Guru memberi tugas Pemberian
pengayaan untuk melanjutkan tugas V
mengidentifikasi isi
pacelathon/percakapan dalam
kehidupan sehari-hari.
9. Penilaian
a. Teknik : Lisan dan Tertulis
b. Bentuk Instrumen : Uraian dan penugasan praktik.
a. Instrumen Penilaian

Indikator Teknik Bentuk Instrumen Skor


1. TC Tes Tertulis 1. Apa kang dadi 30
"Mencatat pokok- wose pirembugan
pokok isi sambutan
yang didengarkan.
ing dhuwur?
"TC "-
Menuliskan
pokok-pokok isi
sambutan tersebut ke
dalam beberapa

kalimat. "Mencatat

pokok-pokok
percakapan yang
didengarkan.

2. Menuliskan Tes Tertulis 2. Apa panemune Pak 15


pokok-pokok Hardi ngenani
percakapan kagiyatan 17-an?
tersebut ke 3. Manawa panemune 15
dalam Pak Adi kepriye?
beberapa
kalimat.
3. Menyampaika Tes Tertulis 4. Sidane apa kang 40
n ringkasan dadi kaputusan
percakapan. musyawarah ing
dhuwur?
Kunci Jawaban:
1. Apa kang dadi wose pirembugan ing dhuwur?

Wangsulan : Kagiyatan pengetan 17-an utawa agustusan.


2. Apa panemune Pak Hardi ngenani kagiyatan 17-an?
Wangsulan : Bilih pengetan 17-an dipunwontenaken bakti sosial.
3. Manawa panemune Pak Adi kepriye?
Wangsulan : Ngawontenaken lomba-lomba kangge para warga.
4. Sidane apa kang dadi kaputusan musyawarah ing dhuwur?
Wangsulan : Tetep dipunwontenaken lomba-lomba nanging dipunwatesi cacahipun
lomba, hadiah dipunpendhetaken saking kas kampung, utawi
dipunsuwunaken donatur, saged ugi dipun sumanggakaken dhateng
warga ingkang badhe nyumbang hadiah. Nindhakaken baksos, tanggal
16 dalu ngawontenaken tirakatan.

