Anda di halaman 1dari 146

ATUR PANGIRING

Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten


ngarsanipun Gusti Allah ingkang Mahasih, Pangeraning
jagad gumelar, ingkang tansah paring sih-tresnanipun
dhumateng titah sedaya. Awit saking peparing welas
asih ingkang tanpa prabeda, sih tresna ingkang lebih
saking watak mban cindhe, mban siladan. Pangratam
dalah pandhukipun buku Antologi Cerkak Kelas XII MIPA
4 Seri Lantip menika saged kaleksanan.

Buku menika kadhapuk wonten salebetipun


wekdal dalah kasagedaning panyerat ingkang sarwa
winates. Namung greget ingkang makantar-kantar
saking para pandhapukipun, mila buku menika saged
maujud.

Awit saking rampung lan maujudipun buku


menika, gunging panuwun ingkang tanpa upami dipun
aturaken dhumateng :

1. Bapak Bowo Nurlamat, S.Pd, M.M minangka


Kepala Sekolah ingkang sampun paring
kalodhangan kangge lumampahipun pasinaon
Basa Jawi wonten SMA Negeri 4 Probolinggo.
2. Ibu Rokhmah Indriati, M.Pd minangka Wali Kelas
XII MIPA 4 ingkang sampun paring kalodhangan
lan panyengkuyung kangge Tim Penulis
salebetipun ngrampungaken buku menika.
3. Bapak/Ibu Guru lan Staf Tata Administrasi
Sekolah ingkang paring pambiyantu sasuwene
ngangsu kawruh ing papan pawiyatan punika.
4. Kanca-kanca nunggal Tim, Mira, To, Arimbi,
Ayubie, Daffa, Dewi, Diffa, Dimas, Fanny, Ririn,
i
Ilham, Karina, Atang, Aldi, Danis, Biila, Yati, Nuril,
Becca, Ro’ina, Roy, Fira, Adis, Sherly, Cece
sarta Dita. Matur nuwun awit saking greget lan
tulus, lila legawa makarya saserangan kanthi silih
‘asah, asih, asuh’.

Kanthi ngrumaosi bilih buku menika taksih tebih


saking kasampurnan, taksih kathah lepat saha
kekiranganipun Tim Panulis ngaturaken agunging
pangaksami. Kangge panyampurnaning buku menika,
sedaya panyaruwe sarta pamrayoga saking para
pamaos, kula antu-antu.

Probolinggo, 24 September 2019

Tim Panulis

ii
DHAFTAR ISI

Atur Pangiring i

Dhaftar Isi iii

Surup Lan Esuk 1


Almira Putri Herdayani
Dadi Polisi 9
Andriyan Kristianto

Pungkasan Kang Manis 13


Arimbi Wilujeng

Elizabeth, Prawan Abang 23


Ayubie Rani Marsen

Malem Minggu 31
Daffa Kuanta Rahadian

Lelembut Ing Gudhang Jamu 33


Dewi Rahayu

Pas Melbu SMA 43


Diffa Dwi Tara Dewa

Perjuangan Seorang Pemudha 45


Dimas Kawulungan

Ana Usaha, Ana Asil 49


Fanny Ika Saraswati

Cinta Salah Panggon 55


Hafidatun Nurin Kamilah

Guyon Aja Kesaran 63


Ilham Kurniawan

iii
Tresna Gak Nduweni 65
Karina Cyrilla

Sabar Lan Dhendham 71


Lintang Ayu Septiyani Putri

Kenangan Ing Papan Sandiwara 77


Moch. Aldi Maulana

Latian Bal-balan 81
Muhammad Daniswara Prabawa Wicaksana

Usaha Ora Ngiyanati Asil 83


Nabiila Istighfaroh

Ajar Sepedha, Malah Nyungsep 87


Nurhayati

Wis Tiba, Ketiban Andha 91


Nuril Lailatul Maghfiroh

Nggayuh Rembulan 95
Rebecca Karen Virginia

Arek Sing Sembrana 99


Ro’ina Farikah

Kanca 107
Roy Adi Irawan

Gendera Kuning 111


Safira Nurul Iswanti

Ulang Taun 115


Septiani Jessica Adisty Bariroh

iv
Ulang Taune Kancaku 123
Sherly Aurelia Yolanda

Perjuangan 127
Sulvianingsih

Layang Misterius 131


Vidia Dwi Wardani

Lampiran 137

v
01

Surup Lan Esuk

Almira Putri Herdayani

Mawar yaiku prawan ayu pakulitane putih sing


nduweni watak mandiri lan rada tomboy. Dheweke
seneng mlaku-mlaku utawa traveling lan saiki dadi
selebgram. Mawar nampa pesen neng instagrame saka
akun liya jenenge Hema, ngajak Mawar kanggo projek
musike ing Yogyakarta. Mawar tertarik lan penasaran
kaya apa proyek musike. Dadi sasi Agustus Mawar arep
budhal menyang Yogyakarta amarga dheweke ana
kerjaan ing kana lan sisan mlaku-mlaku. Kutha Jogja,
kutha sing arep ditekani dhisik amarga akeh banget
wong sing ngomong kutha Jogja minangka kutha kang
kenthel kebudayane. Wong-wonge kalem lan dianggep
kutha romantis.

Esuk iki sasi Agustus tanggal nem, Mawar


budhal menyang Jogja. Sadurunge budhal mawar pamit
menyang ibu lan bapake.

“Pak, Bu, Dalem badhe kesah dhateng Yogyakarta


amarga wonten penggawean dhateng mrika” pamitane
Mawar.

“Iya nduk, ati-ati ya.”wangsulan bapake.

“Assalamu’alaikum Bu, Pak.”Mawar kaliyan salim nyang


Ibu lan Bapake.

1
“Wa’alaikumsalam, nak”wangsulan Ibu lan Bapake.

Sakwise pamit Mawar banjur budhal menyang


stasiun Malang. Srengenge esuk jam pitu sing durung
krasa panas, gawe Mawar tambah seneng. Mawar wis
lungguh ing kreta, iki pertama kaline Mawar lunga
menyang Jogja.

“Ahh, preian sing nyenengake, aku dadi gak sabar tekan


Jogja, kejutan apa ya, sing arep tak ukir sasuwene aku
neng Jogja.” Mawar mesem.

Neng dalan Mawar ngrungokake musik nganti


keturon, nanging mara-mara ana arek loro sing ngageti
Mawar, yaiku sahabate jenenge Kara lan Deva. Kara lan
Deva yaiku dulur kembar. Kekancan karo Mawar wis
suwi banget.

“Hei arep nangdi Ncup?”jare Deva. Ncup yaiku jejeng


akrabe Mawar teka sahabat-sahabate, asale ncup saka
kuncup amarga mawar arane kembang lan Mawar sifate
isin-isin.

“Laaah iki loh arep nang Jogja ana kerjaan neng kana,
kowe ngloro arep nangdi?”.

“Padha ta, awak dhewe kan arep balik


kampung.”wangsulane Kara.

“Ya wis ayo bareng toh Ncup, kan kowe pertama kaline
menyang Jogja.”sambunge Deva.

“Wahh Alhamdulillah,suwun Dev lan Kar.”(Mawar karo


mbatin semesta isih neng pihakku.)

2
Sasuwene pitung jam setengah perjalanan,
akhire Mawar tekan neng Stasiun Tugu Yogyakarta.
Kara lan Deva nawari Mawar nginep ing omahe, tapi
Mawar nolak amarga Mawar wis pesen hotel.

“Ncup yen ana apa-apa kabari aku utawa Deva yah,


awakdhewe pamit dhisik. sampek ketemu maneh ngko
nek dolan.”pamite Kara.

“Siaap deh, suwun yaa. Ati-ati.”wangsulane Mawar.

Sakwise kancane pamit, Mawar numpak becak


menyang hotel kang wis dipesen. Kutha Jogja sore iku
mendung. Hotel sing dipesen Mawar iku cedhake
Malioboro. Nanging Mawar gak langsung menyang hotel
nanging mlaku mlaku dhisik ing Malioboro. Ing njero ati
Mawar ngomong iki toh kutha romantis, kutha kang
kenthel kebudayaane karo ngamati seswangan endah
saben sudut-sudut ing Malioboro. Wektu ing dalan
Mawar dumadakan delok ana mbah sing dodolan jajan
tiba saka sepeda, langsung Mawar mlayu nekani mbah
sing tiba iku. Mawar ngewangi mbah njupuk jajan sing
ngguling ceblok kabeh. Neng kana Mawar gak dhewe
ngewangi mbah nanging ana arek enom lanang sing
ngewangi pisan.

“Kersanipun mbah dalem bantu, boten punapa-punapa


mbah?”jare Mawar.

“Ora apa-apa ndhuk, suwun ya.”wangsulane mbah

Sawise ngewangi mbah. Mbah, Mawar lan arek enom


lanang iku kenalan.

“Asmanipun sinten mbah?”pitakone Mawar.

3
“Supilah, Mbah Supilah nduk.”wangsulan mbah.

“Aku Hema.”wangsulan arek enom lanang kuwi.

“Aku Mawar, lah kowe sing ngajak aku projek musik iku
kan?.”pitakone Mawar.

“Dalem badhe pamit rumiyin nggih Mbah.”jare Mawar


karo gage ngalih merga gerimis nelesi sadawane
Malioboro.

Mawar banjur nglanjutake mlakune, ing mburine Hema


nyeluk Mawar.

“Mawar. Enteni aku, ayo bareng. Iya aku sing ngajak


kowe projek musik”wangsulane Hema.

Sebanjure Mawar lan Hema mlaku bareng. Ing


dalan Hema lan Mawar padha kenalan lan bahas
projeke.

Hema yaiku arek enom sing nduweni sifat idealis


lan nduweni ngimpi sing gedhe. Dheweke kerja dadi
produser musik, ing Jogja dheweke arep gawe projek.

Wektu kenalan Mawar mikir menawa Hema iki


arek sing rapi banget lan apa sing diomongake tersusun
banget. Nanging nalika kita lagi rembugkan kadeleng
ide-idene liar lan kebak ambisi. Mawar lan Hema
nduweni akeh bab kang padha, salah sijine padha-
padha seneng mlaku-mlaku utawa travelling. Mara-mara
udan deres ing kutha Jogja. Hema lan Mawar mlayu
golek panggon ngiyup. Ing kana Hema lan Mawar padha
ngrembug urip lan andum pamawas.

4
“Ing kene aku kate gawe projek keloro yaiku lagu
romantis. Kang maknane bisa ditampa dening para
pangrungu. Aku pengen nyampekake pesen menawa
tresna iku gak sembarangan. Perlu psrinsip, idealisme
lan tanggung jawab.”jare Hema

“Wahh keren, ambisimu sing gedhe. Aku percaya kowe


iso mujudake impen kasebut.”jare Mawar.

“Aku lagi nggoleki wong wadon sing nduweni intuisi


kemanusiaan, petualangan dan mimpi sing agung.
Merga aku pengin ana wong wadon sing meranake
naskah iki kudu bener-bener nyawiji karo karakter
naskah. Dudu mung akting nanging dhapuk paraga
satenane paraga, mbok menawa Mawar iso mbantu
mragakake?”pitakone Hema.

“Iki projek sing narik kawigatenku, sadurunge ora tau


antuk kerjaan kaya ngene. Nanging aku tertarik banget
kanggo mujudake impen kasebut. Tak rasa aku bisa
gawe projek iki.” jare Mawar.

“Alhamdulillah, menawa kowe isih ragu iso ndelok video


ing youtubeku.”jare Hema.

Udan isih nelesi Kutha Jogja Mawar lan Hema


saling andum pamawas. Ing kana Hema wiwit
ngrasakake karakter personalitine Mawar, Hema mikir
pancen Mawar cocok dhapuk paraga kasebut. Ing
sapatemon wiwitan Mawar lan Hema mbahas
samubarang, prinsip lan prospek sing dirasa klop, karo
ngenteni udan mandheg. Banjur wong loro mbacutake
perjalanan, lan ing dalan Maliobo kekarone pamit pisah
tumuju penginapane dhewe-dhewe.

5
“Sesuk ketemu maneh ning kene Mawar.”pesene Hema.

“Oke, jam loro awan ya.”wangsulane Mawar

Dinane ganti, keprungu abane manuk. Mawar lan


Hema ketemu maneh ing dalan Malioboro, kanggo
mlaku-mlaku bareng. Hema ngajak Mawar menyang
papan sing apik sesawangane yaiku Bukit Pengilon,
Gunung Kidul. Perjalanan menyang panggonane sekitar
rong jam. Hema lan Mawar numpak kendaraan umum
nang Wonosari. Ing dalan padha crita pengalaman-
pengalaman traveling, sinambi guyon. Nganti Wonosari
kekarone mudhun banjur mlaku mbacutake perjalanan,
ing tengah perjalanan Hema lan Mawar mandheg ing
musholah nglaksanakake sholat ashar. Banjur nunut
pickup sing lewat.

“Hema, miturutku kowe wong lanang sing duwe


tanggung jawab gedhe, gelem bagi pamawas uga
ngupaya saguh mujudake impen kasebut, aku pengen
bisa kok tulari watak kaya mangkono.”Mawar nyrtakake.

“Lagi rong dina awakdhewe wis akeh mbagi crita, kowe


saguh mudhakake semangatku maneh, aku wingi
sempat putus asa nanging kowe percaya karo impen-
impenku.”jare Hema.

Mawar sing ngrungokake mung meneng lan


mesem, pickup mandheg, Hema lan Mawar mudhun,
perjalanan isih telung puluh menit maneh bisane mung
mlaku, amarga dlane cilik. Hema nerusake omonge
sinambi masang gendera merah putih ing kayu.

“Mawar, aku kelangan sakabehe sunare srengenge lan


kebagyan saka impen-impenku. Nanging kowe teka ing
6
critaku kaya dene surup, kesel sing dak rasakake wis
wegah kasimpen sajrone dhadha lan sakabehe pitakon
uga mangkono, banjur kowe teka kaya dene esuk lan
srengenge kang madhangi isine donya.”Hema
ngugkapake isi dhadhane.

Pipine Mawar semu abang. Langite surup, gumanti rupa


sing endah nambahi swasana romantis.

“Mawar… awakdhewe pancen lagi kenal, nang mburi,


nanging awakdhewe duwe 5 taun sampek puluhan taun
nang ngarep.”jare Hema.

“Awakdhewe bisa nyatuake visi lan misi awakdhewe,


aku berharap banget karo kowe, awakdhewe iso
wujudake impen sing gedhe.”jare Mawar

“Didhuwur lemah iki, diadhepane ambane semesta, alam


arep dadi saksi, menawa ku ndemeni kowe, nanging aku
sadar iki dudu soal tresna lebih teka iku, sejuta impen
wis gawa awakdhewe mrene lan aku pengen mastikno
kowe dadi sing terakhir. Dadi gelem ora rabi karo
aku?”pitakone Hema.

“Iya gelem.”wangsulane Mawar karo mesem-mesem.

Akhire Hema lan Mawar resmi jadian, memulai


petualangan kanggo merealisasikne impen-impen lan
misi gedhe ing adhepe semesta.

7
8
02

Dadi Polisi

Andriyan Kristianto

Ing sawijining desa ana keluarga sing urip


prasaja. Keluarga pak Bama iku nduweni anak siji lan
bojo siji sing apik lan ayu sing jenenge Anjani. Pak Bama
nyukupi kebutuhan keluargane iku dadi buruh tani. Gawe
nulungi kebutuhan keluarga, bu Anjani dodolan jajan
keliling desa. Bayu anake pak Bama lan bu Anjani sing
wis kelas 12 duwe cita–cita kepengen dadi polisi. Mulih
sekolah sawise ganti sragam langsung budhal menyang
lapangan kanggo latihan fisik.

“Assalamu’alaikum,Bu”(karo salaman marang ibuke)

“Wa’alaikumsalam, le”

“Bapak dereng rawuh, Bu? “

“Durung le, bapak iseh dek sawah kerja”

“Nggih bu, kula langsung menyang lapangan kangge


latihan fisik amerga seminggu maleh badhe pendaftaran
polisi”

“Ati – ati yo nak, muga – muga cita – citamu tercapai”

“Aamiin..... matur nuwun, Bu. Assalamu’alaikum”(karo


salaman marang ibuke)

9
“Wa’alaikumsalam”

Saekane lapangan Bayu langsung gabung latihan


bareng karo kanca–kancane.

“Sepurane rek, aku telat”(sapa Bayu)

“Ndak papa Yu, santai ae. Yawis ayo gabung latihan


bareng. Wis mari pemanasan awakmu?”(jawab Aji)

“Durung, Ji”

“Yawis awakmu pemanasan dhisik”

“Oke, siap”

Mari pemanasan Bayu langsung gabung karo


kanca kancane latihan. Sing latihan mlayu, push up, pull
up, sit up, lan liya-liyane.

“Allahhuakbar Allahhuakbar”(suara adzan)

“Rek wis adzan, ayo mulih”jare Bayu

“Iyo rek, ayo wis balik kabeh”jawab Dimas

Bayu karo kanca – kancane padha balik menyang


omahe dhewe - dhewe.

“Assalamu’alaikum”(Bayu karo ngetuk lawang)

“Wa’alaikumsalam”jawab Pak Bama

Bayu langsung salim marang bapake

“Teko endi awakmu le?“ pitakone bapak

“Kula dhateng lapangan pak, sampun latihan. Ibu teng


pundi pak?”

10
“Ooo ibu lagi masak le. Yawis awakmu adus dishik,
sholat, terus mangan bareng dek ruang tengah”

“Inggih pak”

Ing ruang tengah iku Pak Bama, Bu Anjani, lan Bayu


anake mangan bareng.

“Pangapunten Pak, le iwake cuma tempe karo tahu”

“Boten napa – napa bu, niki wis enak”

Bapak lan Ibuke Bayu sedih amerga durung bisa


menehi urip sing layak kanggo anak ontang – antinge iki.
Bayu sing wis duwe cita - cita dadi polisi kepingin
mbombong wong tuwane. Bayu pisan kepingin ngangkat
derajat keluargane.

Minggu ngarepe Bayu siap – siap kanggo


pendaftaran polisi. Sak durunge budhal Bayu jaluk
donga pangestu marang wong tuwane.

“Pak, Bu kula nyuwun pangestunipun jenengan mugi –


mugi kula wenehi kelancaran”

“Aamiin le, bapak lan ibu pasti dongakake sing terbaik


kanggo awakmu”

“Ati – ati yo le”(ibuke bayu karo meluk bayu)

“Yawis pak, bu kula bidhal nggih”

“Iyo le”

“Assalamua’alaikum”(karo salaman nang bapak ibuke)

“Wa’alaikumsalam”

11
Akhire Bayu melu test pendaftaran polisi iku.
Kurang luwih telung nglakoni Bayu jalani test. Bapak lan
ibuke Bayu nang omahe tansah do’a kanggo
kesuksesan anake. Wis telung dina akhire bayu mulih
nang omah.

“Assalamu’alaikum Pak, Bu”

Bapak lan Ibune Bayu sing sibuk ing pawon gawe jajan
langsung mengarep omah nemoni Bayu.

“Wa’alaikumsalam le”jawab bapak lan ibuke Bayu

“Piye nak test’e?“takone bapake Bayu

“Alhamdulillah lulus, Pak”

“Allahamdulillah le”(bapak lan ibuke Bayu langsung


sujud syukur)

Bayu langsung ngerangkul wong tuwane lan langsung


ngaras wong tuwane.

Akhire Bayu bisa kasil unggayuh cita – citane lan


bisa gawe wong tuwane bangga. Saliyane iku Bayu bisa
ngangkat derajat keluargane.

12
03

Pungkasan Kang Manis

Arimbi Wilujeng

“Ajining kasil rekasa” tembung iku sing mesthi tak


rungokake teka uwong sacedhakku. Aku Alia. Arek kang
lair teka keluarga sing prasaja. Aku anak ragil saka
limang saduluran. Bapakku kerja sopir panggilan lan
ibuku mung ibu rumah tangga. Ya... aku sakaluwarga
bisa diarani cukup uga bisa diarani kurang tapi aku
sakaluwarga mesthi usaha kanggo nyukuri apa sing wis
ana.

Saiki, aku lungguh aneng bangku Taman Kanak-


Kanak. Taun keloro aku manggon kelas B3. Dening wali
kelas kang asmane Ibu Yani aku bisa njuarai sawetara
lomba. Dudu mung Bu Yani, Pak Sugeng uga melu
cawe-cawe ing prestasiku iki, yaiku dadi Juara I lomba
puisi basa Inggris se-kota ing acara Peringatan Maulid
Nabi Muhammad.

Srengenge mulai nyapa pratiwi, hawa kang


adhem lan tumetese embun mulai krasa, pratanda isuk
wis ngawali dina. Aku digugahi Ibu masiya karo mulet-
mulet. Ketokan Ibu lagi mbuka jendela lan sunar sing
terang nyilauake mripat. Masiya ngono, aku gak
langsung tangi tapi isih ana ing kasur karo mripat sing

13
kedhap-kedhip. Ketok, Ibu nggatekake soro, Ibu nekani
aku lan ngendika,

“Ndhuk, ayo tangi wis esuk. Alia kan arek pinter


dadi kudu budhal sekolah tepat waktu,”

Karo mulet-mulet, aku njawab

“Inggih Buk, niki Alia sampun tangi. Alia kan


bocah pinter, sampun tangi langsung siram nggih, bu?
Kados lagu niku, nggih?”

“Awakmu iki, ana-ana wae. Wis ndang tangi,


terus adus,” wangsulane Ibu karo semu ngguyu.

Maringono aku langsung tangi saka kasur lan


cepet-cepet adus. Masiya aku isih arek TK, aku bisa
mandiri bisa adus dhewe kanthi resik.

Kaya biasane, masiya Ibu ana ing pawon gak


berarti kudu sarapan saben isuk. Aku karo Bapak gak
biasa sarapan. Ibu ana ing pawon mung masak sega
gawe mangan mengko awan. Mulai aku tangi nganti aku
mari adus aku gak ketok Bapak. Tapi, aku wis weruh
Bapak aneng ngendi. Bapak pasti aneng ngarep omah
kanggo ngeresiki jengki kesayangane karo sepedhaipun
Ibu.

Samarine adus, aku siap-siap kanggo budhal


sekolah lan cepet-cepet masang sepatu. Kaya biasane,
jengki kesayangan Bapak siap kanggo ngeterna aku
sekolah.

“Sekolah sing pinter ya, Ndhuk cek mbesok dadi


uwong sing duwe derajat,” karo saliman Ibu mesthi
ngendika kaya ngene.
14
“Assalamu’alaikum,” pamitku lan bapak

“Wa’alaikumsalam,” jawabe Ibu

Sekolah lan omahku jarake mung pitungatus


meteran. Dadi, yen numpak sepedha onthel mung butuh
wektu 10 menit. Gak suwe, aku nutuk ing sekolah.
Aneng ngarep gerbang, ketokan wanita loro kanthi paras
sing sulistya ngulurake tangane kanggo nyalami murid
sing lagi tekan sekolah. Kaya-kaya guyu sing dadi
darmane.

