Anda di halaman 1dari 2

Nama : Naila Sabela Kamilia

Kelas : X-1/26

LEMPER AYAM

Lemper yaiku jeneng panganan sing kegawe saka


bakal dasar ketan putih sing diisi karo abon utawa
daging pitik sing dicincang banjur dibungkus karo
godhong gedhang. Panganan iki nduwe bentuk
madha rupani lontong ning nduweni ukuran sing
luwih cilik daripada lontong. Jenis panganan iki wis
kenal banget ing kabeh wilayah Indonesia. Kajaba
rasane sing enak lan kenyal, lemper uga bisa mengganjal weteng kanggo sementara wayah
amarga bisa maregi. Panganan iki biasa dimasak karo cara didang-dang nang umumnya,
nanging bisa uga digoreng utawa dibakar. 

Bahan-bahan sing perlu disiyapke kanggo gawe lemper ayam yaiku:

1. 1 liter beras ketan


2. 350 ml santen kambil
3. 1/4 sendhok teh uyah
4. 1 lembar godhong pandan ( diwisuh resik )
5. Godhong gedhang kanggo membungkus sacukupe

Kanggo isiane:

1. 500 gram dada ayam, digodhog, disuwir-suwir


2. 1 sendok teh ketumbar, panggang, puree
3. 10 butir jinten, panggang, puree
4. 1 buah lengkuas, puree
5. 1/2 sdt garam
6. 1 batang sereh, diremuk
7. 1 godhong salam
8. 200 ml santen
9. Minyak goreng sing cukup kanggo tumis

Cara Pengolahane yaiku:

1. Jangkah pisan kanggo nggawe lemper yaiku misuh beras ketan karo banyu nganti
bener-bener resik.
2. Dang-dang beras ketan kaya adang tunggu nganti separo matang udakara sajrone 15
menit.
3. Campurna santan, godhong pandan lan uyah ing beras ketan, aduk nganti tercampur
rata.
4. Dang-dang meneh beras ketan sing wis dicampur karo santan sajrone 20 menit utawa
nganti mateng, angkat lan adhemake.
5. panasna lenga, tumis bumbu sing diuleg nganti wangi. Tambah ayam, bumbu liyane
lan santen. Masak karo diaduk-aduk sampe santan entek lan ayam e rodok garing.
6. Jupuk rong sendhok pangan ketan, isi karo rong sendok teh ayam suwir banjur
dibungkus karo godhong gedhang kaya lontong ( lakoke nganti buyar )
7. Lemper ketan isi ayam siap dihidangke.

Anda mungkin juga menyukai