Anda di halaman 1dari 2

BAB II

CERKAK
A. Teges cerkak (crita cekak)
Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar (modern) sing nyritakake panguripan saben
dinane saka lelakon sing dialami sawijine paraga kang dawane kurang luwih antarane 1
nganti 5 kaca (halaman). Isine nyritakake gambaraning uripe manungsa sajrone
bebrayan agung (masyarakat) lan ngemu pitutur, piweling (pesan), lan pasemon (kritik)
tumrap pamaos (pembaca).
B. Titikane cerkak
 wujude gancaran.
 isine bab lelakon utawa kedadeyan ing masyarakat.
 ana paraga utama lan paraga panyengkuyung.
 ngandhut piweling, pitutur, pasemon, lan sapanunggalane.
 dawane crita antarane 1-5 kertas folio.
C. Unsur-unsur intrinsik cerkak
 Tema, yaiku punjere lelakon sajrone crita.
 Alur, yaiku reroncening kedadeyan sing ana sajrone crita. Alur crita ana telu,
yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
 Tokoh (paraga), yaiku kalungguhane paraga ing sajroning crita.
 Latar, yaiku wayah, panggonan, lan kahanan sing ana sajrone crita.
 Pamawas, yaiku kalungguhane pengarang (pangripta) sajrone crita.
 Amanat, yaiku gagasan utawa pesen sing pengin disampekake dening pangripta.
D. Teknik nulis cerkak
1. Milih tema
Tema utawa topik apa wae ing masyarakat bisa didadekake bahan kanggo nulis
cerkak.
2. Nemtokake paraga lan watak paraga
Paraga sajrone cerkak minangka piranti (alat) kanggo nyritakake sawijine
prekara.
3. Nemtokake alur crita
Alur crita cacahe ana telu yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran (maju
mundur).
4. Nemtokake latar crita
Nemtokake latar crita bisa nggunakake latar panggonan, latar wektu, lan latar
prastawa.
5. Nemtokake pamawas (sudut pandang pengarang)
Pamawas bisa nggunakake pamawas langsung lan ora langsung.
6. Pilihan tembung
Pilihane tembung bisa diselarasake karo tema lan kanggo sapa cerkak kasebut
ditujokake.
E. Analisis cerkak
Anggone nganalisis cerkak ing kene mung adhedhasar struktur lan basa.
a. Nganalisis adhedhasar struktur teks cerkak
Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi:
 Orientasi
Yaiku pambuka, arupa perangan pambukane crita.
 Komplikasi
Yaiku konflik, arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane crita.
 Resolusi
Yaiku penyelesaian, pangudare kabeh prekara kang dumadi.
 Koda
Yaiku panutup, arupa panitinge dudutan dening pamaos (pembaca).
b. Nganalisis adhedhasar unsur basa ing teks cerkak
Analisis unsur basa ing kene kaperang dadi loro yaiku ukara kandha lan ukara crita.
 Ukara kandha (kalimat langsung)
Tuladha ukara sajrone teks cerkak.
“kirang penere manggen ing pundi, pak?”pitakone pak Subali sumelang
marang pak Muslih.
 Ukara crita (kalimat tidak langsung)
Tuladha ukara sajrone teks cerkak.
Pak Subali nakoni pak Muslih ngenani panggonan kurang penere.

F. Bedane cerkak lan karya sastra liyane

No Katrangan Teks Cerkak Teks wayang


1. Jinis karya sastra Karya sastra gagrag anyar/ Karya sastra gagrag
sastra modern lawas/ sastra
tradhisional.
2. Basa sing digunakake Padinan lan gampang Basa krama inggil
dingerteni. utawa basa
rinengga lan angel
anggone ngerteni.
3. Isine Ngenani panguripan Ngenani crita
masyarakat ing saben dinane jaman biyen
kang kebak pitutur lan (Ramayana lan
piweling. mahabarata) sing
ana sajrone teks
(kitab) kang kebak
pitutur luhur
anggone nindakake
panguripan saben
dinane.

Anda mungkin juga menyukai