Anda di halaman 1dari 18

TUGAS MEDIA PEMBELAJARAN

Mendengarkan Berita yang Disiarkan Melalui Media Audio Visual untuk SMP Kelas VIII Semester 2

Oleh: Kelas B

1. Desi Rosita 2. Liliana Wigaring Tyas 3. Nurjannah 4. Sulistiya Puji Lestari 5. Winda Dwi Lestari

K4211011 K4211024 K4211036 K4211054 K4211066

Tugas Terstruktur Ini Disusun untuk Memenuhi Persyaratan Perkuliahan dan Kelulusan Mata Kuliah Media Pembelajaran yang Diampu oleh Ken Fitria, S.S., M.Hum. Semester IV Prodi Pendidikan Bahasa Jawa

Jurusan Bahasa dan Seni Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret Surakarta 2013

ATUR PAMBUKA

Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Pangeran Ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya. Kanthi nglenggana sedaya kekirangan saha kalepatan, mangga tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos sukur wonten ngarsa Dalem Allah SWT, Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang tansah paring rahmat, hidayah, berkah saha kekiyatan, satemah panyerat saged angracik makalah punika ingkang sanget prasaja, babagan medhia pasinaonan ingkang jumbuh kaliyan siswa SMP. Makalah punika kasusun adhedhasar tetimbangan dalah kasunyatan ingkang wonten ing pawiyatan, bilih menawi badhe mucalaken basa Jawi kedah anggadhahi saperangan piranti ingkang saged narik kawigaten siswa. Amargi menawi siswa sampun remen, kagiyatan ing sekolah ugi bakal lancar lan sae. Babagan punika saged disengkuyung saking medhia ingkang dipun-ginakaken. Makalah punika saged dipunkembangaken lan dipunwuwuhi piyambak murih tambah runtut, pantes, teges lan mentes miturut swasana, papan miwah kawontenan. Panyerat sanget angaturaken panuwun dhumateng sedaya kadang ingkang sampun makarya sesarengan andadosaken makalah punika. Panyerat ugi nglenggana bilih makalah punika taksih kathah kekiranganipun, pramila sedaya panyaruwe miwah pitedah saking para winasis lan nimpuna, badhe kita tampi kanthi remen lan bombonging manah, supados tambah sae lan sampurna. Matur nuwun

Surakarta, 27 April2013

Panyerat

DHAPTAR ISI

COVER ATUR PAMBUKA .......................................................................................... DHAPTAR ISI ................................................................................................. BAB I. WIWITAN ........................................................................................... A. Pawadaning Prekawis ..................................................................... B. Momotaning Prekawis.................................................................... C. Ancasipun Panyeratan .................................................................... D. Mupangatipun Panyeratan .............................................................. BAB II. LANDHASAN TEORI ...................................................................... A. Pangertosan Medhia ....................................................................... B. Pawarta ........................................................................................... BAB III. PEMBAHASAN ............................................................................... A. Materi Pasinaonan .......................................................................... B. Alesan Milih Medhia Audio Visual ............................................... C. Kaluwihan lan Kakirangan Medhia Audio Visual ......................... BAB IV. PANUTUP ........................................................................................ A. Dudutan .......................................................................................... B. Pamrayogi ....................................................................................... KAPUSTAKAN............................................................................................... SIMPINGAN ................................................................................................... ii iii 1 1 1 1 2 3 3 6 8 8 10 10 11 11 11 12 13

BAB I WIWITAN

A. Pawadaning Prekawis Kairing kaliyan majengipun jaman, kathah jinising piranti elektronik ingkang saged dipun-ginakaken kangge macem-macem kapentingan. Babagan punika ugi damel pengaruh ing bidang pawiyatan lan pasinaonan. Piranti kasebut saged dipun-ginakaken kangge mbiyantu kagiyatan sinau para siswa. Jinising piranti kangge pasinaonan kathah sanget kayata media visual, media audio lan media audio visual. Macem-macem piranti kasebut saged dipunginakaken miturut materi utawi kangge pelajaran menapa ugi ditemtokaken kaliyan tingkatan pawiyatan para siswa. Makalah punika badhe njlentrehaken medhia pasinaonan ingkang trep menawi dipun-ginakaken kangge siswa SMP kelas VIII. Jumbuh kaliyan kurikulum ingkang berlaku saking Standar Kompetensi Mendengarkan materi ingkang dipunrembag babagan midhangetaken pawarta saking piranti elektronik.