“Alia....” sapa salah sijine

Pranyata iku Bu Risma, wali kelasku nalika aku


ana ing kelas B1. Aku nyalami ngelungake tangan
marang kekarone, sijine yaiku Bu Aini, guru agamaku.

Sawise mlebu, aku tumuju kelas lan ndeleh tas


ana ing bangku sing berkelompok kuwi. Kanca
sakelompokku yaiku Hilmi, Riris, Isa, Seva, lan Nava.
Kalima kancaku iku bisa diomong uga wis cedhak
banget karo aku. Ing sekolah, kene mesthi dolan bareng
lan nglakokake apa-apa bareng. Nalika aku teka, Riris
wis teka dhisik. Aku nyapa lan cerita-cerita nang
dheweke. Gak suwe, papat kancaku liyane uga teka lan
gabung. Bel wis muni, pratandha pelajaran pertama
dimulai. Guru sing ngajar pelajaran pertama iki yaiku
wali kelasku dhewe, Bu Yani.

Pelajaran pertamaku yaiku berhitung. Kaya


biasane, sadurunge mulai pelajaran kudu dunga dhisik.
Dunga dipimpin karo Hilmi. Sawise iku, ngucapake
salam marang guru. Ibu Yani wis jawab salam lan ora
suwe Bu Yani nyeluk slaah siji murid, yaiku aku.
15
“Alia...mrenea Ndhuk,”

“Nggih, wonten menapa, bu?” wangsulanku

“Alia, awakmu diceluk karo Pak Sugeng soale


kate didhaftarake lomba Bahasa Inggris, Ndhuk. Kana
ndang nang kantor wis dienteni Pak Sugeng,” dhawuhe
Bu Yani.

Ora ana tembung liya saliyane iya. Sawise metu


saka kelas, aku ndang mlaku tumuju ruang guru. Kaya
arek TK umume, aku seneng soale arep dimelukake
lomba. Sawise tekan ruang guru, mripatku nggoleki
saben celahe ruang guru karo ngawasi tindak tanduke
Pak Sugeng kejiret karo mripatku. Pranyata Pak Sugeng
ana ing samburiku. Katon Pak Sugeng nyekel lembaran
kertas. Pak Sugeng nyapa lan ngendika

“Alia, kowe arep dimelokake lomba karo Pak


Sugeng, Alia arep kan? Iki puisi sing kudu diapalake,”

“Inggih, Alia purun pak,” wangsulanku

Gak ana tembung liya sing pengen tak ucapake


saliyane tembung iya lan iya merga aku seneng banget,
aku antusias kanggo melu lomba iki. Sawise oleh
lembaran kuwi, aku ditutun karo Pak Sugeng lan Bu Aini
tumuju ruang latihan. Bu Aini kanggo ngelatih gerak
utawa kinestikku merga sajroning maca puisi dibutuhake
gerak utawa kinestik.

Sawise tekan kana, Pak Sugeng ngajari aku siji-


siji tembung-tembung sing ana ing sajrone puisi kasebut.
Ancen angel awale, tapi aku usaha supaya bisa
ngucapake. Sedina, rong dina, aku bisa ngucapake lan

16
ngapalake puisi kasebut kanthi lancar. Ing dina sawise,
aku dilatih Bu Aini supaya puisi sing tak wacakake bisa
mathuk karo gaya utawa solah bawaku.

“Nalika kowe ngomong “where are you,


Muhammad?” bayangake kowe lagi golek ibumu, Ndhuk.
Kaya-kaya kowe gak weruh ibumu ana ing ngendi,”
omonge Bu Aini.

“Inggih, bu..” jawabku

Pirang-pirang dina sawise, gak krasa dina lomba


wis sadina maneh. Ana ing wektu sadina sadurunge
lomba aku latihan maneh kanggo pemantapan latihanku
seminggu iki. Pak Sugeng lan Bu Aini ewuh pakewuh
ngelatih aku nganti aku bisa maca puisi kanthi bener lan
lancar. Pak Sugeng lan Bu Aini nitip pesen sing padha
marang aku, yaiku supaya tampil maksimal.

“Alia, Alia nalika lomba mengko aja wedi ya,


Ndhuk. Anggepen apa sing ana ing ngarepe Alia iku
mung Pak Sugeng karo Bu Aini, ya,”

Aku mung jawab manthuk pasti marang Bu Aini


lan pak Sugeng. Teeeettttt rupane bel mulih sekolah
muni. Aku cepet-cepet baris ngenteni giliran kanggo
tumuju gerbang. Nalika giliranku, aku lan kanca
sakelasku tumuju gerbang lan sawise tekan gerbang
mripatku rebut golek ibuku. Kaya rumagsaku, ibu ana ing
warung sacedhake sekolah. Ibu ngampiri aku lan ngajak
aku mulih.

Nalika ana ing dalan, aku nyritakake marang


Ibuku dhawuhe Bu Aini lan Pak Sugeng yen aku kudu
percaya diri lan gak oleh wedi.
17
“Sing diomong karo Bu Aini lan Pak Sugeng iku
bener, Ndhuk. Awakmu gak oleh wedi lan kudu percaya
diri,” jare Ibu.

“Inggih Bu, Alia mboten ajrih. Dhawuhipun Bu


Aini, Alia niku sampun ngeten maos puisinipun,” karo
ngacungake jempol

“Ayo, mudhun dhisik mampir omahe Nana,”


omonge Ibu.

“Niki badhe menapa dhateng griyane Nana, Buk?”


takonku

“Nyilih klambi kanggo lombamu sesuk. Klambine


Nana kan apik-apik toh, Ndhuk. Ibu pengen nyilih cek
awakmu ketok ayu,”

“Oh, ngoten tah buk? Nggih pun, niki supados


menang maleh kan, buk?”

“Iyo, cah ayu,”

Sanadyan apa sing dirasa karo Ibu beda karo


guyu sing tansah diketoakake ing raine. Kaya-kaya atine
diiris lading landhep. Dheweke isih ora bisa nyukupi
kebutuhane anake. Tapi, yaapa maneh? Kahanan
ekonomi pancen mekso Ibu kanggo urip apa anane. Aja
kanggo nukokake klambi anyar, mangan lan kebutuhan
sekolah ora kurang-kurang kabeh dianggep cukup gawe
ibu.

Aku lan Ibu mlaku tumuju lawang omahe Nana.


Sawise ana ing ngarep lawang lan mites bel gak suwe
lawang dibuka. Aku lan ibu disambut karo Tante Weni,
ibune Nana.
18
“Dek, aku arep nyilih klambi muslime Nana, apa
oleh? Kanggo lombane Alia sesuk”

“Oleh kok, mbak. Arep nyelang sing endi? Ealah,


cah ayu arep melu lomba tah?” jare Tante Weni

“Ayo, mlebu dhisik mbak.”

Aku lan ibu diajak mlebu karo Tante Weni lan


diterna ing kamare Nana. Sawise mlebu, aku
diduduhake lemarine Nana lan dikongkon milih karo
Tante Weni. Lan akhire Ibu milih werna merah bela.
Klambi iku ana duwuran, ngisorane celana, lan gambar
kembang werna abang nom.

“Sing iki wae, ya Ndhuk? Apik kan? Iki werna


senenganmu.” Jare ibu.

“Inggih Bu, ingkang niku kemawon,”


wangsulanku

Sawise aku lan ibu wis sepakat, Tante Weni


ngiyoi.

“Mandar mugo menang ya, Ndhuk. Gawe


senenge bapak lan ibu,” pesene Tante Weni

“Aamiin..” jawabe ibu

Aku lan Ibu pamitan mulih. Ibu ngonthel


sepedhahe tumuju omah. Sawise tekan omah, aku
ngaso lan mantepake penampilanku kangge sesuk.

Sesuke, isuk jam 07.00 WIB aku lan ibu budhal


tumuju MI Tunas Bangsa. Kaya biasane, aku diterna ibu
nganggo sepedha onthel abang kesayangane. Aku wis
siap nyandhang klambine Nana sing wingi diselang. Ana
19
ing dalan, aku ngrasa santai. Perjalanan tumuju
panggon lomba lumayan adoh yen nganggo sepedha
onthel. Gak ana ulat kesel aneng riyele ibu. Jalan raya
kanthi bingkai wit-witan ngrenggani saben dalan. Gak
suwe, aku wis tekan panggon lomba.

Pemandangan pertama sing tak delok saka


panggon lomba iki yaiku katon jejer mobil lan sepedha
motor. Sing kaya ngene ya uga mutungake semangat
ibu kanggo ngonthel sepedha onthel abange iku.
Nanging, apa sing dirasakake ibu ora padha apa sing
kaya tak rasakna. Sebajan aku arek TK, aku paham yen
sainganku yaiku anak-anak uwong berada. Iki sing gawe
aku awale rada minder lan gak percaya diri.

Rupa-rupane Ibu ngerti apa sing tak rasakna.


Mulai saka mlebu panggon lomba, ibu mesthi menehi
semangat yen aku bisa. Sawise didhawuhi lungguh karo
panitiane, siji siji perwakilan nampilake puisine. Nalika
giliranku, ibu ngembung aku lan ngomong

“Maca bismillah sek, Ndhuk,” kandhane

Aku tumuju dhuwur panggung lan nampilake


puisi kaya sing wis diajarake. Ibu tansah dadi penguatku
liwat pandangan mripate sing nengsemake, njalari aku
semangat lan sing tak weruh aku kudu bisa menang lan
pasti menang.

Sawise mudhun panggung, Pak Sugeng lan Bu


Aini ngampiri aku lan ngomong yen penampilanku wis
apik banget. Aku lan ibu didhawuhi mulih dhisik soale
pengumuman pemenang lomba bakal diumumake
mengko bengi.

20
Aneng perjalanan mulih, Ibu mesthi ngomong
yen penampilanku wis luar biasa apik lan iku sing agawe
aku makin yakin yen aku duwe kesempatan kanggo
menang.

Ora krasa, sore ganti dadi bengi. Aku lan ibu


kudu budhal ing MI Tunas Bangsa tapi saiki ora nganggo
sepedha onthel maneh, tapi budhal karo mobile kancaku
sing kebetulan melu lomba iki sisan. Perjalanan saka
omah kancaku tumuju panggon pengumuman
nyenengna tapi ana rasa gugup sithik.

Sawise tekan panggone, aku lan kancaku, Dinda


dikongkon lungguh aneng kursi baris ngarep khusus
peserta lomba. Dene Pak Sugeng, Bu Yani, Bu Aini, Bu
Widji, ibu, lan wong tuwane Dinda aneng kursi barisan
mburi. Acara bengi iki diawali sambutan, penampilan
seni, lan puncak acarane yaiku pengumuman pemenang
lomba. Tekan juara harapan III nganti juara III jenengku
gak ana disebut. Aku sempat wedi. Apa iya aku bakal
nggawa mbomboang wong tuwa lan guruku? Pambiwara
ngumumake juara I lomba iki

“Juara I ialah............ ananda Alia Syafira dari TK


Negeri Pertiwi”

Ora langsung munggah panggung, aku mlayu


memburi lan nangis ing pangkuwane ibu. Ibu katon
nangis sisan. Pak Sugeng, spontan gendong aku
sebagai bentuk mongkog marang murid sing wis dibina.
Nalika wong tuwa dijaluk munggah panggung kanggo
ndampingi anake, ibu gak segan-segan ngewenehna
posisi iku marang Pak Sugeng.

21
Sawise mudhun saka panggung, aku langsung
ngrangkul ibu. Lan ibu ngendika

“Ajining kasil saka rekasa toh, Ndhuk? Bener kan


omongane ibuk?”

Aku ora bisa ngomong apa-apa saliyane


manthuk merga sigumen mari nangis.

22
04

Elizabeth, Prawan Abang

Ayubie Rani Marsen

Kayakoy, jeneng kutha kasebut. Gak akeh wong


sing ngerti, nanging embuh merga apa wong tuwaku
mutusake pindhah menyang kutha sing dikebaki
bangunan lawas. Aku rada kwatir, amarga aku isih
kepengin weruh apa sebab nyatae. Gak ana sing pengin
mangsuli. Aku uga mundur nyoba nampa apa sing dadi
keputusan.

Saben dina, aku nginep kabeh wektu sing wigati


ing papan sing anyar. Aku duwe kanca anyar ing
sekolah anyar sing gak adoh saka omah. Bangunan iki
gak pati rame, aku kepeksa ngomong sekolah iki reged
lan tuwa, kanthi arsitektur lawang sing mlengkung lan
jendhela, pojok-pojok ruangane diisi karo tempat suci.
Kepriye cara fokus kanggo sinau menawa kahanan
lingkungan iki gak ndhukung. Pancen gak adil. Aku
maneh nyoba nampa kahanan kasebut. Untunge aku
duwe kanca sing bisa diajak rembugan supaya gak eling
amarga kwatir saben dinane. Nanging, saben-saben
nyoba rembugan karo dheweke, aneh, dheweke gak
gelem ndeleng mripatku kaya panyawang sing kosong,
kornea saka sorot netra sing obah nengen lan ngiwa.
Aku wedi banget, nanging aku tetep kekancan karo

23
kancaku, tumindak kaya biasane. “Oalah, oke” ing njero
ati.

Aku nyoba nyedhaki, nggoleki hawa seger ing


sekolahan iki, banjur aku kepethuk karo arek wedok
kanthi klambi abang nganggo kardigan sing nutupi
tungkak, nganggo selendang lan jins putih. Aku kaget,
kesan pertama sing dakdeleng saka arek wedok kasebut
'aneh'. Iki wayah mangsa ketiga, kenek apa arek wedok
iku nganggo sandhangan kaya ngunu? Alon-alon
nyedhaki aku, alon-alon aku terus ngalih. Nalika aku
ketok barang cepet banget ing ngarepku, sirahku gak
ragu-ragu noleh menyang kahanan, arek wedok kasebut
kang alon-alon nyedhaki aku. Nalika aku mbalik, banjur
bali menyang posisi sing mandeng ing arek wedok, aku
kaget, ujug-ujug dheweke ana ing ngarepku. Aku
mbengok, mandengi mripat ijone, dheweke gak
kumecap. Kita padha nyawang siji, apa kedadeyan aneh.
Nalika aku ndeleng mripate, aku rumangsa sedhih
banget, aku gak bisa nerangake kepriye perasaan iki.

Banjur sawise sawetara dhetik dheweke lunga


tanpa ngomong apa-apa. Aku penasaran, kaget, kaget,
campur karo apa sing kedadeyan. Aku gak ngajak
kenalan. Dheweke uga ngomong 'Elizabeth' kepriye
dheweke bisa ngerti jenengku. Kita lagi ketemu dina iki.
Aku gak ngandhani dheweke, gak ana identifikasi ing
klambi, aku uga gak nate nemoni dheweke ngobrol karo
kanca sing ngerti aku. Nanging carane teka? Banjur gak
adoh saka ngendi aku ngadeg. Dheweke uga bisik bisik
kaya ngomong 'Sampeyan sabanjure'. Aku bingung, gak
ngerti apa sing dicritakake. Aku rumangsa yen mung
sakelasku katon aneh, nanging kabeh kaya sing dialami.

24
Aku wiwit kepingin weruh perasaan wong tuwaku sawise
mutusake pindhah menyang kutha iki.

Wayah wengi aku gak wegah takon penasaranku.


Aku rada bingung arep miwiti, bisik-bisik utawa mung
takon. Aku wedi banget, wis limang menit luwih, aku
bingung kaya ngene. Gak let suwe, dheweke takon
babagan kahananku ing sekolah, bisa uga padha karo
umume wong tuwa sing mesthi takon babagan kahanan
anake ing sekolah. Ya! Aku uga wiwit crita babagan
kedadeyan sore iki. Miwiti saka polahe kanca sing aneh
sampek ketemu karo arek wedok kanthi klambi warna
abang. Aku ngomong kahanan persis kaya sing
dakrasakake, gak ketinggalan siji wae. Gage, dheweke
wiwit katon tegang, gumun, gak percaya karo apa sing
dakkandhakake banjur mulai blaka yen aku ngarang
critane lan halusinasi. Kanggo apa pisan aku ngarang
crita sing dakkarepake dina iki ing sekolah sing elek
kasebut.

Dina Ahad, ing latar mburi omah, aku lagi


ngethok suket karo mesin pemotong rumput sing katon
tuwa. Swasana lumayan lerem ing dina kasebut, wong
tuwku lunga lan aku ijen. Dina iku dudu dina sepi nganti
pungkasan aku krungu ana barang sing kasebar saka
gudhang ing papan sing dakwenehake. Aku nyoba
mriksa nanging nalika iku aku rumangsa jantungku
mlaku cepet banget. Apa wae sing kedadeyan, aku
ngarep-arep mung tikus. Aku uga ndeleng setitik ing
gudang, ana arek wedok kang nggawe klambi abang
maneh kanthi gaya beda saka arek wedok klambi abang
sing kaping pisan aku ketemu ing sekolah. Saiki
nganggo topi baret bawarna mocca kanthi rompi abu-

25
abu lan rok ireng. Aku ndeleng raine sekilas beda karo
sing sadurunge. Aku wedi banget yen bisa merga sedhih
nalika ndeleng arek wedok kasebut, aku ndeleng
dheweke lagi nangis lan bisik-bisik "mati teka kanthi
macem-macem cara". Aku maneh gak ngerti apa tegese
sing diomongake. Gak suwe sawise dheweke nyadari
ing ngarsane, sirahe nuli nyedhaki aku lan ndeleng terus
mripatku banjur cepet-cepet nyedhaki aku, aku cepet-
cepet, dadi aneh, dheweke pancen gak teka karo aku,
nanging mung mlayu lan mlayu saparan-paran.

Saben dina aku wis biasa kanthi kahanan kaya


ngono. Aku gak ngerti sepira arek wedok klambi abang
sing tak pethuki kanthi gaya sing beda saben dinane.
Jujur aku pancen kepengin banget babagan kahanan
apa sing sabenere kedadeyan. Nanging, aku nyoba
nahan kekarepanku amarga gak mungkin yen aku takon
karo wong tuwa, dheweke gak bakal mangsuli. Aja nate
takon, akhir-akhir iki malah aku gak seneng rembugan
karo dheweke, aku rumangsa keprungu wong tuwaku.
Saka saben esuk aku terus krungu dheweke muter lagu
saka Metallica nalika nari kanthi ngacungno tanduk
kanthi driji, sampek mulih karo gawa apa wae kanthi
simbol bunder lan lintang ing tengah.

Ing wayah wengi nalika dheweke turu, aku


tumuju ing kamare arep njupuk rong pil sing ana ing laci.
Aku gak ragu-ragu mbuka kanthi banter amarga isih
angel. Laci kebukak lan aku kaget amarga ana akeh
patung salib sing ana gandhengane karo lilin cilik. Aku
gak nggatekake. Aku uga njupuk pil loro sing dibutuhake.
Banjur, aku kepengin weruh isi laci liyane, banjur aku
mbukak siji-sijine menyang laci pungkasan, aku

26
nemokake album foto ireng. Aku langsung njupuk album
foto lan dakgawa menyang kamarku.

Aku mbukak siji-siji kaca album foto. Ya, kaya


biasane, aku ndeleng gambar bapak lan ibuku sing isih
cilik nganti pernikahan. Ngalih saka foto pernikahane,
aku mbukak kaca album sabanjure, banjur aku ndeleng
siji-siji foto ing kaca iku, aku ndeleng keanehan sing gak
kudu dakdeleng. Kenapa aku ndeleng foto arek wedok
klambi abang sing pisanan ketemu ing sekolah nalika
semana lagi gambar gambar karo wong tuwaku. Aku
gumun banget, dheweke katon seneng nganti
pungkasane aku ndeleng foto ing ngendi arek wedok
mau njupuk gambar karo wong liya kalebu wong tuwa
kaya melu perkumpulan. Maneh, aku ndeleng kepribelan
sing ditandhani ekspresi arek wedok sing arep nangis,
simbol bunder lan lintang ing tengah sing digawani wong
tuwaku nalika mulih, lan gaya tangan kaya tanduk.

Aku wiwit bingung, banjur mbukak lembar album


sabanjure, aku gak ngerti maneh, aku ndeleng foto sing
padha. Nanging, aku ndeleng foto arek wedok klambi
abang sing ana ing gudang latar mburi kanthi ekspresi
rai, simbol, gaya tangan, lan perkumpulan. Aku luwih
kaget, panik, wedi, gak bisa ngomong, beku, gak ngerti
carane nerangake babagan sing dakrasakake. Aku terus
ndeleng kahanan foto sing padha karo arek wedok
klambi abang sing beda ing saben lembar foto, lan arek
wedok kasebut minangka arek wedok aneh sing aku
meh ketemu saben dina. Aku pancen bingung lan
tambah akeh penasaran karo apa sing kedadeyan? Lan
apa hubungane wong tuwaku karo arek wedok kanthi
klambi warna abang kasebut? Nganti kaca pungkasan

27
aku ndeleng rong pigura foto kosong ing album kaca,
kaya lagi nyiapake foto sabanjure.

Sawetara dina sawise iku, wong tuwaku nggugah


aku kanthi pasuryan sing seneng. Ngandhani yen dina
iki minangka dina khusus, cepet-cepet arep daklakoni.
Lan sawise iku, aku weruh ing lemari ana klambi abang
sing apik banget, aku gak eling aku duwe klambi sing
apik kaya ngono, banjur ibuku nyedhaki aku lan
ngomong “Gaween klambi iku lan dandano sing ayu,
mula kita lunga". Aku mikir iki aneh dina khusus apa iki
sampek aku kudu cepet-cepet budhal seesuk iki. Kita
uga menyang papan sing adoh banget, dalan kasebut
rusak lan ala banget.

Ing tengah-tengah perjalanan kasebut aku


rumangsa gak kepenak lan sepisanan ketok ana arek
wedok klambi abang sing padha kumpul ing pinggir
dalan sing elek banget. Sawetara meter saka kadohan
aku ndeleng bangunan lawas sing katon akrab lan aku
wis weruh. Nanging aku gak eling. Uga ana ing kono, ing
bangunan lawas kasebut, mula akeh wong sing padha
ngumpul. Aku rumangsa dejavu. Wong tuwaku njaluk
aku supaya foto bebarengan sadurunge kita menyang
bangunan sing ala iki.

Aku banjur mlebu bangunan kasebut, aku


ndeleng akeh foto sing padha sing dak weruhi ing album
foto wong tuwaku. Aku uga weruh ing mburi ruangan
gedhung, sosok sing gedhe banget. Sosok kasebut
yaiku Baphomet, dewa simbol pemujaan setan. Aku
pancen gak percaya iki, aku nyawang wong tuwane lan
pandeleng kaya ngene aku bakal mati. Aku gak ngerti
kudu kaya apa maneh. Wong banjur wiwit kumpul banjur
28
njupuk gambar bareng, iki pancen kedadeyan ing album
foto. Dadi, sejatine alasan kanggo wong tuwaku pindhah
menyang kutha lawas iki yaiku nggawe barang ritual
kanggo ibadah iblis. Arek wedok klambi abang iku
tibake anak-anake wong tuwaku sing artine dheweke
dulurku, uga dadi korban ritual iki. Bisik-bisikan, lagu,
simbol, lan gaya tangan kabeh iku dadi teka-teki. Lan
kaca pungkasan ing album foto yaiku fotoku.

