Anda di halaman 1dari 1

Nama : Sahmu Hidayat

NIM : 23100860006
Program Studi : PPG Prajabatan Bahasa Jawa 2023
Mata Kuliah : Filosofi Pendidikan Indonesia

Lelampahipun Pendidikan Nasional saking Prespektif Ki Hadjar Dewantara

Gerakan transformasi Ki Hadjar Dewantara wonten salebeting tuwuh rembakanipun


pendidikan nalika pra lan pasca-kamardikan punika salah satunggaling prastawa ingkang
wigatos tumrap sujarahipun Indonesia. Ki Hadjar Dewantara punika satunggaling guru lan
aktivis ingkang kagungan pengaruh ageng dhateng ewah-ewahanipun sistem pendidikan ing
Indonesia. Lumantar seratan punika kula badhe ngandharaken sawetawis wos wigatosing
transformasi Ki Hadjar Dewantara.
Wanci pra-kamardikan, kawontenan pendidikan ing Indonesia punika kenthel sanget
kaliyan sistem kolonial Walandi. Kurikulum, basa, lan strukturipun adhedhasar model kolonial
ingkang taksih eksklusif. Awit punika lajeng Ki Hadjar Dewantara rumaos bilih bangsa
Indonesia kedah miwiti gerakan transformasi pendidikan ingkang langkung inklusif lan dipun-
dhasari pathisarining budaya bangsa Indonesia.
Nunten ing taun 1922 Ki Hadjar Dewantara wiwit mrakarsani jumenengipun Taman
Siswa, pamulangan sepisanan ingkang migunakaken basa Indonesia minangka basa pengantar
rikala semanten. Lampah punika mujudaken salah satunggiling putusan wigatos ingkang
tundhonipun saged caos ewah-ewahan tumrap sistem pendidikan ing Indonesia.
Lelabetanipun Ki Hadjar Dewantara boten kendhat ngantos dumugi ngriku kemawon.
Sasampunipun bangsa Indonesia nggayuh kamardikanipun ing taun 1945, tumunten
panjenenganipun Ki Hadjar Dewantara aktif ndherek ngrumusaken kebijakan nasional rikala
semanten. Salah satunggalipun inggih punika merjuangaken basa Indonesia amrih saged dados
basa pengantar ingkang dipun-ginakaken wonten sedaya pawiyatan ing Indonesia. Basa punika
kaangkah saged nyengkuyung manunggaling bangsa Indonesia.
Kajawi punika, Ki Hadjar Dewantara ugi ngandharaken bab wigatosing pendidikan
minangka sarana kangge ambangun warga nagara ingkang langkung winasis lan kagungan budi
pakarti luhur. Panjenenganipun kagungan pamanggih bilih pendidikan punika minangka
pirantos kangge ngindhakaken mutu gesangipun manungsa lan saged mbiyantu mrantasi
prakawis sosial, ekonomi, lan budaya salebeting masarakat.
Sanadyan ta transformasi pendidikan Ki Hadjar Dewantara punika sampun mbekta
ewah-ewahan positif, nanging sapunika Indonesia taksih ngajengi tantangan ageng.
Tuladhanipun inggih punika prakawis akses lan mutu pendidikan ing Indonesia ingkang dereng
wradin. Pramila pamarentah sapunika kedah pados cara amrih prakawis-prakawis punika wau
saged enggal-enggal dipun-prantasi.

Anda mungkin juga menyukai