B. Momotaning Prekawis Adhedhasar pawadaning prekawis ing nginggil, saged ngemot

momotaning prekawis kayata: 1. Medhia punapa ingkang saged dipun-ginakaken kangge mucal materi punika? 2. Apa alesanipun milih materi lan medhia punika ? 3. Apa kaluwihan lan kakirangan medhia punika?

C. Ancasipun Panyeratan Adhedhasar momotaning prekawis ing nginggil, saged ngemot ancasipun panyeratan kayata: 1. Mangertosi medhia menapa ingkang saged dipun-ginakaken kangge mucal materi midhangetaken pawarta saking piranti elektronik.

2.

Mangertosi alesananipun milih materi punika kaliyan medhia ingkang dipun-ginakaken.

3.

Mangertosi kaluwihan lan kakirangan medhia ingkang dipun-ginakaken ing pasinaonan.

D. Mupangatipun Panyeratan Panyeratan makalah punika anggadhahi mupangat kayata: 1. Kangge mahasiswa, panyeratan makalah punika saged didadosaken pathokan utawi titikanipun menawi badhe mucal lan migunakaken medhia ingkang trep lan jumbuh kaliyan materinipun kangge para siswa. 2. Kangge pengembang teknologi lan informasi, kawontenanipun

majengipun piranti elektronik saged nuwuhaken raos kreatip kangge damel piranti canggih supados saged nyengkuyung kagiyatan pawiyatan. 3. Kangge panyerat piyambak, panyeratan makalah punika saged dipunginakaken pengalaman ugi pasinaonan kangge nyerat babagan

salajengipun.

BAB II LANDHASAN TEORI

A. Pangertosan Medhia Medhia asalipun saking basa Latin medius inggih punika tengah; perantara; utawi pengantar. Anitah (2009: 124) ngandharaken medhia pasinaonan inggih punika saben tiyang, bahan, piranti, utawi kedadeyan ingkang saged damel kahanan ingkang nyengkuyung kagiyatan para siswa nampi pengetahuan, ketrampilan lan sikap. Association for Educational Communications and Technology wonten ing Anitah (2009: 123) ugi njlentrehaken menawi medhia inggih punika sakabehing wujud ingkang dipun-ginakaken kangge nyaluraken informasi. Pamanggih sanes saking Sadiman (2008: 6) ngendikakaken menawi medhia punika sedaya prekawis ingkang saged dipun-ginakaken kangge nyaluraken informasi saking panyalur dhumateng panampi pramila saged nuwuhaken pamikiran, pangraosan, perhatian, lan minat sarta perhatian siswa saengga proses pasinanon saged lumampah. Saking definisi kasebat saged dipunpendhet dudutan menawi medhia inggih punika perantara utawi pengantar informasi, ngelmu, punapa gagasan saking sumber dhumateng panampi. 1. Jinising Medhia Pasinaonan a. Medhia visual Medhia visual inggih punika medhia ingkang saged dipuntingali ngangge panca indera kanthi cetha. Medhia visual kapilah dados kalih inggih punika: 1) Medhia visual ingkang boten saged diproyeksikaken Medhia visual ingkang boten saged diproyeksikaken punika medhia ingkang sedherhana, boten mbetahaken projektor lan layar kangge mujudaken tulisan ing layar. Medhia punika langkung gampil saking damel ugi pigunanipun amargi praktis. Medhia punika saged

