Anda di halaman 1dari 7

CINTA SMA

Scene 1 didik berangkat sekolah bareng bapak

Video : bapak nunggu didik neng nduwur motor

Audio

Bapak : dik,ayo gek mangkat

Wis awan ki,mengko ndak telat

Didik : nggih pak

Scene 2

Video cinematic didik & bapak naik motor pergi ke sekolah diiringi music

Scene 3 suasana di sekolah didik

Video :suasana depan sekolah dan belajar didalam kelas

Audio

Didik : ngati ngati pak ( sambil cium tangan)

Bapak : mengko bali sekolah langsung muleh ora usah mampir mampir

Didik : nggih pak

Didik : dit,,nteni aku

Dito : ayo,,aku jadwal piket ki

Di kelas sudah ada nur,linda didik masuk sambil mencuri pandang ke nur

Dito : cie cie

Didik :ssstttt

Pak Anwar ( guru agama) masuk ke kelas

Anwar : assalamualaikum wr wb

Murid : waalaikumsalam wr wb

Anwar : selamat pagi,hari ini kita akan membahas tentang kerja keras dan tanggung jawab

Pur : selamat pagi pak ( pur dating telambat)

Anwar : kenapa terlambat mas ..?


Pur : tadi ban bocor pak

Anwar : silahkan duduk

Anwar : sampai disiji dulu ada pertanyan.?

Kalua tidak,saya akhiri pelajaran hari ini

Wassalamualaikum wr wb

Scene 4

Video : perjalanan pulang sekolah jalan berempat didik, dito ,nur,linda.ngobrol berpasangan dito dengan
linda,nur sama didik

Audio

Didik : nur,kwe suk arep kuliah nengndi..?

nur : aku pengin kuliah neng keperawatan

lha sampeyan arep kuliah nengndi..??

didik : aku pengin neng ITB bandung

nur : opo ora adoh kui

didik : jarak ora dadi masalah kanggo ngoyak cita-cita


video : pur dating dari belakang naik motor menghampiri nur

audio

pur : nur,ayo bareng aku wae

nur : aku tak mlaku wae bareng konco konco

pur : wis tho ayo,,mengko kesel lho kan adoh le mlaku

didik : bareng wae ,,tenang wae tak mlaku wong 3

video : nur terpaksa mbonceng pur sambil menatap didik yang sedikit kecewa..

scene 5

lokasi dirumah didik

video : didik ngobrol sama bapak,suasana santai bapak baca koran sambil ngopi

didik : pak… ( sambil merajuk)

bapak : opo le

mesti ono karepe angger ngene iki

didik : nggih pak

kulo mbok ditumbasne motor kagem sekolah

ben kados rencang rencang

bapak : oo ngono

mungkin durung perlu saiki kowe nganggo motor

bukane bapak ki ora mampu tuku motor kanggo kowe

tapi duite iki tak siapke kanggo biaya mlebu kuliahmu

tugasmu saiki ki fokus sekolah

ojo ngasi mbesuk kowe gelo mergo ora tenanan wektu sekolah

kuncine ben sukses uripmu kui “Kerja keras lan Tanggungjawab”

tanggung jawabmu saiki sinau sing tenanan iki rak wis ameh ujian tho

didik : nggih pak

scene 6

video : pengumuman kelulusan ,kertas keterangan kelulusan ditempel di papan tulis luar kelas

audio

pur : se se se,,minggir aku tak ndelok disik


wuih.. didik rangking siji

didik : opo iyo..??

dito : iyo dik,,selamat yo..

nur : selamat ya,mugo-mugo iso ketompo neng ITB

didik : amiin

pur : aku ra rangking rapopo,,penting aku lulus…

linda : iki masing masing tanda tangan neng klambiku ya

kanggo kenang-kenangan

dito : iyo iyo ayo..

video : mereka saling memberikan tanda tangan dan kata-kata mutiara di baju masing-masing secara bergantian

didik menuliskan pesan dan tanda tangan di baju belkang nur

5 tahun kemudian

Scene 7

Video : didik dan nur tidak sengaja bertemu di acara nikahan dito dan linda

Audio

Didik : selamat ya dit lin

Ra nyongko yen linda sing dadi bojomu

Dito : iki jenenge jodo dik

Kwe wis rabi rung

Didik : durung lah

Nur kae wis rabi durung

Linda : durung ,,ngenteni kowe sajak’e ( sambil tersenyum)

Dito : kae nur neng kono gek di samperi sik

kemudian dito memberikan kode menunjuk kearah nur .didik berjalan menghampiri nur

didik : pye kabare dik..??

nur : apik mas

sampeyan pripun kabare..??

didik : alhamdulilah apik yoan

kerjo ngendi saiki..??

nur : neng RSU kabupaten mas


lha sampeyan teng pundi koq suwe ra kethok..??

didik : aku kerjo neng Jakarta,jarang bali mergo rodo sibuk gawean

wis nduwe anak piro saiki..??

nur : kulo dereng rabi mas

didik : mosok,,wis ayu kerjo mapan koq durung rabi..

nur : jane yo akeh sing nglamar mas tapi durung ono sing cocok

didik : sesuk longgar ra..??

yen longgar dolan metu ngobrol maneh sing longgar wektune

neng kene kurang penak yen arep ngguyu cekakakán raiso

mumpung aku durung bali neng Jakarta

nur : balik kerjo wae ya mas

sesuk kabar-kabar

scene 8

video : didik dan nur bertemu

audio

nur : ngunjuk nopo mas..

teh nopo kopi..??

didik : kopi wae

setelah kopi datang

didik : gawean mau pye dik..??

nur : alhamdulillah lancer

njenengan libur dangu tho mas..??

didik : aku njupuk cuti seminggu,suwe ra bali sisan be rodo kathok le nengomah

koncone dewe purwanto kae saiki nengndi yo..??

nur : pur sakniki kerjo neng pelayaran ,,balik setahun pisan yoan mas

didik : oiyo ngomong-omong pacarmu saiki wong ngendi..??

nur : kulo mboten pernah pacaran mas

kulo tasih nenggo tiyang sing pernah janji kalih kulo

didik : lha opo lungo adoh koq ndadak ngeteni barang ki

nur : mboten jane

mungkin nembe kathah gawean dadi lali kalih janjine


didik : opo mesti teko sing koq enteni kui..??

nur : insyaallah mas

kulo yakin deweké bakal teko nepati janjine

samben dongo kulo selipke jenenge mas,kersane gek iso nglakoni opo sing pernah dijanjekne

didik : jebule kowe ki wong sing hebat iso mantep yen nduwe keyakinan

sak jane sopo sing koq tunggu kui mau dik..??

nur : sekedap mas

kulo pendetke barang ,mungkin njenengan saget ngerti sinten tiyange.

Nur kebelakang menganbil kotak yang berisi baju seragam sma yang sudah ada corat coret waktu kelulusan di baju
ada Tulisan tangan didik “ TUNGGU AKU SUKSES,AKU AKAN KEMBALI PADAMU”

Nur : niki mas barange

Didik : tak buka ya

Iki rak klambi lulusan sma tho dik

Nur : tasih kelingan sing njenengan tulis teng klambi niku..??

Didik : isih dik

Aku suwe raono kabar mergo lagi focus karo gawean disik

Supoyo iso menuhi tanggungjawabku

Pancen kowe sing tak gadang-gadang dadi konco uripku

Matursuwun wis gelem ngenteni nganti aku sukses

THE END

Anda mungkin juga menyukai