29
30
05

Malam Minggu

Daffa Kuanta Rahadian

Mesthine, saiki iku malem minggu sing garai


seneng tenan. Waktu sing pas gawe dolan, mangan
bareng lan liya-liyane. Nanging, aku gak isa nikmati
malemminggu iki. Aku kudu ngentekna malem minggu iki
gawe belajar.Amarga dina Senin ana ujian.

Aku sinau maneh materi sing wis diajarake ben


mengko bisa gampang ngerjakna ujian. Gak let suwe
hpku muni, tibake iku Dani sing nelfon aku ngajak malem
minggon. Nanging aku gak gelem. Aku ngerti sinau luwih
penting, ketimbang malam mingguan.

Dina Senin wis wiwit, aku semangat ngadhepi


ujian. Aku siap-siap arep budhal sekolah, gak lali
sarapan dhisik, ben fokus ngerjakake ujian.

Ing sekolah, aku ketemu karo Dani.


Dani ngenyek aku, polahe aku gak isa melu malam
mingguan karo dheweke lan kanca-kanca liyane.

Tapi aku gak ngurus,sinau luwih penting jareku.


Ana dhewe wektu kanggo dolanan supaya bisa
dilakokake preian sing sawesthine.

31
Aku nggarap kabeh soal sing ana karo semangat
lan rumangsa seneng amarga uwisku dakuasani kabeh
materi ujian.

Dani sing lagi lungguh neng pojokan rumangsa


bingung amarga dheweke gak sinau.

32
06

Lelembut Ing Gudhang Jamu

Dewi Rahayu

Ngoko alus, krama madya. Wis lulus, pengin


kerja. Bungah atine Wendah nalika bubar diwisudha dadi
pangracik jamu ing sawijining kampus kang kondhang
kaloka ing kutha Gudheg taun kepungkur. Sing dianti-
anti cah ayu siji iki wis aneng ngarepe netra. Nyambut
gawe miturut kasenengane dhewe, sing wis diimpikake
wiwit mbiyen. Seminggu sadurunge wisudha, dheweke
ditampa nyambut gawe ing Pabrik Jamu Makmur
Minulya ing Kutha Kedhiri. Mlebu jam wolu esuk lan
mulih jam papat sore.

Lumrahe pabrik, akeh karyawane. Upamane


kabeh karyawan mau dipilih kanggo tandhing basket,
bisa dadi wolung tim. Wendah seneng bisa nyambut
gawe ing kono. Kancane sing cedhak omahe uga
ditampa nyambut gawe ing kantore. Asmane Vera.

Kaya padatan, menawa wayahe ngaso karyawan


padha maem bareng. Vera nindakake ibadah ing langgar
wetan pabrik, dene Wendah ngenteni ing latare. Sawise
nindakake ibadah, Wendah lan Vera maem bareng ing
kantin sing mapane ing ngarep gudhang pabrik jamu.
Vera katon telap-telep kaya wong sing durung tau
mangan gadho-gadho sadurunge, dene Wendah milih
33
mangan bakmi thoprak. Nanging satengahe mangan
Wendah meneng sedhela nyawang gudhang mburi
pabrik jamu. Mripate gak kedhep kaya mandhege ban pit
montor sing direm cakram. Sajak ana sing nyalawadi.

“Ana sing aneh ing gudhang iku. Anggere surup


lampune murup mati dhewe. Ah, mbok menawa
pangrasaku wae,” batine karo ndlongop nyawang
gudhang mburi pabrik.

“Wen, kowe wis krungu kabar babagan gudhang mburi


pabrik apa durung?” takone Vera rada gemeter kang
nggatekake Wendah sing isih ndlongop.

“Durung Ver. Kabar apa ta?” wangsulane Wendah sing


pengin ngerti karo nyawang mripate Vera.

Mripate Vera sajak gak kedhep. Panyawange isih


jejeg wae. Sorot mripate gak kengguh ngiwa nengen.
Wendah isih nyawang mripate Vera. Nanging durung
ana wangsulan sing kumecap. Let sawetara menit, Vera
nglirik kalem ngiwa nengen. Nyawang menawa kantin
lagi sepi. Vera nuli miwiti critane.

“Wis tau ana karyawati anyar sing seda ing mburi


gudhang pabrik jamu iku, Wen. Jarene dadi lelembut ing
kono,” kandhane Vera kang disusul manggunge manuk
kutut ing wit mahoni kidul kantin.

Ing Pabrik Jamu Makmur Minulya pancen wis


bola-bali karyawan anyar ditampa nyambut gawe nganti
gilir gumanti. Lagi sawarsa wae nyambut gawe,
karyawan anyar mau langsung metu. Ana sing nem sasi
betah, nanging bar kuwi ya mblirit metu. Sing paling

34
nggumunake ana sing mung sedina nuli pamit metu.
Jarene pabrike angker.

Pancen wis keprungu kabar yen rong taun


kepungkur ana karyawati sing umure likuran taun tilar
donya ing mburi gudhang pabrik jamu. Asmane Dona.
Dheweke ditudhuh kancane nyolong dhuwit kas kantor.
Kamangka dheweke wong jujur lan gak wani tumindak
kaya mangkono. Dona gak nglakoni, mula diincim arep
dilapurake marang pulisi. Sangking abang kuping
kancane kuwi, Dona dibalang lading. Dona nyoba mlayu
nyingkir, nanging lengen kiwane ketuncep lading nganti
godres ludira. Nyawane gak ketulung nalika diplayokake
menyang rumah sakit.

Wiwit saka kedadeyan kuwi, nalika surup ing


gudhang pabrik kerep mencungul wong wadon nganggo
ageman putih dawa, rikmane reyab-reyab, pasuryane
ketutup rikma, lan nangis njaluk pitulungan. Saben surup
lelembut wadon ing mburi gudhang pabrik jamu lan
lampu-lampu ing gudhang uga kerep murup mati bola-
bali. Ngendikane Mas Joko, sing gawe wedang ing
kantor, lelembut kuwi yaiku Dona, karyawati kang tilar
donya pirang taun kepungkur. Kutut lemu, mencok
mahoni. Gudhang jamu, gawe wedi.

“Wah, katon medeni timen critamu, Ver?” takone


Wendah sing kaget krungu crita saka Vera.

“Wis,wis,Wen. Mangane dientekake dhisik. Mengko


selak bel mlebu,” wangsulane Vera karo enggal
ngentekake dhaharane.

Wis rong taun saka kedadeyan mau, pabrik jamu


tetep lumaku ing babagan ngracik jamu. Trek teka lunga
35
ngusung jamu. Seprene gak tau kentekan stok jamu.
Karyawane nganti diutus lembur. Nanging mung tekan
surup banjur mulih kabeh. Isih padha wedi mundhak
katon lelembut ing gudhang mburi pabrik.

Srengenge arep angslup, bomantara malih


peteng. Karyawan sing padha lembur enggal mulih awit
arep wayah surup. Sing nitih pit onthel ya mak plas
ngono wae. Sing mulih mlaku dumadakan njranthal dadi
mlayu kaya maling konangan nyolong. Sing maune nitih
pit montor alon padha dadi wong balapan kaya Kang
Lorenzo. Kabeh padha wedi menawa keprungu swara
kaya wong wadon nangis saka gudhang mburi pabrik.
Lampune kadhang murup mati dhewe. Tinimbang
diwedeni lowung gasik sing padha mulih.

Wendah lan Vera mulih keri dhewe. Asile jamu


buntelan kudu diusung menyang gudhang mburi pabrik.
Vera nggondheli tangane Wendah. Digondheli kenceng
tali kreteg gantung nalika nyabrang kali. Gak gelem
ngeculake. Karepe Vera, Wendah enggal bali dhisik. Aja
nganti wira-wiri menyang gudhang mburi pabrik wayah
surup.

“Wen, ayo bali!” ajak Vera sing wis gak sabar.

Wendah isih meneng. Penggalihe pancen tatag.


Dheweke gak gelem menawa gaweane gak rampung
mung amarga wedi menyang gudhang mburi pabrik
wayah surup. Nanging Vera tetep ngeyel ngajak bali.

“Mengko sik, Ver. Iki lho asil buntelan jamu isih akeh.
Ayo digawa menyang gudhang! Kok malah arep ngajak
mulih .......,” panyaruwe Wendah rada dheg-dhegan.

36
Mripate Vera kaya bocah nyawang ibune nalika
pengin jajan. Katon tenanan lan gak kena dipenggak.
Mripate gak kethip blas. Banjur Wendah nyawang ilate
Vera. Mbok menawa ana tetembungan sing metu.
Nanging kok gak ana. Mangap wae gak. Mingkem lambe
ora rame. Metah mingkup ngisor dhuwur.

Surup ambruk ngawe-awe. Padharan kluruk,


pratandha luwe. Sajane wong loro mau wis luwe. Arep
mulih nuli mangan, nanging kandheg gawean kang isih
durung karampungan. Srengenge wis angslup. Gumanti
candra lan wadya bala kartika. Lampu-lampu pabrik
wiwit murup. Lawang lan cendhela pabrik nuli dikancingi.
Gerbang ngarep diinepake separo.

Ngunjuk sinom diwenehi gula. Isih enom, akeh


kanca. Pancen, Wendah kuwi wong enom sing akeh
srawunge. Saka satpam pabrik jamu nganti tekan tukang
gawe wedang lan pak bon, kabeh kenal dheweke. Wing
grapyak, seneng mesem, lan sumeh pisan. Mas Tris,
satpam pabrik jamu nganti apal yen wayah surup
Wendah mesthi durung mulih. Saking kerepe Wendah
lan Vera lembur, Mas Tris nganti kerep ngrewangi yen
surup ngene iki padha siyap-siyap ngusung bagor-bagor
isi jamu ing ngarepe gudhang pabrik.

“Mbak Wendah isih arep lembur?” pitakone Mas Tris


sing marani Wendah lan Vera ing ngarep lawang
gudhang pabrik jamu.

“Durung Mas, isih arep nglebokake asile buntelan jamu,”


saure Wendah karo nduding bungkusan jamu limang
bagor ing sandhinge.

37
Witing tresna, jalaran saka kulina. Anggere surup
ing ngarep gudhang mburi pabrik Wendah lan Vera
mesthi diparani Mas Tris. Saben dina Wendah lan Vera
direwangi ngusung bagor sing isine buntelan jamu. Kaya
kembang mekar sore, tuwuh kembang-kembang kang
mekar jroning penggalihe Wendah karo Mas Tris. Umure
Mas Tris gak kacek adoh karo Wendah, mung rong taun
luwih tuwa. Nanging tresnane wong sing lagi kasmaran,
apa wae dadi kepenak yen dilakoni wong loro kae.

“Mas Tris iki lho, sing ditakoni Wendah wae. Aku kok gak
tau disapa aruh?” grundele Vera sing rumangsa
dinengke ing ngarepe.

Mas Tris lan Wendah ngguyu cekikikan. Vera


pancen wanita kang seneng nggrundel. Apa wae
ditakonake. Dhek wingi sepatune Wendah kena wutahan
jamu bubuk wae ya dilokne. Nganti kucir rikmane
Wendah sing mung sasisih wae ya gak luput saka aloke
Vera.

“Ah, ngono wae kok mbesengut ta, Mbak Vera,”


kandhane Mas Tris rada nglipur Vera sing gak karuan
pasuryane marga besengute.

Kaya pakulinan saben dinane Mas Tris


ngrewangi ngusungi kresek buntelan jamu. Cetha
menawa Wendah lan Vera seneng banget direwangi.
Gak krasa kabeh kresek wis dilebokake ing gudhang
pabrik. Awak kesel kari mulih. Gak let suwe lampu
sajroning gudhang murup mati bola-bali.

Byar .... Pet.... Byar.... Pet.... Byar.... Pet......

38
Gak pati suwe keprungu swarane wong wadon
nagis saka mburi gudhang pabrik. Wong telu mau banjur
ulat-ulatan. Kabeh mripat lirak-lirikan ngiwa nengen
sajak kandha supaya metu bareng saka gudhang jamu
kuwi. Mas Tris sing pawakane gedhe dhuwur kaya Bima
ngono ya meksa keweden meruhi murup matine lampu
sing disusuli swara mau. Wendah lan Mas Tris nduwe
panemu sing padha, yaiku pengin ngerti sejatine ana
apa ing mburi gudhang pabrik. Geneya saben surup ana
swara wong wadon nangis. Kanca-kancane sing diajak
padha gak gelem amarga wedi. Gak ana sing gelem
melu, kajaba Vera lan Mas Tukul. Mas Joko minangka
juru wedang mung tansah ngelingake supaya padha ati-
ati. Awit mburi gudhang pabrik kuwi medeni. Papane
gawat jarene.

Wendah, Vera, Mas Tris, lan Mas Tukul pancen


wis niat gak kepengin bali wayah surup. Awit pengin
ngerti langsung ana apa ing mburi gudhang pabrik jamu.
Mula padha ngenteni ing ngarep gudhang. Nanging Mas
Tukul dienteni gak teka-teka, gak menehi kabar. Akasa
sansaya peteng, mendhung ndelalah sowan pisan. Ing
akasa thathite wis katon keclap-keclap.

Wong telu dadi kaya nguler kembang,


bebarengan alon-alon mlaku metu saka njero gudhang.
Banjur mlaku liwat tritisan sisih kiwane gudhang tumuju
mburi gudhang. Lampu gudhang isih murup mati bola-
bali disusul keclap-keclap thathit mratandhakake udan
wis arep teka.

Dumadakan ing ngarepe wong telu mau katon


lelembut wadon mlaku kaya macan luwe. Agemane putih
dawa. Rikmane reyab-reyab. Pasuryane katutup rikma.
39
Mripate wong papat langsung padha mblalak. Arep
mbengok kepeksa gak kawetu swarane. Arep mlaku
kaya digondheli sikile. Mbegegeg gak malih.

“Iki piye? Dhuh, Gusti, mugi diparingi dalan padhang...,”


dongane Wendah sing nyoba tatag.

Vera gak suwe nutugake nyawang banjur merem


mak pet kaya lampu sing mati marga oglangan. Sejatine
Mas Tris mangkel karo Mas Tukul sing mblirit. Wis gak
teka, isih gak kandha. Mas Tris nyawang Wendah lan
Vera dadi gak lila. Wong lanang kok mung meneng wae
nalika ana wong wadon keweden.

Kaya pinaringan daya rosa kanggo mbela wong


sing ditresnani, Mas Tris langsung ngranggeh dhadhung
ing ngisor tepas AC nuli mak nyat mencolot mlayu
tumuju lelembut wadon sing nyegat ing ngarepe mau.

“Yen kowe lelembut, mesthi gak bisa daktaleni. Nanging


yen kowe manungsa, mesthi kecekel daktaleni!”
bengoke Mas Tris jroning batin.

Bruk.... Gedebuk.... Mas Tris nibani lelembut wadon mau.

“Adhuh, sirahku lara. Tulung! Tulung!” bengoke lelembut


wadon mau karo nyekeli sirahe sing ketatap sirahe Mas
Tris.

Udan wiwit tumetes. Grimis tipis terus disusul


mak bres..... udan dadi deres. Wong telu padha kaget
lan sawang-sinawang jelalatan. Lagi kuwi ana lelembut
bisa ditubruk. Pawakane lelembut mau pancen katon
kaya wong wadon. Nanging pas mbengok mau swarane
cetha kaya wong lanang. Enggal wae asta lan

40
ampeyane lelembut wadon mau ditaleni nganggo
dhadhung. Rikmane kok krasa entheng dijambak. Mak
cul rambut ucul kaya mbukak topi saka sirah.

Bali maneh wong telu mau dadi sansaya kaget.


Katon pasuryane wong lanang sing wis dikenal dening
wong telu kae. Wong kang penggaweyane nyupiri truk
kanggo ngirim jamu. Padha gak nyana lan gak ngira.

“Mas, Mas Tukul, ana apa iki? Geneya panjenengan


nganti tumindak kaya ngene iki?” takone Wendah
marang Mas Tukul sing isih kaget lan bingung marang
Mas Tukul sing isih kelaran sirahe.

Iya, lelembut wadon mau ora liya ya Mas Tukul,


sopir truk ing pabrik jamu. Gandheng wis ditaleni lan gak
bisa obah, Mas Tukul ditakoni Wendah, Vera, lan Mas
Tris. Sawise didhedhes dening wong telu mau, Mas
Tukul miwiti crita. Swara aneh wong wadon sing nangis
asale saka rekaman kaset tape sing dideleh ing mburine
gudhang pabrik. Dene Mas Tukul dhewe macak
nganggo daster putih dawa lan rikma dawa pasangan,
kanggo medeni karyawan sing lembur supaya mulih
kabeh nalika surup.

Mas Tukul kerep nyolong asil buntelan jamu.


Banjur didol ing jaban kutha kanthi ngganti merek
dagang. Dheweke lara ati marang Pak Purwanto, sing
nduwe pabrik jamu Makmur Minulya amarga rong taun
kepungkur dheweke tau njaluk mundhak blanjane
nanging gak diundhaki. Kabar angin yen ana karyawan
anyar sing tilar donya nanging isih meruhi ing gudhang
mburi pabrik jamu iku sing gawe Mas Tukul dienggo

41
tedheng aling-aling lan kudhunge kanggo nindakake
colong jupuk ing gudhang pabrik jamu.

Kabeh isih ngeyub aneng tritisan gudhang. Udan


isih deres. Wengi sansaya ndadi. Kodhok-kodhok padha
gentenan nembang ing blumbangan.

42
07

Pas Melbu SMA

Diffa Dwi Tara Dewa

Sakwise SMP mesthi dhaftar SMA, lulus saka


SMP nggawi aku kudu nggolek sekolah kanggo
nglanjutake pamulangan menyang jenjang sing luwih
dhuwur yaiku SMA. Padha kaya dhisik pas aku pengen
nggoleki SMP, aku gak mikirke menyang sekolah endi
aku arep mendaftar aku mung nggawe keputusan, yaiku
sekolah neng SMP Abu Bakar, padahal yen didelok saka
biji ku, aku bisa mlebu SMP negeri, nanging neng atiku
wayah kuwi aku mung pengen sekolah neng Abu Bakar,
akhire aku mlebu SMP 7 Probolinggo. Semunu uga karo
masa SMA iki, aku pengen sekolah neng sekolah
olahraga SMA Negeri 1 Probolinggo, nanging iki critane
liya, bijiku gak cukup kanggo mlebu mrono.

Aku bingung pengen sekolah ngendi, kakangku


sing alumni SMA Negeri 2 Probolinggo ngongkon aku
kanggo mlebu menyang SMA Negeri 4 Probolinggo
mergo bijiku cukup kanggo mlebu SMA Negeri 4
Probolinggo. Nanging, kanggo pisan aku mikir SMA
Negeri 1 Probolinggo yaiku sekolah sing cukup adoh
saka omahku, aku ugo nolak kanggo sekolah nengkana,
pas aku bingung wong tuwa ku banjur ngongkon aku
supaya ndaftar neng SMA Negeri 4 Probolinggo jelas iki

43
cukup ngagetake, merga miturut informasi sing tak
ngerteni, kelas 1 SMA Negeri 4 Probolinggo mlebu awan
merga gedung SMA sing manggon ing jl.pahlawan gak
amot kanggo kabeh siswa kelas 1 SMA Negeri 4
Probolinggo iku.

Akhire aku ndaftar ing SMA Negeri 4 Probolinggo


amarga manut informasi pendaftarane wis arep ditutup,
alhamdulilah aku bisa dadi siswa SMA Negeri 4
Probolinggo. Sakwise resmi dadi siswa SMA, banjur
diadhepake karo kegiatan sing jenenge mos utawa
(masa orientasi siswa). Kegiatan iki cukup apik lan
nggeret gawe aku merga awake dhewe arep ngenal
kakak-kakak kelas neng organisasi-organisasi neng
SMA lan awake dhewe uga bisa "sinaoni urip" sing wis
mesthi di alami neng masa SMA sing beda karo masa
SMP ndisik.

Dina paling akhir, kabeh dikongkon milih ekstra


kulikuler sing disediakake saka sekolahan, akeh banget
kegiatan ekstra sekolah sing dicawiske neng SMA
Negeri 4 Probolinggo iki, kabeh wajib milih siji lan oleh
luwih, nanging sanajan akehe ekstra kuwi ora bisa
ngefek aku sing terus tertuju marang kegiatan basket.
Kegiatan basket sing dadi pilihanku lan sing tak senengi.
Aku milih kegiatan ekstra basket, saben dina rebo lan
dina jum’at kegiatan ekstra iku dadi kegiatanku lan dadi
hobbiku. Sampek saiki kegiatan iki tak lakoni lan dadi
kegiatan rutinku. Aku lan kancaku yen wis mari melu
kegiatan ekstra basket rasane awak seger banget. Dadi
kegiatan ekstra basket iki dadikna awakku sehat lan
bugar. Akhire masa SMAku iki sanget bahagia.

44
08

Perjuangan Seorang Pemudha

Dimas Kawulungan

Jenenge Gala, usiane pitulas taun. Bapake dadi


buruh tani, nanging saiki bapake ndak kerja soale lagi
nandang lara paru-paru, lan ibuke ibu rumah tangga.
Bisa disimpulake Gala lair saka kaluarga sing prasaja
lan sarwa kecukupan, tapi Gala nduweni cita-cita lan
semangat seng gedhe gawe bambong wong tuwane.

Lulus saka SMA, Gala kepengin mbacutake


pendidikane nang pawiyatan luhur, tapi keinginane
mbacutake pendidikan kasebut rada kesandhung soale
dheke ndak duwe biaya studi ndek perguruan tinggi.
Kondisi kaluarga seng urip serba pas-pasan, angel gae
Gala njaluk wong tuane guna biayani pendidikane ndek
perguruan tinggi. Gala uga sempet takon nang ibune,
“Buk, aku arep kuliah, napa saged nek saumpama
dibiayani sekolahku iki ?”. Ibuke mangsuli kanthi rasa
rada abot, “Sepurane nak, ibuk ndak bisa nanggung
biaya kuliahmu, bapak saiki lara, sek durung bayar
kontrak omah iki Le”. Gala ngrungokake wangsulan
ibune mau, dheweke cancut nglumpukake tekad lan
semangat amarga iku siji-sijine dalan cekno isa kuliah,
dheweke kudu nggolek biaya dhewe.