awujud gambar mati, ilustrasi, karikatur, poster, bagan, diagram, grafik, peta datar, realia lan modhel. 2) Medhia visual ingkang saged diproyeksikaken Medhia visual ingkang saged diproyeksikaken punika medhia ingkang saged diproyeksikaken ing layar ngangge projektor. Pramila medhia punika boten saged uwal saking kalih unsur inggih unsur perangkat keras (hardware) lan perangkat lunak (software). Jinising medhia visual ingkang saged diproyeksikaken kayata: overhead projector(OHP), slide, filmstrip lan opaque projector. b. Medhia Audio Medhia audio punika saged dipun-ginakaken kangge kagiyatan nyemak ing pasinaonan. Medhia audio punika kapilah antawisipun medhia audio tradisional lan medhia audio digital. Medhia audio tradisional saged awujud audio kaset, audio siaran lan telpon. Medhia audio digital awujud medhia optik, audio internet lan radio internet. c. Medhia Audio Visual Medhia audio visual inggih punika jinising medhia pasinaonan ingkang saged dipuntingali lan dipunmirengaken. Medhia audio visual ingkang kathah dipun-ginakaken kayata slide swara lan televisi.

2. Ciri Medhia Pawiyatan a. Hardware (perangkat keras), sedaya ingkang saged dipunpirsani, dipunmirengaken utawi dipuncepeng ngginakaken panca indera. b. Software (perangkat lunak) c. Medhia pawiyatan padatanipun awujud visual lan audio d. Medhia pawiyatan inggih punika alat bantu ing proses pawiyatan e. Medhia pawiyatan dipun-ginakaken kangge komunikasi lan interaksi guru kaliyan siswa. f. Medhia pawiyatan saged dipun-ginakaken sacara massal, kelompok ageng, kelompok alit lan perorangan.

g. Solah bawa, kagiyatan, organisasi, strategi, manajemen dipun-gayutaken ing salebeting aplikasi ngelmu.

3. Syarat Medhia Pawiyatan a. Efektif/efisien b. Variatif c. Inovatif d. Tepat sasaran kangge nggayuh ancasipun pawiyatan e. Ngandharaken ngenani proses pasinaon f. Metode mucal gegayutan kaliyan medhia pawiyatan g. Paring paedah ing proses pasinaonan h. Trepipun milih medhia i. Kawujudaken ing saben pelajaran

4.

Pamilihan Medhia Pasinaonan a. Dipunjumbuhaken kaliyan pelajaranipun b. Dipunjumbuhaken dipunlampahi c. Dipunjumbuhaken antawisipun medhia lan materi d. Kawontenanipun sarana lan prasarana e. Dipuntingali siswa ingkang badhe diwucal f. Trampile guru migunakaken medhia kasebut g. Kawontenanipun wekdal ugi biayanipun kaliyan ancasipun pasinaonan ingkang badhe

5.

Mupangat Medhia ing Proses Pasinaonan a. Materi saged dipunwucalaken kanthi seragam utawi sami b. Proses pasinaonan dados luwih narik kawigaten c. Proses pasinaonan dados luwih interaktif d. Wekdal saged dipunkirangi e. Kualitas sinau dipuntingkataken

f. Proses pasinaonan saged dipunlampahi ing pundi kemawon lan wekdalipun bebas g. Solah bawa ingkang positip tumrap bahan lan proses pasinaon saged dipuntingkataken h. Peran guru luwih positip lan produktif.

B. Pawarta Pawarta inggih punika palaporan ngenani prastawa utawa kedadeyan ingkang nedheng wae dumadi. Pawarta punika samestine aweh palaporan kanthi urut boten diwolak-walik lan nyariosaken prastawa kanthi pepak. Pawarta ingkang becik punika kedah saged narik kawigaten, nuwuhaken greget lan aweh katerangan marang ingkang maos utawa ingkang midhangetaken. Pawarta punika mesthi ana sambung rapete kaliyan 5W + 1H. What: apa Who: sapa Where: ing ngendi when: dhek kapan why: kena apa how: kepiye

1. Wujude Pawarta a. Pawarta serat yaiku pawarta ingkang awujud tulisan, kayata: ariwarti, sapta warti, candra warti. b. Pawarta lesan yaiku pawarta ingkang awujud suwanten, kayata: pawarta saking radhio, tipi, utawa suwanten lugis.