5. Alat/Media/Sumber Belajar
a. Laptop, LCD, Tape recorder, Microphone
b. Buku untuk Kelas XI
c. Buku Latihan Soal

Sragen, 02 Juli 2017


Mengetahui
Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran

Amir S. Ag Desy Ratna Sari S.Pd


NBM. 1049331
LAMPIRAN

a. Unggah-ungguh Basa
Basa krama lugu wujude:
1) Tembung sing ana basane krama, diganti basa krama/migunakake basa krama.
2) Tembung sing ora ana basane krama, tetep ngoko wae.
3) Ater-ater lan panambange uga dikramakake.
Basa krama lugu kanggo omongan:
1) Wong tuwa karo wong tuwa sing statuse padha nanging padha dene ngajeni.
Tuladha: Pak Narto menawi sampeyan sampun sayah kula aturi wangsul rumiyin.
2) Wong lagi wae pitepungan
Tuladha: Sampeyan naminipun sinten, griyanipun pundi?
3) Wong enom marang wong sing luwih tuwa sing wajib kinurmatan, nanging wong sing
enom pangkate luwih dhuwur katimbang wong sing tuwa.
Tuladha: Menawi sampun rampung anggen sampeyan nyapu, mangke lajeng nyulaki
jendhela menika nggih pak!
4) Wong sing luwih tuwa guneman karo wong sing luwih enom sing pangkate luwih
dhuwur utawa wajib kinajenan.
Tuladha: Nyuwun pangapunten nak, sampeyan kok ketingal lesu punapa nembe sakit?
b. Tambahan Kawruh: Tembung Patanya
Tembung patanya yaiku tembung sing kanggo nakokake barang, prakara, kaanan, wong,
patrap, cacah, panggonan utawa wektu. Sing kalebu tembung patanya, yaiku:
a. Apa, nakokake aran, wong( bangsa), golongan, barang, prakara.
b. Sapa, nakokake wong utawa jenenge wong (bocah).
c. Kepriye, nakokake kaanan, patrap utawa cara.
d. Pira, sepira, nakokake cacah.
e. Endi, ngendi, saka ngendi, menyang ngendi, nakokake panggonan.
f. Kapan, nakokake wektu.
c. Teks Pacelathon
Pak RT : “Matur nuwun bapak-bapak sedaya, ingkang sampun kersa rawuh ing
pepanggihan dalu punika. Saderengipun mangga dipun wiwiti kanthi
dedonga, mugi-mugi pepanggihan mangke saged lumampah rancag, lan
pikantuk kasil ingkang jumbuh kados pangajab panjenengan lan kula.
Dedonga kawiwitan… dedonga cekap. Salajengipun wekdal kula aturaken
dumateng Pak RW, mangga …”
Pak RW : “Matur nuwun Pak RT, wilujeng dalu sedaya kemawon, kados ingkang
sampun kaserat wonten ing undangan, bilih pepanggihan dalu punika,
ingkang baken badhe ngrembag bab pengetan dinten kamardikan ingkang
kaping 63 taun.
Wonten ing pepanggihan wulan kepengker, wonten saperangan warga
ingkang gadah pemanggih, bilih pengetan dinten kamardikan taun punika,
boten sisah ngawontenaken lomba-lomba, ananging cekap ngawontenaken
tirakatan, ananging saperangan warga boten sarujuk manawi namung
ngawontenaken baksos, lha mangga sapunika sesarengan dipunpadosi amrih
saenipun.”
Pak RT : “Bapak-bapak, mangga sinten ingkang badhe ngendikan rumiyin?”
Pak Hardi : “Kula…Pak”
Pak RT : ”O..nggih mangga Pak Hardi, lajeng kemawon.”
Pak Hardi : “Mekaten nggih bapak-bapak, kula klebet ingkang boten sarujuk manawi
dipunwontenaken lomba-lomba kados pengetan ingkang sampun-sampun.
Manawi miturut pamanggih kula, dipunwontenaken bakti sosial kemawon,
punika lak langkung migunani, matur nuwun.”
Pak RT : “O…nggih, nggih…wonten pamanggih sanes?”
Pak Adi : “Kula…Pak RT”
Pak RT : “Nggih, kados pundi Pak Adi?”
Pak Adi : “Miturut kula, pamanggihipun Pak Hardi punika sae, nanging kula kirang
sarujuk Pak RT. Punapa nggih ta, pengetan setaun sepindah kok boten
wonten lomba-lomba, kamangka ingkang sampun, sakatahipun lomba
punika lak ingkang sami dipuntengga dening para warga, nuwun.”
Pak RT : “O…ngaten nggih? Wonten ingkang sanes malih?”
Pak Heru : “Matur nuwun wekdalipun, manawi miturut kula, kula sarujuk kaliyan
pamanggihipun Pak Hardi, manawi baksos punika langkung migunani, tur
malih boten kekathahen arta kangge hadiah, nuwun.”
Pak RT : “Wah tansaya gayeng kemawon. Pak RW, kados pundi punika Pak?”
Pak RW : “He..he…he…boten dados punapa Pak RT, punika ateges sedaya warga sami
saestu-estu anggenipun mangayubagya pengetan dinten kamardikan, mangga
lho manawi taksih wonten pamanggih sanes.”
Pak Dwi : “Kula…Pak, manawi kula sapamanggih kaliyan Pak Adi, namung setaun
sepindah lhe Pak, masa’ boten ngangge lomba, punapa mangke boten kirang
gregetipun, prekawis hadiah lak saged dipunpadosaken donatur, nuwun”
Pak RT : “Nggih, nggih, Pak RW wonten pamanggih…?”
Pak RW : “Matur nuwun, sasampunipun kula mirengaken maneka warna pamanggih
kalawau, manawi kula kok sarujuk kalih-kalihipun…”
Bapak-bapak : “Lho dos pundi ta Pak RW punika”
Pak Adi : “Sarujuk nanging kalih-kalihipun, pikajengipun kados pundi Pak?”
Pak RW : “He… he…he, ngaten nggih bapak-bapak. Lomba tetep dipun wontenaken,
supados lare-lare remen. Kangge ingkang dhewasa, wontenipun lomba
saged kangge ngraketaken pasederekan, upaminipun lomba bal-balan
bapak-bapak, kanthi mengangge daster lan dandos kados dene tiyang estri,
sanesipun kangge hiburan. Punika saged kangge nggladhi ‘kekompakan
tim’ lajeng lomba menek pinang, lan sanesipun, ananging taun punika,
cacahipun lomba dipuntemtoaken kemawon, upaminipun 4 utawi 5 warna.
Prekawis hadiah, sepalih saged dipun pendhetaken kas kampung,
sepalihipun saged dipunsuwunaken donatur, utawi dipun sumanggaaken
dhateng sintena kemawon ingkang badhe nyumbang, kanthi mekaten
gregetipun pengetan dinten kamardikan boten ical. Baksos punika nggih
saged dipuntindakaken, upaminipun nglempakaken rasukan ingkang taksih
pantes dipunangge. Mangkenipun saged dipun paringaken dhateng panti
asuhan utawi panti jompo, lajeng saged ugi ngawontenaken ‘pasar murah’
lan nalika tanggal 16 dalu tetep ngawontenaken tirakatan nanging kanthi
prasaja kemawon. Ingkang baken panjenengan, kula, lan para kaneman
saged mendhet wosipun dinten kamardikan punika. Kados pundi bapak-
bapak, punapa saged dipuntampi?”
Pak Heru : “Inggih Pak RW, kula sarujuk, ingkang baken wosipun dinten kamardikan
punika para pahlawan rumiyin mengsah penjajah kangge mujudaken
kamardikan punika, sapunika giliran panjenengan, kula, lan para kaneman
kangge ngisi kamardikan punika kanthi kesagedan piyambak-piyambak, lan
jumbuh kaliyan pada melanipun piyambak-piyambak ugi.”
Pak Hardi : ”Manawi mekaten ateges, ingkang taksih sekolah nggadahi kuwajiban sinau
kanthi tumemen, ingkang nyambut damel inggih boten…boten…”
Pak RT : “Boten punapa Pak Hardi?”
Pak Hardi : “Nuwun sewu, boten korupsi Pak.”
Pak RT : “O…nggih, nggih manawi punika kula sarujuk sanget.”
Pak RW : “Manawi sampun sami sarujuk sedaya, lan wekdal inggih sampun dalu,
mangga dipuntutup kemawon pepanggihan punika, mangke minggu
ngajeng dipun rembag babagan panitia 17-an.”
Pak RT : “Bapak-bapak sedaya, dados kaputusan ngengingi pengetan dinten
kamardikan kados ingkang sampun dipun ngendikaken Pak RW, nggih.
Lajeng bab panitia mangke kula caosi undangan malih, kagem Pak Bowo
kula ngaturaken panuwun sampun kersa kanggenan lan ubarampenipun.
Lan sapunika, mangga acara punika dipuntutup kanthi donga.”
Pak Bowo : “Bapak-bapak, konduripun nderekaken…”
Bapak-bapak : “Pareng…mangga Pak Bowo.”

Anda mungkin juga menyukai