45
Ndek umure sing sik enom karo maneh durung
nduwe bekal pengalaman kerja mesthi rada angel gawe
Gala golek kerjoan. Kondisi seng angel iki malah
ngukuhake remaja pitulas taun iki dadi saya makantar-
kantar. Dheweke sadar nek pendhidhikan iku penting
gawe awake, ora mung saiki nanging nganti mbesuk.
Gala terus ngupaya golek kerja kanthi kondisi sing
kurang nyengkuyung iku. Ora mung sedina rong dina,
sewulan rong wulan, Gala terus golek kerjaan, tapi
durung rejekine, mula dheweke ikhtiar supaya bisa
ketampa. Nanging Gala minangka gambaran pemudha
sing ndak gampang mundur. Terus usaha lan terus
golek peluang.

Krenteg lan sregepe Gala sasuwene ikhtiar golek


penggawean meh setaun akhire nemu jawaban. Gala
oleh kabar soko perusahaan seng wis dituju saperangan
wektu kepungkur. Kerja sing dikarepake sasuwene iki
akhire sethithik bisa digayuh dadi nyata. Gala oleh
panggilan interview, de’e diwawancarai karo bagian
HRD perusahaan seng dilamar mau. Meh telung puluh
menit Gala ndadhepi sesi tanya jawab. Sak marine
interview, Gala metu saka ruangan banjur mulih. Sesuke
ana kabar gembira kanggo Gala, dheweke katampa
kerja nang perusahaan sing wis dikarepake kasebut.
Gala langsung antuk kabar bisa masuk kerja, sawise
saulan kerja, Gala langsung daftar ing sawijining
kampus swasta kuthane lan ngapek kelas bengi. Soale
esuk sampek awan dheweke kerja. Akhire merga upaya
kang sregep, lan dunga nang Gusti Allah kang ora tau let
uga pedhot Gala methik wohing upaya saka asile ikhtiar.
Gala mujudake cita-citane bisa mbacutake pendidikan

46
nang pawiyatan luhur isa mbombong manah wong
tuwane.

47
48
09

Ana Usaha, Ana Asil

Fanny Ika Saraswati

Seminggu maneh, dina ulang taune Indonesia.


Pas tanggal pitulas Agustus. Ing Smapa, kaya biasane
yen ana perayaan dina nasional mesthi diadakake
lomba-lomba. Acara iki dinteni karo kabeh arek-arek
Smapa, termasuk aku lan kanca-kanca sekelasku. Trus
dina iki kabare bakal ana kumpulan para ketua kelas
gawe mbahas lomba sing bakal diadakake karo arek
OSIS. Taun iki Paresipa(perkumpulan arek OSIS lan
MPK Smapa) gak kerja dhewe,soale ana mbak lan mas
mahasiswa UNESA sing lagi PLP ing Smapa.

Sawise kumpulan, Roy, ketua kelasku


ngumumake lomba apa ae sing bakal diadakake
Agustusan taun iki. Onok lomba balap karung, mindah
banyu, gepuk banyu karo lomba acapella. Roy langsung
mbagi arek sing bakal melu lomba. Sawise pembagian
sing bakal melu lomba, ternyata aku kebagian lomba
acapella. Lan arek arek sing ora kebagian melu lomba,
bakal bareng-bareng ndandani sepeda sing bakal
didadikake maskot gawe acara sepeda santai. Arek-arek
sing kebagian lomba Acapella saliyane aku yaiku,
Nabiila, Dimas, Arimbi, Lintang, Aldi lan Ilham.

49
“Ayo rek ,semangat lomba Agustusan taun iki”Jare Aldi.
Tim lomba Acapella rembukan gawe golek lagu sing
bakal digawe lomba. “Lagu wajibe kan 17 Agustus. Lagu
pilihane apa ya rek? ana sing duwe saran ta?” takone
Lintang. “Yapa nek lagu butet ae wis, unik iku lagune rek”
usul Arimbi. “Ajak lagu iku bi, Iku bahasane angel
dihafalake” Jare Nabiila. “Yapa nek lagu gugur bunga
ae? Setuju apa ga?” takone Dimas. “Nah sip lagu iku wis,
Lintang nek nyanyi pasti apik hehe” jareku. “Nah iyowe
sip-sip” setuju Aldi karo Ilham.

Saiiki dina Kamis, aku karo arek-arek tim acapela


wis janjian dina iki bakal latian mulih sekolah. Kene
latian lagu wajibe sek, yaiku 17 agustus. “Eh rek, aku
duwe referensi dek youtube loh” jareku. “Loh aja-aja,
kene kan kudu kreatif, aja nyonto youtube dong hehehe”
jare Aldi. “Loh iki kan kene karo delok digawe referensi,
duduk berarti nyonto,Di..hadehh..” Arimbi ngomong.
“Nah bener iku, wooo Aldi iki, hahaha...”. Rek arek
kabeh nyaut. “Iyaa iya rek, aku guyon kok hahaha” Aldi
ngomong karo guya guyu. Gak kerasa saiki wis jam limo,
arek-arek langsung ngrampungake latian lan siap-siap
mulih.”Aja lali sesok latian maneh ya rekk” jare Nabiila.
“Oke ashiapppp” jare Dimas.

Lombane wis kurang rong dina. Lan


Alhamdullilah lagu agustusan wis rampung latiane, saiki
aku lan kancaku bingung karo lagu gugur bunga iki.
“Jareku seh, lagu gugur bunga iki engkok dikei sentuhan
keroncong ndek tengah tengah lagune, yopo? Setuju
rek?” Usule Lintang. “Boleh-boleh, ide apik iku” jareku.
Saiki wis jam mulih sekolah, tapi Aldi ,Dimas karo Ilham
sik muter-muter, arek telu iku gak langsung kumpul

50
gawe latian. “Ning endi ae seh arek telu iku, wis ngerti
wayahe latian tapi gak langsung kumpul mrene.”Nabiila
wis ngamuk karo arek telu iku. “Iya,nek ngene kan
dadine latiane molor” jareku. Sakwise iku Dimas teka,
dheweke teka dewean gak bareng Aldi karo Ilham. “Ning
endi ae iki seh ket mau. Saiki Ilham karo Aldi endi?Niat
latian apa gak iki seh, wetengku loro loh rek tapi aku wis
belani latian, tapi arek’e gak lengkap” Lintang ket mau
wis ngempet emosi.

“Aku siktas sik nang kelase kancaku, aku gak


ngerti Ilham karo Aldi nang endi. Aja ngamuk-ngamuk
disek rah” jare Dimas. “Yapa gak katene ngamuk,lawong
wis ket mau ngenteni arek-arek lengkap, Dim.” Nabiila
njelasake. “Wis talah rek , aja emosi ya. Sing sabar wis.”
jare Arimbi. “Nah bener iku, ajasampek tukaran ya, kene
rong dina maneh wis lomba loh rek.” aku ngomong karo
arek-arek iki, cekne ga tukaran maneh. Sakwise iku, Aldi
karo Ilham teka, tibake arek loro iki budal tuku es nang
TGP. “Duh rek enak banget es iki” guyone Aldi.
“Iyaaawakmu enak dhewe, kene ket mau wis ngenteni
suwe loh rek. “ jare Lintang langsung ngamuk nang arek
loro iki. “Iya rek, koen kok gak ngomong yen kate tuku-
tuku, kene kan ket mau cekne gak bingung ngenteni
awakmu.” jareku. “Duh sepurane ya, Aldi iki mangkane
langsung ngajak. Gak pamit sik nang arek-arek.”jelas
Ilham. “hehe sepurane ya rek, janji gak mbaleni maneh
wis ya” jare Aldi karo ngguyu. “Aja sampek dibaleni
maneh awakmu Di, aku sing kenek amuk karo Lintang”
jare Dimas, arek-arek langsung ngguyu kabeh. “Ayo ayo
ndang latian rek, wis jam 4 iki” Arimbi ngomong.

51
Saiki wis H-1 lombane. Arek-arek sepakat yen
saiki prei latian. Dina iki digawe istirahat ,cekne sesuk
wayahe lomba gak ngedrop. “Semangat rek, sesuk kene
wis lomba” jareku. “Kene tampil urutan buri rek” Nabiila
ngomong. “Gapopo masiya buri-buri, pokoke kene wis
kudu siap nampilake sing terbaik.” jare Lintang. “Iya
rek,kene kudu mbombong Bu Indri lan kanca kelase
kene.” Aldi ngomong,sinambi sok-sokan serius. “Nah
yen iku yowis pasti rek, Bismillah sesok sukses aminnn”
jare Dimas. “Aminnn YaAllah“arek- arek ngaminake
dungane Dimas.

Dina Kamis,tanggal limolas Agustus. Saiki dina


aku lan kanca-kancaku tampil lomba acapella, lomba
acapella iki mligi gawe kelas 12. Kelas 10 lomba puisi
berantai lan kelas 11 lomba drama musikal. Aku lan
kancaku wis ndelok tampilan keas 12 sing liyane, kene
isa delok kelas 12 iku soale kelasku kebagian nomer
tampil buri-buri. “Semangat ya rek, kalian pasti isa.”
Pesene kanca-kancaku sing gak melu lomba acapella.
Saiki wayahe kelasku munggah panggung gawe tampil,
Aku lan arek-arek sing bakal lomba acapella pertamane
yo rodok dredeg, tapi karo bu Indri,wali kelasku pisan
menehi semangat. Lan Alhamdulillah,aku lan kancaku
wis rampung tampil. Untung sak kabehe berjalan sesuai
rencana pas latian.

Penguman sapa ae sing menang lomba


diumumake dina Senin wektu upacara. “Gapapa masiya
gak menang rek, sing penting kalian wis tampil. Iku wis
lebih saka cukup.” Kancaku ngomong. “Nah iyo. Menang
Alhamdulillah,kalah wasyukurillah hehehe”guyon Aldi.
Protokol upacara ngumumake”Gawe lomba Acapella,

52
juara 3 kelas 12 IPS 4, juara 2 kelas 12 MIPA 4, lan
juara 1 Kelas 12 MIPA 2”. Aku lan kancaku langsung
tepuk tangan, Alhamdulillah kelasku menang juara loro.
Aku dhewe wis wedi gabakal menang,soale kelas 12
sing tampil apik-apik kabeh. Kanca lanangku sing liyane
langsung bengok”Wuhuuuu menanggg”. Lintang sing
dadi vokalis utama lomba iki, maju gawe perwakilan
nampa hadiah. Yey alhamdulillah.

Siji maneh bukti”Usaha gabakal nguciwakake


asil”. Sapa ae sing bener-bener usaha, bakal oleh asil
sing InshaAllah apik. Sajrone tim, pasti bakal ana
perbedaan pendapat, tapi kene kudu isa ngadhepi
perbedaan iku. Aja sampe ana sikap egois nang njero
tim. Alhamdulillah teka lomba iki,isanambah pengalaman
lan entuk kenangan nang masaSMAku, sing dina sesuk
bakal dikangeni yen wis lulus . “Woi dina iki gak usah
jajan nang kantin rek, iki hadiahe jajan kabeh. Akeh
banget, cukup gawe sakkelas” Aldi pengumuman nang
ngarep kelas. “Hahahahaha oke oke Di, ayowis
langsung dibagi rata” jare kanca-kancaku. Akhire dina iki,
arek-arek isa mangan jajan gratis lan gak usah tuku
jajan maneh nang kantin.

53
54
10

Cinta Salah Panggon

Hafidatun Nurin Kamilah

Aku nglirik jam dhindhing sing ana ing kamarku,


wis jam loro bengi tapi aku isih durung turu. Ya
keseringen nonton drakor nganti bengi iki nggarakna aku
gak isa turu.

Dakjupuk hpku sandhuwure meja, dakpites


tombol “call” sakwise nemu kontake wong sing mesthi
ana gawe aku kapanpun dakbutuhake.

Calling Kak Chan...

“Haloo” sapane swara serak khas wong tangi turu saka


sebrang kana.

Aku gak sadar yen awakku mesem amba, padahal ya


mung krungu swarane ae.

“Eh, sepurane loh kak. Aku ganggu turumu ya?”.

“Ndak kok. Ana apa kok telpon bengi-bengi?” takone.

“Aku gak isa turu” jawabku alon.

“Kebiasaan iki. Wis dakkandani aja seneng melekan


nonton drakor thok ae”.

Aku mesem maneh. “Saiki wis enggak kok kak hehe”.


55
“Yawis turua kana”.

“Gak isaaaa...”.

“Wis tah, merem ae mengko lak turu pisan”.

“Wis dakcoba tapi angel”.

“Kok angel? Kan merem thok ae loh”.

“Ndah ah, wedi aku” jawabku melas.

“Wedi apa ta?.

“Wedi ana setan lah” jawabku alon.

“Endi ana. Palingan ya setane sing wedi karo awakmu”


Kak Chan ngguyu.

“Aja guyu talah kak”.Kak Chan pancet ngguyu.

“Tapi tenan loh kak, aku sering krungu swara-swara


aneh ngono” jawabku karo ndelok sekitar.

“Wis, awakmu turua ae, dakkancani tekan kene nganti


awakmu turu” jawabane kak Chan nggarakna aku
mesem maneh.

“Tenan loh kak?”.

“Hooh”. Sakwise iku, aku nggolek posisi sing enak gawe


turu, earphone sing dakgawe isih cumanthel ing
kupingku.

“Kak Chan?” aku nyeluk mastikna yen kak Chan isih


durung turu. Tapi gak ana jawaban.

“Haloo kak?” celukku maneh.

56
“Kak Chan nggak turu kan?”. Isih durung ana jawaban,
dakdeloki layar hpku, isih nyambung kok gak nyaut.

Tok tok tok..

Aku kaget pas ana sing ndhodhog lawang kamarku.


Pasti kak Chan iki sing ndhodhog. Aku ngadek lan
mbuka lawang

Ceklek..

Sakwise dakbuka tapi kok gak ana sapa-sapa ta? Lah


endi kak Chan?.Pasti kakak iseng iki.

Daktutup lawange lan balik menyang kasur. Tapi durung


tekan kasur, ana sing ndhodhog lawang kamarku maneh.

Gak lucu iki rek!

Dakbuka lawang tapi gak ana sapa-sapa maneh,


dakdelok kanan kiwa ya gak ana sapa-sapa.

Sakdurunge aku balik, aku delok kak Chan mudhun


tangga

Loh kan. Kak Chan iki pancen iseng

Dakdeloki kak Chan tekan ndhuwur. Kak Chan lungguh


ing ngarep TV lan nguripi Tvne ndelok bal-balan.

“Halah. Jare arep ngancani aku nganti turu, malah


melekan ndelok bal-balan” gremengku ing njero ati.

Yawis aku balik menyang kamarku. Tapi durung ana


sejupat ujangkah, hpku geter.

Kak Chan is calling...

“Halo” jawabku isih ngambul.


57
“Duh.. sepurane dek, mau aku keturon. Awakmu durung
turu?”.

Halah turu jare.

“Keturon apa ndelok bal-balan?”.

“Ndelok bal-balan? Sapa?”.

“Wis talah gak usah gara kak, aku mau delok kakak
mudhun terus nguripi TV”.

“Aja ngawur talah dek”.

“Sapa sing ngawur seh?!”.

“Aku mulai mau ing kamar dek”. jawabane kak Chan


nggarakno merinding.

“Aja gara lah kak” jawabku alon, saiki aku wedi tenan.

“Tenan!! Mau aku keturon, gak metu kamar blas”.

Karo sikil gemeter aku balik kanan lan delok mengisor


nang lantai siji.

Lah kok gak ana wong? Terus sing mau iki sapa?

“Dek? Awakmu isih ing kana kan?”.

“...” aku meneng.

“Ndang kancingen lawange, yen ana sing ndhodhog


maneh aja dibuka”.

“Aku mau krungu ana sing ndhodhog lawang kamare


kakak pisan”.

58
Dina iki aku gak mlebu sekolah, awakku anget
kabeh. Gara-gara ndelok setan mambengi, awakku
langsung anget lan Kak Chan ngongkon aku istirahat ae
ing omah. Tapi yen dhewean ing omah ya padha ae toh?
Aku isih wedi.

“Kak Chan gak ana kelas kan dina iki? takonku karo isih
ngunyah bubur.

Kak Chan gak jawab lan lanjut ndulangi aku bubur


gaweane.

“Mengko Kak Chan yen kuliah aku lak dhewean? Kan


aku wedi kak” semaurku melas.

Iya aku mung loro-loroan ing omah karo kak


Chan, ayah ana ing luar negeri ngurus kerjoane lan ibu
nyambangi mbah uti sing lara ing kampong.

“Yawis mengko kakak izin ae”.

“Tenan kak?!” takonku seneng.

“Iya, wis-wis, mangana dhisik”.

Mungkin isih ana sing bingung hubunganku karo


Kak Chan iku apa. Aku karo Kak Chan kuwi kakak-adhik
tapi gak sedarah. Ibuku nikah maneh karo ayahe Kak
Chan rong kepungkur sakwise ayah kandungku seda.

Awale aku gak setuju lan gak seneng marang


ayah lan kakak tiriku iki, tapi ya suwe-suwe dadi biasa
ae. Aku mulai biasa marang wong sing saiki dakceluk
ayah, aku pisan mulai biasa marang dhane sedulur
kwalonku, Kak Chan.

59
Lan aku mulai biasa marang sikap perhatiane
Kak Chan. Tapi ya suwe-suwe aku ngrasa ana sing
aneh, ana rasa sing asing ing njero atiku. Dakpikir iki
mung rasa sayang biasa, rasa sayang adhik marang
mase. Tapi aku salah. Aku seneng karo sedulur
kwalonku iki.

Tumindake Kak Chan iki nggarakno aku baper


alias bawa perasaan, carane perhatian nang aku, carane
mesem nang aku, carane ndelok aku. Kabeh iku
nggarakno aku baper.

“Awakmu mending turu ketimbang dolan hp ngono cek


panase ndang mudhun” ujare Kak Chan karo nyekel
bathukku.

Ya Gusti atiku gak karuan iki loh.

“Kancani” semaurku.

“Iya, dakkancani”.

Dakdeleh hpku ing ndhuwure meja lan nyoba turu. Kak


Chan isih lungguh sendhen ing pinggirku.

Kak Chan ngelus rambutku supaya aku ndang turu.

“Heh! Turu!” ujare kak Chan pas delok aku isih melek.

Dakgeser awakku supaya isa meluk Kak Chan. Kak


Chan gak protes lan isih ngelus rambutku terus. Yen
ngene ceritane mending aku lara bendina ae cek isa
cedhak karo kak Chan terus.

“Kak Chan cerita lah cek aku isa turu” panjalukku karo
ndhangak sethithik.

60
“Cerita apa? Dongeng apa horor?”.

“Ish kak Chan, mengko yen setane teka maneh ya apa?”


takonku wedi. Kak Chan ngguyu.

“Hahaha iya ndak-ndak, terus arep cerita apa?”.

“Hmm.. cerita alasane kakak kok perhatian marang aku”.


Aku gak ngerti kena apa lambeku gatel arep takon iku.

Kak Chan ketok bingung “Ya kan awakmu adhikku, ya


wajar yen aku perhatian lah”.

Dudu iku sing dakkarepake.

“Maksudku, pasti kakak duwe alasan saliyane iku”.

“Oke, tapi yakin kepingin ngerti?”. Aku manthuk.

“Dadi ngene, biyen sakdurunge ayah nikah karo ibumu,


kakak duwe keluarga sing utuh. Ana ayah, ibu, kakak,
lan adike kakak”.

“Lah? Kakak duwe adik?” takonku penasaran. Kak Chan


ngangguk.

“Lanang apa wedhok?”.

“Wedhok, lucu persis awakmu”. Pipiku panas, pasti


abang iki wes.

“Tapi Kak Chan gak isa dadi kakak sing baik, Kak Chan
gak praten njaga adhik kakak”.

Dakdelok mripate Kak Chan wis abang arep nangis.

“Emange kena apa kak?” takonku.

61
“Tepak iku mulih sekolah, Kak Chan wis kelas 6 SD,
dheweke isih kelas 2. Aku karo dheweke arep nyebrang
dalan lan kakak ngandhani yen kudu ngenteni dhisik”.

“Ibu tau pesen marang kakak aja ngeculake adhike,


masiya sedetik soale dheweke gak isa meneng. Tapi
kakak lali lan nglanggar janji iku. Kakak ngeculake
tangane soale kakak arep mbenekna tali sepatu”.

“Tapi pas kakak ngadek, adikku wis gak ana, dheweke


mblayu nyebrang dalan gawe nolong anake kucing. Pas
ana truk gedhe lewat lan ”.

Kak Chan nangis, dheweke gak kuat ngelanjutake


critane maneh. Dakrangkul kak Chan karo ngelus
gegere. Gak sadar tibake aku melu nangis pisan
ngerungakna ceritane kak Chan.

“Sepurane aku gak maksud gawe kakak sedih”


semaurku.

“Gapapa kok, kakak mung kegawa swasana” semaure


karo mesem. Saiki aku ngerti alasane kak Chan kok
mesthi perhatian lan protektif marang aku.

“Iki caraku kanggo nebus dosane kakak, kakak kepingin


dadi kakak sing apik, sing isa njaga adike”.

Akhire aku ngerti, Kak Chan kuwi gak nganggep aku


luwih saka adik.

62
11
Guyon Ojok Kesaran

Ilham Kurniawan

Dina selasa, Daffi lan kanca kancane arep ulangan


matematika. Kabeh padha sinau teka esuk nganti
gurune teka. Nanging Daffi gak mudheng karo materi iki,
dheweke ws berusaha sinau tapi tetep gak paham
materi iki. Kanca liyane padha mlebu kelas. Aldo kanca
sak bangkune Yanto teka.

" Hey piye Fi, wis sinau ta durung ?"

" Wis Do, tpi aku sik durung paham"

" Awakmu pancen gak pantes sekolah ning kene Fi,


Mending awakmu sekolah ning desamu kana..."

" aku pancen gak isa matematika Do, tapi ga atek


ngomong ngono pisan. Jogoen omonganmu "

Daffi sing ning omahne akeh pikiran, dadi wong


meneng ning kelas marga omongane Aldo. Sakwise iku
Daffi sing biasane sregep mlebu, saiki mlebune rong
dino sepisan. Seminggu sakwise diilokne Aldo. Deweke
gak gelem sekolah. Pak Anung guru BK sekolahku wis
mari ngrayu supaya Daffi gelem sekolah. Bapak lan
Ibuke nganti nekakne Psikolog. Tapi Daffi tetep gak
gelem mlebu sekolah. Ibuke jaluk tulung menyang kanca
kelase supaya marani nang omane Daffi lan ngebujuk
63
supaya dheweke gelem sekolah. Yanto, Adi, Kurniawan,
lan Dimas diutus Pak Anung menyang omane Daffi.

" Yaapa kabare rek. Suwe gak mlebu sekolah


ngene.. gak kangen bek kene ta?".

" Iyo Fi, gak kangen bek kene ta? "

" iyo ayo sekolah maneh Fi, kanca kanca kangen


awakmu"

" Ayo fi, apaa ana sing ngilokne awakmu ta?".

Daffi mek mesem lan ngajak omong liyane. Aldo


sing gak ngerasa salah, dheweke luwih mentingake
tugas Osise.