2. Nanggapi Pawarta Sawijining pawarta punika kedah saged narik kawigaten ingkang maos utawi ingkang midhangetaken. Pramila menawi badhe damel sawijing pawarta kedah nggatekake babagan kayata: a. Aktual/ anyar: prastawa ingkang lagi kemawon dumadi, kedadeyan ingkang taksih dirembag dening tiyang kathah luwih narik kawigaten, tinimbang kedadeyan ingkang sampun mungkur.

b. Misuwur tegesipun nama, drajat-pangkat utawi misuwure sawijining pawongan punika saged damel pawarta luwih narik kawigaten ingkang maos. c. Kang ora lumrah tegesipun kedadeyan utawa prastawa ingkang boten lumrah lan ingkang ngeneh-anehi kekarepane narik kawigaten ingkang maos utawi ingkang midhangetaken. d. Dredah tegesipun kaanan dredah punika ugi saged damel kawigaten ingkang maos utawi ingkang midhangetaken.

3. Babagan ingkang Wigati nalika Menehi Tanggapan Nanggapi pawarta tegese maringi sambutan marang pawarta kanthi maringi pamanggih sarujuk utawi boten sarujuk marang pawarta ingkang dipunwaos utawi dipunmidhangetaken. Ingkang kedah digatosaken nalika maringi tanggapan inggih punika: a. Tanggapan punika diaturaken utawa dijlentrehaken kanthi panjlentreh ingkang cekak, padet. b. Pasulayan utawa bab ingkang bakal ditanggapi kedah cetha. c. Tembung-tembung lan ukara ingkang bakal dipun-ginakaken gampil dimangertosi. d. Tanggapan kedah kinantenan alesan ingkang logis. Menawi diperlokaken, tanggepan punika saged diparingi fakta lan bukti-bukti kang relevan. Nalika nanggapi pawarta kita kedah anggadhahi sikap ingkang evaluatif lan objektif. Sikap evaluatif tegesipun nindakake penilaian marang pawarta ingkang diwaos. Sikap objektif tegesipun kita ngadhepi pawarta punika kanthi apa anane.

BAB III PEMBAHASAN

Jenjang Pawiyatan: Kelas/ Semester:

SMP VIII/ 2

Standar Kompetensi: Mendengarkan Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa. Kompetensi dasar: Mendengarkkan berita yang disiarkan melalui medhia elektronik. A. Materi Pasinaonan Wacana pawarta saking piranti elektronik ingkang dipunwaos utawi dipunrekam. Metodhe Pasinaonan Tanya jawab Demonstrasi Pemodhelan

Tata cara kagiyatan pasinaon Pepanggihan 1 a. Kagiyatan wiwitan 1) Guru bukak pasinaon kanthi salam, mriksa presensi lan resikipun kelas 2) Guru njlentrehaken materi babagan pawarta 3) Maringi motivasi dhateng siswa ngenani mupangat nyinau

midhangetaken pawarta 4) Mangsuli pretes babagan pawarta b. Kagiyatan inti Eksplorasi 1) Nyediakaken medhia kangge nyiaraken pawarta. 2) Ngajak siswa nyebutaken menapa kemawon medhia elektronik ingkang nyiaraken pawarta.

Elaborasi 1) Siswa midhangetaken pawarta saking medhia elektronik. 2) Siswa nyerat babagan pokok-pokok pawarta. 3) Siswa maringi tanggapan ngenai pokok pawarta ingkang dipunserat rencangipun. Konfirmasi Nindakaken tanya jawab babagan jumbuhipun wosipun pawarta ingkang sampun dipunmidhangetaken. c. Kagiyatan panutup 1) Guru lan siswa nindakaken refleksi. 2) Guru lan siswa sesarengan ngrangkum lan nyimpulaken pokok pawarta ingkang leres. 3) Guru nutup pasinaon kanthi salam Sumber Pasinaon a. Rekaman pawarta b. Buku LKS Medhia ingkang dipun-ginakaken Medhia ingkang dipun-ginakaken ing pasinaonan inggih punika rekaman babagan pawarta saking TATV Trang Sandyakala awujud audio visual. Rekaman punika badhe diputer ngagem LCD, laptop lan migunakake speaker supados saged dipunmidhangetaken kanthi cetha dening para siswa. Rekaman punika saged dipunsetel ngagem aplikasi gom player menapa aplikasi sanesipun ingkang saged nyengkuyung lumampahipun rekaman punika. Rekaman punika durasinipun kurang luwih sak menit banjur mangke saged dipunsetel kaping kalih. Salajengipun siswa kedah midhangetaken lan nyerat babagan pokok-pokok wosipun pawarta. Mangke asil garapanipun

