Anda di halaman 1dari 3

Nama : Dayah Fika Inafiani

NIM : K4220023
Kelas : A PBJ 20

TUGAS STILISTIKA
MATERI BAHASA FIGURATIF

1. Pangertosan Basa Figuratif


Miturut Waluyo (1991:83) basa figuratif inggih menika basa ingkang dipunagem penyair
kangge ngandharake punapa-punapa kanthi cara ingkang boten limrah, inggih punika
kanthi boten langsung medharaken, makna tembung utawi basanipun gadhah makna kias
utawi makna lambang. Wujud pangungkapan ingkang ngangge basa figuratif cacahipun
relatif kathah. Nanging, namung sekedhik mawon ingkang wonten ing setunggaling karya
sastra relatif inggil. Pamilihan lan panganggenan wujud kiasan saged sesambetan kaliyan
kalimrahan, selera, kebetahan, lan kreativitas penyair.

2. Jinis-Jinis Basa Figuratif


a. Majas
 Simile
Simile inggih menika perbandingan ingkang gadhah sipat eksplisit. (Keraf,
2007: 138). Gaya basa simile dipuntepang kaliyan istilah gaya basa
perumpamaan. Gaya basa menika medharaken punapa-punapa kanthi
perbandingan eksplisit ingkang dipunnyatakaken kaliyan tembung ngajeng lan
pengubung, kados layakipun, kadosipun, lan sanesipun.
Tuladha: pasuryanmu kaya bulan ndadari.

 Metafora
Metafora inggih menika kados analogi ingkang nandhingaken kalih bab kanthi
langsung, nanging lebeting wujud ingkang enggal.
Tuladha: sampun dados sampah masyarakat (tiyang ingkang mboten gadhah
gina).

 Hiperbola
Gaya basa ingkang ngandhut setunggaling pranyatan ingkang kelangkung-
langkung (Keraf, 2007: 135). Gaya basa hiperbola nglangkungaken kasunyatan
mila kasunyatan kasebat dados boten mlebet ing nalar.
Tuladha: suwantenipun boten kawon kaliyan guruh ingkang berkumandang.
Suwanten guruh atos sanget, sawentawis suwanten manungsa saleresipun boten
seatos guruh. Ananging, dipunaturaken suwantenipun kados guruh gadhah artos
suwantenipun atos.

 Personifikasi
Personifikasi inggih menika kados gaya basa kiasan ingkang nggambaraken
piranti-piranti mati utawi barang-barang ingkang boten gadhah nyawa
kadosipun nggadhahi sipat-sipat manungsa (Keraf, 2007: 140).
Tuladha: nyiur melambai wonten tepi pesisir. Limrahipun manungsa ingkang
melambai nalika pisahan kaliyan kancanipun.

 Hipokronisme
Hipokronisme inggih menika gaya basa gadhah isi ungkapan utawi sapaan
ingkang sesambetan karib.
Tuladha: ndhuk, tutupna lawang!

 Alusio
Kados acuan ingkang usaha mensugestikan sami antawis tiyang, papan, utawi
peristiwa (Keraf, 2007: 141). Gaya basa alusio ngangge ungkapan ingkang
sampun dipuntepang lebeting masyarakat. Ungkapan kasebat boten
dipunrampungaken amargi masyarakat sampun mangertosi. Tuladha: kura-kura
dalam perahu (tegesipun ethok-ethok boten ngertos).

 Sarkasme
Sindiran langsung lan kasar.
Tuladha: “asu! sampeyan ki pancen asu!” gaya basa menika kadhang-kadhang
keginem tanpa sadar nalika srengen utawi emosi.

 Metonimia
Metonimia inggih menika gaya basa ingkang ngangge setunggaling tembung
ingkang nyatakaken setunggaling bab sanes, amargi gadhah pertalian ingkang
celak/caket sanget (Keraf, 2007: 142). Pengungkapan rupinipun panganggenan
nami kangge piranti benten ingkang dados merek, ciri kas, utawi atribut.
Tuladhanipun: ibu tindak dhateng Jakarta sareng garuda. Tegesipun ibu tindak
dhateng Jakarta ngangge layanan jasa montor mabur ingkang naminipun
garuda.

 Antonomasia
Gaya basa antonomasia ngangge sipat dados nami dhiri utawi nami dhiri benten
dados namaning jinis.
Tuladha: si cerewet menika wis teka! si cerewet kagem nggantosaken nami
ratna (utawi nami ingkang sanes) ingkang sifatipun cerewet.

 Ironi
Sindiran kanthi ndhelikake fakta ingkang saleresipun lan sanjang kosok balen
saking fakta kasebat. Gaya basa ironi ancasipun nyemoni, nanging kanthi cara
ingkang alus.
Tuladha: Pangapunten, ibu. Seratan ibu sanget-sanget ageng mila kula boten
angsal maosipun. (Kasunyatanipun, seratan bu guru sanget-sanget alit).

b. Jinising Penyiasatan Struktur


 Repetisi
Repetisi inggih menika pengulangan ungel, wanda, tembung utawi perangan
ukanten ingkang dipunanggep wigatos kangge nyukani tekanan lebet
setunggaling konteks ingkang cocog (Keraf, 2007: 127). Gaya basa menika
kathah dipunagem dening penulis prosa.
Tuladha: Kula tresna sanget lan welas sampeyan sanget!

 Klimaks
Klimaks inggih menika panjlentrehan penggalih utawi bab kanthi runtung-
runtung saking ingkang prasaja/kirang wigatos ningkat bab ingkang kompleks/
langkung wigatos.
Tuladhanipun: Kula menabung sakedhik saya sakedhik kangge bayar kaji,
wiwit saking seket ewu, satus ewu, ngantos gangsal atus ewu rupiyah.

 Antitesis
Antitesis inggih menika setunggaling gaya basa ingkang ngandhut pamanggih-
pamanggih ingkang kosok balen, kanthi ngangge tembung-tembung utawi
kelompok tembung ingkang kosok balen. Gaya basa menika wonten saking
ukanten ingkang padha bobote.
Tuladhanipun: Piyambakipun sedaya sampun kelangan kathah bandhaipun,
nanging piyambakipun sedaya ugi sampun kathah angsal keuntunganipun.

c. Idiom
Idiom angsal awujud tembung lan gabungan tembung ingkang mbentuk ungkapan
mligi. Miturut Hariwijaya (2004) wonten pinten-pinten jinis idiom jawi, salah
satunggaling inggih menika tembung entar, artosipun ungkapan kias. Tuladha : abang
raine (nandang isin utawi wirang), adus kringet (nyambut gawe abot sanget)

d. Paribahasa
Paribahasa gadhah artos basan kanthi basa kias (Ebnusugiho lebeting Al Ma’ruf,
2009:72).
Tuladha : witing tresna jalaran saka kulina (tresna wiwitan saking kalimrahan), becik
ketitik ala ketawis (sae awonipun lampahan mesthi ajeng konangan).

Anda mungkin juga menyukai