"Oo iya rek nangndi Aldo, kok gak melu?".

"Iya dheweke ana rapat karo pengurus osis liyane".

"Ooo... sibuk ya..".

Sakwise mangan, Yanto karo liyane langsung pamit


mulih. Sesuk isuke.. Yanto lan liyane seneng deleng
Daffi wis mlebu sekolah. Aldo wis diomongi karo kanca
liyane, dheweke kudu jaluk sepura ning Daffi. Aldo lan
Daffi akhire kekancan maneh.

64
12

Tresna Gak Nduweni

Karina Cyrilla

Ing sawijining dina, Adit menyang daleme simbah,


nanging tekane Adit kasebut malah diusir karo Dian.
“Ngapa kok siktas mulih le ? saka ngendi wae?.
“Daleme simbah, Bu”.
Fatma, Ibune Adit kaget, deleh klambi sing
dicekel.
“Ngapa kowe kok nekat menyang daleme simbah?”.
“Adit pingin simbah ngertos menawi rama gerah parah”.
“Ndak usah le, aja menyang omahe simbah maneh. Ibuk
arep menyang rumah sakit. Bapak saiki operasi”.
Bengi neng kamar, Adit sibuk mriksa laporan.
Kaget wektu Fatma mbukak lawang kamare lan lungguh
ing paturon.
“Kapan kowe ujian?”
“Setunggal minggu malih, Buk”.
“Ndak krasa ya le kowe wis gedhe. sekolah mbayar
dhewe.”

65
“Kabeh niki amarga kekuwatan atine ibuk”
“Kowe ta sedhela wes lulus. Ibuk kepingin kenalan karo
pacare Adit.”
“Buk, kula taksih kepingin fokus kuliyah. Kula pingin Ibuk
seneng.”
Sore sing sepi ing taman kampus. Adit dikancani
Fajar lungguh ing pojokan.
“Jar, bengi iki aku turu ing omahmu yaa ?”
“Nah, ngono lo! Sepisan turu ing omahku”
“iyaa”
Dumadakan dekne kabeh dikagetake tekane Tita
lan Lia, sing wis lungguh ing ngarepe Adit lan Fajar.
“Sore mas, yak napa laporanku? bener ta?” takon Tita.
“Tulung luwih spesifik. Aja ketlanjuk umum kaya iki.
Saranku akehna maca buku” jare Adit.
“Lah kan niki wis spesifik mas.”
“Coba deloken laporane Lia kuwi luwih spesifik.
Sepurane wis sore aku tak mulih dhisikan. Ayok Jar!”
Adit ngadek ngajak Fajar mulih. Nanging Tita
greget amarga gak direken Adit sing sok banget nganti
akhire Tita banting laporane.
Adit ngrasa lara ati amarga ana gosip elek
babagan dheweke akhire Adit milih munggah Gunung
Bromo supaya pikirane tenang.
Rong dina sakwise. Tita mesem lan ngadek ing
ngarep omahe Adit kanggo njupuk klambi sing wis
dijahitno karo Ibune Adit.
66
“Assalamu’alaikum, Buk”
“Wa’alaikumsalam, Tita ta? Ayo mlebu”
“Inggih buk matur sembah nuwun”
“Iki klambi nduk, cobaen dhisik”
“Teng pundi, Buk?”
“Ing kamare Adit iku, nduk”
“Inggih, Buk”. Tita seneng banget. Atine ngrembuyung.
Fatma metu tekan kamare Adit lan nutup lawang.
Tita delok-delok isi kamare Adit. Fatma dikagetna karo
tekane Adit.
“Assalamu’alaikum, Buk”
“Wa’alaikumsalam, akhire anaku wis teka. Adus wes
kana mambune kecut iki lo”
“Inggih, Buk”
Adit menyang kamar dheweke deleh tas sing
abot kuwi. Tita lagi ngilo neng kaca.
“Buk, agemane sae sanget.”
Tita delok mburi lan kaget menawa sing mbukak
lawang dudu Fatma ibune Adit nanging Adit.
“Laopo kowe neng kamarku?“
Adit bingung lan cepet-cepet metu tekan kamar.
Fatma ndhodog lawang kamare Adit, Tita langsung
mbukak lawang nuli metu tekan kamar.
“Ibuk jaluk sepura, Tita” ujar Fatma.

67
“Inggih, Buk, mboten napa-napa.Adit kula undang ing
ulang taun kula mangke dalu.”
Wengine pesta ulang taun Tita, Adit gak teka.
Sesuk sore,Adit lungguh ing taman kampus. Gak let
suwe Tita teka marani Adit.
“Sepurane, Tit, aku ndak isa teka menyang pesta ulang
taunmu. Iki kado tekan Ibukku.”
“Matur nuwun, Mas. Mas Adit, aku pengin ngomong.”
“Yawis ngomongo, lungguh dhisik kene.”
“Sebenere sing nyebarake rasan-rasan kuwi aku mas.”
“Wis ngiro aku”
“Salahe Mas Adit gak nggatekna, jail. Aku sayang Mas
Adit, aku kayak ngene iki amarga aku pengin digatekna
karo Mas Adit.”
“Tit, dudu ngene carane”
“Apa sing bener, mas?”
“Jam pitu wengi menyanga omahku! aku saiki ana
urusan, tak budhal dhisekan.”
Wengi sing kebek asmara. Fatma nemoni Tita sing
wis ayu,resik,lan rapi.
“Eh Tita,arep nemoni Adit ya? Ngenteni dhisek, Adit isih
metu.”
“Eh Tita, tak pikir molor.” dumadakan Adit teka.
“Kok ngono seh Mas, aku mrenene arep jaluk jawaban.”
“Sing endi?”

68
“Mboh ta la Mas, sampeyan benci ta karo aku?ya wis lah
tak trima.”
Tita ngadhek saka kursi ruang tamu.Adit melu
ngadhek lan nyekel tangane Tita.
“Cul no Mas! Aku jerit lho”
“Ya wis, jerita”
“Apa sing kok pengini mas?”
“Aku kepingin kowe!“
“Aku gak ngerti, Mas!”
“Pancene arek iki”
“Ngapa sih, Mas?”
“Aku kepingin kowe dadi pacarku!”
Tita meneng, isin, ndhingkluk antarane seneng lan
kebingungan sing dirasakake.
“Hhmm” Tita mung isa manthuk-manthuk sirahe.
Seminggu sawise. Ing ruang tengah, katon Dian
maca majalah lan Bu Retno lagi mirsani tv. Tita mlebu
karo Adit sing nyoba mesem legi.
“Buk, Mbah Putri! Kenalake niki Adit”
“Sugeng Dalu Bu, Mbah Putri”
“Tekan endi, Tit?”
“Saking kampus, Bu.”
“Kowe pacaran?”
“Inggih, Bu”, karo klesikan isin-isin.
“Sapa jeneng dawamu?” takon Mbah Putri
69
“Adit Widianto, Mbah Putri”
“Jeneng bapakmu Widianto?”
“Inggih, Mbah”
“Adit rungokna ya le, wengi iki uga aja mbok terusake
sesambunganmu karo Tita”
“Kenging menapa mbah?” takon Tita
“Widianto yaiku mas kandhung ibumu sing nekat ngawini
arek wedok teka kaluwarga sing gak jelas.”
Adit emosi ngadek lan delok Dian ibune Tita.
“Tita, saiki awak dhewe putus ya! Sugeng dalu”
Adit cepet-cepet metu saka omahe Tita. Tita mlayu
menyang kamare, nangis mingseg-mingseg.
Sore ing warung pinggire kampus, Tita nekani Adit
sing lagi ngopi dhewean.
“Adit sepurane Mbah Putri lan Ibuku”
“Wiwit wengi iku aku wis nyepuraaken. Awak dhewe
kudu ikhlas nglakoni urip iki.”
“Klebu awak dhewe kudu ikhlas marang sesambungan
kang kudu pedhot?”
“Iya Tita. Liya wektu mengko awak dhewe mesthi nemu
kebahagiaan dhewe-dhewe.”
Kekarone kabeh padha ndeleng lan nyadhari
menawa sesambungan iki yaiku winates misanan.

70
13
Sabar Lan Dhendham

Lintang Ayu Septiyani Putri

Aku Gendhis Rahayu,biasa diceluk Gendhis. Aku


sekolah nang SMA Probolinggo 10. Aku nduweni kanca
raket sing jenenge Abimanyu. Aku lan Abimanyu wes
kenal ket cilik dadi kene wes kaya saduluran. Jare
kanca–kancaku aku wong sing meneng lan nurut
banget. Apa wae sing diperintahna aku mesti nurut.
Nanging karo sifatku sing mengkono, aku malah
dimanfaatake karo kancaku sing jenenge Bella. Bella
mesti ngganggu aku lan ngece aku soale gak duwe
kanca maneh saliyane Abimanyu. Esuk iku kaya
biasane aku mesthi teka paling awal ning kelas. Aku
langsung lungguh neng bangkuku, gak suwe Bella teka
lan langsung ngomong nang aku “Heh arek bisu! Iki
kerjakna PR ku, awas sampekdak mari wero dhewe
akibate!”. Aku nyaut, “Iya, Bel tak kerjakna”. Bella sering
nyeluk aku arek bisu amerga aku wonge sing meneng
lan jarang ngomong. Nalika aku isih ngerjakake PR re
Bella.

Abimanyu teka lan langsung nakoni aku “Dhis Gendhis


dungaren PR re awakmu durung mari?”.

“Iki duduk PR ku, Bim”.

71
“Lah terus PR re sapa?, aja-aja iku PR re Bella ya?”
dumadakan Bella langsung nyaut

“Iyo apaa masalah tah karo awakmu!”.

“Eh! Awakmu iki gak isa apa kerjakna dhewe gak usah
ngongkon Gendhis maneh!”.

“Loh apaa?, Toh Gendhis sisan gak permasalahna.”

”Gendis awakmu lek dikongkoni ngerkjaknaPR re arek


edan iki ajak gelem ra, awakmu iku kudu isa nglawan
ajak meneng wae!”.

“Wes talah, Bim, gak papa kok.” Aku nyoba kanggo


nenangna Bima, nanging Bima langsung ngapek buku
PR re Bella lan nguncalna ing ngarepe bangkune Bella
nalika ngomong “ Nyoh... !Kerjakna dhewe, aja sampek
awakmu ngongkoni Gendhis maneh”. Gak suwe, bel
mlebu sekolah muni.

Aku lan Bima langsung lungguh lan nampa


pelajaran. Sawise pelajaran, wayahe aku muleh lan
biasane aku muleh bareng Bima numpak mobil pribadine,
nanging saiki Bima ana acara keluarga dadi aku gak isa
bareng dheweke. Sawise Bima muleh kari aku lan Bella
ing kelas iku. Aku rumangsa wedi amerga mau PR re
gak sempet tak rampungna gara-gara Bima sing
ngelarang aku lan ngapek bukune Bella banjur
nguntalna neng dheweke.

Bella nyedhaki aku banjur ngomong “Eh arek


budheg! Aku kan wes ngomong lek sampe PR ku gak
mbok kerjakna awakmu weroh dhewe akibate apa!”.

72
“Sepurane Bel dudu aku gak gelem ngerjakna tapi
kan.....”.

“Tapi apa ha!!! Tapi apa!” Bella langsung ngranyam lan


nekek guluku banjur ngomong “Tak pateni awakmu!”.
Aku gak isa apa-apa amerga tenagahe Bella luwih kuat
tinimbang aku. Aku wis ambekan ngaya nanging Bella
isih nekek guluku lan nyiksa aku. Untunge ing wektu iku
ana swarane Pak kebun sing pengin ngresiki kelasku lan
ngrungokna suarane Pak kebun iku Bella langsung
mandhek lan Bella langsung mlayu ninggalake aku
dhewean ing kelas iku. Aku nyoba kanggo ngadek lan
ngleremake ambekanku. Sawise aku rada tenang aku
langsung metu kelas lan langsung mulih karo bapakku.

Ing perjalanan bapakku nakoni yaapa kegiatan


sekolahku dina iki “Nduk piye sekolahe, kok mau telat
mulih ana apa?”.

“Alhamdulillah, Pak sekolah kula apik-apik wae, wau


kula wangsul telat merga taksih ngresiki kelas, Pak.”

“Oalah tak kira ana apa ndhuk.” Aku gak wani


nyeritakake kedaden mau nang bapak amerga aku gak
gelem bapak kwatir lan tambah dawa masalahe engkok
lek aku cerita nang bapak.

Sawise tutuk omah aku lansung mlebu kamar lan


langsung adus, terus marine aku adus aku langsung
mangan karo Bapak Ibukku. Nalika mangan Ibukku
nakoni aku, “Loh nduk iku apaa kok gulumu besem kaya
ngono?”. Aduh aku langsung kelingan kedadeyan mau
pasti iki gara-gara cekikane Bella ngante besem guluku.
Aku langsung jawab pitakone ibuku “Gak papa kok, Bu
menawi kula kekeselen dadine kaya ngene.”
73
“Oalah yawis ndhuk awakmu marine langsung turu ya
aja kekeselan maneh” jawabane Ibuku. Ing jero ati aku
ngomong “Untunge bapak lan ibuku gak curiga karo
besem ing guluku iki”. Sawise mangan aku langsung
menyang kamar banjur turu.

Sesuke aku kaya biasane teka esuk lan langsung


lungguh.Gak suwe Bella teka nanging sikape beda,
biasane dheweke langsung ngongkon aku tapi saiki
dheweke gak ngongkon aku. Gak suwe Abimanyu banjur
teka lan langsung menyang bangkuku lan ngomong, “Eh
dungaren arek iku gak ngganggu awakmu maneh?”.

“Gak ngerti paling wes baik gak tene jahat maneh nang
aku”.

“Nanging awakmu kudu ati-ati loh ya”.

“Iya, Bim iya”.

Sedinoan iku Bella gak ana glagat sing gak apik


nang aku nanging wektu mulih sekolah dheweke marani
aku banjur ngomong “Dhis aku pengin ngomong karo
awakmu loro–loroan thok isa?”. Aku tene jawab
pertanyaane Bella tapi malah Abimanyu sing jawab “Aja
gelem Dhis, lek awakmu tene ngomong karo Gendhis
aku pisan melu pokoke aku kudu melu”.

“Awakmu iki budheg a?, Aku iki kate ngomong loro-


loroan karo Gendhis aku pengen jaluk sepura nang
dheweke aku gak pengin ganggu dheweke maneh,
mosok aku gak oleh tah dadi wong sing baik gak jahat
maneh?”.

74
“Wes talah Bim gak papa aku isa jaga awakku kok
awakmu gak usah kwatir ya.”jawabku kanggo
ngeyakinake Abimanyu malih gak ana tukaran kaya
wingi.

Akhire Bima setuju aku ketemu karo Bella loro-


loroan. Sakwise Bima mulih, kari aku karo Bella loro-
loroan ning kelas. Awale aku gak ana firasat apa–apa,
mara–mara Bella nyekel tanganku lan langsung nekek
guluku maneh kaya wingi. Dheweke nekek guluku kuat
banget nganti aku gak isa ambekan. Wektu dheweke
nyekik aku banjur ngomong, “Saiki gak ana wong sing
isa nyelametake awakmu, mati awakmu saiki mati!”. Aku
gak ngerti apaa kok dheweke pengin banget mateni aku.
Aku ditekek karo dheweke lan aku gk isa ngelawan
akhire dheweke isa mateni aku.

Sakwise dheweke mateni aku, Bella ninggalake


jisimku dek kelas banjur dheweke mulih karo rasa gak
bersalah. Wong tuwaku kwatir polane nganti bengi aku
durung mulih wong tuwaku gak ngerti lek anake wes
mati. Akhire wong tuwaku nelfon pihak sekolah gawe
nakoni keberadaanku. Akhire wong tuwaku lan pihak
sekolah goleki aku ning sekolah. Lah dilalah wektu
kabeh wong golek aku ning kelas kabeh kaget amerga
wes nemukake jisimku. Sakwise delok aku wes mati
wong tuwaku langsung nangis gak trima karo apa sing
wes kedaden. Ibuku jerit-jerit lan ngrangkul awakku seng
wis gak urip iku. Maringono jisimku langsung digawa
nang omah lan langsung sesuci lan dimakamna. Kabeh
wong gak ngerti apa sebabe teka kematianku. Wong
tuwaku wis ikhlas tapi arwahku sik durung tenang aku

75
pengin bales dhendham karo Bella sing wis mateni aku,
aku pengin dheweke mati pisan kaya aku.

Isuk iku Bella teka lan langsung mlebu kelas,


kelas sepi banget nek ana dheweke ning kana. Aku
pengin bales dhendham nang dheweke kanggo cara
nuwuhake wujudku nang ngarepe dheweke. Wektu iku
aku nglugurake bangku sing tak lungguhi biasane,
pertamane dheweke biasa ae tapi aku pengin dheweke
stres lan keganggu karo hal ghaib sing dialami. Keloro
aku njuwil sikile banjur Bella krasa ana sing aneh lan
dheweke banjur noleh nang bangkuku seng wis lugur iku.
Dek kana dheweke delok aku sing wes dadi menedi. Aku
ngomong, “Aku kate ngajak awakmu nang alamku, aku
bakal ganggu awakmu nganti awakmu mati,aku kate
bales dhendham nang awakmu lan awakmu mati!”.

Bella langsung keweden delok arwahku sing gak


tenang lan kate ngganggu dheweke thok nganti
dheweke pisan mati. Saben dina Bella kaya wong
gendheng, jerit–jerit kaya wong kesurupan banjur
ngomong “Ana Gendhis ana Gendis, dheweke kate
mateni aku......., tolong aku tolong aku......”. Para guru
lan kanca-kanca gakngerti apaa kok Bella isa kaya
ngono. Selama seminggu aku ngganggu Bella, dheweke
tambah kaya wong stres, kabeh pengobatan wes
dilakoni gawe nambani nanging gak isa amerga
dheweke kudu bayar kabeh kelakuane sing wes
dilakukna nang aku. Nganti akhire dheweke wes gak
kuat karo kabeh teror sing tak lakukake lan akhire Bella
gantung diri. Sakwise dheweke mati kabeh dhendhamku
nang dheweke wes mari lan akhire arwahku bisa tenang.

76
14
Kenangan ing Papan Sandiwara
Moch. Aldi Maulana

Aku mlayu menyang papan gladen teater. Aku


telat telung puluh menit, iku sebabe aku mlayu kanthi
cepet. Minangka ketua teater, aku gak pengin
diremehake. Biasae wong nganggep menawa wong
lanang pantes melu basket,futsal utawa extra sing
mambu kaya olahraga liyane. Nanging, aku luwih
seneng dadi anggota teater. Senajan para kanca mesthi
gak seneng yen ana wong lanang sing mlebu teater.
Kemangka teater kasebut gak gampang kaya sing dikira.
Kene dilatih kanggo ngungkap emosi ing wektu sing pas.
Kene uga dilatih kanggo ngontrol emosi. Senajan teater
kasebut gak kelebu extra sing kereng kaya liyane.
Nanging aku yakin menawa iki minangka pilihan sing
cocok kanggo aku.

“Sugeng enjing sedaya!”aku mbuka amongan landhung

“Sampean saka ngendi? Kene wis ngenteni telung puluh


menit.Ketua kok telat.”hisbin,wakilku.

“Sepurane, aku keturon.Hehehe....” aku mangsuli karo


kisinan.

‘’Ya,wis. Langsung ae miwiti rapat iki.”

77
Banjur kene miwiti rapat wulanan. Rapat saben
wulan biasane mbahas lomba sing bakal ditindakake ing
wulan kasebut. Kita milih lomba sing isa melu ing wulan
kasebut.Yen gak isa,kadhangkala kene uga isa milih
luwih saka rong lomba ing sawulan. Rapat kasebut
udakara rong jam. Ing rapat kasebut, kene gak mung
ngrembug babagan kontes. Nanging kita uga guyon.
Mangkane sing nggawe rapat kasebut rada suwe. Malah
yen gak guyon telung puluh menit mesthi rampung
rapate.

“Oke. Dadi intine, wulan iki gak melu kompetisi. Kene


bakal gladhen sawulan kanggo nyiapake persaingan
PSP ing Jawa Timur wulan ngarep. Apa kabeh setuju?”
ujarku.

“Setuju!!” anggota sing ana bebarengan mangsuli.

“Apa maneh. Bisa uga ana pengumuman tambahan


marang Hisbin?”aku balik menyang hisbin wakilku.

“Mboten” wangsulane kanthi prasaja.

“Gak apa-apa. Rapat kita pungkasi wektu iki. Ndeleng


sampeyan gladhen saben dinane. Wingi-wingi bubar
sekolah saben dinane.”ujarku.Kekancan ing meja kaya
mentri sing paling dhuwur.

Pitik jago wiwit mbengok banter nuduhake yen


esuk. Setengahe hawa adhem ing dina iki kene kabeh
kumpul kanggo miwiti praktik pisanan. Ing dina kapisan
aku mung maca lan milih aktor, lan matur nuwun marang
Gusti sing di pilih dadi lakon, Jaka Kendil. Pemilihan wis
rampung lan mengko kudu ninggalake papan gladhen
lan langsung mulih. Aku seneng banget, kepiye mengko
78
sawise muncul ing panggung minangka lakon.Mungkin
aku bakal katon luwih adhem tinimbang sadurunge.

79
80
15

Latian Bal-balan

Muhammad Daniswara Prabawa Wicaksana

Sore iku aku nelpon bapak gawe jemput aku jam 5 ing
sekolah.

“Assalamu’alaikum Pak, kula saiki ana ekstra, saged


nyusul kula jam 5 sonten, Pak?” Nakon Dio

“Wa’alaikumsalam nak, isa bapak nak, ana ekstra apa


ta?” jawabe bapak

“Wonten ekstra bal-balan, merga wonten lomba bal-


balan minggu ngajeng.” jawabe Dio

“Oh, iya wes, latiane ati-ati ya.” Pesan teka bapak

“Inggih, Pak.” jawabe Dio

Sawise aku nelpon bapak, aku banjur menyang


jedhing kanggo ganti klambi. Ana njero jedhing aku
sinambi mikir, piye carane supaya aku maksimal ana ing
lomba iki. Lan aku duweni cara, yaiku latian kanthi
temen-temen. Tekadku ya mung siji, nggawa jeneng
sekolah nganti bisa ngarumake jeneng sekolahku.

Sawise aku mari ganti klambi, aku banjur


menyang lapangan gabung karo kanca-koncaku. Gak
suwe, pelatih bal-balanku teka. Dheweke banjur
ngongkon aku lan kanca-koncaku pemanasan.
Pemanasan sing saiki luwih beda saka pemanasan sing
81
biasane. Pikirku, mungkin merga arep lomba dadi
pemanasane luwih beda.

“Eh pemanasan dhisik rek, cekna ndak cidera.” jare


pelatihku, Pak Asnan

“Iyaaa!!” jawabe arek-arek

Sawise pemanasan aku lan kancaku langsung bagi 2 tim


lan langsung bentuk formasi.

