Anda di halaman 1dari 1

Nama : Abil Qosim

Kelas : X.4
No. Absen : 01
Tugas : Bahasa Jawa

PERSAMI SMA 1 DEMAK

Dino Sabtu-Minggu tanggal 1 karo 2 Oktober 2022 ning SMA 1 Demak


diadaake Persami utawa Perkemahan Sabtu-Minggu. Persami kui sing melu kelas
10. Kegiatane dimulai jam 07.00 dino Sabtu diawali upacara pembukaan sing
dipimpin kakak Pembina pramuka. Acarane dilanjutke karo latihan PPB. Bocah-
bocah podo serius melu latihan sing dilatih karo perwakilan seko ektrakurikuler
Barata SMA 1 Demak. Latihan PPB bar tekan jam 12.00 terus dilanjutake ishoma.
Mulai jam 13.00 sak wise ishoma, diadake lomba-lomba sing gawe bocah-
bocah iso kerja sama karo kelompoke. Lombane ono voli air karo ngeleboke wesi
ning botol tekan jam 17.00 terus dilanjutke ishoma tekan jam 19.00. Bocah-bocah
podo ora sabar ngenteni acara api unggun sing dilaksanaake jam 19.30. Kegiatan
api unggun iso sukses amarga bocah-bocahe sing dikei tugas api unggun podo
latihan. Sak wise api unggun, dilanjutke lomba pentas seni. Ono kelompok sing
nampilke nyanyi karo tari-tarian. Bocah-bocah podo bungah kabeh melu pentas
seni tekan jam 22.00 terus podo turu kanggo nyiapke tenaga amarga sisok iseh
ono kegiatan.
Esuk jam 06.00 diadaake kegiatan senam bareng supaya podo bugar kabeh,
terus dilanjutke sarapan kanggo nyiapke tenaga kanggo penjelajahan.
Penjelajahane ngelewati pos-pos kanggo lomba, ono lomba semaphore, panca
indra, TUPK, pertolongan pertama, karo PBB. Muleh seko penjelahan dilanjutke
istirahat karo resik-resik awak tekan jam 14.00. Sak durunge muleh, diadaake
upacara penutupan karo pemberikan hadiah kanggo kelompok sing menang
lomba. Bocah-bocah sing menang podo bungah lan sing durung menang iseh tetep
seneng melu acara Persami.

Anda mungkin juga menyukai