Anda di halaman 1dari 1

Kali

Risal Fadhil Rahardiansyah

Ing Gedung Desa Sukorame kebak pawongan sing lagi antusias ndeleng
politisi ingkang lagi ngenekake kampanye akbar. Pawongan mau mrene mergo
yen wes acarane bubar bakal oleh embel-embel pesangon dhuwit rupa abang.
Merga kuwi, pawongan sing omahe adoh podo nekad senajan udane nricih.
Acarane dibukak salah sawijining politisi karo semangat ngobarake visi lan
misine. Politisi mau munggah panggung karo nggowo kertas kandel.
Politisi : "Bapak Ibu sekaliyan kula wonten mriki ajenge nyampekaken visi
misi kerja kula kagem nglanjutaken pembangunan desa mriki."
Ibu-Ibu :"Napa ta pak wong desa mriki wae mboten wonten perubahan ket
jaman jahiliyah, arepe apa sing dilanjutne pembangunane pak-pak."
Politisi :"Sabar Ibuk-ibuk, kula dereng ngrampungake anggen kula matur,
menawi kula kepilih mbesuk, kula njanjeni arep mbangun jembatan wonten
desa mriki."
Warga pada bingung plonga-plongo. Pawongan sing teka padha umek
nalika politisi macakake salah siji janjine. Bapak-bapak sing maune meneng
malih pada takok.
Bapak-bapak : "Nyangopo pak kok ndadak mbangun jembatan? Nde desa kene
wae ora diliwati kali. Kok ndadak reka-reka gawe jembatan. Prayo mustahil to
pak-pak"
Ibu-ibu : “Lhaiya ta bapak-bapak, desa ora enek kaline, kok iso-isone arepe
gawe jembatan gedhe. Padha wae kaya nguyahi segara ta.”
Si politisi meneng sedela, banjur njawab karo semangat banget .
Politisi : "Awakedewe arep mbangun pisan karo kaline!!"
Warga sing teka ing acara iki pada nyambut karo keplok-keplok nganti
acarane bubar.

Anda mungkin juga menyukai