“Main sing serius, minggu ngarep wes lomba” jare Pak


Asnan.

“Ashiaapp.” jawabe salah siji kancaku, Yanuar.

“Iyaaa!” jawab bareng arek liyane

Banjur pamanasan, aku lan kanca-kancaku latian.

“Pritttt, rek wis jam 5, waktune mulih saiki!” jare Pak


Asnan

“Cek cepete ya, kaya sektasan ae dimulai.” Wangsulane


Ardi

“Iya, soale kene latiane serius, terus aja kekeselen,


soale gawe persiapan minggu ngarep.” Timpale Dio

“Oh iya wis.” wangsulane arek-arek bareng.

Pas wes mulih kabeh, aku sik lungguh ngenteni Bapak


teka

“Wis ngenteni suwe ta?” pitakone Bapak

“Mboten Pak, enggal sampun kok.” jawabe Dio.

Banjur aku lan Bapak mulih nang omah.


82
16
Usaha Ora Ngiyanati Asil
Nabiila Istighfaroh

Ing SMAN4 Probolinggo ana pirang-pirang


ekstrakulikuler, salah sawijine yaiku teater. Ekstra teater
madhek dhek taun rongewu enem nganti saiki. Ekstra
teater iki ditindikake saben dina Rebo sawise
sekolah,senajan ekstra teater ora akeh anggotane,
nanging ekstra iki kwalitase gak perlu diragukake. Ing
saben kompetisi, ekstra teater mesthi nindakake latian
rutin saben dina supaya bisa nuduhake penampilan sing
paling apik. Ekstra iki wis melu akeh kompetisi, salah
sijine kompetisi FLS2N tingkat Kutha lan Pekan Seni
Pelajar tingkat Kutha.

Nalika melu kompetisi Pekan Seni Pelajar tingkat


Kutha, sekolah menehi pedoman teknis luwih dhisik
marang Pembina teater. Banjur Pembina ekstra
ngandhani pelatih lan anggota ekstra. Bab ing kang
pisan dibahas yaiku tema lan lakon crita sing bakal
ditampilake. Piliham judhul crita, kabeh anggota teater
nuduhake pendapat lan ngrembug supaya golek judhul
crita sing apik kanggo ditampilake. Sawise iku, pelatih
nemtokake paraga saben anggota sing kapilih. Pemain
sing dipilih dilatih kanthi mateng, sing dilatih yakuwi ing
babagan swara, ekspresi, intonasi lan gestur.

83
“Biil, Ekspresimu isih kurang.” Bang Ali ngendika
minangka pelatih.

“Ooo…. Ya, Bang.” aku mangsuli.

“Awakmu kudu totalitas supaya apik. Kaya Elly iku,


lho….. ekspresine wis mantep.” Bang Ali nambahi.

“Bang Ali, Sampeyan bisa wae…..” ujare Elly kanthi


bungah.

“Nanging, Ell….. swaramu gak banter, isih setengah-


setengah.” pamawas Bang Ali.

“Ya, Bang…. Iki arep tak jajal.” wangsulane Elly.

Wis latian pirang-pirang minggu, critane wis siap


lan apik. Banjur, nalika latian uga nggawe properti sing
arep digunakake. Kabeh anggota mbagi tugas, ana sing
tuku bahan, sawetara nggawe trap, ana sing ngecet, lan
nggraji kayu.

“Lif, sing genah, aja guyon wae!” jare Umam.

“Ya, Mam……ya.” wangsulane Alif.

“E, rek. Apa ae sing arep dak tuku?” takone Citra.

“Tuku cet, paku lan kain ireng limang meter.” ujare Risti.

“Yawis…. Aku tak budhal.” Citra pamit.

Kabeh properti wis siap, critane uga wis rampung.


Kompetisi iki dianakake tanggal selawe Mei rongewu
wolulas. Kurang saka seminggu menyang kompetisi,
kabeh anggota dadi luwih aktif gladhen.

84
“Ayo, rek. Semangat...... kurang seminggu, lho…. “ ujare
Adel.

“Ayo, semangat … kene pasti bisa.” ujare kabeh anggota.

“Awakmu kabeh kudu nuduhake sing paling apik kanggo


sekolahmu. Bang Ali percaya, awakmu kabeh mesthi
bisa. Amarga SMAPA kuwi sekolah para juara.” Bang Ali
menehi dorongan.

Wektu kanggo kompetisi wis teka, kompetisi


diwiwiti jam pitu esuk nganti rampung. Kabeh anggota
teater SMAN 4 Probolinggo ing urutan pitu dene saiki
urutan enem. Wektu arep tampil kabeh anggota,
pembina lan pelatih kumpul kanthi ndedonga
bebarengan banjur saling nyengkuyung.

“Sadurunge tampil, ayo ndedonga dhisik. Ndedonga


diwiwiti!” ujare Pembina.

“Rampung.” teruse.

“Ayo, semangat. Tampil maksimal lan fokus.” ujare Bang


Ali.

“Ya, Bang…..” wangsulane kabeh anggota.

Sawise tampil, kabeh pamirsa lan juri tepuk tangan.

“Aku gemeter mau……” sambunge Adel.

“Eh, padha, Del.” saute Biila.

“Awakmu kabeh wis nindakake kanthi apik, Bang Ali


bangga.” ujare Bang Ali.

85
Sawise kabeh penampilan rampung. Wekdal sing
dienten-enteni yaiku pengumumam juara. Kabeh
anggota teater gemeter.

“Aku wedi….” ujare Alif.

“Mung ndedonga, muga-muga bisa menang juara siji.”


ujare Umam.

“Aamiin….” wangsulane kabeh anggota.

“Eh, rungokna rek rungokna! Juri arep pengumuman iku,


lho.” ujare Elly.

“Juara katelu, dening SMAN 1 Probolinggo. Juara kaloro,


dening SMAN 2 Probolinggo. Juara kapisan………
dening SMAN 4 Probolinggo. Slamet gawe para
juara…..” ngendikane juri.

“Yeaaaaayyy…… Alhamdulillah. Juara sji, rek….” ujare


Biila.

“Slamet, ya…….. awakmu kabeh hebat banget.” ujare


Bang Ali.

“Matur suwun, Bang….“ ujare kabeh anggota kanthi


bebarengan.

Sawise rampung pengumuman, dilanjutna foto bareng


lan gak lali ngucapake panuwun marang Gusti Allah,
Wong tuwa, Bapak lan Ibu guru, Pembina, uga pelatih.

86
17

Ajar Sepeda, Malah Nyungsep

Nurhayati

Ing dina minggu sore, aku karo kancaku wis


janjian arepe ngajari aku numpak sepeda motor.
Dheweke arepe ngajari aku amarga aku sik durung bisa
numpak sepeda, entah kuwi sepeda pancal utawa
sepeda motor. Pas aku karo dheweke omong omongan.

"Kowe iki lah kok ya durung bisa numpak sepeda


kepriye ceritane toh" jarene karo delok aku terheran-
heran. Banjur tak semauri, "ya wis ngene pancen aku
biyen trauma pas cilik numpak sepeda pancal, tiba.
sikilku cekot-cekot aku nangis tok deleng sikilku akeh
getihe".

Dheweke sing ngerungokake ceritaku mau banjur


ngakak sak ngakak ngakake.

"Hahhaha, ngunu kuwi yo wis biasa. ajar sepeda tiba


kuwi wis lumrah. Ayo wis tak ajari aku tapi sepeda motor
wis yaa. Amarga aku gak nduwe sepeda pancal"
tawarane deweke menyang aku, langsung tak jawab iya.

"yawis manut kowe ae aku, tapi awas ae aku nganti tibo


maneh emoh aku wis"

87
Akhire aku karo dheweke muter-muter golek
panggon sing trep gawe ajar sepeda motor. Dheweke
awale arepe golek lapangan ombo ben aku isa leluasa
ajar sepeda. Lah kok jebule dheweke mandek ing pinggir
dalan, banjur tak takoni..

"Lah jare arepe golek lapangan?" takonku karo getun.

"Iyaa, ing kene ae wis lah, dalane sepi mumpung lurus


manehe aspale ya sik katon alus gak ana watu watune"
semaure nang aku.

"Waduh tak manut ae lah, ayo kepriye ajari saiki".

Aku sing wis gak sabar akhire langsung pindah


lungguhan, sing awale aku lungguh ing jok mburi akhire
aku pindah ning jok ngarep tempate sing nyetir. Asli
tanganku gemeteran kae iku banjur nyekel setir kaya
kaku ngunu.

"Heh kowe iki ngapa toh kok kaku nemen arepe ajar
sepeda, rileks setithik ngunu loh" dheweke ngomong
karo separuh getak aku.

Akhire dheweke wis mulai ngewenehi instruksi kanggo


nyetiri sepeda kuwi.

"Wis yaa alon-alon sek. Sing kanan iku gas kanggo


ngelakokake. Yen ngegas aja langsung dipalna loh yaa,
setithik wae alon-alon asal kelakon".

Aku sing diwenehi instruksi kuwi cuma bisa manthuk-


manthuk muatandakake yen aku wis paham

88
"Ayo gas setithik wae"

Lah kok jebule pas tak gas kuwi sepedane banter soro
mlakune. Aku karo deweke langsung kaget pisan.

"Heh heh alon alon.."

Akhire, gubrakkk....

Aku lan dheweke langsung tiba bareng ing aspalan.


Dheweke langsung ngadek banjur nulungi aku sing
posisine ketiban sepeda.

"Aduh lara nemen sikilku" sambatku alon amarga sikilku


ketiban sepeda

"Duh kowe iki ana-ana ae toh, sing ngendi sing lara.


mangkane yen ngegas alon-alon ae, kan aku wis
ngewenehi instruksi" dheweke crewet gak karuan karo
kwatir amarga aku kelaran.

Gak suwe akeh wong sing padha mara menyang


aku karo dheweke melu nulungi.

Pas akeh wong, dheweke ngomong yen arepe tuku


banyu ing warung ngarep gawe aku, lan aku sik
dibarengi karo wong wong sing padha mara mau.

"Iki ndang diombe, tenangna atimu" dheweke karo


ngewenehi ombean.

Sawise aku wis rada tenang, akhire wong-wong padha


balikan ngomong yen kudu ngati ati.

"Yawis ayo muleh wae, sikilmu pijet ae ya ben gak ana


urat sing kecepit. Baru iki aku ngajari arek numpak
sepeda sing ngegas langsung dipolno haduh haduhh".

89
"Tapi gapapalah ya, dadi pengalaman hahaa".

Deweke ngakak karepe dhewe sajane aku wis kelaran.

"Yawis ayo muleh wis meh surup iki".

Akhire aku karo deweke muleh karo sikilku sing tak


cekeli mulai teka panggon tiboku nganti omah.

Nutuk ning omah aku ditakoni karo Mbah Uti.

"Lah kenapa tah cah ayu?" Mbah Uti kwatir amarga aku
mlakune rada pincang sithik.

"Niki Mbah Uti mantun ajar sepeda motor kale kula,


ngantos tiba" semaure deweke menyang Mbah Uti.

"lah lah kok isa toh? wis kene ndang tak pijetane ben
waras".

"inggih Mbah Uti" semaurku.

Akhire aku sakwise nuthuk omah langsung dipijet sikilku


karo uti. Sangking larane aku nganti mrenges mrenges
kelaran.

Bener-bener pengalaman sing gak isa tak lalikno nganti


tekansaiki. Akhire kula nganti saiki ya wis gak isa nitih
sepeda, amarga trauma kuwi mau.

90
18

Wis Tiba, Ketiban Andha

Nuril Lailatul Maghfiroh

Dina Rebo, swasana langite cerah. Dinda budhal


ing sekolah mlaku dibarengi karo Sasa, kanca kelase.
Dinda lan Sasa kuwi arek kelas 6 SD. Dinda iku areke
aktif banget lan sering gawe guyonan. Amarga langite
katon apik, Dinda terus-terusan nyawang langit nganti
lali yen ana Sasa ing sebelahe. “Din, DIn.. Aku ngerti
yen awakmu seneng karo langite, tapi aku ya digatekna
pisan” saut Sasa. “Hehehe... Iya sepurane, Sas. Iku lho
langite apik nemen. Oh iya, kira-kira materi olah raga
dina iki apa ya, Sas?“ takon Dinda. “Sak ngertiku seh
mlayu, Din” bales Sasa. Sawise iku, Dinda lan Sasa
ngelanjutna perjalanane nyang sekolah. Rina gak nyadar
yen dina iku dheweke bakal ngalami hal sing lucu.

Tettt....... bel sekolah tandha masuk. Kabeh


siswa melbu ing kelase dhewe-dhewe. Pak Danang
melbu ing kelas 6 arepe menehi materi. Sawise iku
siswa kelas 6 langsung nyang lapangan kanggo olah
raga. Dinda lan kancane kabeh jogging. Jefri sing areke
lemu diguyoni karo Dinda amarga mlayune lucu. “Jef,
yen mlayu kaya ngene lho, mengko awakmu isa rada
kurusan.” guyon Dinda karo jogging ing sebelahe Jefri.
“Apa sih Din, ndak lucu. Alon-alon ae sing penting

91
kelakon” jare Jefri. Sawise ngomong ngunu, Jefri
kesandung lan meh tiba. Kabeh kancane guyu, terutama
Dinda sing guyune ngakak banget. Dinda tetep ngguyui
Jefri ngadhep buri karo jogging. Dinda terus-terusan
guyu lan gak sadar yen ing ngarepe ana tiang. Jefri sing
ngerti yen ing ngarepe Dinda ana tiang mung meneng
ae. Sengaja ben Dinda nabrak tiang iku lan Jefri isa
ngguyui Dinda balik. Pas Dinda balik ngadhep ngarep,
dheweke langsung nabrak tiang kuwi sampek bathuke
benjol. Jefri balik ngguyui Dinda cekikikan lan Dinda
mung nyengir ae. Jefri marani Dinda lan ngomong, “Din,
Din.. apa jareku mau, alon-alon sing penting kelakon”
banjur kabeh kancane ngguyu.

Sawise olah raga mau , wayahe ganti klambi


seragam. Dinda lan kanca wedoke ganti ing kelas lan
kanca lanange ganti ing jedhing. Ing kelas, kancane
Dinda ngeling-eling kedadeyane Dinda pas olah raga
mau. “Din, Din... awakmu iki wis nabrak tiang, tapi sik
isa ae guya-guyu kaya ngono” saut kancane Dinda. “Ya
yapa maneh ta, wis nasib” jawabane Dinda nggarakna
kancane ngguyu.

Pas Dinda masang rok, dheweke kudu muter


roke dhisik nang ngarep, baru diresleting. Nanging,
Dinda lali muter balik roke sing buri nang buri maneh.
Pas Dinda nang kantin, kabeh arek nyawangi Dinda karo
guya-guyu. Dinda bingung apaa kok arek liya nguyui
dheweke. Dinda nakon “Eh apa ta? Iki ta? (karo nduding
bathuke) benjol? Iya, aku nabrak tiang mau.” Sasa sing
nyadar langsung ngguyu kepingkel. “Apaa ta, Sas?”
Dinda bingung. Sasa nduding roke Dinda. Dinda sing

92
sadar langsung mlayu nginclik nyang jedhing, disusul
karo Sasa.

Bel masuk sawise istirahat muni. Dinda sing


sektas metu teka jedhing langsung ditampa karo Sasa.
“Yaapa, wis bener roke?” takon Sasa. Dinda mung
cengingisan. Banjur arek loro kuwi mlebu kelase.

Kanca-kanca kelase Dinda wis ngerti babagan


roke Dinda ing kantin mau. Pas Dinda lan Sasa mlebu
kelas, ana arek lanang sing lungguh ing sampinge Jefri
ngomong, “Din,,, Din.. apa perkara benjol kuwi ta?
Sampek awakmu lali masang rokmu sing bener?”. “Hus,,
yen guyon aja kelewatan” saut Sasa. Dhumadakan
swasana kelas sing rame dadi sepi. Dinda mung
meneng nyawang arek lanang sing ngomong mau.
Banjur Dinda ngomong, “Iya, yen guyon aja kelewatan....
Yen kelewatan mengko mutere kadohan”. Sawise iku
kabeh kancane Dinda ngguyu kepingkel lan swasana
kelas mbalik rame. Gak let suwe, guru mlebu kanggo
menehi pelajaran selanjute lan kabeh murid mbalik
lungguh ing panggone dhewe-dhewe.

Pas bel mulih sekolah, Dinda lan Sasa janjian


arepe main ing omahe Dinda. “Din, aku tak mulih dishik
ya, marine langsung nyang omahmu” saut Sasa pas wis
nutuk omahe Dinda. Amarga omahe Sasa sik lurus.
“Iyawes, Sas” saut Dinda.

Sasa wis ana ing omahe Dinda. Nanging arek


loro iku saiki meneng-menengan bingung arepe main
apa.

“Din, iki kate main apa ta?” takon Sasa.

93
“Iyaya,, main apa ya, Sas?” jare Dinda.

“Ayok main bekel wis, Din.” Semaure Sasa.

“Ohhh sip-sip. Sek ya tak jupukna bekele dishik” saut


Dinda lan langsung mlebu nang kamare.

Gak let suwe Dinda metu teka kamare. “Sas, bal bekele
ilang. Aku iling yen digawe balangan karo adhikku
kanggo mbalang pelem”

“Ohh iyawis main sing liyane.” Jare Sasa

“Ayo nyinggit ceri ing buri omahku wis, Sas” ajak Dinda

Banjur Dinda lan Sasa main ing buri omah. Arek


loro kuwi, golek ceri karo nyinggit wit ceri ing duwur. Ing
sebelahe wit ceri kuwi ana kali sing cedhak sing ambane
sak meteran. Dinda nyinggit ceri ndhelok dhuwur terus
karo maju-maju lan Sasa mung ngarahno Dinda. Dinda
gak sadar yen dheweke wis meh nyegur. Nanging Dinda
terus maju lan byurr Dinda nyegur lan Sasa njerit
“DINDAA!!“ disusul karo guyu kepingkel. Dinda mung
pasrah wae ing ngisor kana karo tangan sing sik nyekel
singgit. Sakwise, Dinda munggah ditulungi Sasa. Sasa
ngomong “Din,,Din.. mau awakmu tiba, roke kuwalik, lah
saiki nyebur kali pisan. Wis tiba, ketiban andha”. Banjur
Dinda lan Sasa guyu kepingkel.

94
19

Nggayuh Rembulan

Rebecca Karen Virginia

Ing paturon sarwa putih,aku ngeremek-remak


drijiku dhewe. Mripatkugak isa merem,kadhang aku
delekna para perawat sing liwat ing ngarep lawang,
dumadakan ana perasaan rindu karo tangan ibu. Tangan
sing pengin tak genggem gawe mbagi susah sedhihku.

Tangan ibu? Hmm…. Terus terang wiwit bocah.


Aku tansah kangen karo tangan ibu. Tangan sing alus
lan lembut. Tangan sing tansah ngelus nalika aku lara.
Nanging tangan sing tansah jiwit nalika aku ndableg.
Tangan ibu pisan sing tak arepna nggayuh bulan kanggo
kanca turuku.

Nalika umurku limolas taun,tibake ibu wis gak


ana. Tangan sing durung sempet nggayuh bulan kanggo
kanca turuku,panjenengan wis kondur katimbalan dhisik
kanggo saklawase. Kanker sing nglumantan awak
dhewe ing pertemuan terakhir. Tangan sing anget dadi
adhem. Pangajapku tangane bisa obah ngelus kaya
biasane. Naging sia-sia,dheweke pancet meneng gak
obah.

Kala iku,tak lewati masa remajaku tanpa ibu.


Nalika remaja,aku rumangsa akeh sing ilang ing njero

95
awakku. Nanging aku gak ngerti apa iku sing ilang,sing
tak ngerteni aku gak nduweni kasenengan ing masa
remaja. Aku dadi bocah sing meneng lan katutup.

Mripatku isih nyawang langit ing kamar rumah


sakit. Tangisan wong wadon ing sisihku nembus
gendhang kupingku. Perawat mlebu sadela nyawang lan
takon.

"durung turu? Istirahat dhisik wae…. Aja kwatir, bayimu


sehat wae."

Huh! Aku ngendhus alon. Sapa sing kwatir


mikirna bayi iku? Batinku alon. Aku isih ngawatirake
awakku dhewe! Masa depanku! Kauripanku! Aku njerit.

Tak pikir,kelingan masa lalu luwih nyenengake


tinimbang mikirna masa depan. Aku wedi mikirna masa
depan. Ing masa depan gak ana sapa-sapa sing
ngancani aku. Sing ana mung aku karo bayi iku! Ora ana
ibu, tapi aku wis dadi ibu. Angin bali ngelingake masa
laluku ing ngendi umurku pitulas taun,ketemu karo Andi
kanca kerja ayahku. Andi iku tresna pertamaku,Bapak
saka bayi iku lan mantan pacarku. Dheweke sing
ngajarake apa iku manise tresna lan paite tresna.

Mripatku brebes. Prasaku nyesek ing dhadha.


Mripatku nyawang jam werna putih sing ana ing
ngarepku. Nanging krasa ngantuk durung teka. Rasa
benci ing atiku numpuk. Dilalah tibake,wong wadon ing
sisihku takon

"Pambarep ya? " ditakoni wong ing sisihku.

96
Aku mangsuli pitakonan wong wadon iku kanthi rasa
sing lara ing ati,kanthi ilat sing keluh aku grundel
mangsuline.

"Iya".

"Iki pisan pambarepku." ngandikane.

Dheweke ambelean alon karo ngelus-ngelus cotenge.


Aku gak ngreken. Aku luwih seneng dolan karo masa
laluku.

Srengenge esuk nembus cendhela kamarku.


Perawat mlebu nggawa segelas susu karo sarapan.
Sawise iku,pasien ing sisihku mlebu maneh kanthi
pasuryan kesel karo mripat sing seneng.

"Anakku wadon, ayu, lucu, lan mungil" ujare kanthi


seneng.

Sawise iku perawat loro mlebu gawa bayi loro ing


jero kereta. Wong wadon ing sisihku langsung
nggendhong bayine. Perawat ngandhani weruh cara
nyusuni ing bayine. Aku isih lungguh meneng karo
nyawang bayine kanthi rasa penasaran.

Sawise, wong wadon iku deleh bayine maneh.


Dheweke katon tenang lan wareg. Tak sawang bayiku
dhewe bayi lanang karo rambut lan alise kandel,irunge
mbangir, mripate kedap kedip lan lambene kecap-kecap.
Bayine katon gelisah,menawa dheweke luweh. Aku gak
mikir gawe nyusohi bayiku, nanging aku gak tau nyekel
dheweke. Aku mung nyawang bayi iku.

97
Keprungu tembang alon,tak toleh.

" Kasih ibu kepada beta… .. Tak terhingga sepanjang


masa… hanya memberi tak harap kembali bagai sang
surya menyinari dunia"

wong wadon ing sisihku nembang karo ngelus pipi


bayine. Atiku gemeter,mripatku panas. Sepining wektu
aku eling ibu.