dipunwaosaken ing ngajeng kelas lan kanca sanesipun maringi tanggapan. Pungkasaning pasinaon, guru muterke malih rekaman wau lan maringi andharan kepriye wosipun pawarta ingkang leres miturut pawarta ingkang sampun dipuntingali.

B. Alesan Milih Medhia Audio Visual Alesanipun milih medhia audio visual ing materi midhangetaken pawarta saking piranti elektronik inggih punika: 1. Migunakaken medhia audio visual saged gampilaken tugas guru nalika maringi materi marang siswa ingkang jumbuh kaliyan kurikulum. 2. Siswa saged ningali lan midhangetaken langsung babagan materi pawarta ingkang diaturaken dening guru. 3. Migunakaken medhia audio visual saged damel siswa luwih narik kawigaten lan ngirangi raos bosen marang pelajaran kasebut. 4. Migunakaken medhia audio visual saged gampilaken siswa nalika mahami materi ingkang diaturaken dening guru. 5. Saged ningkataken efektivitas ing kagiyatan pasinaonan, amargi ngirit saking biaya ugi wekdalipun.

C. Kaluwihan lan Kakirangan Medhia Audio Visual Kaluwihan medhia audio visual inggih punika: 1. Saged nuwuhaken raos remen siswa amargi migunakaken medhia ingkang saged narik kawigaten. 2. Gampilaken tugas guru amargi nyengkuyung kagiyatan lampahipun pasinaon kanthi nyetelaken materi kang saged langsung dipuntingali siswa. 3. Gampilaken siswa nampi materi amargi siswa sacara langsung ningali apa kang dipunsinaoni. Kakirangan medhia audio visual inggih punika: 1. Mbetahaken ketrampilan guru anggenipun migunakaken medhia audio visual supados pasinaon lumampah kanthi sae. Ananging kangge guru ingkang sampun sepuh rada awrat amargi sampun boten purun repot. 2. Nalika listrikipun mati guru kedah anggadhahi kreativitas supados pasinaon tetep saged lumampah kanthi lancar. 3. Medhia audio visual namung saged dipun-ginakaken ing sekolah tartamtu ingkang saged nyengkuyung pasinaonan, dadosipun sipatipun boten fleksibel.

BAB IV PANUTUP

A. Dudutan Dudutan ingkang saged dipunpendhet saking makalah, inggih punika: 1. Materi midhangetaken pawarta punika saged migunakaken medhia awujud audio visual. Amargi jumbuh lan saged nyengkuyung lampahipun pasinaonan ing kelas kanthi lancar. 2. Alesanipun milih medhia audio visual ing materi midhangetaken pawarta inggih punika: a. Saged mbiyantu tugasipun guru nalika mucal b. Gampilaken siswa mangertosi materi ingkang dipunrembag c. Luwih narik kawigaten siswa nalika pasinaonan d. Saged ngirangi raos bosen siswa, nalika nampa materi e. Ningkataken efektivitas pasinaonan 3. Kaluwihan medhia audio visual ing materi midhangetaken pawarta inggih punika: nuwuhaken raos remen siswa, gampilaken tugas guru, lan gampilaken siswa nampi materi pasinaon. Kakiranganipun medhia audio visual ing materi midhangetaken pawarta inggih punika: mbetahaken ketrampilan guru nalika migunakaken medhia audio visual, guru kedah anggadhahi kreativitas nalika listrik mati, lan sipatipun boten fleksibel amargi namung saged dipun-ginakaken ing sekolah tartamtu.

