Anda di halaman 1dari 3

*PANTUN JOWO*

Wajik kletik
gulane jowo,
wulune sitik
barange dowo
(sikat botol)

Pitik walik
nguntal watu,
wes nganggo gaya molak-malik
kok ora metu-metu
(ngutik celengan)

Sego gurih
lawuhe sate usus,
pertamane perih
maringono bludhas-bludhus
(tindik kuping)

Becik ketitik
olo rupamu,
digoyang sitik
ben cepet metu
(ngundi arisan)

Weruh wong gemblung


marai mules,
nduwur diambung
kok ngisore teles
(nggendong bayi ngompol)
Kue putu
diwadahi piring,
nek ra metu metu
jajal karo miring
(kuping kelebon banyu).

Awak kurus
dikiro mlarat,
dikocok terus
soyo suwe muncrat
(coca-cola).

Ono marmut
lungguh nang dingklik,
mari dimut
kok dadi cilik
(permen),

KETAN YO KETAN,
GAK ISOH DADI GETHUK.
MANTAN YO MANTAN,
YEN KETEMU PISUHONO JANCOK
Anget-anget wedang jae ..
Kepingin slamet nang omah wae ...

Jadah asale seko ketan ...


Ngambah omah wisuh tangan ...

Rujakan nganggo timun ...


Wisuh tangan nganggo sabun ...
Roti bakar wedang kopi ...
Bali pasar ganti klambi ...

Ngati-ati nyandhung blarak ...


Ojo lali njogo jarak.

Ulo turune mlungker


Yen lungo lungo nganggo masker

Tansah tetep ndedongo


Mugo corona enggal lungo

Anda mungkin juga menyukai