Ibu? Duduke aku saiki wes dadi ibu? Aku


sadar,kepriye maneh aku wis ngelairna anakku. Aku wis
dadi ibu? Apa aku kudu nggawe anakku kerasa sepi lan
dhewean padha karo aku ndhisik? Aku gak bakal nyia-
nyiake uripe anakku. Ing dunya sing amba,dheweke gak
dhewean. Dheweke nduwe ibu! Yaiku aku! Ya apa paite
masa depan, aku kudu gawe uripku padhang. Aku bakal
nggayuh bulan uga lintang gawe anakku….. Raga,rasa
tresna bakal mungkul.

Kanthi alus banget lan ati - ati, tak usap bayiku


banjur tak gendhong. Sawise tak embung. Aku ngguyu
karo nangis. Susah karo seneng kwawiji. Aku nembang
alon

"Ambilkan bulan bu… . Ambilkan bulan bu… "

98
20

Arek Sing Sembrana

Ro’ina Farikah

Kenalake, jenenge Rina Sekar. Rina kerep


diceluk Ina saka keluwarga lan kanca-kanca cedheke.
Umure wes pitulas taun, nanging sikape isih kaya arek
cilik. Dheweke kerep ngengkel yen diomongi kanthi apik
dening uwong liya, cerewet, lan sembrono. Senajan yen
ana masalah, mesti dimarina kanthi penuh tanggung
jawab. Yen kekancan mesthi gak milih-milih lan grapyak
marang wong liya.

Rina duwe kanca sing paling cedhek saka SMP


kelas 8. Jenenge Tari lan Erli, kekarone setaun luwih
tuwa saka Rina. Dheweke kabeh kerep nulung Rina yen
ana masalah, kerep ngelingake Rina marang barang-
barang lan urusan penting merga Rina iku sepisan mane
sembrono! Contohe, wektu Rina ndhekek kunci motor
ing sembarang mejo lan wes lali didhekek ing meja endi,
mesti kanca-kancane sing repot goleki.

Saiki Rina lan kanca-kancane wis kelas 3 SMA,


Yaiku SMA Negeri 4. Bulan November iki, Sekolah
ngadakeke study tour menyang Surabaya-Yogyakarta
gawe kabeh angkatan kelas 3. Artine, kurang luwih rong
minggu maneh saka bulan November. Rina lan kanca-
kancane wis nyepakake arep blanja keperluan ing Giant.
99
Kabeh wis ditugasi gawe tumbas barang-barang sing
diperlukake.

“Rek, wes dijupuk kabeh barang-barange?” takone Tari


karo ndekek biskuit Roma Irama ing Troli.

“Durung, sik. Minyake durung dijupuk,” wangsulane Rina


karo ngempet guyu.

“Minyak? Gawe apa?” Eli nyawang Rina. Bingung


amarga minyak gak ana ing daftar belanja.

“Gawe parfum. Ben dheweke seng durung adus lan riwe


mergo latihan fisik, ora mambu-mambu banget.”
wangsulane Rina karo ngguyu ngekel.

“Yo ndak lah. Ibuku nitip belanja minyak gawe masak


maringene. Yen kowe pingin mangan, mampiro
menyang omahku.”

Eli lan Tari greget gemes, nanging ndeleng rupane Rina


sing ngguyu, dheweke mesem ngerteni.

Kabeh barang sing ana ing daftar wisq dijupuk. Rina,


Tari, lan Eli mlaku tumuju kasir. Kabehe wis janjian
patungan, nanging wektu Rina nggoleki dhompet ing tas,
dhompete ora ketemu.

“Duh, dhompet ku ngendi ya??”

“Ana opo In? Ndi dhuwite? Wes dienteni Mbak Kasir iku
loh.” Eli mbisiki aku.

“Dhompetku gak enek,” Rina bales bisik lirih.

Mbak-mbak Kasir ing ngarepku nglirik. Masio


dheweke mesem manis, nanging teko mripate nyiratake

100
lagi kesel ngenteni arek-arek iki, kok ya antrian ing mburi
isih akeh.

Tari sing ana ing sandhinge Rina melu bisik,”Apaa,


Rek??”

“Dhompetku gak enek. Mbokmenawa kari ing omah. Ya


apa iki? Dhuwite isih kurang.”

“Pangapunten, Mbak. Belanjane sampun diitungi. Totale


kabeh satus seket ewu.” Mbak Kasir ngomong nalika
nata belanjaan ing kresek.

“Gawe dhuwitku sek wes. Sampe omah, langsung ganti,


ya?” Tari ngusulake. Banjur bayar belanjaan ing kasir.

Ing njaba Giant, Rina langsung nggunem.

“Suwun yo, Tar. Aku ngerepoti kowe. Padahal aku wes


yakin yen dompet iku wes taklebokno tas. Duh, sori sori.”

Tari nggeleng.”Ndak papa. Kan wis dakkandhani priksa


dhisik barangmu yen kate lunga. Iki wis ping pira kowe
lali karo barangmu dhewe. Arek kok sembrono banget.”

“Iyo. Wis dakprika bolak-balik. Aku ndhak ngerti apaa


kok isa kari.”

Sadurunge situasi tambah spaneng, Eli langsung


ngomong, “Wis, wis. Ajek gelut dekkene, dek Zipur ae.
Caruk-carukkan nganggo jurus Silat. Nanging,
sadurunge iku, mulih dhisik, yuk?! Aku luwe.”

Rina lan Tari sandhang-sandhangan banjur


gedheg-gedheg karo mesem. Ancene yen dheweke
kabeh gelut ora isa suwi.Study tour menyang Surabaya-
Yogyakarta wis diwiwiti. Universitas sing saiki tekani
101
yaiku Universitas Negeri Surabaya (UNESA). Gedhung-
gedhung ing UNESA iku gedhe-gedhe lan modern. Ing
kana ana tlaga gawean sing kalebu daerah Lidah Wetan.
Tlaga iku ana ing cedheke gedhung Fakultas sing
ditekani sekolah SMA Negeri 4.

Mumpung saiki diwenehi wektu leren, Rina lan


kanca-kancane mara menyang Tlaga lan asik selfie
barenh. Arek telu sakancaan iku njupuk selfie karo gaya-
gaya sing nyeleneh. Ana sing melet, ana sing ngibasake
rambut, lan ana sing merem melek.

“Eh, raiku ketok elek ing kene. Mbaleni, mbaleni,”


Protese Rina sakmarine ndeleng hasil foto.

“Apik kok. Iso dadi foto aib iki,” jare Tari karo nyekeli HP
sing digawe foto mau.

“Ho’oh. Dadi yen kowe ulang taun, foto iki iso dak-upload
ing WA lan wenehi Caption ‘Happy Birthday Mprul. Moga
kowe tambah dhewasa lan sembrono isa dikurangi’.
Hahaha.” Erli nambahi.

“Pret... Kampret kowe, ya!”

Elda, salah siji ketua rombongan study tur, moro-moro


teko lan ngomong, “Rek! Wektu lerenne wes entek. Ayo,
ndang balik. Maringene ana sosialisasi.”

“Duh... aku kebelet. Rin, melu aku menyang toilet, yuk!”


Tari langsung narik tangane Rina tanpa nunggu
wangsulane.

Sak tekane ing toilet, Tari langsung ngandhani Rina,


“Rin, tulung cekelen HP iki. Aku ndang mlebu sik.” karo
menehi HP neng Rina.
102
“Iyo, iyo....”

Nalika ngenteni Tari, Rina kacaan Hpne Tari banjur


didekek ing cedhake wastafel. Rina mikir yen study tour
saiki lumayan seru, apa mane maringene arep tindak
menyang Pasar Bringharjo. Dheweke gak sabar arep
tuku sembarang oleh-oleh camilan lan klambi-klambi
apik.

Tari metu teka bilik. “Wes mari. Ndang balik, yuk!”

“Iyo...”

Arek loro iku langsung metu saka toilet. Nanging, Rina


lali (maneh) yen HPne Tari isih ana ing wastafel. Ancene
sembronone Rina iku kaya gak isa ilang.

Tekan ruang aula, acara sosialisasi isih berlangsung.


Tari lan Rina nolah-noleh ngggoleki Erli, banjur ngampiri
barisan kursi tengah sing dilungguhi kanca cedheke iku.

“Hei! Wes suwe kah?” Tari langsung lungguh ing


sandhinge Erli.

“Ndak kok, sek sambutan saka Rektor lan panitia liyane,”


wangsulane Erli. ”Eh, HP mu endi? dakselang sik, yo?
Aku arep dokumentasekake kagiyatan iki gawe tugas
Jurnalistik.”

“Ana ing Ina.” Tari ngelirik Rina. “HPku daktitipake kowe


kan? Endi saiki???”

“Eh... Hpmu?” Rina ketok bingung. Banjur nyeplos


bathuke. “Aduh... kari!”

“NAH, KAN!!! Kan wis tak kandhani, simpena sing genah.


Ndang digoleki saiki.” Tari ketok panas atine . Dheweke
103
mara-mara narik Rina metu saka Aula. Erli sing kuwatir
melu metu pisan, wedine arek loro iku temenan carukan.

Tiga kanca kuwi tekan toilet karo mlayu kejer.


Alhamdulillah, nalika digoleki, tibake isih ana ing dhuwur
meja wastafel.

Rina langsung abang raine. Dheweke gak wani nyawang


Tari sing lagi ngelus-elus HP kaya ngelus bayi. Nanging
dheweke sadhar yen iki kesalahane, dadi Rina ngrasa
kudu wani tanggung jawab senajan bakal diseneni.

“Tar... Sepurane, Tar. Aku wes sembrono maneh.


Kudune aku luwih ngati-ngati nyimpen barang sing
dititipake neng aku. Nanging aku isih ndableg—ndak iso
teliti banget.”

Tari mung nglirik, banjur mlengos karo ambekan landhug.

“Tar...” Erli ngelingake. “aja ngono. Ikuloh Ina njaluk


sepura.”

“Iyo...” Tari mangsuli nanging tetep gak noleh.

“Daktraktir oleh-oleh ing pasar Bringharjo wis. Kan


sakmarine UNESA, awakdhewe arep menyang Pasar
Bringharjo.” Rina ngomong karo ngempet mesem.

Kancaan saksuwene telung taun, Rina ngerti yen Tari


nesu iku kudu disogok gawe traktiran jajan. Kaya ngene
iki, Tari ndadak noleh karo mesem semringah. Nah kan!

“Iyowes, iyo, daksepurani. Tapi, aja diulangi maneh. Iki


wes isa dadi pelajaran penting gawe kowe. Yen ana
barang sing dititipi kudu dijaga ati-ati, dieling-elingake.
Untung HPne gak ilang.”

104
“Iyo, iyo. Sepurane maneh ya, Tar. Sepurane, Er.”

Erli gedheg-gedheg. “Wes, wes. Sepurane tok kaya arep


halal bihalal ae. Ramadhan isih adoh. Ketimbang
ngadheg ing kene tok, mending ndhang balik,”

“Iya, iya... wis jam piro iki. Ayo ndang balik. Wedi
ndaksida traktiran iki.” Tari cepet-cepet metu karo narik
tangan Erli.

“Yen traktiran langsung gercep ae yo...”

105
106
21

Kanca

Roy Adi Irawan

Riki sekolah ing sekolah dasar sukabumi 9 kelas


6, ing sedina ana murid pindahan jenenge Rika,
dheweke pindah merga ibuke pindah dinas ing kota iku.
Rika areke ayu lan watake apik, nanging sayang
dheweke tunarungu dadine dheweke keangelan gawe
ngomong karo kancane. Awal pengenalan ing sekolah,
Rika gawa buku lan nulis jenenge ing kana. Kanca -
kancane padha bingung merga apaa kok Rika gak
ngomong wae.

Pak guru njelasna nek Rika iki tunarungu, akhire


arek-arek liyane paham apaa Rika kok gak pernah
ngomong. Rika langsung dicedeki arek-arek liyane akeh
sing gelem dadi kancane nanging bedo karo Riki lan
kanca lanangane dheweke ngrasa risih amerga Rika
wong tunarungu nanging dheweke diperhatikna karo
kabeh kanca-kancane.

“Eh, Rik ya apa iki aku risih karo arek anyar iku”
ucapane Tio. “Iyo Rik aku sisan, sektas teka sosokan
golek perhatian soksokan apik pisan” Izam nambahi
ucapane Tio. Akhire Riki nyedeki Rika karo ngomong “eh
wakmu arek anyar dek kene, gak usah soksokan polos
ngono”
107
Rika karo ekspresine sing wedi nulis ing buku lan
nudukno nang riki

“Sepurane nek aku salah aku gak ana maksud, awakmu


gelem kancaan karo aku?”

“Gak usah jaluk sepura” Riki jupuk alat pendengar sing


digawe Rika

“Dadi alat iki sing nulungi awakmu krungu?”

Rika coba jupuk alat sing dijupuk Riki nanging,


Riki duwe tenaga sing kuat akhire Riki ngerusakna alat
pendengaranne Rika. Rika akhire nangis lan langsung
balik. Keesokan dinane Rika duwe alat pendengaran
sing anyar nanging Riki ngelakukna hal sing padha
nganti Rika tuku 3 alat pendengaran lan iku dirusak
kabeh karo Riki, sing terakhir akhire Rika ngelawan Riki
coba ngelawan nanging kancane Riki gak gelem
meneng akhire Rika dicemplungake menyang kolam
sekolah.

Rika mung isa nangis lan nuduhake tangan sing


artine “awakmu gelem dadi kancaku?” karo nudukna rai
nangis nanging Riki gak ngereken lan ninggalaken Rika.
Keesokanne pak guru ngomong nek Rika pindah ing
sekolah liya, Riki gak ngerasa bersalah blas nanging
dheweke malah seneng nek Rika pindah. Mulih sekolah
Riki diajak ibuke metu nanging Riki gak weruh ate metu
nang endi, pas wes nutuk dek tujuan ibuke riki metu lan
ketemu karo wong wedok. Riki deloki ibuke ngei duwe
akeh nganti cincin emas ibuke dijupuk pisan, ibuke Riki
balik nang Riki lan jelasna mau.

108
“Mau iku ibuke Rika, iku mau gawe ganti alat
pendengare Rika”

Riki ngerasa bersalah lan sedih. Uwis 6 tahun


lewat, Riki isih kepikiran marang duwek sing gawe ganti
alat pendengaran Rika. Pas mulih sekolah Riki menyang
taman kota lan ketemu karo Rika.

“Eh Rika, iki temen awakmu? Suwe gak ketemu”Rika


meneng wae karo nudukna rai isin.

“Aku jaluk sepurane ya merga aku biyen awakmu akhire


pindah sekolah”

Rika geleng geleng lan coba ngomong seisane

“A..kk...uu ga.op..o ko.k”

Riki kaget krungu suarane Rika, Riki mikir Rika


wis usaha nyoba ngomong menyang Riki. Riki terharu,
dheweke gerakna tangane sing artine

“Wakmu gelem dadi kancaku?”

Rika nangis lan mesem marang Riki karo manggut.

109
110
22
Gendera Kuning

Safira Nurul Iswanti

Risya langsung mblayu nang arahe laci,gawe


njupuk obate ibu.Risya bingung,obate ibu entek,padahal
ibu kudu ngunjuk obate yen gak penyakit kanker ibu
nambah nemen.

“Umm.. obate ibu telas.”omonge Risya.

“Oh yawes nak,tak pikir isih kuat .”wangsulane ibu

Nang omahe, iku dipanggoni Risya lan


Ibu,bapake Risya wis suwi seda,mbak yu ne emboh
nang endi.Risya metu omah gawe nyelang duwite Mang
Urib gawe tuku obate ibu,tapi Mang Urib lagi gak duwe
duwit pisan.Risya wes keentekan akal nyelang kana
kene tapi gak ana asile,akhire Risya balik gawe ndelok
keadaan ibuke.Risya nduwe sethithik simpenan duwit
gawe budhal Jakarta.

“Ibu,seumpama tak tinggal kerah pripun?

“Ibu ra papa nak”

“Ibu, Risya pengin nang Jakarta, Risya pengin kerja


merga Risya pengin ibu dhangan sehat malih,Risya
sedih bu yen lungah nyawang ibu ngene terus.” omong
Risya.
111
“Yawes nak,mengko aja lali nadari ibu ya lek wis tekan
Jakarta, ibu mek isa dunga.”

Risya langsung siap-siap gawe budhal nang


Jakarta.Risya menyang omahe Mang Urib dhisik.

“Mang,Risya titip ibu ya..”

“Iyaa neng, mang pasti njaga ibumu, neng ati-ati ya nang


Jakarta.”

Risya numpak bis. ngomong tekan ati “selamat


tinggal ya bu, dungakna Risya ben oleh duwit akeh gawe
tuku obate ibu. Risya janji,Risya bakal cepet balik.”

Risya wis tutuk menyang Jakarta,Risya oleh


penggawean nang Jakarta,Risya seneng banget nang
Jakarta,pemandangane indah, gedung-gedung sing
gede,nanging Risya iling karo ibu. Risya mulai
bekerja,swara hp Risya bunyi,nanging Risya sibuk karo
penggaweane.

Dina tambah sore, Risya mulih lan ngasuh gk


nyawang hp ne. Sesuke, merga Risya bakal balik nang
kampung omae,Risya seneng banget amarga Risya
bakal ketemu ibu. (Pas nutuk omah)akeh para warga,lan
kumpul akhire Risya takon nang Mang Urib,”Mang
cepetan ana apa iki ?.” Mang Urib menehi weroh Risya
yen ibune wis seda.Risya sedih banget lan langsung
meluk ibuke gawe sing terakhir kaline. Kabeh warga
meh isa nyawang Risya,Risya mek isa nangis,nangis
lan nangis,sampek jisim ibuke dimakamno,Risya
rumangsa kecewa karo iki kabeh.

112
Jisime ibu Risya wis dimakamno,kabeh warga
mulih,Amung Risya lan kancane sing nang kana.

“Aku pengin nang kene dhisik ngancani ibu lan njaga


ibu.”omong Risya

“Sya, muliho ae kowe kudu istirahat” “Tapi.. tapi geneya?”

“Ayo mulih, awakmu ya kudu istirahat.” Akhire Risya


mulih dikancani Kiki.

Saiki kabeh wis akhir lan gendera kuning,sing


tertancap ing atine Risya.

113
114
23

Ulang Taun

Septiani Jessica Adisty Bariroh

Dina rebo tanggal sewelas September,


srengenge nuwuhake sinare kanthi padang. Aku tangi
karo esem sing manis kelingan dina ulang taun ku.

“Sugeng enjing ma,yah" sapaku marang wong tuwaku.

“Hmm ya ndhuk, selamat ulang taun yo. Wis gede mugo-


mugo tambah apik sakkabehe. Lancar golek kuliah yoo.”
Dungane mamaku.

“Selamat ulang taun ya mbak. Muga-muga dadi


manungsa sing becik, sing isa ngehargai lan gak bakal
nganggep remeh wong liya amarga iku kabeh kuncine
dadi masyarakat sing apik" dhawuhe ayah ku. Iya umur
ku saiki wis kagolong gak cilik maneh. Wolulas tahun
miturutku wis dudu umure kanggo dolan maneh, kudu
bersosialisasi sing bener marang sakkabehe lingkungan.

“Inggih ma, yah matur nuwun. Kula sayang mama lan


ayah. Yowis kula badhe adus rumiyin nggih" pamitku
marang mama lan ayah.

“Iyawis ndang wedi telat sekolah" mama.

115
Kurang luwih patang puluh lima menit aku wis siap
budhal sekolah nanging durung sarapan. Aku pasti ora
bakal budhal sekolah tanpa sarapan, amarga mamaku
pasti gak bakal menehi aku sangu.

“Wis siap, inshaallah ora ana sing lali” ujarku marang


awaku dhewe sakwise nglebokake buku pelajaran dina
iki ing njero tas.

“Dis ayo sarapan sek, sego gorenge wis mateng iki lo.
Mumpung sik anget" mamaku wes mrentahku gawe
serapan,tandane aku kudu ndang sarapan nek nggak
mama ku bakal ngamuki aku.

“Inggih ma sekedhap" semaurku.

Wis sarapan, jam 06.15 aku budhal sekolah. Aku


budhal numpak sepeda motor kesayanganku. Ing dalan
aku mesem-mesem gak jelas. Rasane bungah soro isih
dikei umur lebih, dikei nikmat sing luar biasa teka Gusti
Allah.

Sakwise nutuk sekolah,aku sektas eling ana


tugas kimia. Aku langsung garap karo kancaku, nanging
perasaanku gak enak. Kanca-kanca ku padha gak
nyopoi nang aku utawoa ngucapna selamat ulang taun.
Tak eling-eling menawa aku duwe salah, nanging gak
eling. Akhire aku njajal gawe bersikap biasa ae, senajan
rasane rada lara ati.

Jam istirahat ke-2 aku rumangsa gaenak


awak,ngelu. Aku njaluk terna ing UKS karo kancaku sing
dadi petugas UKS. Telung jam pelajaran aku turu ing
UKS.

116
Gak kerasa wis wayahe sholat ashar. Berhubung
aku gak sholat, dadi aku kebagian ngeresiki kelas.
Sakwise sholat ashar mari, aku ngajak kancaku mulih
bareng.

“Ayo Fan mulih". Fanny bendinane mulih bareng karo


aku, amarga omahe sing cedhak omahku.

“Sek Dis enteni sediluk, iki loh arek-arek nyapune gak


bener" jawab Fanny karo nyapu. Akhire aku ngenteni ing
ngarep kelas sinambi omong-omongan karo kancaku
sing sektas sholat Ashar.

Ing jero kelas aku krungu suara sing nyeluk jenengku.


Aku marani ing jero kelas lan takon ana apa.

“Kethok kukuku ndi sing wingi mbok selang? Lintang


nakoni aku.

“Loh gak ana Tang, perasaanku wingi wis mari tak


balikna kok" jawab ku.

“Mari dibalikna nanging kok gak ana dek aku, dibalikna


ning sapa karo awakmu?”.

“Wis tak sulur kok Tang sak elingku" ujarku mbela.


Kancaku sing lia pada nyalahake aku. Rasane aku
pingin nangis disudutna kaya ngono.

“Wis tang coba di goleki maneh engkok ing omahmu.


Sapa weruh ana ing omahmu" Fanny coba nenangna
Lintang.

“Yowes engkok tak goleki maneh ing omah” Lintang


akhire lerem.

117
Perasaanku tambah gak enak menyang Lintang,
sakjane aku pisan ragu wis balikna apa durung hehe.
Yowislah aku berdoa ae muga ketok kukune Lintang ana
ing omahe. Sakwise iku Fanny ngajak aku mulih.

Aku karo Fanny arepe menyang parkiran,


nanging aku sektas sadar kunci motorku gak ana ing
saku seragam utawa ing jero tas. Aku langsung mblayu
menyang parkiran, nanging sakwise tekan parkiran
motorku gak ana.

