Pemain :
Seorang lansia wanita berusia 65 tahun, mempunyai dua orang anak. Keduanya sudah
bekerja dan berpenghasilan cukup. Mbah S tinggal bersama anak bungsu dan keluarganya. Anak
pertamanya tinggal jauh dari Mbah S tetapi selalu mengirim uang setiap bulan. Sedangkan
seorang anak yang tinggal bersamanya hanya memberi uang disaat hari raya karena berpikir
sudah mencukupi kehidupan sehari-hari. Mbah S adalah seorang pensiunan guru SMA. Dua
orang perawat sedang melakukan screening untuk peneitian lansia di daerah desa Mbah S.
Pada suatu hari Mbah Umi dan Mbah Suci sedang ngobrol-ngobrol di belakang rumah .
Mbah S : Halah cincin murah we pamer.. Aku ndek nom yo duwe akeh .
Mbah S : Tuo seko ndi wong sek ayu ngene ,, koe karo aku yo ayu aku adoohh .
Mbah U : Aku yo sek ayu kok, duitku sek akeh, so nggo macak , belonjo.
Kemudian ada dua orang perawat yang diantar ibu RT untuk melakukan pengkajian pada lansia
di daerah tersebut.
Ibu RT : Iya ini ada petugas kesehatan yang mau mendata lansia.. karena
ditempat mbak Fefe ada lansia untuk itu kami datang kesini.
Mbak Fefe lalu memanggil mbah S untuk menemui para perawat tersebut
Mbah S : Ono mbak . Sirahku asring gliyengan karo atiku ngrasa ora puas mbak.
Mbah S : Iku lho mbak, tanggaku si Mbah U cincine anyar .. Bar ditukoke ning
anake.
Mbak fefe : Lho, ibuk kan riyin nggeh mpun nate di tumbasaken cincin.
Mbah S : Cincinku iku model lawas rak apik meneh .. pengin cincin sing model
saiki ,,
Mbak Fefe : Mpun toh buk , ampun tumbas macem-macem riyin. Kebutuhane tesih
kathah.
Mbah S : Koe iki piye toh nduk, ibukmu iki pengin cincin ben tambah ayu . Koe
malah rak ndukung blas .. nek orak ditukokke cincin piye aku meh tambah
ayu.
Pwt Rochmah : Mbah .. ayu mboten niku mboten ditingali saking punapa mawon
ingkang diagem. Senajan njenengan sampun sepuh kaliyan mboten
ngagem cincin enggal, njenengan nggih tetep tesih ketingal ayu kok
mbah.
Prwt Vava : Hlaa nggih to mbah, leres sanget niku. Ayu mbotenipun tiyang setri
punika kan ketingal saking penggalihipun ingkang sae. Pun cobi, Mbah S
ningkataken rasa syukuripun, supados penggalihipun Mbah S ayem mbah.
Mangke menawa simbah pun ayem, praupane mbah lajeng ketingal
sumringah, dados tambah ketingal ayu mbah.
Mbah S : Iyo mbak aku ngerti, tapi kan nek aku nganggo cincin rak yo aku
tambah ayu to mbak. Pokok e aku kudu ditukokke cincin !.
Prwt Rochmah : Nggih leres mbah, nanging ampun nesu ngoten niku to mbah. Wau
turenipun nggliyeng, mangke ndak njenegan tamah nggiyeng amargi
tensinipun mindak dados inggil.
Mbak Fefe : Nggih buk niku leres. Ngenjang nek mpun kagungan arta, kula
tumbasaken. Nanging, kula nabung rumiyin nggih.
Mbah S : Nah mbok ngono to awit mau, mung njaluk cincin wae kok.
Maturnuwun yo nduk wes arep gelem nukokno aku cincin. Tapi tenan hlo
yaa.
Mbah S : Yowes yen ngono maturnuwun tenan yo nduk. Eh yowes kene mbak,
jajalen aku ditensi mbokyo tensiku pancen dhuwur.
Prwat Rochma : Lha nggih, mbah S duka mawon. Patut nak tekanan darahe inggil.
Perwat Vava : Mbah niku kudu sabar lan ikhlas, mboten usah merina kalihan tiyang
liyo. Gadhah rejeki sing benten-benten mbah. Sekedik nggeh disukuri,
kathah nggih disukuri. Sing paling penting niku kesehatane mbah.
Mbak fefe : niku mbah, mirengaken sanjange mbak perawat. Kudu ikhlas, sabar
lan bersyukur.
Prwat Rochma : Nggeh mpun Mbak Fefe, Mbah S .. Maturnuwun mpun ditampi lan
saestu diganggu kangge pitaken-pitaken. Mbah S kudu luwih bersyukur
nggeh .. Jagi kesehatane mbah .
Perawat Rochma dan Fafa berpamitan dan meninggalkan Mbah S & Mbah Fefe.