B. Pamrayogi Pamrayogi ingkang saged diandharaken panyerat inggih punika: 1. Pamilihan medhia ingkang jumbuh kaliyan materi sanget wigati amargi anggadhahi pengaruh marang siswa nalika nampa materi. 2. Guru kedah pinter anggenipun milih medhia lan saged migunakaken medhia punika kanthi premati. 3. Sekolah kedah nyengkuyung babagan sarana lan prasarana kangge ndukung kagiyatan pasinaon.

KAPUSTAKAN

Anitah, Siti. 2009. Teknologi Pembelajaran. Surakarta: Yuma Pustaka dan LRC FKIP UNS. Maheswara, Majendra. Kamus Jawa Indonesia Indonesia Jawa. Surakarta: Pustaka Mahardika. Sadiman, Arif S. dkk. 2008. Media Pendidikan. Jakarta: PT. RajaGrafindo Persada. http://staff.uny.ac.id/sites/default/files/pawiyatan/Nurhidayati,S.Pd.M.Hum./PEN GEMBANGAN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA.pdf diunduh hari Minggu, Tanggal 31 Maret 2013, Jam 16.10 WIB.

LAMPIRAN

Slide 1
MEDIA PEMBELAJARAN MENDENGARKAN BERITA MELALUI AUDIO VISUAL
Oleh: Kelas B Desi Rosita Liliana Wigaring Tyas Nurjannah Sulistiya Puji Lestari Winda Dwi Lestari K4211011 K4211024 K4211036 K4211054 K4211066

Slide 4
Ciri Medhia Pawiyatan
Hardware (perangkat keras), sedaya ingkang saged dipunpirsani, dipunmirengaken utawi dipuncepeng ngginakaken panca indera. Software (perangkat lunak) Medhia pawiyatan padatanipun awujud visual lan audio Medhia pawiyatan inggih menika alat bantu ing proses pawiyatan Medhia pawiyatan dipun-ginakaken kangge komunikasi lan interaksi guru kaliyan siswa Medhia pawiyatan saged dipun-ginakaken sacara massal, kelompok ageng, kelompok alit lan perorangan. Solah bawa, kagiyatan, organisasi, strategi, manajemen dipungayutaken ing salebeting aplikasi ngelmu.
#

Slide 2

Slide 5

Pangertosan Medhia
Medhia inggih punika perantara utawi pengantar informasi, ngelmu, punapa gagasan saking sumber dhumateng panampi.

Syarat Medhia Pawiyatan


Efektif/efisien Variatif Inovatif Tepat sasaran kangge nggayuh ancasipun pawiyatan Ngandharaken ngenani proses pasinaon Metode mucal gegayutan kaliyan medhia pawiyatan Paring paedah ing proses pasinaon Trepipun milih medhia Kawujudaken ing saben pelajaran
#

Slide 3
Jinising Medhia Pembelajaran
Medhia visual - Medhia visual ingkang boten saged diproyeksikaken -Medhia visual ingkang saged diproyeksikaken Medhia audio Medhia audio visual

Slide 6
Pamilihan Medhia Pembelajaran
Dipunjumbuhaken kaliyan pelajaranipun Dipunjumbuhaken kaliyan ancasipun pasinaon ingkang badhe dipunlampahi Dipunjumbuhaken antawisipun medhia lan materi Kawontenanipun sarana lan prasarana Dipuntingali siswa ingkang badhe diwucal Trampile guru migunakaken medhia kasebut Kawontenanipun wekdal ugi biayanipun
#
#

Slide 7
Mupangat Medhia ing Proses Pasinaonan
Materi saged dipunwucalaken kanthi sragam utawi sami Proses pasinaonan dados langkung narik kawigatosan Proses pasinaonan dados langkung interaktif Wekdal saged dipunkirangi Kualitas sinau dipuntingkataken Proses pasinaonan saged dipunlampahi ing pundi kemawon lan wekdalipun bebas Solah bawa ingkang positif tumrap bahan lan proses pasinaon saged dipuntingkataken Peran guru langkung positif lan produktif.
#