Aku bingung lan nangis. Arep takon ing grup


kelas, nanging aku sektas eling sisan aku dimetukake
teka grup kelas mau isuk, embuh apa sebabe.

Aku langsung mblayu maneh balik menyang


kelas goleki kunci motorku. Wis tak priksa kabeh loker-
loker mejane kancaku nanging gak ana kunci motorku.
Aku tambah panik. Kancaku mek 2 sing nulungi golek,
Dita lan Fanny.

“Yaapa rek kok motorku gak ana iki? Duh..” aku tambah
nangis.

“Aja nangis Dis coba dieling-eling maneh didekek ndi


karo awamu kunci motore" Dita coba nenangna.

“Aku lali dit” jawabku. Aku areke ancen lalian. Kunci


motor ceket ing sepeda motor wis sering nemen. Bolak-
balik disingitno karo kancaku nanging ya pancet gak
kapok. Alasanku mesti “Jenenge menungsa gak luput
teka lali kan". Nanging baru kali iki sepeda motorku gak
ana ing parkiran.

118
“Ayowes goleki kunci motormu ing ruang guru, soale
mau ana pengumuman keilangan" Fanny menehi saran.
Dita mutusake gawe ngenteni ing parkiran wae.

“Ayo" aku langsung mblayu maneh menyang ruang guru.


Mlebu ruang guru aku takon Pak Sulton guru agama

“Nuwun sewu, Pak. Kula badhe madhosi kunci motor


menawi wonten wara wara kula wau” takon ku meyang
Pak Sulton.

“Loh iya ndhuk mau ancene ana pengumuman kunci


ilang, nanging sektas ae dijupuk karo arek lanang.
Kuncimu ilang pisan ta?”

“Inggih, Pak"

“Loh yaopo coba digoleki dhisek utawa takon kanca-


kancane sopo ngerti ana sing delok"

“Ohh inggih pak, matur nuwun. Kula pamit Pak


Assalamu’alaikum” aku lan Fanny papamit.

“Wa’alaikumsalam” wangsul Pak Sulton.

Aku langsung lemes lan tambah nangis amarga kunci


lan motorku gak ketemu.

“Ayowes Dis coba goleki maneh ing parkiran buri” Fanny


ngajak ing parkiran maneh.

“Yaopo nek ora ketemu Fan, gak wani mulih aku"

“Pasti ketemu, Dis inshaallah” Fanny coba ngeyakinake


aku.

Ing parkiran isih ana Dita ngenteni aku lan Fanny mbalik.

119
“Yaopo Fan?” takone Dita

“Gak ana Dit. Tibane kunci motore duduk tek Adis"


Fanny ngejelasake.

“Mangkane Dis awakmu iku kok mesti lali kunci motore.


Yaopo semisal keri dek panggon umum pasti wis dijupuk
karo uwong. Nek ngene awamu sing susah kan. Aku
pisan susah sih, tapi sethithik” Dita ngekei nasihat tapi
isih guyon wae.

“Arep takon ning Om Slamet tah? Ayo nek atene takon"


Dita

Aku wis mlaku arep menyang Om Slamet. Nanging


sektas metu teko gerbang parkiran, aku ketok ana
sepeda sing mirip sepedaku ing ngarep hutan sekolah.

“Eh rek iku motore sapa ya, kok mirip motorku" ujarku.
“Loh iyo Dis, ayo coba didelok" Fanny langsung mlaku
nyedheki motore, aku nyusul ing burine.“Loh Dis iyo iki
motormu" aku langsung maju lan ngecek bener apa gak.

Durung sempet takcek,mara-mara teko arah hutan


sekolah.

“SURPRISE.......” aku kaget lan langsung noleh. Tibake


kanca-kanca kelasku kabeh. Kanca kelas ku kabeh sing
ngerancang iki kabeh. Aku langsung nangis ngejer.
Kancaku pada guyu lan ngevideo aku sing nangis.

“Selamat ulang tahun ya Dis" kanca ku pada ngucapake.


Aku seneng nemen. Ora nyangka kancaku bakal ngekei
kejutan kaya ngene. Senajan garani aku nangis amarga
motor ku disingitake, nanging iku kabeh garano aku
tambah sayang marang kanca-kanca kelasku kabeh.
120
Sakwise acara nangis-nangis alay, aku langsung eling
motor ku lan ngecek motorku. Aku kaget delok motorku
wis akeh tepunge. Akhire aku mulih karo motor sing
putih kabeh.

121
122
24

Ulang Taune Kancaku

Sherly Aurelia Yolanda

Wektu dina rebo salah siji kancaku ulang taun


jeneng’e Adis, rabu isuk kanca-kancaku ngucapna ning
grub WhatsApp. Aku lan kanca kancaku ora ana
rencana gawe ngerjain Adis. Ketepakan pas ning
parkiran sekolah aku lan kancaku jenenge Rebecca
delok kontak sepeda’e Adis iku ceket ning sepedae,
ancen Adis iku areke lalian nang kontak sepeda. Gak
ngerti apa’a sejak delok kontak sepedae Adis aku karo
Rebecca kepikiran gawe ngerjain Adis. Tutuk nang kelas
aku lan Rebecca nyebarna kabar lak bakal ngerjain adis,
akhir’e arek - arek setuju terus gawe rencana. Dadi
rencanane iku gae adis bingung keilangan kontake terus
seng keloro bingung keilangan sepedae trus Rebecca
duwe rencana laen yaiku ngekei tepung nang sepedae.

Bel istirahat muni kancaku sing jenenge Bila


duwe rencana tambahan gawe Adis mangkel, dadi
ngene ceritane adis iki mari nyelang ketok kuku nang
Lintang tapi dee lali dorong balekno akhire Bila ketok
terus dijupuk dan dikekno ning Lintang tapi Bila jaluk
tulung nang Lintang pura-pura ngamuk ning Adis polae
gak balekna ketok kukue. Lintang marani Adis karo
ngomong “Dis, awakmu dorong balekno ketok kukuku.”
Adis jawab“Anu Tang lali aku.” Dan akhire Lintang
cokoco ngamuk.
123
Bel muleh muni aku nyekel kontak’e kancaku
sing ulang taun,kabeh kancaku akting kesusu muleh ben
aku karo Rebecca isa mindahna pedae Adis nang
lapangan voli. Dadi ngene ceritane aku karo Rebecca
lan kancaku sing lain e nang parkiran ketepak’an ana
arek latian bal-balan ing lapangan dadine sepedane
arek-arek di parkir bareng karo bapak-bapak lan ibu-ibu
sing ngaterno anak’e bal-balan. Akhire kene singitan
nang hutan sekolah soal’e lapangan voline cedek karo
hutan sekolah. Sekitar 10 menitan kabeh kancaku
ketok’an Adis blayu nang parkiran karo rai gopoh, Adis
bingung karep’e dewe Adis nangis. Tapi Adis gak
dewean de’e dibareng’i karo Funny lan Dita. Kancaku
jeneng’e Yati kabar kabaran karo Funny, Funny
whatsaap Yati ngomong lak Adis karo de’e kati nyang
ruang guru kati ngelaporno lak kontak pedane ilang, lah
ben Adis tambah percaya Funny ngirim pesan ning grub
kelas ngomong “lak sing ketok kontak karo pedane Adis
tolong rek”.

Kanca-kancaku sing ana ning hutan bareng aku


naburi tepung ning sepedae Adis di kai roti ning tengah e
karo ana tulisan’e happy birthday. Titut suara hp’ne Yati
muni tibakno funny nakon “aku kudu yaapa selanjute
karo ngirim fotone adis sing lagi nangis”. Arek arek mikir
yaapa rencana selanjute. Akhi’ e rencanane iku Adis
Dikongkon diajak ning parkiran maneh terus dikongkon
ning pak satpam tapi liwat lapangan trus funny akhting
pura-pura ketokan sepedane Adis. Dadi ngene ceritane
“ayo dis coba delok ning parkiran maneh lak pancen gak
ana coba nakon ning om satpam” jare funny, adis jawab
“Gak ana fun, aku teka kana mau, huh ayo wis”
ngomong karo nangis lan belis. Akhire Adis, funny karo
124
Dita ning parkiran “Ana, Dis?” takon funny ning Adis,
“Gak ana, ayo nang om wes” jare Adis. Wong telu iki
perjalanan ning om satpam tapi dek tengah perjalanan
funny ngomong “Dis, iku kayamotormu, iya apa dudu?”,
“Ahh iya ta fun, mosok pedhaku kok isa dek kana” jare
Adis, “Duduk kayake ya Dis tek arek bal-bal an diparkir
nyang kana” jawab Funny ben Adis ndak curiga. Funny
karo Adis mlaku marani sepedhane tapi Adis ndak ketok
ning arek-arek sing singitan ning hutan, Adis mek fokus
delokna sepedhane padahal arek-arek iku ketok’an jelas
klambine oren ngadek ning hutan sekolah sing dilewati
Adis.

Akhir’e Adis mikir maneh “iki pedaku ta fun”


ngomong Adis. Funny jawab karo rai serius “loh mbo dis
iki pedamu duduk”. Arek arek sing ana ning hutan
sekolah ngerekam ekspresine Adis, trus nuril ngitung 1...
2.... 3..... “Happy birhday Adis... Happy birthday Adis....
happybirthday... Happybirthday..Happybirthday Adis.....
Yeyeyeyeye selamat ulang taun Adis” arek arek nyanyi
teko hutan sampek marani Adis. Adis langsung lungguh
nangis awak’e lemes kabeh tapi Adis seneng polane di
kai surprais karo arek arek, doane arek arek mugo mugo
Adis gak lalian iling nyang kontak’e. Cetane teka Adis
ngene “aku yo rek iling yen kontakku ceket ning sepeda
mangkane aku kesusu muleh tapi pas aku ning parkiran
duduk kontake tok sing gak onok tapi sepedane pisan,
Aku gopoh rek aku gak kepikiran lak aku bakal dikai
surprais soale awakmu kabeh wis muleh, aku sampe
nangis aku ning ruang guru nang Pak Lukman nakon
ana kontak sepeda apa gak tapi aku gk ngomong yen
pedaku ilang, pas Funny ngomong iku sepedaku opo
duduk aku sik mikir rek kyok e iku duduk pedaku polane
125
Funny pisan ngomong wedine pedane arek bal- balan
aku gak ketok’an awakmu kabeh polane aku wis gopoh,
tapi pas aku krungu suaramu kabeh aku baru ngerti yen
iki surprais lemes kabeh awakku langsung, dadi aku
langsung mikir gak bakal aku ninggalna barangku
maneh wedine disingitna bek awakmu” jare Adis. Kene
seneng tapi sakno dis semoga iki digae pelajaran pisan
ya Dis ben gak lalian nang apapun iku.

126
25

Perjuangan

Sulvianingsih

Biyen aku urip ing kampung lan aku duwe


keluarga sing adhem, ayem lan tentrem. Ayahku
asmane sugiaono, lan ibuku asmane siti soleha. Aku lair
tahun 2002. Aku sekolah ing TK kenanga, saben
sekolah mesti diterna mbahkung, amarga ayah lan
ibukku sibuk kerja, ayahku kerja supir bus, lan ibuke
kerjo ing eratex. Sawise lulus teka TK kenanga, aku
sekolah ing SDN kr anyar 2. Saiki aku kelas 3 SD , aku
duwe hobi main voli. Sing ngajari aku voli yaiku kepala
sekolah, sing asmane bapak Panji Purnomo.

Hobi voliku iki terus lumaku nganti kelas 5, ing


kelas 5 iki aku wis isa passing lan servirse, akhire
dimelokakake turnament ing SMPN 6 Probolinggo , aku
iki termasuk sing paling dhuwur antara kanca-kancaku
lan sing paling putih. Pas pembukaan turnament kasebut,
kancaku ngomong

"Sul, nek kate nyeluk aku aja nyeluk mbak ya, aku isin"
jare kancaku. "Lah apaa ta? ". "Soale aku luwih cilik teka
awakmu, dadi nyeluk jenengku wae". Aku iki umure isih
enom tapi awakku luwih gedhe teka lainne. Ing
turnament iki SDku wis juara bertahan sakwene
rongtaun, lan pialane piala bergilir sakwene telungtaun,
misale aku juara 1 maneh bakal dadi piala terakhir lan

127
langsung diatas namai SDku kasebut, nanging aku gagal
gawe juara 1, aku oleh juara 2 , dadi piala bergilir iku gak
sida diapek SDku.

Sak iki aku wis SMP, jeneng SMPne SMP taman


Dewasa, sayange dudu SMP Negeri, mung SMP swasta,
aku iki gak isa mlebu SMP Negeri amarga aku iki teka
desa dadi gak weruh pemberitahuan utawa informasi
teka SMP negri sing ana ing kutha. Lan wong tuwaku iki
gak takon ing guruku masalah dhaftar daftar sekolah ing
negri iku kapan, dadi aku mlebu ing SMP swasta.

Aku gak putus semangat dumadi maliya dudu


sekolah negeri. Kelas siji iku aku wis dimelokake les sing
diadake sekolah, amarga les kasebut aku oleh rangking
1 paralel. Aku termasuk sing pinter ing SMP kasebut,
merga oleh rangking paralel aku bebas SPP atau oleh
beasiswa sakwene setaun, dadi pas aku kelas 2 gak
bayar SPP, SPPne yaiku sekitar 100ribu per wulan. Pas
kelas 2 iku aku dimelokake olimpiade IPA ing SMPN9
Probolinggo, aku sregep sinau, lan alhamdulillah oleh
harapan 2, meski dudu juara 1, aku lan wong tuwaku
bersyukur wis oleh juara. Akhire aku lolos ing olimpiade
provinsi, aku bareng kancaku sing lolos-lolos kasebut
sinau bareng ing sekolah-sekolah negri. Sawise
pirangane wulan aku lan kanca-kancaku budal ing
malang gawe olimpiade kasebut sakwene rongdina.
Olimpiade wis dilakoni nanging aku gak oleh juara, tapi
aku bersyukur isa melok sampek provinsi meski gak oleh
juara.

Sawise lulus SMP akhire aku mlebu ing SMA


favorit, yaiku SMAN4 probolinggo, Aku bangga bisa
mlebu SMA negri kasebut. Ing sekolah kasebut aku melu
128
ekstra voli lan pramuka, ekstrane iku dina sabtu, voli jam
06.30 - 09.00, pramuka iku jam 09.00- 11.00 . Pas wulan
September pertandingan bola voli ing smasa, yaiku
smasa cup. Aku lan kanca-kancaku melu pertandingan
kasebut, lan oleh lawan SMK2 probolinggo. Aku kalah
lawan SMK2 kasebut. " yaapa iki rek kene kalah karo
SMK2 " jarene mbak jesica " gapapa wes mbak mungkin
taun ngarep bisa menang".

kelas 2 SMA aku lan kanca-kancaku, luwih


semangat maneh gawe latihan voli. Ing wulan Oktober
ana pertandingam maneh yaiku smasa cup, aku lan
kanca-kancaku semangat soale lawan MAN2. " ayo rek
iso-iso lawan MAN2". " iyo sul mugo ae menang lawan
MAN2 iki". Akhire pertandingan dimulai lan aku iki tetep
kalah karo MAN2. Padahal skore kejar-kejaran karo
MAN2, tapi duduk rezekiku gawe menang. Aku wes
pasrah gak semangat maneh latihan voli. Pas aku kelas
telu iki kebetulan onok event sing jenenge walikota cup,
baru pertama kali event kasebut diadakake. Sekolahku
diundang dadi pesertane. Dina pertama utawa
pembukaan tim putra SMA4 main lawan SMA2, dina
keloro tim putri SMA4 lawan SMA1 Probolinggo, aku lan
kanca-kancaku semangat, lan ndunga menang, akhire
dungaku dijabah Allah menang lawan SMA1 kasebut.
Dina ketelu aku lawan SMK3 tapi nyatane aku kalah.
Sangking aku menang lawan SMK3 tim putri SMA4
masuk final lan ngelawan SMK1Probolinggo. Amarga
timku kalah, dadi perebutan juara 3-4 ngelawan SMK2
probolinggo. Bersyukur timku oleh juara 4 meskipun
duduk juara 3, alhamdulillah dari padha gak oleh juara
blas.

129
130
26

Layang Misterius

Vidia Dwi Wardani

Ing sawijining dina, ana ing SMA Cahya Abadi


luwih tepate ing kelas XI B. Kelas sing nduweni 21
manungsa. 12 wadon lan 9 lanang iki manggon ing
nomer 2 saka pojok sekolah.

“He,rek...gak tumbas-tumbas a? Aku luwe banget iki loh.”


Kumara, salah sijining anggota ing kelas B ngajak
marang kanca-kancane sing isih lungguh ing kursine
dewe-dewe.

Nanging gak ana sing nyauti ajakane Kumara iku.


Kumara gemes amarga kanca-kancane isih sibuk
marang tugas Basa Indonesia padahal bel ngaso wes
muni ket mau.

“Sar, Kancani aku tuku-tuku nang kantin, yo!” Ajak


Kumara marang kanca sebangkune iku, Sari Auliana
sing dadi Sekretaris 1.

“Waduh Mar...Mar...” Sari isih ngelanjutake kagiyatan


nulise.

Kumara narik tangane Sari, “Ayolah Sar, luwe iki loh.


Mariki ngerjakno maneh.”
131
Akhire Sari manthuk lan mlaku bareng kumara menyang
kantin sekolah.

Ora suwe Kumara lan Sari mlaku, isih nutuk


laboratorium kimia, ana arek sing nabrak pundake
Kumara. Arek iku blayu banter lan ora katon raine sapa.

“Aw...” Jerit Kumara sing wis lungguh ndlosor ing ngisor.

“Ya Allah Mar. Sapa sih iku lha kok mblayu ing panggon
koyok ngene.” Omong Sari sing ngulurake tangan
marang Kumara.

Kumara nepuk-nepuk rok’e wedi akeh regete, “Laiyo


misal keburu yo budhal wingi po’o.”

Kedadean iku ora ngurungake niat Kumara lan


Sari kanggo ngisi weteng sing wes demo kuwi. Sawise
tuku-tuku, arek2 kuwi balik menyang kelase. Tibae
kanca-kancane orang lungguh ing tempate dewe-dewe
maneh. Wes mabur ora karuan.

“Halah... arek-arek iku mau tak ajak tuku-tuku gak nyaut.


Lha kok saiki wes ilang kabeh.” Omel Kumara sing
bersihno mejane. “Eh iki layangmu a, Sar?” Kumara
nyerahno layang sing ditemukake ing mejane.

Sari geleng-geleng, “Ora, ora nek aku. Layang-layange


wis dikumpulno. Dijepret mau.”

“Lah terus nek sapa. Sik coba tak buka’e.”

Sawise dibukak, Kumara lan Sari maca bebarengan isi


surat iku.

ILINGA!!! SADARA!!! AJA DADI WATU!!!


TULUNGANA KANCAMU! –K.M
132
“Lah K.M iki sapa toh?” Takon Sari sing wes pengen
weruh banget.

Kumara meneng sweu basa. Alise mengkerut, “Kumara


Maharani?” Tebak Kumara nanging ora percoyo, “Gak-
gak mosok aku. Nduwe salah apa aku iki.”

“Wis-wis ora usah dipikir, guyon iku.” Jare Sari.

Wis entuk seminggu saka kajadian iku, Kumara


pancet diteror. Ora mandek. Nanging saben dina bedo-
bedo apa sing diteror. Ana sing dititipno arek, barang-
barange ditulisi, lan sing terakhir yaiku anak kewan uler
ing tas e Kumara.

“Gak kuat aku wes, Sar.” Sambat Kumara sing nutupi


raine nganggo tangane.

“Wes sabar ae. Kesok paling wis gak onok maneh.” Usul
Sari.

Kumara godheg-godheg, “Iki wes kebangetan Sar.


Mosok ana uler ndek tasku.”

“Positif sek Mar. Paling awakmu lali mari gowo apa ndek
tasmu wingi.”

Ora suwe saka omongan iku, Kumara lan Sari diceluk


karo adik kelas sing marani nang kelase.

“Mbak Kumara kaliyan mbak Sari ditimbali Guru BK.”


Celuk Genta. Adik kelas sing diweruhi saka kelas X E.

“Aku lan Sari a?” Takon Kumara bingung amarga ora


ana ujan dadakan diceluk guru.

133
“Inggih mbak. Wonten ing ruang BK nggih, monggo kula
pamit.”

Sawise Genta pamit, Kumara lan Sari mlaku menyang


ruang BK sing ora adoh saka kelase XI B.

“Assalamualaikum...” Salam Kumara lan Sari.

“Waalaikumsalam... Ayo lungguh sek.” Omong guru BK


sing jenenge Bu Afi.

“Nggih Bu.” Kumara lungguh, “Wonten napa toh, Bu?”

“Kumara diteror kan nduk? Kok gak ngomong marang


ibu, nduk?”

Kumara dingkluk. Drijine pada gemeter. “Inggih Bu...


Kumara pikir, kajadian niki namun sadiluk Bu...”

“Gak ngunu nduk. Sik gantian sing tak takoni sari saiki.”
Bu Afi natap Sari sing alise wis nyambung.

“Napa, Bu?” Takon Sari.

“Sari ana maslaah apa karo Kumara? Ibu ndeleng, Sari


apik kok nang ngarep menyang Kumara”

Sari gopoh. “Mboten wonten napa-napa kok Bu. Kula


kaliyan Kumara nggih kanca raket Bu.”

“Ananging Bu Afi ngerti kok nduk. Sari kan sing neror


Kumara kuwi.”

JDDDARRRR!!!

Kumara kaget. Ditoleh Sari sing wis adus keringet. “Lho


Sar... Gak awakmu kan, Sar?”

Sari meneng.
134
“Sari ana apa nduk?” Bu Afi nakon alon-alon.

“Em...niku bu.” Sari noleh marang Kumara sadiluk. “Kula


iri marang Kumara Bu. Kumara rangking kelas. Wong
tuwane nggih mapan Bu. Saben presentasi, ingkang
ditimbali lan dideleng nggih Kumara Bu.”

Kumara nyanggah. “Gak ngunu Sar..”

“Kumara, Kumara, lan Kumara. Kumara ayu sedanten


bu. Nanging kula?”

Sari mulai brebes mili. Ora suwe, krungu suara tanging


liyane. Saka Kumara.

Bu Guru nengahi. “Saben manungsa nduweni kalebihan


dewe-dewe nduk. Sari pinter basa inggris kan, nduk?”

Sari ngangguk.

“Lha iku kalebihane. Kumara ora jago basa asing.


Kumara yo nduweni kekurangan nduk.”

Akhire, Kumara meluk Sari saka mburi. “Ayo belajar


bareng-bareng. Aku ana kanggo awakmu. Iku gunane
kanca. Awakmu gak dewean.”

Sari manthuk lan ngusap banyu ing pipine.

135
136
LAMPIRAN

137
138
139
140

Anda mungkin juga menyukai