Ing suasana kelas kang sunyi, Aku salah sawijining siswa sing dadi perwakilan olimpiade matematika saka sekolahku. Aku sering banget menang ing perlombaan matematika sakdurunge. Nanging, ing perombaan iki aku malah kagum karo lawanku sing sering tak temoni sakdurunge, Vale. Dheweke kui cah Wadon sing pinter banget lan duweni senyum sing manis. Ing lomba iki, Vale lungguh pas ing ngarepku. Aku ora bisa ngerjakno soal kanthi fokus. Vale katon ayu lan manis banget pas garap soal kasebut. Aku katon suwe banget ndeloki Vale sampe ora kerasa yen wektu pengerjaan soal sisa 30 menit. Akhire aku nyoba gawe fokus garap soal kasebut. Akhire soal wes rampung tak garap. Kabeh peserta ninggalake ruangan. Sakwise ninggalake ruangan, aku banjur nemoni Pembinaku. Pas aku nemoni Pembinaku, Aku katon beliau ngobrol kale Pembina salah sawijining peserta ing perlombaan kui. Aku banjur nemoni Pembinaku, Tanpa disangka Pembinaku tibake ngobrol kale Pembinane Vale. Vale ya nemoni pembinane, ora sengaja aku karo vale saling Tatap mata lan Vale Ngguyu marang aku. Aku mung bisa bales Senyum. Dheweke moro-moro ngampiri aku lan ngajak tumbas jajan bareng. Aku isih isin, Amarga aku lan dheweke durung terlalu kenal. Nalika Vale ngajak aku mlaku-mlaku bareng, atiku rasane deg-degan. Aku mung nyoba mesem senajan ing jero atiku gugup. Kita mutusake tuku jajan ing kantin sekolah kui. “Rafi kan?, Aku Vale”, ucape karo mesem manis. “Aku ngerti kok, kerana kita sering ketemu ing perlombaan sakdurunge” jawabku karo gugup. “Aku meneng-meneng kagum karo awamu fii, awamu pinter bangett!” ucape karo mesem. Aku kaget karo pangalemane, kita nerusake obrolan babagan sekolah, mapel favorit, lan liya-liyane. Vale tibakna ora mung pinter ing matematika, dheweke ya grapyak. Ora dipungkiri maneh yen aku tambah kagum marang dheweke. Tekan kantin suasane katon nyaman banget. Aku lungguh ing salah sawijining meja ing kunu karo vale. Vale terus ngajak aku ngobrol, lan aku ngerasa nyaman karo dheweke. “Rafii, rahasiamu ben pinter iku apa?” pitakone dumadakan. Aku kaget kok moro-moro takon ngunu kui. “Latihan terus val, Latihan sing konsisten lan nikmati wae soal sing ana. Yen Rahasiamu ben pinter iku apa Val?” jawabku. “Rahasiaku yaa.. aku mesti netepi prinsip ‘nikmati proses, awal dudu akhir’, aku sinau saben dina lan ora tau wedi ngadepi kegagalan” jawabe. Obrolan kita terus lanjut. Aku rumangsa luwih cedhak karo Vale senadyan jarang ketemu tapi rasane kaya wis kenal suwe. Akhire, Pengumuman lomba arep diumumake. Aku karo Vale banjur menyang Aula utama Pelombaan kui. Ora dipungkiri, Aku lan Vale podo menange. Vale juara 1 aku juara 2, kita seneng banget bisa menang maneh ing perlombaan. “Wihhh selamat ya fii, hebat bangett awamu” ucape Vale. “hebatan awamu val, awamu juara 1 ngunu” jawabku. “kebetulan wae iki, mung biasane awamu sing juara 1” saut Vale. “iyawiss” jawabku. Sakbanjure iku kita foto bareng karo pemenang liyane. Sakwise acara kui aku badhe pamitan balik marang Vale, nanging Vale wis balik dhisik. Akhire aku mutusake balik pisan. Saktutuke ing omah, Aku badhe nulis surat Rahasia sing isine perasaanku marang Vale. Aku tulis suratku gawe judul “RAHASIAKU” lan surat kui tak gulung lan tak lebakna botol. Aku ngarep marang Gusti yen bisa ngungkapake perasaanku iki pas aku wis Lulus kuliah mangke.
*maaf bu cerkaknya sangat singkat, emang kisahnya singkat kok ^^