Slide 10
Kaluwihan lan Kakirangan Medhia Audio Visual
Kaluwihan medhia Audio Visual: 1. Saged nuwuhaken raos remen siswa amargi migunakaken medhia ingkang saged narik kawigaten. 2. Gampilaken tugas guru amargi nyengkuyung kagiyatan lampahipun pasinaon kanthi nyetelaken materi kang saged langsung dipuntingali siswa. 3. Gampilaken siswa nampi materi amargi siswa sacara langsung ningali apa kang dipunsinaoni.
#

Slide 8

Slide 11

Medhia ingkang dipun-gunakaken


Medhia ingkang dipun-ginakaken ing pasinaonan inggih punika rekaman babagan pawarta saking TATV Trang Sandyakala awujud audio-visual.

Lanjutan...
Kakirangan medhia audio visual inggih punika: 1. Mbetahaken ketrampilan guru anggenipun migunakaken medhia audio visual supados pasinaon lumampah kanthi sae. Ananging kangge guru ingkang sampun sepuh rada awrat amargi sampun boten purun repot. 2. Nalika listrikipun mati guru kedah anggadhahi kreativitas supados pasinaon tetep saged lumampah kanthi lancar. 3. Medhia audio visual namung saged dipunginakaken ing sekolah tartamtu ingkang saged nyengkuyung pasinaonan, dadosipun sipatipun boten fleksibel. #

Slide 9

Slide 12

Alesan Milih Medhia Audio Visual


Saged mbiyantu tugasipun guru nalika mucal Gampilaken siswa mangertosi materi ingkang dipunrembag Langkung narik kawigatosan para siswa nalika gladhen Saged ngirangi raos bosen siswa, nalika nampi materi Ningkataken efektivitas pasinaonan amargi saged ngirangi saking biaya utawi wekdal ingkang dipunginakaken #

Pawarta
Pawarta inggih punika palaporan ngenani prastawa utawi kedadeyan ingkang nedheng wae dumadi. Pawarta punika samesthine paring palaporan kanthi urut boten dipunwolak-walik lan nyariosaken prastawa kanthi pepak. Pawarta ingkang becik punika kedah saged narik kawigatosan, nuwuhaken greget lan paring katrangan dhumateng ingkang maos utawi ingkang midhangetaken.
#

Slide 13
Wujude Pawarta
Pawarta serat inggih punika pawarta ingkang awujud tulisan, kadosta: ariwarti, sapta warti, candra warti. Pawarta lesan inggih punika pawarta ingkang awujud suwanten, kadosta: pawarta saking radhio, TV, utawi suwanten lugas.

Slide 16
Babagan ingkang Wigati nalika Menehi Tanggapan
Tanggapan punika dipun-aturaken utawi dipunjlentrehaken kanthi panjlentreh ingkang cekak, padhet. Pasulayan utawi bab ingkang bakal dipuntanggepi kedah cetha. Tembung-tembung lan ukara ingkang bakal dipun-ginakake gampil dipunmangertosi. Tanggapan kedah kinanthenan alesan ingkang logis. Menawi dipunbetahaken, tanggepan punika saged dipunparingi fakta lan bukti-bukti ingkang relevan.
#

Slide 14

Slide 17

Aktual/anyar: prastawa ingkang nembe mawon dumadi, kedadosan ingkang taksih dipunrembag dening tiyang kathah langkung narik kawigatosan, tinimbang kedadosan ingkang sampun mungkur. Misuwur tegesipun nama, drajat-pangkat utawi misuwure sawijining pawongan punika saged damel pawarta langkung narik kawigatosanipun ingkang maos.
#

Menawi Badhe Damel Sawijing Pawarta Kedah Nggatekake Babagan Kayata

Sugeng Midhangetaken

Slide 15

Slide 18

Lanjutan
Kang boten limrah tegesipun kedadosan utawi prastawa ingkang boten limrah lan ingkang nganeh-anehi kekarepane narik kawigatosan ingkang maos utawi ingkang midhangetaken. Dredah tegesipun kaanan dredah punika ugi saged damel kawigatosanipun ingkang maos utawi ingkang midhangetaken.
#

MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai