Anda di halaman 1dari 3

Eni Maghfiroh

1806210136

Sastra Daerah untuk Sastra Jawa

Tugas Penguasaan Bahasa Jawa IV

PROBLEMATIKA GURU

Manut kerata basa, guru iku tegese minangka pawongan kang kudu tansah bisa digugu
lan ditiru. Kanthi mengkono uga ateges mujudake pawongan kang banget mulya, banget utama,
minangka pawongan kang dadi panutan lan panuntun.

Yen ngukuhi kerata basa mau ateges tugas guru iku ora mung yen ana ing sekolah wae.
Tegese becike pangucap, muna-muni, dhawuh pangandhikane kudu tansah thil-kumanthil, tansah
dadi ciri wanci, ora bisa lukar utawa uwal ana ing ngendi-endi papan. Ora mung kena digugu ing
sekolahan wae dening para murid-muride, nanging uga kena digugu ing saknjabane tugas
sekolah.

Kanthi mengko ateges dadi guru iku sawijining jejibahan kang ora sembarangan, ora
gampang, lan ora entheng. Nanging nggawa sesanggan abot, jalaran nduweni tanggung-jawab
moral ing saben sapolah-obah-tingkahe, ing saben laku, ing saben muna-muni, dhawuh
pangandhikan, supaya panggulawenthahe tumama lan maedahi tumrap bebrayan.

Ananging sok uga ana guru kang uripe ing njaban sekolah ora karu-karuwan. Ala
pangucape lan solah bawane. Yen mengkono kang kelakon, yen wis kadhung kadenangan ala ing
saknjabane sekolah, ana njero sekolahan ora bakal digugu murid. Muride banjur wis ora percaya,
jalaran wis ora trep antarane ucap lan tumindak. Diwulang guru kang kaya mengkono, murid-
muride banjur kurang seneng lan kurang sreg.

Tumrap guru kang kaya mengkono mau, saupama pancen ana, bakal gampang kelangan
pamor lan biasane dhemen nggampangake perkara. Mula saka iku, anggone dadi guru ateges ora
jalaran manut panggilan jiwa, nanging mung jalaran kepepet ora bisa golek panggaweyan liya.
Dadi, pawongan kang kaya mengkono kuwi minangka pawongan kang salah papan, salah
mapanake awake. Ora ana panggilan jiwa, jalaran gegadhange kang satemene dudu guru. Dadi
profesine minangka profesi kang kesasar. Pawongan kang mengkono bisa uga duwe pandhangan
marang pakaryan liya, utawa usaha kang luwih gedhe penghasilane.

Terjemahan ke Bahasa Indonesia

Menurut peribahasa, guru berarti seseorang yang harus dapat dipercaya dan dicontoh.
Maka dari itu, juga berarti mewujudkan orang yang mulia, utama, sebagai orang yang dijadikan
panutan dan teladan.

Jika menganut paribahasa tadi berarti tugas guru bukan hanya ketika di sekolah saja.
Akan tetapi juga berarti baiknya ucapan, tutur kata, ucap katanya senantiasa menancap dalam
hati, sehingga menjadi ciri khas, tidak akan hilang dan lepas di tempat manapun. Tidak hanya
bisa dipercaya di sekolah saja oleh murid-muridnya, akan tetapi juga bisa dipercaya di luar tugas
sekolah.

Maka dari itu, berarti menjadi guru itu salah satu kewajiban yang tidak sembarangan,
tidak mudah dan tidak ringan. Akan tetapi membawa tugas yang berat, karena memiliki
tanggungjawab moral pada setiap tingkah laku, perbuatan, di setiap tutur kata, ucap katanya,
supaya memberikan pengajaran yang utama dan bermanfaat bagi masyarakat.

Akan tetapi juga ada guru yang hidupnya di luar sekolah tidak baik. Buruk tutur kata dan
tingkah laku. Jika terjadi hal demikian, dan sudah terlanjur ketahuan buruk di luar sekolah, maka
di dalam sekolah tidak akan dipercaya oleh muridnya. Muridnya sudah tidak akan percaya,
karena sudah tidak selaras antara perkataan dan tindakan. Diberikan pengajaran oleh seorang
guru yang demikian, murid-muridnya pasti kurang suka dan kurang nyaman.

Bagi guru yang seperti ini, jika memang ada, pasti mudah kehilangan pangkat dan
biasanya suka meremehkan perkara. Maka dari itu, ketika menjadi guru berarti tidak karena
getaran jiwa, akan tetapi hanya karena terpaksa tidak bisa mencari pekerjaan lain.
Jadi, seseorang yang seperti itu berarti seseorang yang salah tempat, salah menempatkan
diri. Tidak ada getaran jiwa, karena harapan yang sesungguhnya bukan menjadi guru. Jadi
profesinya karena salah arah. Seseorang yang seperti ini bisa juga memiliki pandangan pada
pekerjaan lain, atau usaha yang lebih besar penghasilannya.

Anda mungkin juga menyukai